Font size
WorksheetsPTS GANJIL KELAS XII
Total questions: 50
Worksheet time: 2hrs 51mins
Anto : ”.....”
Pakdhe Ngabdul: ”Mangga, we lha nak Anton. Mangga-mangga, kene Nak lenggah kene.
Ukara ingkang trep diaturake dening Anto inggih menika ...
kula nuwun
nuwun sewu
ndherek langkung
sumangga
nyuwun pamit
Pakdhe Ngabdul: ”Iki kok njanur gunung, kadingaren Nak Anto tekan kene, ana perlune apa mung dolan wae?
Anto : ”Inggih Pakdhe, keparenga kula (.....) dhateng Pakdhe Ngabdul, bilih sowan kula ing ngriki ingkang sepisan tuwi kawilujengan Pakdhe Ngabdul sakulawarga.
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara ing inggil miturut unggah – ungguhing basa Jawa inggih menika ....
omong
ngendika
matur
sanjang
teka
Anto : ”Inggih Pakdhe, keparenga kula matur dhateng Pakdhe Ngabdul, bilih sowan kula ing ngriki ingkang sepisan tuwi kawilujengan Pakdhe Ngabdul sakulawarga. Dene ingkang kaping kalih sejatosipun kula punika (....) Pak Slamet supados ngaturi Pakdhe Ngabdul kasuwun rawuh ing dalemipun Pak Slamet saperlu kasuwun donga saha pamujinipun ing acara kendhuri syukuran. Wondene kendhurinipun badhe kawiwitan mangke tabuh 5 sonten Pakdhe.”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi pacelathon ing inggil miturut unggah – ungguhing basa Jawa inggih menika ....
dikongkon
diprintah
dikengken
dipunasta
dipunutus
Anto : ”Inggih Pakdhe, keparenga kula matur dhateng Pakdhe Ngabdul, bilih sowan kula ing ngriki ingkang sepisan tuwi kawilujengan Pakdhe Ngabdul sakulawarga. Dene ingkang kaping kalih sejatosipun kula punika dipunutus Pak Slamet supados ngaturi Pakdhe Ngabdul kasuwun (....) ing dalemipun Pak Slamet saperlu kasuwun donga saha pamujinipun ing acara kendhuri syukuran. Wondene kendhurinipun badhe kawiwitan mangke tabuh 5 sonten Pakdhe.”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi pacelathon ing inggil miturut unggah – ungguhing basa Jawa inggih menika ....
teka
menyang
budhal
dhateng
rawuh
Tono : “Nuwun sewu, Pak, kula (....) matur.”
Bapak : “Arep kandha apa, Le?”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara ing inggil miturut unggah – ungguhing basa Jawa inggih menika ....
ajeng
badhe
arep
meh
kepengin
Tono : “Nuwun sewu, Pak, kula badhe (....).”
Bapak : “Arep kandha apa, Le?”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara ing inggil miturut unggah – ungguhing basa Jawa inggih menika ....
omong
kandha
sanjang
ngendika
matur
Bapak : “Nyilih motor arep dienggo menyang ngendi ta, Le?”
Adi : “Badhe (....) Bantul, Pak.”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara ing inggil miturut unggah – ungguhing basa Jawa inggih menika ....
tindak
rawuh
nyambut
dhateng
menyang
Bapak : “Lha kowe rak durung duwe SIM ta? Mengko yen kecekel polisi kepriye?”
Doni : “Mangke ingkang nyetir (....) kula kok, Pak. Piyambakipun sampun gadhah SIM.
Tembung ingkang trep kangge njangkepi pacelathon ing inggil inggih menika ....
rencang
kanca
adhi
bala
bocah
Bapak : “Sapa jenenge (....) kuwi?”
Toni : “Naminipun Diki, Pak.”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi pacelathon ing inggil inggih menika ....
rencangmu
kancamu
sisihanmu
balamu
bocahmu
Yen liwat sangarepe wong luwih tuwa kang padha lenggah kudune matur ....
