NEW
Font size
WorksheetsBahasa Jawa XII (Keraton Ngayogyakarta)
Total questions: 20
Worksheet time: 32mins
Ingkang jumeneng nata ing Kasultanan Ngayogyakarta Hadininigrat wekdal samenika, inggih gambar ... .
Ngandhap menika pundi ingkang kalebet kekancingan Asma tumraping garwadalem padmi utawi pramèswari?
G.K.R
K.B.R.Ay
B.R.A
R.Ay
Garwadalem Padmi ingkang jumeneng nata samenika inggih menika ... .
Hemas
Hageng
Herowati
Kedhaton
Tumrap putri dalem pembayun ingkang mijil saking garwa pramèswari saha sampun dungkap yuswa diwasa, kagungan kekancingan asma menapa ?
Kanjeng Bendara Radèn Ayu
Gusti Radèn Ajeng
Gusti Radèn Ayu
Gusti Kanjeng Ratu
Kanjeng Bendara Mas Ayu inggih menika kekancingan asma tumraping garwadalem Ampéyan saking trah kawula.
Tembung kawula dipunwastani menapa ?
Ningrat
Rakyat
Pejabat
Priyayi
Radèn Ajeng minangka kekancingan asma tumrap wayah dalem ingkang mijil saking garwa selir saha dèrèng palakrama.
Tembung menapa saking ukara nginggil ingkang dipuntegesi putu ?
Asma
Wayah
Mijil
Palakrama
Ingkang jumeneng nata ing Pura Mangkunegaran Ngayogyakarta inggih menika ... .
Sri Paduka Paku Alam
Ngarsa Dalem Sampéyan Dalem Ingkang Sinuhun Sri Sultan
Sri Susuhunan Pakubuwana
Sultan Hamengku Bawana
Pura Pakualaman minangka Kadipatén ing Ngayogyakarta. Kadipatén inggih menika satunggaling tlatah utawi wilayah ingkang kaprenah ing sangandhapipun Kerajaan. Ingkang nata ing Pura Pakualaman nun inggih Kanjeng Gusti Pangéran Adipati Arya Paku Alam.
Bilih dipuntrepaken ing pamarèntahan DIY, Gusti Paku Alam minangka pamomong praja menapa ?
Gubernur
Wakil Gubernur
Wali Kota
Raja Kadipatén
Kadipatén Pura Pakualaman mapan ing siring pundi saking Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat ?
Siring wétan
Siring kilén
Siring kidul
Siring lér
Kekancingan asma tumrap garwadalem pramèswari Sri Paduka Paku Alam kasebat menapa ?
Kanjeng Bendara Radèn Ayu
Bendara Radèn Ayu
Gusti Kanjeng Ratu
Gusti Bendara Radèn Ajeng
Kraton nggadhahi abdi dalem ingkang ajejibah njagi aman tentremipun Nagari Ngayogyakarta Hadiningrat saha Kadipatén Pakualaman.
Kasebat menapa abdi dalem menika ?
Bregada
Sentana Dalem
Trah Dalem
Abdi Dalem Keprajan
Ngandhap menika ingkang kalebet bregada ing Pura Pakualaman nun inggih ... .
Plangkir
Surakarsa
Nyutra
Mantrijeron
Bregada Wirabraja ugi kasebat menapa ?
Jagakarya
Lombok Abang
Mantrijero
Prawiratama
Bregada Ngayogyakarta Hadiningrat ingkang asalipun saking tlatah Makasar inggih menika ... .
Bugis
Ketanggung
Jagakarya
Patangpuluh
Para bregada nggadhahi identitas piyambak-piyambak awujud klèbèt utawi gendéra.
Gendéra Bregada Mantrijero dipunsebat menapa ?
Padma Sri Kresna
Purnamasidhi
Geniroga
Cakragora
Bregada ingkang pikantuk jejibahan cucuking ngajurit ing salebeting perang, inggih menika ... .
Daèng
Nyutra
Bugis
Wirabraja
Bregada menapa ingkang sami samapta ing Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat saha Pura Pakualaman ?
Lombok Abang
Plangkir
Prawiratama
Mantrijero
Wonten pinten bregada ingkang samapta praja mengku gati ing tlatah Nagari Ngayogyakarta Hadiningrat saha Kadipatén Pakualaman ?
Bregada ingkang nggadhahi gendéra werni kalih (2) inggih menika ... .
Ketanggung
Patangpuluh
Jagakarya
Nyutra
Bregada menapa ingkang kaprenah papanipun ing Jalan Parangtritis saha moncèr dipunginakaken kanggé nama satunggaling peken ?
Prawiratama
Bugis
Patangpuluh
Daèng
