wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

TUGAS 2 BAHASA JAWA KELAS XI

Total questions: 20

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Tembang kang tegese jumbuh/ sarujuk banjur digathukake antarane priya lan wanita sing pada duweni tresna diarani ...

a)

gambuh

b)

dhandhanggula

c)

sinom

d)

pangkur

e)

mijil

2.

Paugerane tembang macapat yaiku:

a)

Guru lagu, guru sastra, lan guru wilangan

b)

Guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan

c)

Guru swara, guru sastra, lan guru gatra

d)

Guru gatra, guru sastra, guru lagu

e)

Guru wilangan, guru sastra, guru basa

3.

Gatekna tembang gambuh ing ngisor iki!

Samengko ingsun tutur

Sembah catur supaya lumuntur

Dhingin raga cipta jiwa rasa kaki

Ing kono lamun ketemu

Tandha nugrahaning Manon


Guru wilangan lan guru lagu gatra kapindho lan kapapat tembang ing dhuwur yaiku…

a)

7u lan 10u

b)

10u lan 12i

c)

12i lan 8o

d)

10u lan 8u

e)

8u lan 8o

4.

Gatekna tembang gambuh ing ngisor iki!

Samengko ingsun tutur

Sembah catur supaya lumuntur

Dhingin raga cipta jiwa rasa kaki

Ing kono lamun ketemu

Tandha nugrahaning Manon


Wos surasaning tembang ing ndhuwur yaiku …

a)

wujud sembah raga cipta jiwa rasa

b)

Satitekna apa kang tak andharake

c)

Iku wujud kanugrahan Gusti

d)

Andharan babagan sembah patang prakara

e)

Welingku nindakna patang prakara supaya entuk kanugrahan Gusti

5.

Swara utawa tandha sing bisa nggambarake endhek dhuwuring swara diarani:

a)

titi laras

b)

laras

c)

cakepan

d)

pathet

e)

cengkok

6.

Sing dudu sasmitane tembang gambuh yaiku:

a)

embuh

b)

jumbuh

c)

imbuh

d)

mungkur

e)

kambuh

7.

Lakuning tembung sawarna kang awujud pirang-pirang pada minangka peranganing crita diarani…

a)

gatra

b)

laras

c)

irama

d)

pada

e)

pupuh

8.

Guru gatra tembang gambuh ana …

a)

Setuggal gatra

b)

Kalih gatra

c)

Tigang gatra

d)

Sekawan gatra

e)

Gangsal gatra

9.

Satunggaling cara kanggo masarake produk utawa jasa dhateng bebrayan agung, bisa lumantar …

a)

Pawarta

b)

Kampanye

c)

Pariwara

d)

Pranatacara

e)

Pamedhar sabda

10.

Kabeh wong padha kepingin nggatekake iklan kasebut saben disiyarake. Yen mangkono iklan iku bisa…

a)

Narik kawigaten

b)

Gampang dimangerteni

c)

Gamblang

d)

Mencutake

e)

Cekak aos

11.

Anggone nyawisake iklan bisa lumantar medhia cithak, kayata:

a)

Layang kabar, baliho, kalawarti

b)

Media sosial, TV, ariwarti

c)

Kalawarti, radhio, internet

d)

Ariwarti, TV, radhio

e)

Internet, radhio, brosur

12.

Cara gawe iklan kang becik ana maneka warna, kajaba …

a)

Nyata

b)

Narik kawigaten

c)

Mencutake

d)

Gawe seriking prodhusen liya

e)

Gamblang

13.

Adhedasar medhia kang digunakake, iklan kaperang dadi 2, yaiku:

a)

Animation lan live action

b)

Stop action lan above the line

c)

Iklan baris lan iklan kolom

d)

Above the line lan below the line

e)

Iklan cetak lan iklan elektronik

14.

Iklan kang migunakake medhia khusus kayata: pposter, spandhuk, lan stiker diarani iklan …

a)

Below the line

b)

Above the line

c)

Animation

d)

Live action

e)

Stop action

15.

Iklan kang surasane kanggo njlentrehake katranganing prodhuk utawa kaunggulan produk kang wis ana diarani …

a)

Iklan informatif

b)

Iklan persuasif

c)

Iklan reminder

d)

Iklan leladi jasa

e)

Iklan komersial

16.

Sajroning iklan “Bal Mitre” ing dhuwur ana tetembungan kang kleru panulise (kajaba) , yaiku:

a)

monggo-monggo kudune mangga-mangga

b)

Regone dadi regane

c)

Mantep dadi manteb

d)

Saget dadi saged

17.

Kang dudu titikane iklan persuasif yaiku …

a)

Nganjurke supaya tuku

b)

Ngajak-ajak supaya nggunakake prodhuk

c)

Mbujuk supaya tuku

d)

Ngandharake katranganing produk

e)

Nyipta rasa senenging konsumen saengga gelem tuku

18.

Iklan reminder yaiku satunggaling iklan kang nduweni ancas kanggo …

a)

Ngelingake utawa nyurung konsumen supaya tuku maneh barang kang ditawakake.

b)

Menehi informasi ngengingi katranganing prodhuk

c)

Mbiwarakake owah-owahaning rega lan kemasaning prodhuk

d)

Nganjurake supaya tuku

e)

Nyipta rasa seneng marang prodhuk.

19.

Bab kang ora trep ngengingi pariwara ing ndhuwur yaiku ….

a)

sadhel sepedhah TDR 2017 ora atos

b)

sepedhah TDR 2017 diimport saka mancanegara

c)

sepedhah TDR 2017 mesthi awet

d)

rante sepedhah TDR 2017 kenceng

e)

pedhal sepedhah TDR 2017 kuat

20.

Ancas pariwara ing ndhuwur yaiku ….

a)

nawakake rante sepedhah

b)

nawakake sadhel empuk

c)

milut masarakat supaya tuku sadhel sepedhah

d)

milut masarakat supaya tuku sepedhah TDR 2017

e)

milut masarakat supaya nyewa sepedhah TDR 2017