NEW
Font size
WorksheetsBahasa Jawa kelas X Genap
Total questions: 35
Worksheet time: 35mins
Gatekna tembang Sinom ing ngisor iki!
Nulada laku utama
Tumrape wong Tanah Jawi
Wong Agung ing Ngeksi ganda
Panembahan Senopati
Kepati amarsudi
Sudane hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karenak tyasing sasama
Tegese Nuladha laku utama, yaiku...
tansah prihatin
nyonto tumindak kang apik
tansah gawe seneng wong liya
kudu bisa meper hawa napsu
Kanggo nggayuh tujuan iku kudu seneng tapa brata
Pratelan kang nuduhake prihatin iku kudu ditindakake sawayah-wayah sanajan awan lan bengi, yaiku ....
Nulada laku utama
kapati amarsudi
sudaning hawa lan nepsu
pinepsu tapa brata
tanapi ing siyang ratri
Miturut waosan ing tembang Sinom tembung “ngeksiganda” menika duweni teges padha karo ….
Brawijaya
Senapati
Mataram
Majapahit
Surakarta
Gatekna tembang Sinom ing ngisor iki!
Bonggan kang tan merlokena
Mungguh ugering ngaurip
Uripe lan tri prakara
Wirya arta tri winasis
Saka wilangan tetelu
Telas tilasing janma
Aji godhong jati aking
Temah papa papariman ngulandara
Pratelan kang ateges wis ora ana ajine babar pisan yaiku ....
Aji godhong jati aking
Telas telasing janma
Uripe ing tri prakara
Wirya arta tri winasis
Mungguh ugering ngaurip
Ing ngisor iki kang ora kalebu wong kang aji godhong jati garing yaiku ....
Uwong kang duwe wirya ning ora duwe arta lan pangkat
Uwong kang duwe kakuatan lan kaluhuran
Uwong kang duwe telung wilangan (wirya, arta, lan winasis)
Uwong kang duwe winasis lan wirya nanging ora duwe arta
Uwong kang duwe arta lan wirya nanging ora duwe winasis
Lakon Kresna Gugah nyritakake pambudidayane Pandhawa lan Kurawa kanggo nggeret Prabu Kresna, supaya mihak marang salah sijine Pandhawa utawa Kurawa nalika mengko kedadeyan perang.
Perang antarane Pandhawa karo Kurawa iku diarani perang
Mahabarata
Bharatayudha
Ramayana
Tandhing
Bubrah
Wonten ing cariyos wayang menika ngewrat budi pakarti ingkang luhur lan taksih relevan kaliyan pagesangan dumugi kapan kemawon, kadosta caranipun dados pemimpin ingkang adil, tatacara pasrawungan, lsp.
Pamawas ing nginggil menika ngandharaken bilih wayang minangka ....
Tontonan
Hiburan
Dolanan
Tuntunan
Sumber kauripan
Ing crita Dewa Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Durna minangka gurune sanajan anggone dhawuh iku ngetohake nyawa, nanging Bima ora nggresula. Saka crita kasebut pamireng ngreti yen karep saka crita iku supaya murid bekti karo gurune. Perangan iku mapan ana ing crita kang diarani ....
paraga
watak
pesen/amanat
alur
latar
Putra kaloro saka pandhawa lima yaiku...
Arjuna
Janaka
Werkudara
Yudhistira
Sadewa
Bapake Pandhawa lima jenenge....
Drestarastra
Drestayumna
Abimanyu
Widura
Pandhudewanata
Pandhawa lima iku tunggal bapak beda ibu. Puntadewa, Werkudara, Janaka iku putrane Dewi Kunthi, dening Nakula Sadewa iku putrane...
Dewi Arimbi
Dewi Madrim
Dewi Srikandhi
Dewi Gandhari
Dewi Gangga
Nalika mlaku nuju omah, kowe ngerti ana mbah-mbah arep nyebrang dalan.
Panyaruwemu kang trep kanggo kahanan kasebut yaiku....
ati-ati inggih mbah
Mbah mang entosi rumiyin supados lampune abrit
Mbah punika lho nyebrang wonten zebra cross kemawon
Mangga Mbah kula dherekaken nyebrang mergi
Pak pulisi tulung mbahe menika panjenengan sebrangaken
Baladewa diwaduli Sengkuni menawa Prabu Duryudana ditendhang dening Werkudara.
Tegese tembung diwaduli, yaiku….
diapusi
dipanasi
ditantang
dicurigani
dicritani
Tegese aksara jawa ”HA NA CA RA KA”, yaiku...
Ana utusan
Padha Padudon
Padha garejegan
Padha kuwate
Padha mati sampyuh
Wayang kuwi wis ana ing Jawa wiwit jaman Majapahit. Ing jaman kuwi wayang wis digunakake ing acara-acara adat, contone acara nikahan, acara desa, utawa upacara adat. Dadi, wayang ing jaman biyen bisa kanggo wadhah silaturahmi tangga teparo.
Miturut wacan ing ndhuwur, ngandharake yen wayang minangka...
Tuntunan
Dolanan
Tontonan
Panutan
Sumber panguripan
Serat Wedhatama iku anggitane...
KGPAA Mangkunegara V
KGPAA Mangkunegara IV
KGPAA Mangkunegara VI
Paku Buwana IV
Hamengku Buwana IV
Kowe yen (dikongkon) bapak kudu manud, supaya bapak ora (nesu)
Tembung sing ana jroning kurung krama aluse , yaiku...
dikengken, nesu
didhawuhi, nesu
dipundhawuhi, duka
dikongkon, duka
diakon, duka
Kowe sesuk arep diajak ibumu menyang Madiun. Anggonmu matur marang gurumu saperlu nyuwun ijin, yaiku..
