Worksheetsremidi 10 tpm1
Total questions: 30
Worksheet time: 33mins
Paugerane tembang macapat yaiku:
Guru lagu, guru sastra, lan guru wilangan
Guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan
Guru swara, guru sastra, lan guru gatra
Guru gatra, guru sastra, guru lagu
Guru wilangan, guru sastra, guru basa
Swara utawa tandha sing bisa nggambarake endhek dhuwuring swara diarani:
titi laras
laras
cakepan
pathet
cengkok
Pinten cacahipun aksara Jawa legena?
5
8
10
20
2
Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?
mangkat, mlampah
mlampah, tindak
tindak, mlampah
tindak, tindak
Budal, mlajar
Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan pirepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku ...
krama desa
Krama alus
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Guru Basa Jawaku asmane Pak Afif. Basa krama alus kang pener yaiku ...
Dwija Basa Jawa kula asmanipun Pak Afif
Dwija Basa Jawaku asmanipun Pak Afif
Guru Basa Jawa kula asmanipun Pak Afif
Dwija Basa Jawa kula asmane Pak Afif
Guru Basa Jawaku asmanipun Pak Afif
Karangan kang nggambarake salah sawijining objek kasil pengamatan yaiku ....
Deskripsi
Eksposisi
Narasi
Persuasi
Eksposisi
Tembung sing panulisane nggunakake cakra keret yaiku
Pramuka
Kreteg
Krupuk
Ambyar
Kreta
Bonggan kang tan merlokena
mungguh ugering ngaurip
uripe lan tri prakara
wirya arta tri winasis
kalamun kongsi sepi
saka wilangan tetelu
telas telasing janma
aji godhong jati aking
temah papa papariman ngulandara
Tembang macapat kang nduweni watak grapyak, tresno asih, semanak, nanging wekasane asring dadi sereng jalaran ora kalegan karepe. Uga cocok kanggo pasemon paring pitutur kang sereng utawa kanggo crita tantang-tinantang yaiku ....
durma
gambuh
sinom
kinanthi
pangkur
Paraga kang duwe jejibahan nata cara utawa adicara kang wus karantam diarani panatacara ....
pambagyaharja
wara-wara
pambyawara
pamedhar sabda
pambagya sugeng
Kang jumeneng nata ing Hastina iku Pandu, jalaran Dhestrarastra cacat netra, dene Widura duwe cacat sukune dawa sesisih.
Tembung “suku” ndhuweni teges ....
sikil
tangan
sikut
mripat
kuping
Bab sing diaturake panatacara ana ing pasamuwan perangane pambuka kasebut ing ngisor iki, kajaba ....
atur salam
atur pakurmatan
ngonjukake syukur
tumapaking acara
sapa aruh
tembung liya pranatacara kaya ing ngisor iki, kajaba...
pambiwara
panataadicara
panata titilaksana
juru panitipriksa
MC
Supados saged ngolah basa lan sastra panatacara kedah saged mangertos
paramasastra
unggah ungguh
tata krama
unggah ungguh lan tata krama
undha usuk
Teks sesorah kang isine memuji syukur dumateng Gusti ingkang Maha Asih supaya acara saged kalaksana kanthi lancar, perangan sesora ...
isi
pambuka
pangarep - arep
pamuji
salam
Karangan sing isine nggambarake sawijining kahanan, saengga wong sing maca kaya-kaya melu ndeleng, melu krungu, lan melu ngrasakake kahanan mau diarani karangan.......
Deskripsi
Narasi
Persuasi
Eksposisi
argumentasi
Ing ngisor iki uwa'e gathutkaca, kejaba...
Puntadewa
Arjuna
Punakawan
Nakula
Sadewa
Ing ngisor iki putra-putrane prabu Dasarata, kejaba...
Ramawijaya
Barata
Lesmana
Satrugna
Nakula
Kang dudu kalebu dasanamane pranatacara yaiku...
panata adicara
pambiwara
pranata laksitaning adicara
panata sasmitaning adicara
pranata adicara
Pamedhar sabda inggih menika…
paraga ingkang remenipun ngendika
paraga ingkang kajibahan mbabar sawijining prakara
paraga ingkang asring ngendika ing sangajengipun tiyang kathah
paraga ingkang ahli ngendika
paraga ingkang ngendika wonten ngajengipun mikrofon
”Para pepundhen para pinisepuh ingkang dahat kinabekten”. Ukara iki kalebu perangan ....
salam pambuka
atur pakurmatan
atur pangayubagya
tetepungan
atur puji syukur
Jejibahane pranatacara iku kang paling abot yaiku nalika ....
nutup adicara
nata lan nulis rantamane adicara
nata lakune adicara
mbukak adicara
maca adicara
15. Tiyang dados pranatacara anggenipun nglantaraken jejibahan kedah matanggap. Matanggap tegesipun ..
anteb saha manteb
tanggap swasana
pocapan cetha
jumeneng jejeg
membat mentulipun swanten
sinom iku duweni teges ...
kumambang
lair
anom
cocok
manis
titikane tembang sinom, yaiku ...
8i, 8a, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12i
8i, 8a, 8i, 8a, 7a, 8u, 7i, 8i, 12a
8a, 8i, 8a, 8i, 7a, 8u, 7i, 8i, 12u
8a, 8i, 8o, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12o
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
temah papa papariman ngulandara,
tembung kang kacetak miring duweni teges ...
manungsa
salahe dhewe
wani
tekan ngendi endi
wong pinter
Ing lakon Bima Bungkus , ana jabang bayi kang bakal dadi satriya sekti. Ing pungksane, Bima bungkus sejatine yaiku….
Arjuna
Dursasana
Duryudana
Bratasena
Puntadewa
Prabu Pandudewanata kaliyan Dewi Kunthi tansah nandhang duhkita amarga anake mbarep dilairake kawungkus selaput tipis kang ora bisa dipecah/disuwek nganggo pusaka apa wae.
Tembung duhkita padha tegese karo….
Bungah
Mantep
Nelangsa
Sumringah
Nesu
Sang Guru uga ngutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman. Tembung kawruh padha tegese....
Kaprigelan
Ngelmu
Kasarasan
Tumindak
Gegladhen
Tetembungan basa ngoko kang kacampuran tembung basa krama inggil,diarani....
krama lugu
krama alus
ngoko alus
ngoko lugu
krama inggil