Matur nuwun
Nyuwun sewu
Nyuwun pirsa
Ndherek langkung
Nyuwun pangapunten
Gunane nindakake unggah-ungguh kang bener yaiku kanggo … wong liya.
Ngajeni lan ngurmati
Ngajeni lan ngumumi
Ngumumi
Ngurmati lan ngumumi
Ngajeni
Ukara menika miturut unggah - ungguh basa kang bener lan pener, yaiku ....
Bu Guru, aku badhe ijin menyang UKS!
Pak, menawi kepareng kula nyuwun ijin arep bali, amargi gerah suku kula.
Pak Guru, pikantuk boten yen kula badhe ijin menyang kantin, amargi kula dereng sarapan.
Bu Guru, kula badhe ngumpulke tugas ingkang wingi, amargi wingi kula nembe sakit mustaka.
Pak Anto lenggah ing teras sinambi ngunjuk teh kaliyan maos koran.
Tata krama kang gayut kaliyan tindak – tanduk saben dina diarani ....
Unggah-ungguh
Aturan
Wewarah
Piwulang
Paugeran
Basa krama alus digunakake nalika guneman antarane ….
Bocah-bocah nalika gojeg
Bocah enom marang wong tuwa
Padha-padha bocah enom
Bocah enom sepantaran
Murid padha murid
Para pepundhén ingkang dahat kinabektén. Para tamu ingkang … kepareng kula matur ing ngarsa panjenengan sadaya saperlu ngaturaken urut reroncening adicara ing ri kalenggahan punika.
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara ing inggil inggih punika….
kula ajrihi
kinurmatan
kula tresnani
nembe ngasta
paring ngelmu
Nalika dados juru sesorah pocapan/lafal kedah cetha. Punika ateges nggatosaken….
wibasa
wirama
wiraga
wicara
wirasa
Langkung rumiyin sumangga kita aturaken raos sokur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kasarasan dhumateng kita.
Ing salebeting teks sesorah, ukara ing inggil kalebet ing perangan …
Salam pambuka
Salam panutup
Urut reroncening adicara
Ukara panutup
Atur pambuka
Ing ngandhap menika atur panutup sesorah ingkang trep inggih menika ...
Kula kinten cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan anggen kula matur, kula nyuwun agunging pangaksami.
Langkung rumiyin sumangga kita aturaken raos sokur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kasarasan dhumateng kita.
Wonten mriki kula badhe ngandharaken sekedhik babagan gotong-royong.
Para perangkat desa lan warga masarakat ingkang bagya mulya.
Nuwun. Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Desa.
Dhumateng pangarsanipun Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan, para guru lan karyawan, saha rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Wonten ing pethikan sesorah ing inggil wonten kalih tembung ingkang lepat panganggenipun. Tembung ingkang lepat inggih punika ....
dhumateng - pangarsanipun
pangarsanipun - Kepala Sekolah
pangarsanipun - rencang-rencang
kinurmatan - tresnani
satuhu - saha
Ing ngandhap menika busana ingkang trep dipun-ginakaken nalika dados juru sesorah inggih menika ...
Busana kanthi warna mencolok
Migunakaken jas utawi bathik
Migunakaken accesoris ingkang kathah
Busana jumbuh kaliyan adicara
Migunakaken busana muslim
Para pepundhen ingkang dahat kinabekten saha para rawuh ingkang kinurmatan keparenga kula matur ing ngarsa panjenengan sedaya kinen ngaturaken urut reroncening adicara ing wekdal enjing punika.
Tembung kinabekten ing inggil asalipun saking tembung lingga (kata dasar) ….
bekten
bekteni
bakti
bektos
bekti
Assalamu’alaikum, wr.wb
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Desa, para prangkat desa lan warga masarakat ingkang bagya mulya.
Langkung rumiyin sumangga kita aturaken raos puji sokur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kasarasan dhumateng kita sedaya.
