wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS BAHASA JAWA GASAL XII 2021

Total questions: 20

Worksheet time: 3600secs

Name
Class
Date
1.
Ingkang nganggit Serat Wedhatama inggih menika ....
a)
Sri Sunan Pakubuwana IV
b)
K.G.P.A.A. Palualam IV
c)
Sri Sultan Hamengkubuwana IV
d)
 K.G.P.A.A. Mangkunegara IV
e)
K.G.P.A.A. Mangkunegara V
2.

Kinanthi

Mangka kanthining tumuwuh,

Salami mung awas eling,

Eling lukitaning alam,

Dadi wiryaning dumadi,

Supadi nir ing sangsaya,

Yeku pangreksaning urip.

Salami mung awas eling.


Tembung sanesipun eling inggih menika ....

a)

Ngati-ati

b)

Ngerti

c)

Waspada

d)

Weruh

e)

Enget

3.

Kinanthi

Mangka kanthining tumuwuh,

Salami mung awas eling,

Eling lukitaning alam,

Dadi wiryaning dumadi,

Supadi nir ing sangsaya,

Yeku pangreksaning urip.


Punapa tegesipun supadi nir ing sangsaya, ing tembang wonten nginggil ....

a)

Urip kebak ing bebayan

b)

Supados tebih saking sengsara

c)

Ndedonga tebih saking kasengsaran

d)

Ngupaya boten urip sengsara

e)

Tansah ngendhani kasengsaran

4.

Ingkang dipunwastani (diarani) guru gatra inggih menika ….

a)

Cacahing gatra saben sapada

b)

Tibaning swara ing pungkasaning gatra

c)

Cacahing wanda saben sapada

d)

Cacahing wanda saben sagatra

e)

Cacahing pada saben sagatra

5.

Guru wilangan lan guru lagunipun tembang Kinanthi inggih menika ....

a)

8i, 8a, 8i, 8a, 8a, 8i

b)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

c)

8u, 8i, 8u, 8i, 8i, 8a

d)

8i, 8u, 8i, 8a, 8a, 8i

e)

8u, 8a, 8a, 8i, 8a, 8i

6.

Kinanthi

Mangka kanthining tumuwuh,

Salami mung awas eling,

Eling lukitaning alam,

Dadi wiryaning dumadi,

Supadi nir ing sangsaya,

Yeku pangreksaning urip.


Tembang wonten nginggil ngadahi piwulang luhur ingkang trep inggih menika ....

a)

Manungsa urip tansah bebrayan ing alam donya

b)

Manungsa tansah ndedonga marang Gusti

c)

Manungsa urip kedah eling lan waspada marang kahanan alam donya

d)

Manungsa urip sakarepe dhewek

e)

Manungsa eling marang bandane

7.

Kinanthi

Mangkono ingkang tinamtu,

Tampa nugrahaning Widhi,

Marma ta kulup den bisa,

Mbusuki ujaring janmi,

Pakoleh lair batine,

Iyeku budi premati.


Saking tembang ing nginggil, gatra ingkang ngandaharake menawi urip menika kedah pikantuk (ulih) rahmating Gusti inggih menika ....

a)

1

b)

4

c)

2

d)

5

e)

3

8.

Wataking tembang Kinanthi inggih menika ....

a)

Sereng

b)

Sembrana

c)

Sumanak

d)

Grapyak

e)

Tresna asih

9.

Kinanthi


Marma den taberi kulup,

Angulah lantiping ati,

Rina wengi den anedya,

Pandak-panduking pambudi,

Bengkas kahardaning driya,

Supadya dadya utami.


Tembung rina ing tembang Kinanthi wonten nginggil punapa dasamanane (tembung liyane) ....

a)

Awan

b)

Esuk

c)

Sore

d)

Surub

e)

Wengi

10.

Gatekna pratelan ing ngandhap menika!

1) Sapada kadadean saka enem gatra.

2) Cocog kangge medhar pitutur lan tresna ati

3) Guru lagune u,i,a,i,a,i.

4) Guru wilangane 8, 8, 6, 8, 8, 8.

5) Nduwweni watek grapyak


Saking pratelan ing nginggil ingkang kalebet tetenger (ciri-ciri) tembang Kinanthi inggih menika ....

a)

1), 2), lan 4)

b)

1) , 2) lan 5)

c)

1), 2), lan 3)

d)

2), 3), lan 4)

e)

3), 4), lan 5)

11.

Kalabendu

(Dening : Yono Hs)

Taksengguh kala bathara wus lebur

Kisas karo Bathara Wisnu duk ing nguni

Nanging tibake ko ora

Abad nuklir lan globalisasi kok ya kaya-kaya

Anake kalabendu

Jalaran sajake dhengah uwong durung siap mecak

yen wus siaga ngana ya no problem

Balik sing durung ko ya kaga gantine kalabendu

Apa jangkane kalatidha thukul meneh

Mandi tenan sabdane R. Ng. Ronggowarsito

kapan-kapan wae kalabendu bisa thukul maneh

Anggere titah nora waspada

lan mung nuruti hawa.


