wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SERAT WEDHATAMA (KINANTHI) XII GASAL

Total questions: 25

Worksheet time: 1hrs 15mins

Name
Class
Date
1.

Mangka kanthining tumuwuh, menawi dipuntingali saking titikanipun, pethilan sekar menika kawastanan sekar macapat menapa?

a)

Pocung

b)

Sinom

c)

Pangkur

d)

Kinanthi

e)

Gambuh

2.

Salami mung awas eling, tembung ingkang kacithak kandel ing pethilan sekar menika tegesipun menapa?

a)

tansah

b)

sumerep

c)

was sumelang

d)

mangertos

e)

kengetan

3.

Eling lukitaning alam. Tembung lukita ing pethilan sekar menika tegesipun menapa?

a)

tandha

b)

tetembungan

c)

sumerep

d)

ngertos

e)

enget

4.

Eling lukitaning alam, pethilan sekar menika nggadhahi werdi menapa?

a)

Kedah tansah atos-atos kaliyan pratandha saking alam.

b)

Kedah saged maos pratandha saking alam.

c)

Kedah saged njagi badan saking bebayaning alam.

d)

Kedah ngatos-atos dhumateng bebayaning alam.

e)

Kedah tansah enget wontenipun pratandha saking alam.

5.

Dadi weryaning dumadi, pethilan sekar menika gadhah teges ….

a)

Dados kekiyatan kangge mangertos sangkan paraning dumadi

b)

Dados kekiyatan kangge mangertos sedaya kedadosan

c)

Dados seserepan kangge mangertos sangkan paraning dumadi

d)

Dados seserepan kangge mangertos sedaya kedadosan

e)

Dados kekiyatan kangge mangertos sedaya kedadosan ing alam

6.

Supadi nir ing sangsaya. Tembung nir tegesipun menapa?

a)

Sampun

b)

Boten

c)

Inggih

d)

Badhe

e)

Saestu

7.

Yeku pangreksaning urip. Pethilan sekar menika gadhah werdi menapa?

a)

Mekaten caranipun ngrusak pagesangan.

b)

Mekaten caranipun ngertos pagesangan.

c)

Mekaten caranipun pados pagesangan.

d)

Mekaten caranipun nata pagesangan.

e)

Mekaten caranipun nyobi pagesangan.

8.

Anggitanipun sinten Serat Wedhatama menika?

a)

KGPAA Mangkunegara IV

b)

KGPAA Mangkubumi IV

c)

KGPAA Mangkulangit IV

d)

KGPAA Pakubuwana IV

e)

KGPAA Pakubumi IV

9.

Wedhatama saking tembung wedha lan tama. Menapa tegesipun wedha?

a)

tuladha

b)

paugeran

c)

piwulang

d)

larangan

e)

aturan

10.

Tama ing tembung wedhatama tegesipun ….

a)

wiwitan

b)

kapisan

c)

tamtama

d)

pertama

e)

utama

11.

Marma den taberi kulup, tembung taberi ing pethilan sekar menika gadhah teges menapa?

a)

mila

b)

sregep

c)

ingkang

d)

anakku

e)

nuladha

12.

Marma den taberi kulup, tembung kulup ing pethilan sekar menika gadhah teges menapa?

a)

mila

b)

sregep

c)

ingkang

d)

anakku

e)

nuladha

13.

Angulah lantiping ati, pethilan sekar menika gadhah werdi menapa?

a)

Sinau utawi gladhen nglandhepaken panjangka.

b)

Sinau utawi gladhen nglandhepaken mripat.

c)

Sinau utawi gladhen nglandhepaken raos.

d)

Sinau utawi gladhen nglandhepaken penggalih.

e)

Sinau utawi gladhen nglandhepaken lathi.

14.

Rina wengi den anedya, tembung rina ing pethilan sekar menika gadhah teges menapa?

a)

enjang

b)

siyang

c)

sonten

d)

surup

e)

dalu

15.

Rina wengi den anedya, tembung wengi ing pethilan sekar menika gadhah teges menapa?

a)

enjang

b)

siyang

c)

sonten

d)

surup

e)

dalu

16.

Rina wengi den anedya, tembung anedya ing pethilan sekar menika gadhah teges menapa?

a)

dipun budidaya

b)

dipun damel

c)

dipun urus

d)

dipun padosi

e)

dipun sediyani

17.

Pandak panduking pambudi, pethilan sekar menika gadhah werdi menapa?

a)

Ngrasuk ngantos salebetipun budi.

b)

Mlebet ngantos ing raganipun.

c)

Ngrasuk ngantos salebetipun penggalih.

d)

Ngrasuk ngantos salebetipun mustaka.

e)

Mlebet ngantos ing jiwanipun.

18.

Bengkas kahardaning driya, tembung bengkas ing pethilan sekar menika gadhah teges ....

a)

nambahi

b)

ngicalaken

c)

ngirangi

d)

ngimbuhi

e)

nikelaken

19.

Bengkas kahardaning driya, tembung driya ing pethilan sekar menika gadhah teges ....

a)

manah/ati

b)

asta/tangan

c)

mustaka/sirah

d)

padharan/weteng

e)

samparan/suku

20.

Supaya dadya utami, pethilan sekar menika gadhah werdi menapa?

a)

Supados saged dados tiyang ingkang utami.

b)

Supados saged dados tiyang ingkang saged syukur dhateng Gusti.

c)

Supados saged dados tiyang ingkang ngendkanipun sae.

d)

Supados saged dados tiyang ingkang gadhah tata krama.

e)

Supados saged dados tiyang ingkang welas asih.

21.

Pundi cakepan ingkang leres kangge larik kaping setunggal sekar Kinanthi?

a)

Pemalang Ikhlas iku kuthaku

b)

Pemalang Ikhlas ya kuthaku

c)

Pemalang Ikhlas iku kutha

d)

Pemalang Ikhlas kuthaku

e)

Pemalang Ikhlas kutha kita

22.

Pundi cakepan ingkang leres kangge larik kaping kalih sekar Kinanthi?

a)

Kebak papan rekreasine

b)

Kebak rekreasi sae

c)

Kebak papan kreasi

d)

Kebak papan rekreasi apik

e)

Kebak papan rekreasi

23.

Pundi cakepan ingkang leres kangge larik kaping tiga sekar Kinanthi?

a)

Ana curug karo segara

b)

Ana curug lan segara

c)

Ana curug kaliyan segara

d)

Ana curug segara

e)

Ana curug lan segarane

24.

Pundi cakepan ingkang leres kangge larik kaping sekawan sekar Kinanthi?

a)

Kabeh apik-apik

b)

Kabeh ya apik-apik

c)

Kabeh apik-apik tenan

d)

Kabeh mau apik-apik

e)

Kabeh mau apik-apik banget

25.

Pundi cakepan ingkang leres kangge larik kaping gangsal sekar Kinanthi?

a)

Kuthaku agawe betah

b)

Kuthaku gawe betah

c)

Kutha gawe betah aku

d)

Kutha gawe betahi

e)

Kutha agawe betah