wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

bahasa jawa kelas 12

Total questions: 50

Worksheet time: 3570secs

Name
Class
Date
1.

Geguritan asale saka tembung...

a)

Gurit

b)

Ngurit

c)

Gurit

d)

Guritan

e)

Gurita

2.

tembung "Gurit" artine ....

a)

Milih

b)

Nulis endah

c)

Maca

d)

Cerita

e)

Ngarang

3.

8. Gamelan kuwi larase ana werna loro yaiku laras ... lan ...

a)

slendro lan pathet nem

b)

slendro lan pelog

c)

Pelog lan pathet sanga

d)

Pathet sanga lan sendro

e)

Manyura lan pathet

4.

Para wiranem ing Rt 1 arep nganakake gladhi sesorah, mapane ing bale Rt. Minangka ketua Pemudha Rendi nyuwun idin marang pak Rt kang ndilalah kok bapake Rendi dhewe. Kepriye ature Rendi?

a)

Pak, kula ajeng nganake latihan sesorah, nek nyilih bale Rt entuk ora?

b)

Pak, menawi angsal kula ajeng nyilih bale Rt ngge gladhen sesorah.

c)

Pap Rt, menapa angsal menawi bale Rtne dingge gladhen sesorah?

d)

Pak, Para wiranem ing Rt 1 badhe ngawontenaken gladhi sesorah, menawi dipunparengaken Bapak, papanipun ing bale RT.

e)

Pak, Para wiranem ing Rt 1 ape ngawontenaken gladhi sesorah, menawi dipunparengaken Bapak, papanipun ing bale RT.

5.

watak tembang gambuh, yaiku ...

a)

kakaluwargan, seneng, semangat

b)

sumadulur, luwes, sedhih

c)

paseduluran, kekarepan, akrab

d)

piwulang, sedhih, gumregah

e)

akrab, luwes, sedhih

6.

Upacara tingkeban nganti saiki isih ditindakake ana ing masyarakat Jawa. Upacara tingkeban iki minangka upacara slametan pitung sasi kanggo calon ibu kang mbobot kaping pisan. Upacara tingkeban dianakake kanthi ancas supaya bayi lair kanthi gampang, slamet lan ora ana alangan apa-apa.

Upacara tingkeban kawiwitan kanthi sungkeman. Calon ibu lan bapak nindakake sungkeman ing ngrasane bapak lan ibune kanthi ati kang bungah. Sungkeman iku nduweni teges muga-muga jabang bayi kang dilairake bisa dadi bocah kang bekti marang wong tuwane.

Dudutan (kesimpulan) saka teks ing ndhuwur yaiku ....

a)

Upacara tingkeban yaiku slametan bayi umur 7 sasi, supaya dadi bocah kang bekti.

b)

Upacara tingkeban yaiku slametan mbobot 7 sasi supaya lair diparingi slamet.

c)

Upacara tingkeban minangka tradisi slametan kanggo wong wadon lagi mbobot.

d)

Upacara tingkeban ditindakake kanthi upacara sungkeman marang kang luwih tuwa.

e)

Upacara tingkeban ditindakake kanggo wong sing ngandhut sing pisanan yaiku sungkeman

7.

Upacara tingkeban nganti saiki isih ditindakake ana ing masyarakat Jawa. Upacara tingkeban iki minangka upacara slametan pitung sasi kanggo calon ibu kang mbobot kaping pisan. Upacara tingkeban dianakake kanthi ancas supaya bayi lair kanthi gampang, slamet lan ora ana alangan apa-apa.

Upacara tingkeban kawiwitan kanthi sungkeman. Calon ibu lan bapak nindakake sungkeman ing ngrasane bapak lan ibune kanthi ati kang bungah. Sungkeman iku nduweni teges muga-muga jabang bayi kang dilairake bisa dadi bocah kang bekti marang wong tuwane.

Pranyatan kang trep karo teks ing dhuwur yaiku ....

a)

Upacara tingkeban iki minangka upacara kanggo calon ibu kang mbobot kaping pitu.

b)

upacara tingkeban dianakake kanthi sedya supaya bayi lair gampang lan slamet.

c)

upacara tingkeban kawiwitan kanthi sungkeman calon ibu marang calon bapak

d)

upacara tingkeban ana ing masyarakat Jawa jaman saiki wis ora padha ditindakake.

e)

upacara tingkeban ana ing masyarakat Jawa jaman saiki ditindakake nalika mbobot sasin 3

8.