Geguritan ing nginggil undheranipu (temane) inggih menika ....

a)

Seni

b)

Pitutur

c)

Ekonomi

d)

Politik

e)

Budaya

12.

Kalabendu

(Dening : Yono Hs)

Taksengguh kala bathara wus lebur

Kisas karo Bathara Wisnu duk ing nguni

Nanging tibake ko ora

Abad nuklir lan globalisasi kok ya kaya-kaya

Anake kalabendu

Jalaran sajake dhengah uwong durung siap mecak

yen wus siaga ngana ya no problem

Balik sing durung ko ya kaga gantine kalabendu

Apa jangkane kalatidha thukul meneh

Mandi tenan sabdane R. Ng. Ronggowarsito

kapan-kapan wae kalabendu bisa thukul maneh

Anggere titah nora waspada

lan mung nuruti hawa.


“Taksengguh kala bathara wus lebur”. Tembung Bathara nggadahi teges....

a)

Seta

b)

Widodari

c)

Dewa

d)

Manungsa

e)

Jalma

13.

Geguritan tradisional biasanipun ngange bebuka ....

a)

Sun nembang

b)

Sun bebungah

c)

Sun ngudhar

d)

Sun gegurit

e)

Sun medhar

14.

Gatekna cuplikan geguritan iki!

Panase surya tan rinasa

Kesele awak tan ginubris

Kang diesti among makarya

Oleh karya

Kanggo putra


Isi pethikan geguritan iku ngemu rasa…

a)

Jengkel nalika nyambut gawe ing ngalas

b)

Ora trima amarga dadi wong kakeyan gawean

c)

Kangen marang wong kang nyambut gawe

d)

Semangat nyambut gawe kang makantar-kantar

e)

Sabar, nalika nyambut gawe kanggo keluarga

15.

eklasna aku lunga biyung

sanadyan ing dhuwur langite katon mendhung

eklasna aku lunga

lungaku sangu ati lapis waja


Isine geguritan ing dhuwur yaiku….

a)

Bocah enom kang bingung arep lunga

b)

Rasa sedhih ninggalake wong tua

c)

Pamit arep golek pakaryan ing adoh

d)

Pamit arep budhal sekolah

e)

Wis ora kuwat maneh amarga lara

16.

raga iki kebak ikhtiyar

kanthi sukma sumarah

mantep ngudi lan mangsuli

wis dhik

kabeh utange sesuk disaur

kabeh panandhang dilebur

………..


Cuplikan geguritan iku ngemu rasa pangrasa…

a)

Bungah

b)

Kangen

c)

Nelangsa

d)

Suka gembira

e)

Tanpa rasa

17.
Nalika arep maca geguritan kudu nggatekake solah bawa, ekspresi lan jiwane geguritan, upamane isine geguritan iku sedhih, pasuryane ya kudu katon nelangsa, supaya sing mirengake melu sedhih. Eskpresi iku ana rong bagean yaiku gestur lan mimik, kang dikarepke gestur kuwi kang kepriye....
a)
Obahing awak manut swasana sing dikarepake geguritan
b)
Sesambungan karo kedaling lesan, tata pangaturing napas
c)
Polatan rai jumbuh karo rasa kang dikarepake geguritan
d)
 Pangucaping kudu trep miturut unggah-ungguh
e)
Bisa ngrasake apa isine geguritan kang diwaca
18.

Struktur pambangun geguritan ingkang dipunwastani tipografi, inggih menika ....

a)

Cacahing larik ing geguritan

b)

Kahanan ingkang kagambar ing geguritan

c)

Wujude larik-larik utawa gatra ing geguritan

d)

Sajak ingkang wonten ing geguritan

e)

Intonasi ingkang wonten ing geguritan

19.

Tikus-Tikus

Tikus-tikus ing omahku, slutha-sluthu

ora duwe sungkan, awan-awan

ngrikiti cikal ndhuwur daringan

Tikus-tikus ing kantoran, pencilakan

angon mangsa mbukaki lemari, laci

meja ora kari dadi sasaran, wewatekan

mentalan mbalung sungsum nganti saiki.


Isine geguritan ing dhuwur yaiku....

a)

Wong-wong kang nggoleki mangsa ing meja lan laci

b)

Wong-wong kang pada korupsi

c)

Wong-wong kang pada pencilakan ing kantor

d)

Wong-wong kang pada mbukak lemari

e)

Wong-wong kang seneng nyolong

20.

Gatekna platelan ing ngandhap menika!

1) Sathithike ana patang gatra.

2) Dhong-dhinge swara ing kabeh wekasane gatra kudu runtut.

3) Cacahe gatra saben sapada ora tamtu.

4) Kaiket guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.

5) Basane luwih ringkes.


Saking pratelan ing nginggil ingkang kalebet tetenger (ciri-ciri) geguritan modern inggih menika ....

a)

1) lan 2)

b)

2) lan 3)

c)

3) lan 4)

d)

4) lan 5)

e)

3) lan 5)