wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Daerah 9

Total questions: 19

Worksheet time: 23mins

Name
Class
Date
1.

Tembang Macapat kalebu karya sastra kang nduweni daya kekuwatan lan kaendahan. Tembang macapat iku minangka salah sijine tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Diarani tembang tradhisional, amarga kaiket ing aturan/paugeran tartamtu.

Tembang macapat iku kaiket ing paugeran, yaiku ....

a)

guru gatra, guru basa, guru lagu

b)

guru gatra, guru wilangan, guru lagu

c)

guru swara, guru basa, guru sastra

d)

guru swara, guru lagu, guru wilangan

2.

........

Urip ing ndonya tan lami,

aja dhemen numpuk bandha,

elinga tembe mburine,

lamun mati tan ginawa,

namung amal jariyah,

mula senenga tetulung,

marang sapadhane gesang.


Tembang macapat ing dhuwur, golekana guru wilangan, guru lagune lan tulisen arane tembange….

a)

8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a / Asmaradana

b)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i / kinanthi

c)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i/ Pangkur

d)

12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i / Durma

3.

Dedalane guna lawan sekti//

Kudu andhap asor//

Wani ngalah luhur wekasane//

Tumungkula yen dipun dukani//

Bapang den simpangi//

Ana catur mungkur//

Pesan moral apa sing bisa kojupuk saka tembang ing dhuwur….

a)

ngandharake manawa manungsa kepingin pinter lan mukti kudu di dukani

b)

ngandharake manawa manungsa kepingin pinter lan mukti kudu mulya

c)

ngandharake manawa manungsa kepingin pinter lan mukti kudu wani

d)

ngandharake manawa manungsa kepingin pinter lan mukti kudu andhap asor

4.

Puji syukur katur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rohmat saha hidayah dhumateng kita sedaya, saengga ing wekdal punika kita taksih pinaringan rahayu wilujeng li ring sambikala.

Wacan ing nduwur, perangane naskah pidhato kang diarani …..

a)

salam pambuka

b)

pangarep-arep

c)

dudutan

d)

purwaka

5.

Pidhato yaiku medharake gagasan kanthi lesan ing sak ngarepe wong akeh. Yen pidhato iku ditindhakake nalika ing acara pahargyan kang tujuwane gawe sumringah lan nyenengake nganggo basa kang kepenak. Pidhato kang diandharake ing ngarep nduweni tujuwan kanggo ….

a)

pangajak-ajak

b)

menehi kawruh

c)

menehi hiburan

d)

menehi pengaruh

6.

Wacanen kanthi titi!

Bapak, ibu, lan kanca-kanca ingkang kula urmati. Kegiyatan Peningkatan Mutu saben enjing dipunsuwun saged nambahi kawruh kagem para siswa supados siyap ngadhepi UNBK, sahengga kegiyatan Peningkatan Mutu samenika wigati sanget kagem kelas IX. Mila mangga kegiyatan Peningkatan Mutu samenika dipunsengkuyung sareng-sareng supados saged kaleksanan lan tujuwanipun saged dipungayuh.

Gagasan utama ing surasa pidhato kasebut yaiku ….

a)

siswa Kelas IX dikarepake siyap ngadhepi UNBK

b)

kegiyatan Peningkatan Mutu wigati tumrap siswa Kelas IX

c)

kegiyatan Peningkatan Mutu disengkuyung bareng-bareng

d)

tujuwan kegiyatan Peningkatan Mutu saged dipungayuh

g

7.

Gatekna wacan iki!

Taksi lumaku ngener omah joglo, kira-kira patangatus meter dohe saka lapangan desa. Adzan magrib wis mungkur. Lampu-lampu dalan wis wiwit murub. Siji loro lintang wiwit ngembangi langit sing katon klawu. Ing kahanan kaya ngono mau, saka pinggir dalan Murti nyawang omah joglo sabrang dalan, sing isih katon njenggereng rosa. Omah sing nate dipanggoni wong tuwane, simbahe, lan adhi-adhine.

…………………………………..

Cuplikan cerkak ndhuwur diandharake latar wektu kedadeyan crita ing wayah bengi. Ing ngisor iki minangka ukara pambukten bab latar wektu, kejaba….

a)

Adzan magrib wis mungkur.

b)

Lampu-lampu dalan wis wiwit murub.

c)

Taksi lumaku ngener omah joglo, kira-kira patangatus meter dohe saka lapangan desa.

d)

Siji loro lintang wiwit ngembangi langit sing katon klawu.

8.

Janur gunung kadingaren Kang, esuk-esuk kok wis tekan kene, gek kok sajak lemes kaya Baladewa ilang gapite ngono, ana kersa apa Kang ?

Tembung janur gunung, Baladewa ilang gapite kalebu....

a)

tembung saroja

b)

basa pewayangan

c)

basa rinengga

d)

basa purwakanthi

9.

