wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PRANATACARA

Total questions: 20

Worksheet time: 17mins

Name
Class
Date
1.

Nalika dados pranatacara pocapan kedah cetha. Punika ateges nggatosaken...

a)

Olah basa

b)

Olah raga

c)

Olah swara

d)

Olah busana

e)

Olah jiwa

2.

Dados pranatacara kedah gadhah patrap wibawa, tegese...

a)

Gadhah subasita ingkang sae

b)

Kedah mantep ing manah, boten wigah-wigih

c)

Saged maos kawontenan

d)

Boten ajrih satemah percaya diri

e)

Saged mapanaken diri kaliyah kawontenan

3.

Ginanipun pranatacara ing satunggaling acara inggih menika...

a)

Acara enggal rampung

b)

Dipun gatosaken para tamu

c)

Acaranipun boten mboseni

d)

Acaranipun tumata

e)

Acaranipun gayeng

4.

Sanguipun pranatacara wonten olah raga, olah jiwa, olah busana, olah basa, olah swara. Ingkang kalebet olah basa inggih menika...

a)

Andhap inggilipun swara boten naming ajeg

b)

Pocapan cetha, las-lasan, mboten blero

c)

Solah bawa trapsila lan empan papan

d)

Busananipun sae, resik

e)

Pilihaning tembung sae

5.

Pranatacara kedah saged ngadi sarira lan ngadi busana, ukara menika jumbuh kaliyan unen-unen...

a)

Ajining raga gumantung ing busana

b)

Ajining diri gumantung ing lathi

c)

Ajining awak gumantung ing tumindak

d)

Ajining badan gumantung saka dandan

e)

Ajining mustaka gumantung saka wibawa

6.

Blankon, Surjan, bebed, selop. Busana menika kaagem ing acara...

a)

Kesripahan

b)

Syawalan

c)

Tanggal warsa sekolah

d)

Rapat

e)

Pawiwaahan temanten

7.

Nindakake pranatacara menika boten gampil, ananging kedah saged ngracik tembung ingkang ngginaaken basa rinengga. Basa rinengga tegese...

a)

Basa ingkang angel dipunmangertosi

b)

Basa ingkang dipundamel endah

c)

Basa kanggo manten

d)

Basa kanggo sekar macapat

e)

Basa ingkang ngginaaken basa Jawa kuna

8.

Teknik pranatacara kanthi mbeta cathetan alit kasebat teknik...

a)
Apalan
b)

Naskah

c)

Dadakan

d)

Ekstemporan

e)

Teks

9.

Basa ingkang gampil dipuntampi lan komunikatif tuwin trep ing panganggenipun kedah migatosaken bab-bab ingkang ngandhap menika kajaba...

a)

Sinten ingkang badhe pidato salajengipun

b)

Sinten ingkang gineman

c)

Sinten ingkang dipunajak gineman

d)

Sinten ingkang dipunginemaken

e)

Swasna nalika gineman

10.

Pak Wibawa dipunsuwun pitulungan kaliyan Pak RT supados mandhegani (memimpin) acara nalika putranipun benjang manten. Nalika mandhegani acara kasebut, Pak Wibawa dipunwastani pranatacara. Pranatacara menika nama sanesipun inggih menika...

a)

Pranata titilaksana, pambiwara, pamedhar sabda

b)

Pranata lasitaning adicara, pambiwara, pranata titilaksana

c)

Pambiwara, pamedhar sabda, pranata adicara

d)

Pamedhar sabda, pranata titilaksana, pambiwara

e)

Pawarta, pambiwara, mc

11.

Gatekna cengkorongan (kerangka) teks pranatacara ing ngandhap menika!

1)    Panutup

2)    Purwaka

3)    Puji syukur

4)    Salam pambuka

5)    Surasa

Urutan ingkang leres cengkorongan teks pranatacara ing nginggil menika…

a)

2-4-3-1-2

b)

2-3-4-5-1

c)

4-2-3-5-1

d)

4-2-5-3-1

e)

2-3-5-4-1

12.

“Puput pepuntoning adicara, wus dumugi paripurnaning gati”. Ukara menika mathukipun dipunginakaken ing perangan...

a)

Surasa

b)

Purwaka

c)

Puji syukur

d)

Pakurmatan

e)

Wasana

13.

