Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Basa jawa - rinengga kls X genap

Total questions: 40

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

tembung-tembung kang uwis ora padha tegese sakawit lan nuwuhake teges anyar diarani...

a)

entar

b)

pepindhan

c)

bebasan

d)

wangsalan

e)

paribasan

2.

tembung kang karakit saka rong tembung sing tegese meh padha lan bisa nuwuhake makna kang luwih teges diarani...

a)

kawi

b)

purwakanthi

c)

seroja

d)

saloka

e)

pepindhan

3.

jinising basa rinengga kang titikane utawa ciri-cirine nganggo tembung kaya,lir, kadya, lan liya-liyane kang ngemu teges kaya diarani...

a)

purwakanthi

b)

bebasan

c)

saloka

d)

pepindhan

e)

paribasan

4.

tembung-tembung ing ngisor iki kang ora klebu tembung kawi yaiku...

a)

sasana

b)

taksaka

c)

tyas

d)

kayun

e)

banyu

5.

bab kang wigati kanggo ndemonstrasekake teks basa rinengga kajaba...

a)

swarane gunem namung bisa dirasakake dhewe

b)

nglarasake karo gendhing pangiring utawa titen gendhing

c)

napas katata

d)

cetha pocapane

e)

swarane sareh lan ora kesusu

6.

ukara ing ngisor iki kang kalebu basa rinengga yaiku...

a)

Kowe iki nek mangan kok kemlothek sajake kesusu tenan.

b)

Nalika wis bali tekan omah aja lali gek ndang ngasuh.

c)

Padha karo kowe nek babagan tresna, aku ya mung melu-melu wae.

d)

Pancen tenan nek bisa dadi patuladhan wong saben dinane tansah sinau.

e)

Sadar nek wis telat, ing dalan Budi mlayu-mlayu kaya kidang diuber singa.

7.

ukara ing ngisor iki kang ngemot tembung entar yaiku...

a)

sapa sing salah kudu ngalah

b)

polatane katon sumringah amarga nembe entuk beasiswa saka sekolah

c)

sikile bocah kuwi dawa sisih, cacat mulai cilik

d)

saiki lagi mangsa udan, kamangka dalane lunyu tenan mula sing ngati-ati

e)

bapak nek kerja nganti adus kringet, kemlucur tenan

8.

saka ukara ing ngisor iki kang klebu jinis purwakanthi guru swara yaiku...

a)

ngrukti bumi nastiti murih lestari

b)

ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa

c)

runtang-runtung rerentengan

d)

kinasihan kadya mimi lan mintuna

e)

rinengga ing busana kang edi endah

9.

sih kinasihan kaya angganing mimi lan amintuna.


tembung kang digaris isore kuwi klebu basa rinengga jinis...

a)

purwakanthi

b)

saloka

c)

entar

d)

seroja

e)

paribasan

10.

tuladhane tembung saroja yaiku...

a)

dawa tangane, adus kringet

b)

putih memplak, ayem tentrem

c)

gagah prakosa, gedhe endhase

d)

dhuwure kaya otak-otak mega

e)

colong jupuk, tipis lambene

11.

rinengga ing busana edi endah.


tembung kang digaris isore kuwi tegese...

a)

endah banget

b)

katon semburat

c)

ora resik

d)

sarwa tresna

e)

gumlegar banget

12.

kang diarani makna konotasi ing sajrone teks sastra yaiku...

a)

makna kang jumbuh karo bausastra

b)

makna kang blegere katon nyata

c)

makna kang ora padha karo sanyatane

d)

makna kang mirunggan

e)

makna kang biasa wae

13.

ukara sing ngemu basa rinengga yaiku...

a)

seina natas udane ora uwis-uwis

b)

ageane bapak diampil pakdhe

c)

saben dina pengaweyane mung nuthuki gamelan

d)

pancen bocahe ayu banget tur tindak tanduke ngayem-yemi ati

e)

tanpa obah apa kowe bisa mamah?