Bersih desa iku salah sijining upacara adat Jawa kang dianakake bubar panen pari kanggo ngaturake rasa syukur marang Gusti Allah amarga panen pari kasil apik. Wondene sedyane bersih desa yaiku kanggo sarana nyenyuwun marang Gusti Allah supaya para warga desa diadohake saka sakabehing lelara lan pageblug. Bersih desa iku minangka gegambaran kanggo ngresiki desa lan wargane saka alangan supaya kahanan desa dadi aman lan tentrem.


Ancas upacara bersih desa saka teks ing dhuwur yaiku ....

a)

supaya warga desa tambah sregep

b)

supaya warga desa dadi tambah akeh

c)

atur syukur marang Gusti Allah

d)

nyuwun rezeki marang Gusti Allah

e)

supaya desane dadi resik

9.
Eksposisi yaiku jinise Artikel sing isine
a)
menehi informasi
b)
ngukuhake pendapat
c)
nggambarake kahanan
d)
ngajak nindakake samubarang
e)
dumadi kanthi waktu tartamtu
10.
Suramadu dadi sawijining ikon Jawa Timur, jembatan iki manggon ing pucuk wetan surabaya lan nyambung nganti Madura. Ing kono pemandangane apik banget apa maneh wayah isuk lan surup. Artikel iki kalebu jinis ?
a)
ekposisi
b)
Persuasi
c)
narasi
d)
argumentasi
e)
deskripsi
11.
Penulisan konsonan basa jawa sing salah
a)
budal sekolah
b)
mangan sego
c)
tuku susu
d)
dodol dhawet
e)
es degan
12.

Cacahe gatra saben sa pada diarani .........

a)

guru wilangan

b)

guru gatra

c)

guru saka

d)

guru lagu

e)

guru basa

13.

Piranti gamelan iki arane . . . .

a)

saron

b)

gambang

c)

demung

d)

siter

e)

bonang

14.

Kanca-kanca aku .... kawigatenmu sedhela, aku arep ... wara-wara !

a)

Njaluk, aweh

b)

Nyuwun, paringi

c)

njaluk, caos

d)

njaluk, paringi

e)

Paringi, aweh

15.

Aksara jawa iki yen di waca ...

a)

katon apik

b)

Katon elek

c)

katon padang

d)

katon jembar

e)

Katon rejo

16.

Serat Wedhatama anggitanipun

a)

KGPAA Mangkunegara IV

b)

KGPAA Mangkunegara II

c)

Sri Sultan Hamengkubuwana IX

d)

Sri Sultan Hamengkubuwana X

e)

Mangkubumi

17.

Jer basuki mawa bea

unen-unen kasebut klebu

a)

paribasan

b)

bebasan

c)

saloka

d)

wangsalan

e)

cangkriman

18.

Sapa utusane Prabu Rama kanggo nggoleki Dewi Sinta?

a)

Wil Kataksani

b)

Anoman

c)

Dasamuka

d)

Indrajid

e)

Kumbakarna

19.

Gatekna pethikan tembang Dhandhanggula pada 4 ing ngisor iki !


Nanging yen sira nggeguru kaki,

Amiliha manungsa kang nyata,

Ingkang becik martabate,

Sarta kang wruh ing kukum,

Kang ngibadah lan kang wirangi,

Sokur oleh wong tapa,

Ingkang wus amungkul,

Tan mikir pawehing liyan,

Iku pantes sira guronana kaki,

Sartane kawruhana.


Guru wilangan lan guru lagu tembang Dhandhanggula ing dhuwur yaiku.....

a)

10i, 10a, 8a, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

b)

10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

c)

10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7i, 6u, 8a, 12i, 7a

d)

10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7i, 6u, 8a, 12i, 7a

e)

10i, 11a, 8e, 7u, 9i, 7i, 6u, 8a, 12i, 8a

20.

Gatekna pethikan tembang Dhandhanggula pada 4 ing ngisor iki !


Nanging yen sira nggeguru kaki,

Amiliha manungsa kang nyata,

Ingkang becik martabate,

Sarta kang wruh ing kukum,

Kang ngibadah lan kang wirangi,

........................................................


Saka tembang Dhandhanggula ing dhuwur, ukara kang tegese "yen merguru kudu milih wong kang ngerti bab kukum" yaiku gatra kaping….

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

e)

5

21.