Bu, kula benjing nyuwun ijin amargi ajeng diajak ibu teng Madiun
Bu, kula benjing nyuwun ijin amarga arep diajak ibu dhateng Madiun
Bu, kula benjing nyuwun ijin amarga ajeng dipunajak ibu dhateng Madiun
Bu, kula benjing nyuwun ijin amargi badhe diajak ibu dhateng Madiun
Bu, kula benjing nyuwun ijin amargi badhe dipunajak ibu dhateng Madiun
Bu Mela : "Lin, toko sing dodolan brownies iku jenenge toko apa?
Linda : "Toko LARIS bu, panggenanipun wonten pojok pasar. Menapa badhe ... brownies, Bu?"
Bu Mela : "Iya ki, kanggo acara pengajian sesuk."
Tembung kang trep kanggo ganepi teks ing ndhuwur yaiku...
mundhut
tumbas
tuku
numbas
nuweni
꧇꧖꧕꧘꧐꧇ꦫꦸꦥꦶꦪꦃ
Rp 6.850
Rp 6.580
Rp 6.480
Rp 6.840
Rp 6.380
Miturut Crita, sapa sing gawe aksara Jawa iku?
Ajisaka
Dewata cengkar
Jaka Tingkir
Sunan Kalijaga
Hamengku Buwana
Ukara "tata krama amiguna" menawa ditulis aksara jawa dadine ....
yuswane simbok saiki 85 taun
yuswane simbokku saiki 85 taun
yuswane simbokku saiki 95 taun
yuswane simbahku saiki 85 taun
yuswane simbahku saiki 95 taun
Seratan Jawi menika dipunwaos ....
Saben ulangan basa Jawa kancaku tansah entuk biji apik, mula aku ya kepengin kaya dheweke.
Saben wulangan basa Jawa kanca-kancaku bijine apik, aku kepengin kaya dheweke.
Saben ulangan basa Jawa kancaku tansah entuk biji apik, ya aku kepengin anut.
Yen ulangan basa Jawa kanca-kancaku padha entuk biji apik, aku uga mesthi entuk biji apik.
Ulangan basa Jawa kuwi kudu bijine apik, mula aku tansah sinau ben bijiku apik.
Bapak tindak dhateng kantor . . . . mobil.
Tembung kang bener kanggo nglengkapi ukara ing ndhuwur yaiku . . . .
numpak
nitih
ngasta
mbeta
nggawa
Bapak wis ngomong yen aku ora olih lunga menyang Solo. Basa krama aluse tembung kang kacethak miring yaiku...
ngendika
celathu
pitutur
matur
nuturi
Gambar Punokawan Iki jenenge....
Semar
Gareng
Petruk
Bagong
Togog
Sedaya kemawon saget rawuh sakmenika.
Ukara kasebut menawa diowahi menyang basa ngoko lugu yaiku ....
Kabeh wae bisa mulih saiki
Kabeh wae bisa teka saiki
Kabeh wae bisa lunga saiki
Kabeh mawon saget dugi saiki
Kabeh wae bisa budhal sakniki
Andri : Rom, iki dhuwit bageyanmu saka Bu Susan.
Romi : ......................................
Andri : isuk mau nalika sakdurunge bel mlebu.
Ukara sing trep kanggo wangsulane Romi, yaiku ....
Kapan olehe menehke?
Kapan olehe nyaoske?
Kapan anggenipun menehke?
Kapan olehe maringne?
Kapan olehe nggawakne?
Eyang mengko arep turu kene, saiki bapakmu omongona.
Tembung "turu" lan "omongona" yen diowahi dadi basa sing trep, yaiku ....
Nyepeng, omongana
Kondur, dhawuhana
Sare, aturana
Sare, dhawuhana
Turu, aturana
Pathokan sajroning tembang macapat kang ngemot pathokan cacahe larik saben sapada yaiku …
guru sastra
guru basa
guru lagu
guru wilangan
guru gatra
Dene kang ngemot pathokan tibaning swara (dhong dhing) ing pungkasan gatra yaiku
guru gatra
guru swara
guru basa
guru wilangan
guru lagu
watak tembang sinom yaiku
canthas
asih asuh
prihatin, welas
nepsu, sereng sanget
nelangsa, prihatos sanget
cacahing wanda ing saben sagtara diarani
guru gatra
guru lagu
guru wilangan
guru swara
guru sastra
Nuladha laku utama
tumprape ning tanah Jawi
wong agung ing Ngeksigondo
Panembahan Senapati
kapati amarsudi
sudaning hawa lan nepsu
pinesu tapa brata
tanapi ing siyang ratri
amemangun kayenak tyasing sasama
tembang ing dhuwur duweni patokan/paugeran
gatra : 9, wilangan : 8, 8, 8,8, 7, 8, 7,8,12 lagu : a,i,a,i,i,u,a,i,a
gatra : 4, wilangan : 12, 6, 8, 8, lagu : i, a, i, a
gatra : 7, wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8, lagu : i, a, e, a, a, a, u
gatra : 5, wilangan : 12, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, u, i, o
gatra : 6, wilangan : 10, 6, 10, 10, 6, 6, lagu : i, o, e, i, i,