Wonten mriki kula badhe ngandharaken sekedhik babagan gotong – royong. Gotong – royong menika pakaryan ingkang ditindakake bareng – bareng kanthi adil. Gotong – royong ugi saged ngraketaken rasa paseduluran ing sajroning masarakat. Gotong – royong ampun ngantos ical saking dhiri kita amargi samenika kathah tiyang ingkang langkung mentingaken kepentinganipun piyambak.
Kita minangka generasi mudha dipunajab dening tiyang sepuh supados saged ningkataken rasa kesatuan lan persatuan negara kita, pramila kedah nguri – uri menapa kemawon ingkang dados kabudayan bangsa kita kados dene budaya gotong – royong menika. Kula kinten cekap semanten kemawon anggenipun kula matur. Kathah kalepatan anggen kula matur, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Wassalamu’alaikum, wr.wb.
Sesorah ing inggil ngandharaken bab ....
watak luhur
kesehatan
pendhidhikan
gotong royong
kabudayan

Piwulang ingkang saged kapethik saking sesorah kasebut inggih menika ...
Gotong – royong ora ana gunane.
Pangarep – arep para sesepuh tumrap para mudha.
Nguri – uri basa Jawa murih lestarine budaya Jawa.
Ngilangi watak individualisme ing masarakat.
Nindakake gotong – royong kanggo njaga paseduluran.
Assalamu’alaikum, wr.wb
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Desa, para prangkat desa lan warga masarakat ingkang bagya mulya.
Langkung rumiyin sumangga kita aturaken raos puji sokur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kasarasan dhumateng kita sedaya.
Wonten mriki kula badhe ngandharaken sekedhik babagan gotong – royong. Gotong – royong menika pakaryan ingkang ditindakake bareng – bareng kanthi adil. Gotong – royong ugi saged ngraketaken rasa paseduluran ing sajroning masarakat. Gotong – royong ampun ngantos ical saking dhiri kita amargi samenika kathah tiyang ingkang langkung mentingaken kepentinganipun piyambak.
Kita minangka generasi mudha dipunajab dening tiyang sepuh supados saged ningkataken rasa kesatuan lan persatuan negara kita, pramila kedah nguri – uri menapa kemawon ingkang dados kabudayan bangsa kita kados dene budaya gotong – royong menika. Kula kinten cekap semanten kemawon anggenipun kula matur. Kathah kalepatan anggen kula matur, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Wassalamu’alaikum, wr.wb.
Atur pamuji dhateng Gusti Allah miturut teks sesorah ing inggil ingkang leres inggih menika ...
Kathah kalepatan anggen kula matur, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Kita minangka generasi mudha dipunajab dening tiyang sepuh supados saged ningkataken rasa kesatuan lan persatuan negara kita.
Wonten mriki kula badhe ngandharaken sekedhik babagan gotong – royong.
Langkung rumiyin sumangga kita aturaken raos puji sokur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kasarasan dhumateng kita sedaya.
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Desa, para prangkat desa lan warga masarakat ingkang bagya mulya.
Cara utawi metode sesorah punika wonten mawarni-warni. Cara sesorah ingkang kasebat impromptu utawi dadakan inggih punika ….
tiyang ingkang sesorah nindakaken gladhen langkung rumiyin, sasampunipun rumaos saged nembe nindakaken sesorah.
tiyang ingkang sesorah boten nindakaken cecawis langkung rumiyin, awit tiyang ingkang nindakaken sesorah punika tiyang ingkang sampun kulina sesorah.
tiyang ingkang sesorah damel cathetan alit ingkang isinipun wosipun ingkang badhe kaandharaken ing sesorah lan ing rikalanipun sesorah cathetan wau dipunbekta.
tiyang ingkang sesorah damel teks langkung rumiyin lajeng dipunapalaken.
tiyang ingkang sesorah nyamektakaken teks langkung rumiyin salajengipun kawaos rikalanipun sesorah.