Kang diarani paraphrase geguritan tegese ...

a)

Njarwani (menafsirkan makna) pasemon utawa pralambang geguritan

b)

Anggone maca ngetrepake utawa nyelarasake karo isining geguritan, yaiku susah, seneng, wibawa, getun, nesu lan sapanunggalane

c)

Iketaning basa kaya dene syair

d)

Proses owah-owahan saka wujud geguritan didadekake wujud gancaran utawa paragrap, kanthi ancas supaya maknane/tegese geguritan luwih cetha

e)

Proses gawe utawa ngarang syair lan awujud pada kang duweni makna ora apa anane

22.

Basa endah ana ing geguritan uga diarani ...

a)

Basa ngoko

b)

Basa krama alus

c)

Basa rinengga

d)

Basa krama lugu

e)

Basa pepindhan

23.

Bapak lunga menyang Jakarta dina Minggu.

Owahana dadi krama alus ...

a)

Bapak tindak menyang Jakarta dina Minggu.

b)

Bapak kesah dhateng Jakarta dinten Minggu.

c)

Bapak tindak dhateng Jakarta dinten Minggu.

d)

Bapak tindak dhateng Jakarta dina Minggu.

e)

Bapak kesah menyang Jakarta dinten Minggu

24.

Sing sepisanan kudu ditindakake nalika arep nulis

geguritan yaiku

a)

nemtokake irah-irahan

b)

nemtokake bakune gagasan

c)

nemtokake tema

d)

nemtoke latar panggonan

e)

nemtokake isi

25.

Paugeran tembang Kinanthi inggih menika...

a)

6 gatra, 8u-8i-8a-8i-8a-8i

b)

6 gatra, 8u-8a-8i-8a-8i-8i

c)

6 gatra, 8u-8i-8i-8a-8a-8i

d)

6 gatra, 8u-8a-8a-8i-8i-8u

e)

6 gatra, 8u-8i-8a-8i-8a-8a

26.

Pundi ingkang kalebet sandhangan swara?

a)

cakra, keret, pengkal

b)

wulu, suku, pepet, taling, taling tarung

c)

layar, cecak, wignyan

d)

cakra, wulu, layar

e)

keret, suku, cecak

27.

Rahwana saya cepet lakune anggone nggondhol Sinta, Sinta kelaran, kabeh perangan awake krasa lara, satemene pengen uwal nanging sansaya kenceng sikepane Rahwana. Uwal tegese ....

a)

Lawan

b)

Ucul

c)

Mateni

d)

Nangis

e)

Kenceng

28.

Dina minggu wingi aku ketemu pak Guru lagi mangan bakso lan aku mangan mie ayam. Menawi diowahi dadi basa krama dadi ....

a)

Dinten minggu kalawingi kula ketemu pak Guru saweg neda bakso lan kula neda mie ayam

b)

Dina minggu kalawingi kula kepanggih pak Guru saweg neda bakso lan kula mangan mie ayam

c)

Dina minggu kalawingi kula kepanggih pak Guru saweg neda bakso lan kula madhang mie ayam

d)

Dinten minggu kalawingi kula kepanggih pak Guru saweg dhahar bakso lan kula neda mie ayam

e)

Dinten minggu kalawingi kula kepanggih pak Guru saweg neda bakso lan kula madhang mie ayam

29.

Perangane gamelan iki jenenge ...

a)

Gender

b)

Bonang

c)

Siter

d)

Rebab

e)

Kenong

30.

Perangane gamelan iki jenenge ...

a)

gender

b)

gong

c)

saron

d)

demung

e)

peking

31.

Perangane gamelan iki jenenge ...

a)

biola

b)

gitar

c)

siter

d)

rebab

e)

kempyang

32.

Pitutur (nasehat) saka wong tuwa iku becike ....

a)

dilalekake

b)

ditinggalake

c)

disepelekake

d)

digatekake

e)

dijarke wae

33.

Maosipun ...

a)

Judule lagu ambyar.

b)

Judul lagune ambyar.

c)

Judule lagune ambyar.

d)

Judul lagu ambyar.

e)

Judul laguku ambyar.

34.

Latine ...

a)

Ibu ngunjuk toya zam-zam.

b)

Ibu ngunjuk banyu zam-zam.

c)

Ibu ngunjuk zam-zam.

d)

Ibu ngunjuke zam-zam.

e)

Ibu ngunjuke banyu zam-zam.

35.

Yuk diwaos ...

a)

Rekasaku ora lekas ilang.

b)

Rekasa ora lekas ilang.

c)

Rekasane ora lekas ilang.

d)

Rekasane ora ilang-ilang.

e)

Rekasaku ora ilang-ilang.

