WorksheetsBahasa Jawa US AP 2
Total questions: 25
Worksheet time: 1hrs 13mins
Mangka kanthining tumuwuh
Salami mung awas eling
Eling lukitaning alam
Dadi wiryaning dumadi
Supadi nir ing sangsaya
Yeku pangreksaning urip
Pranyatan ing ngisor iki kang jumbuh karo wos surasane tembang ing dhuwur yaiku ….
Tansah eling marang tangga teparo
Supaya dicedhakne marang Gustine
Manungsa kudu tansah njaga alam donya
Wong urip iku kudu sregep nyambut gawe
Sangune urip yaiku tansah waspada lan eling
Tlatah Jawa iku ora bisa uwal saka upacara sakral adat Jawa. Salah sijine yaiku babagan upacara temanten adat Jawa. Upacara temanten Jawa iku duweni rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara temanten iki nglambangake sapatemonan ing antarane penganten putri lan penganten kakung ing kahanan sing mligi kaya dene raja lan ratu. Rantaman adicara temanten adat Jawa ing saben laladan iku beda miturut kahanan ekonomi saben kulawarga. Salah sijine upacara temanten Jawa yaiku upacara paningset. Upacara paningset yaiku peranganing upacara temanten kang tegese naleni lan duweni ancas yen calon penganten wanita wis nampa paningset saka calon penganten kakung. Ubarampe kang utama utawa inti ana ing upacara paningset yaiku...
Kalpika
Centhung
Cundhuk mentul
Gelang binggel
Kalung sungsun
Yogyanira kang para prajurit
Lamun bisa samya anuladha
Kadya nguni caritane
Andelira sang Prabu
Sasrabau ing Maespati
Aran Patih Suwanda
Lelabuhanipun
Kang ginelung tri prakara
Guna kaya purune kang den antepi
Nuhoni trah utama
Miturut Tembang Dhandhanggula ing dhuwur dicritakake yen Patih Suwanda iku dadi panuladhan awit..
Lelabuhane kang gedhe kanggo negara Maespati.
Ora lali marang jasane kang wis ngangkat drajate.
Jasane gedhe kanggo negara Alengka.
Duweni watak kang seneng tetulung.
Wani mati bela negarane.
Nuwun para sesepuh, para pinisepuh ingkang dhahat kinurmatan. Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapa–bapa, Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putri ingkang dhahat kinurmatan.
Pethilan teks pranatacara ing dhuwur minangka perangan ….
Salam pambuka
Ancasing gati
Surasa basa
wasana basa
Purwaka basa
Nalika wonten adicara peresmian pabrik anyar, Pak Walikota sampun sagah maringi sesorah utawi sambutan lan ngresmekake kanthi resmi pabrik kang mapan ing Kutha Surakarta. Ananging ing dinten kasebut, Pak Walikota boten saged rawuh awit wonten dhawuh kedah ing Jakarta. Awit sampun titi wancinipun boten wonten gantosipun. Kepeksa Pak Kepala Dinas Perindustrian ingkang rawuh ing adicara kasebut ingkang nyambut. Pak Kepala Dinas sejatosipun boten siyap, awit dadakan lan boten wonten persiapan. Awit kedah nyambut, Pak Kepala Dinas kepeksa maringi sambutan kanthi spontan kemawon.
Miturut crita ing dhuwur.
Pak Kepala Dinas anggone maringi sesorah kanthi metodhe….
Ekstemporan
Mawi cathetan
Maos Naskah
Impromtu
Apalan
Ing cerita Dewa Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Durna minangka gurune sanajan anggone dhawuh iku ngetohake nyawa, nanging Bima ora ngrresula .
Saka carita iku, pamireng ngerti yen karep saka crita iku supaya dadi murid kudu bekti karo gurune. Perangan kang mapan ing crita iku diarani...
Paraga
Amanat
Latar/setting
Watak paraga
Alur
Montor sing arep melu uji emisi ana 169 cacahe, dene montore tanggaku wis diuji emisi ping 4 iki nanging durung lulus.
Ukara ing dhuwur menawa ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....
Wacanen geguritan ing ngisor iki!
Tresna Wurung
Dening: Chris Papa Jaya
nadyan angin wengi wiwit njiwit kulit
nanging mripat iki panggah akedhep tesmak
wewayanganmu kang tansah liwat ngujiwat
nggodha ati suwung, tumlawung
tresna wurung
dhuh, uwong ayu gantilaning ati
kamitegan, kowe cidra ing janji
oncat datan pepoyan
katut priya tumpakan sedan
lan aku muhung tetep lumaku
atut saparaning suku
sangu ati kang saya wuru
Geguritan kanthi irah-irahan Tresna Wurung ing dhuwur iku nyritakake….