Sesorah kanthi cara apalan inggih menika ...
tiyang ingkang sesorah nindakaken gladhen langkung rumiyin, sasampunipun rumaos saged nembe nindakaken sesorah.
tiyang ingkang sesorah boten nindakaken cecawis langkung rumiyin, awit sampun kulina sesorah.
tiyang ingkang sesorah damel cathetan alit ingkang isinipun wosipun sesorah.
tiyang ingkang sesorah damel teks langkung rumiyin lajeng dipun-apalaken.
tiyang ingkang sesorah nyamektakaken teks langkung rumiyin salajengipun kawaos rikalanipun sesorah.
Ing ngandhap menika ingkang dipunwastani sesorah kanthi ekstemporan inggih menika ...
tiyang ingkang sesorah nindakaken gladhen langkung rumiyin, sasampunipun rumaos saged nembe nindakaken sesorah.
tiyang ingkang sesorah boten nindakaken cecawis langkung rumiyin, awit sampun kulina sesorah.
tiyang ingkang sesorah kanthi mbeta cathetan alit ingkang ngewrat wosipun sesorah.
tiyang ingkang sesorah damel teks langkung rumiyin lajeng dipunapalaken.
tiyang ingkang sesorah nyamektakaken teks langkung rumiyin salajengipun kawaos rikalanipun sesorah.
Juru sesorah kedah nindakaken tumindak utawi patrap ingkang becik amargi piyambakipun ....
Nggambarake swasana
Utusan pamengku gati
Gadhah kawibawan
Dados punjering kawigatosan
Miwiti adicara
Ing ngandhap menika metode - metode sesorah, kajawi ....
ekstemporan
impromptu
apalan
maos
tanggap wacana
Urutan cengkorongan utawi kerangka sesorah ingkang trep inggih menika ...
salam, atur pambuka, wosing gati utawi inti, atur panutup, salam
pambuka, salam, bebuka, wosing gati, salam, panutup
bebuka, pambuka, salam, inti sesorah, salam panutup
atur puji sokur, donga, nyuwun pangapunten, salam
atur panuwun, salam, atur puji sokur, nyuwun pangapunten, salam
Tegese sesorah yaiku …
Ngandharake penggalihe kanthi cetha.
Micara kanthi lisan ngengingi bab kang wigati.
Medharaken gagasan utawa panemu kanthi lisan.
Matur marang wong liya ing sangarepe wong akeh kanthi lisan.
Pidhato kang ngandharake sawijining pirembugan.
Gagasan kang diaturake tumata, gampang dimangerteni, lan ora gawe bingung. Katrangan iku ngandharake bab … sesorah.
Materi
Tembung trep
Micara
Kahanan
Runtut
Cara supaya nguwasani para rawuh nalika nindakake sesorah yaiku …
Swarane kepenak dirungokake, lan isine trep karo kang dibutuhake dening para rawuh
Anggone sesorah mantep sinambi geguyonan
Isine sesorah ora gawe bingung kang rawuh
Swarane alus lan merbawani nganti para tamu ngantuk
Sesorah kudu lucu supaya para rawuh lajeng gumujeng (ngguyu)
Perangan purwaka sesorah ngewrat ....
Nyuwun pangapunten kaluputane pribadhi
Atur pakurmatan marang para tamu
Nglaksanakake urutane adicara
Nyuwunake pangapunten awit sedaya kalepatan
Ngaturake ujuding gati
Ing ngisor iki tinulis patrap kang kudu digatekake nalika sesorah, kajaba ….
Swara kudu sero banget supaya kabeh krungu
Bisa njumbuhake marang kahanan lan swasana
Wiramane swara kepenak dirungokake
Ngadeg jejeg kanthi kapitayan
Ulat nyenengake
Ukara kasebut diwaca ...
Gambang suling ngumandhang swarané
Gambang suling ngumandang swarané
Gambang suling kumandang swarané
Gambang suling kumandhang suarané
Gambang suling kumandhang swarané
Ukara kasebut diwaca ...
