wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

US Basa Jawa TKB

Total questions: 40

Worksheet time: 2hrs 0mins

Name
Class
Date
1.

Kang nganggit Serat Wedhatama yaiku...

a)

KGPAA Pakubuwana IV

b)

KGPAA Hamengkubuwana IV

c)

KGPAA Mangkubumi IV

d)

KGPAA Mangkunegara IV

e)

KGPAA Mangkunegara VI

2.

Tembang macapat kang kaserat ana ing Serat Wedhatama iku ana ...

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

e)

5

3.

Tembang macapat uga diarani ...

a)

tembang tengahan

b)

tembang dhagelan

c)

tembang cilik

d)

tembang gedhe

e)

tembang kawi

4.

Tembang macapat iku sasmitane ....

a)

wong kang arep mati

b)

bayi kang ana ing kandhutane ibune

c)

urutane lelakone urip manungsa

d)

bayi kang lagi lair

e)

urutane wong lelaku

5.

"Ngelmu iku kalakone kanthi laku"


Ukara ing ndhuwur pedhotan saka tembang macapat pupuh ...

a)

Pocung

b)

Megatruh

c)

Gambuh

d)

Sinom

e)

Asmaradana

6.

Cacahing larik saben sapada iku pangerten saka ...

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

guru sastra

e)

guru lampah

7.

"Kang ginelung tri prakara

Guna kaya purun ingkang den antepi"


Tembung kang digaris ngisore nduweni teges ....

a)

bisa mrantasi gawe

b)

bisa ditindakake

c)

bisa mboyong putri dhomas

d)

gugur ing tengah paprangan

e)

diaturake marang ratu

8.

Wiwit kuncung nganti gelung, tegese yaiku ...

a)

Wiwit bocah nganti tuwa

b)

Ora gelem melu nyampuri urusane wong liya

c)

Sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka

d)

Perkara cilik dadi perkara gedhe

e)

Mung kari nemu kepenake

9.

Kang kalebu tuladhane saloka yaiku ...

a)

Cebol nggayuh lintang

b)

Nglungguhi klasa gumelar

c)

Bathok bolu isi madu

d)

Kriwikan dadi grojogan

e)

Kacang nurut lanjaran

10.

Puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tartamtu diarani ....

a)

Paribasan

b)

Geguritan

c)

Saloka

d)

Bebasan

e)

Tembang

11.

Unsur geguritan awujud pokok kang disuguhake dening panganggit diarani ...

a)

Diksi

b)

Imajinasi

c)

Citraan

d)

Tema

e)

Amanat

12.

Srengenge ngguyu mesem marang sliramu, dik.


Ukara kasebut kalebu gaya bahasa ...

a)

Metafora

b)

Repetisi

c)

Personifikasi

d)

Purwakanthi

e)

Retoris

13.

Nalika maca geguritan kudu nggatekake wirama.


Tegese wirama yaiku ...

a)

Ala- becike aksara swara, pocapan- lafal

b)

Iramane maca geguritan bisa minangka pandudut (daya tarik) kanggo sing ngrungokake

c)

Jumbuhing solah bawa obahing badan, polatan rai, lan rasa

d)

Pocapan nalika maos geguritan

e)

Emosi kang trep kaliyan isi geguritan

14.

novel iku saka basa Italia yaiku novella kang nduweni teges ...

a)

sawijining pawarta lan warta

b)

sawijining pamaos lan crita

c)

sawijining crita utawa pawarta

d)

sawijining sastra lan karya

e)

sawijining pengalaman urip

15.

Gambaran papan kedadean, wektu, lan swasana iku uga diarani ...

a)

latar

b)

blocking

c)

layar

d)

kelir

e)

babak

16.

Paraga iku kaperang dadi 3, dene paraga mungsuh uga diarani ...

a)

protagonis

b)

antagonis

c)

atritagonis

d)

paraga utama

e)

figuran

17.

Nilai kang kamot ana ing sajroning novel, kajaba ...

a)

Nilai Sosial

b)

Nilai Etika

c)

Nilai Kultural

d)

Nilai Koleksi

e)

Nilai Estetika

18.