Wong lanang kang katut karo wong wadon.
Wong lanang kang ditinggal sisihane merga bandhane entek.
Wong wadon sing kepincut marang wong lanang sing bagus rupane.
Wong lanang sing nyidrani janji wong wadon merga kepincut bandhane liyan.
Wong wadon sing nyidrani janji wong lanang merga kepincut bandhane liyan.
Ing adicara penganten, ana sawenehing piranti awujud reriptan saka blarak kaya kacetha ing gambar.Wujude nam-naman blarak, yen siji lan liyane iku nam-nanam malang, werdine yen ta ana pepalang wani ngadepi kanthi madhep manteb lelambaran kapitayan marang Gusti Kang Murbeng Dumadi supaya tanpa rubeda ing karya, kalis ing sakehing pepalang.
Apa arane reriptan blarakkuwi ?
Kembar mayang.
Bleketepe
Tarup
Sajen
Kembang setaman
Maknane gambar kang katon ing sisih yaiku penganten kakung wis sedya menehi nafkah marang kulawarga. Kang ditindakake penganten ing gambar kuwi arane yaiku …
Kacar – kucur / tampa kaya
Sindur binayang
Sungkeman
Wiji dadi
Siraman
“Lurah glela-glele ora jelas integritase, kajaba mung pinter pidhato bengak-bengok neng panggung sinambi mlintir-mlintir brengose, sok gagah, nggo apa? Omongane sing tharik-tharik. Buktine ora ana. Kabeh padha keblinger milih dheweke,” komentare Dhik Fendi, intelektual desa sing ngaku ahli komunikasi politik.
“Mulane wis seprana-seprene dadi lurah, desane awake dhewe iki ora ana kemajuane apa-apa. Sing maju mung soal KKN-ne!” tambahe Masduki, tokoh LSM sing nyorot masalah korupsi.
“Yen ngono dilengserna wae! Percuma duwe lurah ngah-ngoh, mung obral janji.” Usule Jiwo.
Sumber PS No. 48 – 2 Desember 2017
Pitutur luhur / amanat kang bisa kapethik saka wacan ing dhuwur yaiku ...
Yen dadi pemimpin kuwi kudu bisa KKN supaya uripe mulya.
Yen dadi pemimpin aja mung obral janji nanging sing amanah.
Yen dadi pemimpin ora perlu integritas sing penting kendel mbengok
Yen dadi pemimpin kudu duwe praupan sing gagah supaya wong-wong padha kepincut.
Yen dadi pemimpin kudu pinter pidhato supaya wong-wong padha percaya senajan kuwi mung ngapusi.
Bengine sepi hawa atis. Swara sound sistemwis dilereni wiwit sore ngelingi swasana lagi prihatin. Omah mburi tekan pawon uga sepi tanpa umyege wong-wong sing nyumbang bahu. Mung lawang sing isih katon bukaan. Kartiyono kelingan kothak wadhah amplop sing awan mau disimpen ing senthong. Kothak dijupuk banjur dibuka. Kartiyono mlongo. Kothak kothong blong tanpa isi.
(Kapethik saka Kumpulan Cerkak Kluwung , 2013 : 32)
Nitik saka ukarane, setting/latar kang tinemu ing pethilan wacan kuwi yaiku ..
Bengi – hotel – nelangsa
Bengi – omah – dhuhkita
Bengi – sepur – kelangan
Awan – mall – kebak kabagyan
Awan – kebon – gumyak gumbira
Sabuk punika ageman ingkang dipunangge nutupi setagen. Dados menawi sinjang sampun dipunsingseti, lajeng dipunsingseti malih mawi sabuk, supados setagen mboten ketingal. Kejawi minangka pasren, sabuk ugi badhe dipunangge nyekelitaken dhuwung ing sisih wingking.
Dene wujudipun sabuk punika saget dipunpirsani ing gambar …
Wong urip neng donya kudu lung tinulung. Aja tumindak angkuh. Aja seneng ngatur – atur wong liya. Senajan duwe pangkat dhuwur, luwih pinter lan luwih sugih. Aja nganti tumindak sawiyah – wiyah marang liyan. Aja ngegungake duwe pangkat lan bandha akeh, jalaran pangkat lan bandha bisa sirna sakdurunge pralaya. Ngulinakake tepa salira padha karo ngulinakake urip rukun.
Saka ukara kuwi, kang ora klebu wewaler yaiku ...
Sawiyah – wiyah marang awake dhewe.
Ngulinakake urip rukun.
Aja tumindak angkuh.
Aja seneng ngatur – atur wong liya.