14.

ancasing gawe basa rinengga salah sawijine yaiku...

a)

supaya makna tembunge ora bakal ana sing ngerti

b)

kanggo narik kawigaten amarga basane endah

c)

gawe jlimet tiyang sing maca

d)

ngurangi basa kang ora prelu digawe

e)

supaya kahanane ora katon endah

15.

paragraf kang nggunakake tetembungan basa rinengga yaiku...

a)

UKS kuwi kudu lengkap fasilitase, sokur ana dokter lan pengawase sing kalamangsa nunggoni UKS. Kader kesehatan uga kudu ana supaya ana calon-calon penerus tenaga medis.

b)

Ing area sekolah kudu akeh wit-witan kang cukup gedhe sokur yen uga ngasilake uwoh. Wit-witan ditandur ana ing plataran ngarep, antarane gedhung, mburi sekolah, pinggir dalan, lan liya-liyane.

c)

Biyen ora ana sing ngelirik nanging saiki malah dadi rebutan. Misuwure nganti ora sadar menawa tanduran iki ana upase. Tanduran iki kena dianggo bahan bakar biodiesel, tanduran pelindung, obat, insektisida, lan liyane.

d)

Saiki sawise ndonya ruangsa kekurangan bahan bakar minyak, merga cadangane minyak wis entek. Mangkane kita kudu wicaksana nggunakake bahan bakar minyak supaya ora cepet entek.

e)

Sawise pikirane kagelar kagulung, Dewi Sedhah Merah wis manteb nedya nduwa kersane ramane yen nganti dheweke arep kadhaupake klawan patih Jatasura.

16.

Kolik priya priyagung Anjani putra.

ukara ing ndhuwur kuwi klebu basa rinengga jinis...

a)

purwakanthi guru lumaksita

b)

saloka

c)

purwakanthi guru sastra

d)

paribasan

e)

pepindhan

17.

swaramu tansah ngayem-yemi tyasing dhiri.

tembung kang digaris ngisore kuwi tegese...

a)

pikiran

b)

badan

c)

rambut

d)

tangan

e)

ati

18.

Gebyar-gebyar pating pancurat pating cumlorot kadya taranggana silih sasana, agemane sri panganten sarimbit.


ukara kang digaris ngisore kuwi minangka gambarane klambi kang digawe manten sarimbit kaya...

a)

gumebyar kaya cahyane rembulan kang lagi ndadari

b)

klambine sri panganten cahyane kaya lampu sokle cumlorot

c)

gumebyar kaya inten kang kena sunare srengenge

d)

gumebyar kaya kalapis emas

e)

gumebyar kaya cahyane lintang kang alihan

19.

Wacaen punggelan teks ing ngisor iki!


Dadi Tamu Sing Nyenengake Tumrape wong Jawa, kedhayohan kuwi padha karo nampa rejeki. Mula yen ana tamu ora tau nglirwakake gupuh, lungguh lan suguh. Sapa wae yen kedhayohan mesthi gupuh olehe mbagekake tamune, ngaturi lenggah, terus gawe wedang kanggo suguhan.


Ing dhuwur kang kalebu basa rinengga yaiku tembung ....

a)

kedhayohan

b)

nglirwakake

c)

kedhayohan

d)

lenggah

e)

gupuh, lungguh lan suguh

20.

Waahh!!

Isih cilik kok ...... ana apa wae sing bisa dijupuk ya jupuk.


Tembung sing trep kanggo ngisi ceceg - ceceg ing dhuwur iku ...

a)

dawa tangane

b)

lunyu ilate

c)

adus kringet

d)

rai gedheg

e)

Gedhe endase

21.

Tembung entar sing nduweni teges : omongane mencla - mencle, iku ...

a)

dawa tangane

b)

Lamis lambene

c)

lunyu ilate

d)

Jembar segarane

e)

Landhep pikire

22.

Tegese tembung entar, rai gedheg, yaiku ...

a)

Wong kang ora nduweni isin

b)

wong kang nduweni rupa kurang apik

c)

wong kang sifate kayak gedheg

d)

wong kang nduweni isin

e)

Wong kang ala kayak gedheg tpi nduweni sifat becik

23.

Einstein kawitan lahir wis ..... dadi bisa nemokake rumus kang manfaat nganti saiki.


Tembung sing trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur iku...

a)

mogel ilate

b)

landhep pikire

c)

Jembar kawruhe

d)

dawa tangane

e)

gedhe endase

24.

Isinen ceceg-ceceg gawe tembung sing trep!!


Dewi Gendari nglahirake .... ora mung siji, nangging cacahe langsung 100, kang biasa kasebut Kurawa.

a)

sato kewan

b)

jabang bayi

c)

Icik iwir

d)

ayem tentrem

e)

gagah prakosa

25.

Isinen ceceg-ceceg gawe tembung sing trep!!


Balikan wayah penjajahan Walanda rakyat Indonesia keadaane akeh sing ..... adoh banget saka keadaan urip sing ....

a)

carut marut - adil wicaksana

b)

Petheng ndhedet - ayem temtrem

c)

Ayem tentrem - carut marut

d)

kuru angking - ayem tentrem

e)

Adil wawancara - kuru angking

26.