36.

Cah enom marang wong tuwa nggunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama inggil

37.

Menawa ana kancamu kang menang lomba maca geguritan, mula ukara kang becik sing bakal kok omongake marang kancamu mau yaiku . . . . . . .

a)

Wah apik tenan olehmu maca, ning yen mung ngono we aku ya isa

b)

Wah, apik ten anggonmu maca, wicara, wirama, wirasa lan wiragane wis trep tenan, yen ana wektu aku diwarahi ya.

c)

Wah, apik tenan nggonmu maca, wiramane apik, aku diwarahi ya.

d)

Wah, apik tenan anggonmu maca jan hebat, ning rasah nggaya, ya.

e)

Wah, apik tenan nggonmu maca, wiramane apik, nanging isih apik yen aku maca

38.

tulisan latine kang bener yaiku.......

a)

Simbah mundhut lisah dhateng peken.

b)

Simbah tumbas lisah dhateng peken.

c)

Simbah mundhut tigan dhateng peken.

d)

Sibu mundhut tigan tigang kilo dhateng peken.

e)

Sibu tumbas lisah dhateng peken.

39.

Tulisan latine kang bener yaiku.....

a)

Bapak tindhak dhateng kantor.

b)

Bapak tindak dateng kanthor.

c)

Bapak tindak dhateng kantor.

d)

Bapak kesah dateng kantor.

e)

Bapak lunga menyang kantor.

40.
a)

wong pinter aja keblinger

b)

Aja kuminter mundhak keblinger, aja cidra mundhak cilaka.

c)

Aja keminter mundhak keblinger, aja sembrana mundhak cilaka

d)

Wong pinter aja nganti keblinger, aja cidra mundhak cilaka

e)

Aja sok keminter ndhak keblinger, ngati-ati ben ra cilaka

41.
a)

gothak gathuk mathuk

b)

gethuk asalae saka tela

c)

bathuk bplu isi madu

d)

bothak isi madu

e)

bathok bolu isi madu

42.
a)

legan golek momongan

b)

legan golek-golek momongan

c)

gela aja golek momongan

d)

aja gela mundhak cilaka

e)

aja golek ala mundhak gela

43.

jeneng liyane punthadewa yaiku

a)

janaka

b)

yudhistira

c)

bima

d)

bratasena

e)

Permadi

44.

Wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos, supaya pamaos oleh informasi kang genep babagan sawijing objek, sifat saka wacana iki menehi ngreti, ngonceki, aweh pamrayogi (saran) lan ngandharake sawijining bab. Wacana iki sinebut?

a)

wacana deskripsi

b)

wacana argumentasi

c)

wacana narasi

d)

wacana eksposisi

e)

wacana persuasi

45.

sing dudu ngemot perangan-[erangan wacana eksposisi yaiku....

a)

njlentrehake panemu, gagasan lan keyakinan

b)

mrelokake fakta kang dikuatake utawa dicethakake kanthi angka, peta statistik, grafik, organigram, gambar lsp

c)

mrelokake analisis lan sintesis nalika ngonceki bahan lan fakta

d)

nggoleki sumber ide saka pengalaman, pengamatan ,sikap lan keyakinan

e)

sumber saka crita kang ora dunung sapa sing gawe

46.

perangan gamelan kang digawe saka kayu kang dibolongi nganti tembus banjur bolongna iku ditutup nganggo kulit kewan, kayata sapi/kebo/wedhus yaiku

a)

gambang

b)

rebab

c)

gong

d)

bonang

e)

kendhang

47.

piranti gamelan kang digawe saka kayu blebekan/wilahan, umume ana 17 nganti 21 wilah lan disusun jejer-jejer urut saka nada cendhek nganti tekan dhuwur dhewe.

a)

gambang

b)

kendhang

c)

suling

d)

saron

e)

slenthem

48.

ing ngisor iki gambar kang nudhuhake "kenong" yaiku ...

a)
b)
c)
d)
e)
49.

ꦧꦫꦺꦴꦁ ꦒꦼꦼꦫꦃ

a)

gareng gedhe

b)

bareng gerah

c)

barong gerah

d)

gedhe awake

e)

andhap asor

50.

Menawi dipunserat latin inggih punika

a)

Reginipun rasukan punika Rp 195.200

b)

Reginipun celana niku Rp 195.200

c)

Regane rasukan punika Rp 195.200

d)

Reginipun rasukan ibu punika Rp 195.200

e)

Reginipun rasukan nika Rp 195.200