Gatekna urutan acara ing ngandhap menika! Reroncening adicara ulang tahun sekolah:

1)    Purwaka

2)    Pencak tumpeng

3)    Pandonga

4)    Tanggap sabda saking Kepala Sekolah

5)    Atur pambagya saking panitia

6)    Panutup

Urut-urutanipun adicara ingkang leres inggih menika…

a)

1-2-3-4-5-6

b)

1-3-5-4-2-6

c)

1-5-4-2-3-6

d)

1-4-6-5-2-3

e)

1-3-4-5-2-6

14.

Gatekna teks pranatacara ing ngandhap menika! Para pepundhen ingkang dahat kinabekten. Para tamu ingkang... keparenga kula matur ing ngarsa panjenengan sedaya saperlu ngaturaken pambagyaharja ing gari kalenggahan punika. Tembung ingkang trep kangge ngisis cecg-ceceg ing teks pranatacara ing nginggil inggih menika...

a)

Paring panglipur

b)

Kinurmatan

c)

Winantu ing suka Basuki

d)

Tansah sinanding ing kitab suci

e)

Nembe ngasta

15.

Tiyang dados pranatacara anggenipun nglantaraken jejibahan kedah mantanggap. Matanggap tegesipun...

a)

Jumengep jejeg

b)

Tanggap swasana

c)

Anteng saha mantep

d)

Boten wigah-wigih

e)

Pocapan cetha

16.

Sugeng siyang. Assalamualaikum, katentreman saha kawilujengan mugi katumrapan dhumateng panjenengan sedaya. Tuladha menika dipunwastani...

a)

Salam pambuka

b)

Salam panutup

c)

Wasana

d)

Surasa

e)

Purwaka

17.

Para tamu minulya kakung miwah putri ingkang dhahat kinurmatan. Mundhi dhawuh pangandikanipun ingkang hamengku gati, kula minangka pambiwara pahargyan ing dalu menika nyuwun idin palilah lan pangestu panjenengan sedaya padhe maosaken rantaman acara ing dalu menika…

Tegese tetembungan hamengku gati, ing teks pethikan panatacara kasebut yaiku...

a)

Nyengkuyung gawe

b)

Akeh gawaeane

c)

Rawang ing gawe

d)

Nduwe gawe

e)

Gawe-gawe acara

18.

Para Bapak, para ibu ingkang kinurmatan. Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejring pambiwara ingkang kapiji nderekaken titi laksananing adicara pengaosan rutin dinten ahad, nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Dene kula cumanthaka nggempil kamardikan saha mungel pangandikan sawetawis. Kinarya amurwakani adicara pengaosan ing dalu menika. Saklajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara pengaosan rutin dinten saha titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinancang, rinantam kirang langkung mekaten…

Tembung kang kacithak kandel ana ing ndhuwur "reroncening" nduweni teges...

a)

Urutan acara

b)

Pangapunten

c)

Nglempak

d)

Wekdal

e)

Pakurmatan

19.

Para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten saha bapak ibu ingkang bagya mulya. Kanthi rahmating Gusti ingkang Maha Agung, ing wekdal punika kula lan panjenengan sedaya tasih pinaringan karaharjan sarta kawilujengan.

Sajroning teks ingkang kacethak miring punika kalebet perangan....

a)

Atur panuwun dhateng para rawuh

b)

Wasana basa ngenani pengarep-arep

c)

Atur pangapunten dhateng para rawuh menawi katah kalepatan nalika dados pranatacara

d)

Surasa ngenani reroncening adicara

e)

Atur puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kuasa.

20.

Mbok bilih anggen kula ngayahi jejibahan katah aturan saha patrap ingkang boten ndadosaken renaning penggalih, amargi cupeting seserepan kula ing reh subasita, basa tuwin sastra, kula nyuwun rumentahing agunging pangaksami saking panjenengan sedaya. sugeng kondur, mugi-mugi rahayu ingkang tansah pinanggih. Nuwun, matur nuwun.

Ukara ing inggil kalebet perangan pranatacara bab...

a)

Salam pambuka marang para rawuh

b)

Nyuwun pangapunten

c)

Salam panutup

d)

Wasana

e)

Purwaka