Bapa dhahar kolak.
Bapak dahar kolak.
Bapa dahar kolak.
Bapak dhahar kolak.
Bapak madhang kolak.
Tembung kasebut diwaos ....
keroncong
kroncong
kencreng
kerenceng
koncong
Ukara kasebut kadadosan saking 4 tembung. Tembung ingkang kaping 2 waosipun ....
ana
wong
sugih
loma
cethil
Ukara kasebut kadadosan saking 4 tembung. Kosok balen saking tembung ingkang kaping 4 inggih menika ....
sugih
mlarat
loma
cethil
seneng
Ukara kasebut waosipun ...
Basa Jawa iku gampang.
Basa krama iku angel.
Basa krama iku gampang.
Basa Jawa krama iku gampang.
Basa Jawa krama iku angel.
Supados anggenipun micara selaras kaliyan unggah – ungguhipun, tiyang ingkang badhe micara kedah nggatosaken perkawis ing ngandhap, kejawi ...
Sinten ingkang gineman
Sinten ingkang dipunajak gineman
Sinten ingkang dipunginemaken
Swasana nalika gineman
Gineman kaliyan kanca raket
Ing ngandhap menika ingkang kalebet unggah – ungguh basa Jawa, kajawi ....
Basa ngoko lugu
Basa ngoko alus
Basa krama lugu
Basa krama alus
Basa Jawa tengahan
Ing ngandhap menika titikanipun basa ngoko lugu inggih menika ...
Tetembunganipun ngoko sedaya
Tetembunganipun krama sedaya
Tetembunganipun ngoko campur krama
Dipunginakaken dening bocah enom dhateng ingkang langkung sepuh
Kangge ngurmati tiyang sanes ingkang langkung inggil drajatipun
Ing ngandhap menika titikanipun basa ngoko alus inggih menika ...
Tetembunganipun ngoko sedaya
Tetembunganipun krama sedaya
Tetembunganipun ngoko campur krama
Dipunginakaken dening bocah enom dhateng ingkang langkung sepuh
Kangge wicantenan anak dhateng tiyang sepuhipun
Ukara ingkang becikipun kaaturaken nalika badhe pamit saking dalemipun kanca inggih menika ...
Kula nyuwun pamit badhe wangsul rumiyin, Pak.
Pak, aku pamit ajeng wangsul riyin.
Pak, aku bali dhisik. Sesuk dolan rene meneh.
Kula nuwun, Pak. Anto ana apa ora?
Napa Ani wonten teng griya, Bu?
Ningali saking kawontenan ingkang kados mekaten, boten wonten cara ingkang prayogi kajawi raos mad sinamadan ing antawisipun warga. sanadyan beda ing kapitayan, bangsa menika dados tanggel jawab kita sedaya.
Ukara menika kalebet perangan sesorah ....
salam pambuka
atur puji syukur
atur kasugengan
wosing sesorah
atur nyuwun pangapunten
Ing ngandhap menika kalebet sangunipun juru sesorah/pamedharsabda, kajawi ...
nguwasani materi ingkang badhe dipunandharaken
gadhah rasa wani kangge matur ing sangajengipun tiyang kathah
tangan ngapurancang
busana ingkang trep kaliyan adicara
basa lan sastra ingkang katata
Wonten pangarsanipun para sesepuh, pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten.
Ukara menika kalebet perangan sesorah ing ...
atur pambuka
atur nyuwun pangapunten
atur puji syukur
atur panuwun
wedharing gati
Ing ngandhap menika bedanipun sesepuh lan pinisepuh ingkang leres inggih menika ...
sesepuh iku dianggep sepuh amarga yuswane pancen wis sepuh
sesepuh iku dianggep sepuh amarga drajat lan pangkat
pinisepuh iku dianggep sepuh amarga yuswane pancen wis sepuh
kabeh padha - padha wis sepuh amarga yuswane wis sepuh
kabeh padha dianggep sepuh amarga drajat lan pangkat