Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bab Tembang

Total questions: 12

Worksheet time: 12mins

Name
Class
Date
1.

Tembang macapat cacahe ....

a)

8

b)

9

c)

10

d)

11

2.

Anoman Si Kethek Putih

Sowan taman Sinta dijak mulih

Konangan Indrajit lan patih

Ning Anoman ora wedi getih

eh lhadalah, Ngalengka diobong

Adhedhasar pethikan tembang kreasi kasebut amanat kang bisa kapethik yaiku....

a)

Anoman ora duwe rasa wedi.

b)

Arep tumindak bener ora perlu wedi.

c)

Aja wedi karo anoman.

d)

Aja sok saba taman.

3.

e, dhayohe teka,

e, gelarna klasa

e, klasane bedhah,

e, tambalen jadah

Adhedhasar pethikan teks tembang dolanan kasebut struktur isine yaiku....

a)

Yen ana tamu kudu enggal dimanggakake.

b)

Yen ana tamu enggal dilungguhke.

c)

Tamu kudu disuguhi jadah

d)

Yen ora duwe kursi dibleberake klasa.

4.

Yo, pra kanca dolanan ing njaba

Padhang bulan padhange kaya rina

Rembulane angawe-awe

Ngelingake aja padha turu sore

Adhedhasar pethikan teks tembang dolanan kasebut amanate yaiku....

a)

Aja padha dolanan ing latar.

b)

Aja padha turu wayah sore.

c)

Kita kudu dolanan wayah sore.

d)

Yen padhang bulan ayo dolan.

5.

Dedalane guna lawan sekti

Kudu andhap asor

Wani ngalah luhur wekasane

Tumungkula yen dipun dukani

Bapang den simpangi

Ana catur mungkur

Adhedhasar pethikan teks tembang macapat ing ndhuwur isine gatra 1-2 yaiku....

a)

Yen pengin duwe kapiteran kudu andhap asor.

b)

Yen duwe kapinteran ora kena sombong.

c)

Supaya duwe kapinteran kudu sombong.

d)

Wong sombong ora bisa duwe kapinteran

6.

Dedalane guna lawan sekti

Kudu andhap asor

Wani ngalah luhur wekasane

Tumungkula yen dipun dukani

Bapang den simpangi

Ana catur mungkur

Adhedhasar pethikan teks tembang macapat kasebut surasane gatra 5-6 yaiku....

a)

Kita kudu ngedohi prekara.

b)

Yen ana prekara kita kudu nyimpang.

c)

Yen ana wong rerasan kang gawe prekara kudune disingkrihi.

d)

Wong yen pengin ora kena prekara kudu ngedohi.

7.

cilikanku rambutku dicukur kuncung

kathokku saka karung gandum

klambiku warisane mbah kakung

sarapanku sambel korek sega jagung

kosokan watu neng kali nyemplung ing kedhung

jaman dhisik durung usum sabun

(pabrike rung dibangun)

andhukku mung cukup andhuk sarung

dolananku montor cilik saka lempung

Adhedhasar pethikan tembang kreasi ing ndhuwur, pranyatan ing ngisor iki sing ora kalebu isine tembang kreasi yaiku....

a)

Jaman biyen bocah cilik wis padha dolanan montor miniatur

b)

Cukuran rambut jaman biyen modhele dicukur kuncung.

c)

Kain kanggo kathok asale saka wadhah gandum.

d)

Yen sarapan segane jagung lawuhe sambel korek.

8.

Yo kanca ing gisik gumira

Alerap-lerap banyune segara

Angliyak numpak prau layar

Ing dina minggu keh pariwisata

Tembung pariwisata tegese yaiku….

a)

Wong plesir

b)

Wong deleng

c)

Wong nyambutgawe

d)

Papan wisata

9.

Lumbung desa pra tani padha makarya –ayo dhi

Njupuk pari nata lesung nyandhak alu – ayo yu

Padha nutu yen wis rampung nuli adang - ayo kang

Dha tumandang yen wus mateng nuli madhang

Tembung kang digaris ngisor tegese yaiku….

a)

nggiling, banjur

b)

ndheplok, lagi

c)

ndheplok, banjur

d)

Nguleg, pas

10.

Lumbung desa pra tani padha makarya –ayo dhi

Njupuk pari nata lesung nyandhak alu – ayo yu

Padha nutu yen wis rampung nuli adang - ayo kang

Dha tumandang yen wus mateng nuli madhang

Amanat kang bisa kapethik saka tembang ing dhuwur yaiku….

a)

Kita kudu seneng nutu

b)

Kita kudu seneng nandur pari

c)

Kita kudu rukun

d)

Kita kudu tumandang

11.

Adhuh Gusti dhuh Hyang widi kadi pundi

Babo tulungana

Bapa biyung sampun suwargi

Mugya samya antuk swarga

Cakepan tembang maskumambang sapada kasebut isine yaiku….

a)

Nyuwun donga supaya lulus sekolah

b)

Ndedongan supaya wong tuwane munggah swarga

c)

Nyuwun ijin arep goleh ilmu

d)

Ndedonga supaya kabeh munggah swarga

12.

Adhuh Gusti dhuh Hyang widi kadi pundi

Babo tulungana

Bapa biyung sampun suwargi

Mugya samya antuk swarga

Amanat kang bisa kapethik saka tembang kasebut yaiku….

a)

Anak kudu sregep golek ilmu

b)

Kita kudu ndongakake wong tuwa

c)

Wong tuwa kudu munggah swarga

d)

Kita kudu gelem rekasa