Saloka ngisor iki kang tegese sifate anak iku ora beda adoh karo sifate wong tuwane, sing ngendi?

a)

Asu belang kalung wang

b)

cebol nggayuh lintang

c)

kebo nusu gudel

d)

kacang ora ninggal lanjaran

10.

Ana ing sajroning plot iku ana eksposisi utawa pengenalan paraga, papan panggonan,wektu,swasana utawa njlentrehake sinopsis crita. Ana komplikasi utawa anane konflik. Ana klimak, anti klimak lan ana uga ending utawa resolosi. Iku kabeh nuduhake manawa ana ing sajronig drama ana ...

a)

Unsur intrinsik.

b)

unsur ekstrinsik

c)

eksposisi ing crita

d)

eksposisi ing cerita

11.

1. Ibu : ”Putraku si Andhe-andhe Lumut.

Tumuruna ana Putri kang unggah-unggahi.

Putrine kang ayu rupane.

Kleting Abang iku kang dadi asmane.”

Anak : ”Bu si Bu, kula boten purun.

Bu si Bu, kula boten mudhun.

Nadyan ayu sisane si Yuyu Kangkang.’


Crita ing ndhuwur iku nyritakake kedadeyan ing....

a)

Karang Wulusan

b)

ing tengah kali

c)

sajroning padhepokan

d)

desa dhadhapan

12.

Nulis laporan kegiatan iku ana paugerane, sing dudu paugeran panulise teks laporan kegiatan ing antarane yaiku ....

a)

runtut manut structure

b)

tulisane kudu bener

c)

nganggo basa sing endah

d)

dilampiri data lan foto

13.
a)

Saben Senin ing sekolahku dianakake upacara bendhera.

b)

Saben dina Senin ing sekolahku dianakake upacara bendhera.

c)

Saben dina ing sekolahku dianakake upacara bendhera.

d)

Saben- saben ing sekolahku dianakake upacara bendhera.

14.

Ing ngisor iki kang migunakake pada lingsa ana ing ukara …

a)
b)
c)
d)
15.

1. Gatekna Gambar iki :

Gambar ing dhuwur salah sawijining tokoh Pandhawa ing pawayangan kang arane….

a)

Puntadewa

b)

bima

c)

nakula

d)

arjuna

16.

Piranti kanggo sesambungan karo wong liya sing awujud tulisan ana ing dluwang (kertas) kanthi tujuan menehi kabar marang wong sing dituju diarani……

a)

handphone

b)

email

c)

internet

d)

layang

17.

Gatekna pethikan layang pribadi ing ngisor iki

……………………………..

Kanthi serat punika, kula ngaturaken kabar bilih kawontenan kula sakulawarga tansah ginajar wilujeng, nir ing sambekala. Mugi-mugi Pakde sarta sedaya kulawarga wonten ing Waru mekatena ugi, aamin.

………………………………

Pethikan layang pribadi ing dhuwur mujudake perangane layang kang diarani….

a)

pambuka

b)

surasa basa

c)

wasana basa

d)

adangiyah

18.

Gatekna cuplikan geguritan iki!

Sedulur Sejati ora mung siji

Ora mung lima pancer saka guwa garba

Sedulur sejati kuwi maewu-mayuta

Sauger kita ora suthik mbuka jaja

Kanggo nampani pralampita

Lan tansah prasaja

……………………………

Tembung prasaja ana ing ukara pungkasan cuplikan geguritan iku nduweni teges ….

a)

kumpul kanca

b)

apa anane

c)

seneng sodakoh

d)

resikan

19.

Wacanen kanthi titi!

Kacarita, Raja putra Jenggala, asma Raden Panji Asmarabangun, jengkar saka praja, saperlu namur laku (nyamar) dadi kawula. Tumindak mau dilakoni jalaran adreng penggalihe anggone daya-daya kepengin ketemu karo ingkang garwa, ya Dewi Galuh Candra Kirana. Garwane mau wis sawetara wektu jengkar saka Kaputren. Tindake sang Abagus kedharang-dharang nlasak wana-wasa munggah gunung turun jurang, bebasan suku mlenthung sajagung-jagung datan rinasa. Nganti sawijining wektu, sang Abagus kantaka ing tepining alas gung liwang-liwung, jalaran banget sayah lan lungkrahe

Panyebabe Andhe-Andhe Lumut ninggalake kraton Jenggala lan lunga nganti kadharang-dharang amarga ….

a)

Kepingin ketemu karo Galuh Candra Kirana

b)

Ing kraton Jenggala ana bencana alam

c)

Ing kraton Jenggala ana pageblug wabah penyakit

d)

Ramane ora mangestoni sesambungan katresnane karo Panji Asmara Bangun