Aja ngegungake duwe pangkat lan bandha akeh, kabeh bisa sirna sakdurunge pralaya.
Bandha iku bisa gawe mulya uga bisa gawe cilaka. Gawe mulya lamun saka barang kang becik, gawe cilaka lamun barang saka panggawe ala.
Pitutur luhur kang bisa dijupuk saka ukara ing dhuwur yaiku ...
Goleka bandha mawa cara kang utama
Nyambut gawe sakanane sing penting ngasilake
Sangune makarya sing penting donga lan tekad
Bandha ora digawa mati, mula ora usah makarya
Akeh dalan yen kepengen sugih, kalebu golek pesugihan
Aja ngidoni sumur, mundhak suwing lambene.Teges saknyatane saka pratelan kuwi tinemu ing wangsulan …
Sumur mujudake tradhisi leluhur sing kudu diuri-uri lan dirumati.
Ngidu saenggon-enggon tanpa empan papan kuwi tumindak sing murang tata
Sumur kuwi senajan wujude prasaja nanging nduweni daya magis sing ngedap-edapi.
Idu sing nyemplung ing sumur bisa njalari regede banyu, luwih-luwih yen wong kuwi nduweni lelara nular
Saben sumur nduweni dhanyang kang ngreksa, mula ngidoni sumur dianggep ngidoni dhanyange. Mesthi wae dhanyange dadi nesu.
Nesu jalaran njaluk dhuwit marang wongtuwane ora diwenehi, Agung Gutomo (24th) nekad ngobong omah. Prastawa mau kedadeyan ing RT 06/ 02 Welahan dina Setu, 12 Januari 2019 tabuh 18.30 WIB. Anggone ngobong omahe mau kanthi cara sprei diseleh neng payon omah kang digawe saka kayu lan pring, banjur disumet. Perangan omah kang kobong pawon lan senthong. Kapitunan kang disandhang kurang luwih Rp 15 yuta.
Pratelan kang ora trep adhedhasar wacan ing dhuwur yaiku …
Omahe Agung Gutomo digawe saka pring lan kayu
Omahe Agung Gutomo mapan ing RT 06/02 Welahan Jepara.
Agung Gutomo ngobong omahe merga njaluk dhuwit ora diwenehi.
Agung Gutomo ngobong omahe nalika tabuh 18.30 ing dina Setu, 12 Januari 2019.
Agung Gutomo njaluk dhuwit Rp 15 yuta marang wongtuwane nanging ora diwenehi.
Wong madhang kuwi luwih becik imbuh/tanduk tinimbang ora entek. Yen ora entek banjur sapa sing gelem ngentekake sisane liyan.
Pratelan kuwi bisa trep njlentrehake karepe wewaler sing endi ?
Aja sok mangan ana paturon, mundhak lara gudhigen.
Yen angop kudu ditutupi tutuke, mengko dileboni setan.
Yen madhang aja nganti nyisa, bisa marakke pitike mati.
Aja sok nampani nganggo tangan kiwa, mundhak ngedhe.
Aja sok sangga uwang, mundhak nyangga susahe wong patang puluh.
Atelah menika wujud jas tutup, gulonipun tutup kanthi kancing ing tengah – tengah wiwit sangandhaping jangga sapangandhap, limrahipun wonten gangsal kancing. Ing wingking sak ngandhape pengkeran dipunkrowok kangge nyengkelit dhuwung.
Adhedhasar katrangan punika, gambar atelah kados kacetha ing wangsulan ...
Sapa arane paraga ing wacan kuwi ?
Abdul Fatah
Abdul Ghofur
Abdul Rohman
Abdul Mutholib
Abdul Fatkhurrohim
Miturut wacan ing dhuwur, pirang tahun lawase paraga kuwi anggone nindakake pakaryane ?
15 tahun
16 tahun
17 tahun
18 tahun
19 tahun
Arane negara kang disebutake ing wacan yaiku …
Brune lan Turki
Filipina lan Thailan
Vietnam lan Amerika
Singapore lan Australia
Malaysia lan Timor Leste
Dhuwur yaiku …
Ora akeh tukang ukir gambar sing tumindak profesional.
Tukang ukir profesional luwih seneng dadi TKI ing Malaysia.
Tukang ukir uripe sarwa kecingkrangan jalaran upahe sethithik
Sawetara tukang ukir profesional milih dadi buruh pabrik konveksi.
Buruh pabrik konveksi uripe luwih kepenak tinimbang tukang ukir.
Pira cacahe tukang ukir kang disebutake ing wacan?
61
60
59
58
57
Pabrik kang disebutake ing wacan mapan ing tlatah endi ?
Ngabul
Batealit
Mayong
Welahan
Pecangaan