Coba pilihen salah siji kang kalebu purwakanthi swara.

a)

bobot, bibit, bebet

b)

sluman, slumun, lan slamet

c)

inggih Inggih nanging mboten kepanggih

d)

kula sakmangke kelas kalih, kalih rencang kula sampun kulina

e)

Tata titi tatag lan tutug

27.

Yen kowe arep budhal lunga adoh, ibumu mesti menehi papeling supaya ati ati.


Yen ing purwakanthi iku ...

a)

aja banter banter mengko keblinger

b)

alon alon waton kelakon

c)

inggih inggih nangging ora kepanggih

d)

ora gendheng ora madhang

e)

Sing salah ora musti kalah

28.

Kancaku tuku buku, bukune cacahe ana telu, telung tahun suwine aku sekolah, sekolah ing jurusan basa, basa jawa iku ngajarake tata krama.


Unen-unen ing dhuwur kalebu ...

a)

Purwakanthi swara

b)

purwakhanthi basa

c)

paribasan

d)

saloka

e)

Bebasan

29.

Yen mengko awakmu arep golek pasangan urip aja nganti lali di pirsani bibit, bebet, bobot.


Tegese bibit, bebet, lan bobot yaitu

a)

Cikal bakal keturunan, ilmu kang diduweni, lan cara pola asuh ing keluwargane

b)

Cikal bakal keturunan, kaya kang di duweni lan cara pola asuh ing keluwargane

c)

Cikal bakal keturunan, ilmu kang diduweni, lan abote awake

d)

Harta kang di duweni, ilmu kang diduweni, lan cara pola asuh ing keluwargane

e)

Abote bobot awake, ilmu kang diduweni, lan cara pola asuh ing keluwargane

30.

Tegese saka unen-unen

Tata titi tatag lan tutug, yaiku ....

a)

ngelakokke kudu dilakokake kudu yakin, kudu nganti-ati, kudu di lakokake ngantuk rampung, lan kudu di tata

b)

kudu nganti-ati, ngelakokke kudu nata, kudu di lakokake ngantuk rampung, lan dilakokake kudu yakin

c)

ngelakokke kudu nata, kudu nganti-ati, dilakokake kudu yakin, lan kudu di lakokake ngantuk rampung

d)

ngelakokke kudu nata, kudu nganti-ati, kudu di lakokake nganti rampung, lan dilakokake kudu yakin

31.

wong buang bathang tikus sing dicekel dhisik apane?

a)

Matane

b)

irunge

c)

Sikile

d)

kupinge

e)

Buntute

32.

Nang tengah-tengah pasar ana apane?

a)

Dagangane

b)

wong dodolan

c)

dalane

d)

s

e)

Ramene

33.

bapak pucung dudu watu dudu gunung sangkamu ing sabrang ngon-ingone sang bupatiyen lumampah, si pucung lembehan grana batangane tembang ing dhuwur yaiku ....

a)

gajah

b)

Semut

c)

macan

d)

sepur

e)

Mobil

34.

bapak pucung, bisa nggereng bisa mbengungngambah jumantarakaya manuk rajawaliwira-wiri nggawa barang lan manungsabatangane .....

a)

sepur

b)

mobil

c)

sabuk

d)

kapal

e)

kapal mabur

35.

Unen unen kang kalebu paribasa iku ...

a)

ula marani gepuk

b)

Idu dijilat maneh

c)

bathok bolu isi madu

d)

mabok nyilih tangan

e)

Gawe layangan kanggo ngurungi luwangan

36.

Unen unen kng kalebu bebasan yaiku ...

a)

Asu rebutan balung

b)

Kebo mulih menyang kandhange

c)

nguyahi segara

d)

Nututi layangn pedhot

e)

Tega larang ora tega patine

37.

Shahrukh khan kuwi wong lnang ganteng tenan, luwih ganteng amarga irunge ....

a)

Nanggal sepisan

b)

ngundhup mlati

c)

Mucuk eri

d)

Miji timun

e)

Nawon kemit

38.

Pak Raden gagah prakoso amarga ana brengose ....

a)

nanggal sepisan

b)

nyelang cendhani

c)

Nawon kemit

d)

nguler keket

e)

Nglaler menclok

39.

Dian sasto wong wadon ayu manis banjur pinter, yen dheweke mesen ketara untune ...

a)

Miji timun

b)

Nanggal sepisan

c)

ngundhup mlati

d)

Nawon kemit

e)

Macan luwe

40.

Wah!! Isih enom kok njangan gori.


Tegese wangsalan ing dhuwur...

a)

deg-degan

b)

gudheg

c)

budheg

d)

Jangan tewel

e)

Degan