Perangan sesorah kang diandharake nalika mbuka pandandikan yaiku ...

a)

Pangarep-arep

b)

Ngaturake panuwun

c)

Mungkasi kanthi ngaturake dudutan

d)

Ngaturake kaluputan anggone matur

e)

Salam panutup

19.

Metode sesorah kang bisane digunakake dening wong kang lagi gladhen sesorah yaiku ...

a)

Metode naskah

b)

Metode ekstemporan

c)

Metode impromtu

d)

Metode apalan

e)

Metode dadakn

20.

Tatacara mantu kang maknane supaya reresik awak, amarga awak kang resik ndadekake sehat lan adoh saka lelara, yaiku ...

a)

siraman

b)

midodareni

c)

kacar-kucur

d)

sungkeman

e)

upacara wiji dadi

21.

Kang nindakake acara pecah pamor ing upacara siraman yaiku ...

a)

para tamu

b)

kulawarga penganten

c)

calon penganten putri

d)

calon penganten putra

e)

bapak ibu calon penganten putri

22.

Sasampunipun upacara siraman nuli nindakake acara ...

a)

pecah pamor

b)

buwangan

c)

dodol dhawet

d)

sumbangan

e)

lamaran

23.

Negesi tembung kapirid saka wancahan wandane utawa ngotak-atik tembunge supaya mathuk diarani ...

a)

Dwiwasana

b)

Camboran

c)

Jarwadhosok

d)

Baliswara

e)

Dasanama

24.

Tuladhane dwilingga semu kaya ing ngisor iki, kajaba ...

a)

ondhe-onde

b)

undur-undur

c)

unyeng-unyeng

d)

ari-ari

e)

bola-bali

25.

Tembung pirang-pirang kang nduweni teges padha diarani ...

a)

Jarwadhosok

b)

Tembung rangkep

c)

Baliswara

d)

Dasanama

e)

Keratabasa

26.

Tembung homantara dasanama saka tembung ...

a)

omah

b)

langit

c)

dewa

d)

keris

e)

ibu

27.

Aksara kasebut diwaca ...

a)

Nga

b)

Tha

c)

Nye

d)

Re

e)

Le

28.

Aksara nglegena iku cacahe ana ....

a)

16

b)

17

c)

18

d)

19

e)

20

29.

Aksara murdha cacahe ana ...

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

e)

8

30.

sandhangan kasebut yaiku ...

a)

pada lungsi

b)

pada lingsa

c)

pada pangkat

d)

adeg-adeg

e)

pangkon

31.

Piranti kanggo nulis kitab Jawa jaman biyen nggunakake ...

a)

kayu

b)

janur

c)

lontar

d)

pring

e)

kain

32.

Sandhangan panyigeg wanda supaya muni ‘h’ diarani ...

a)

wignyan

b)

layar

c)

suku

d)

cecak

e)

wulu

33.

Sandhangan swara kang muni ‘i’ diarani ...

a)

wulu

b)

suku

c)

cecak

d)

layar

e)

pangkon

34.

Aksara mandaswara kang muni ‘re’ diarani ...

a)

layar

b)

cakra

c)

cakra keret

d)

pengkal

e)

wignyan

35.

Supaya ndang mari

Basa krama saka ukara kasebut yaiku ...

a)

Supaya enggal mari

b)

Supaya enggal mantun

c)

Supados ndang mari

d)

Supados enggal mantun

e)

Supados enggal dhangan

36.

Nalika ibu matun ana sawah, aku kudu ...

a)

Dolanan HP

b)

Maca buku

c)

Melu lunga sawah

d)

Melu matun ing sawah

e)

Dolan karo kancane

37.

Ajining awak saka ...

a)

lathi

b)

busana

c)

tumindak

d)

sanak

e)

donya

38.

Ibu tuku gula karo aku.

Basa krama saka ukara kasebut yaiku ...

a)

Ibu tumbas gula kalih kula

b)

Ibu tumbas wos kalih kula

c)

Ibu mundhut gendhis kaliyan kula

d)

Ibu mundhut wos kaliyan kula

e)

Ibu tumbas gendhis kaliyan kula

39.

Bapak mlaku nganti kringeten.

Basa krama saka tembung 'kringet' yaiku ...

a)

rawe

b)

riwe

c)

rewa

d)

bena

e)

raseksi

40.

gambar gamelan kuwi diarani ...

a)

saron

b)

kethuk

c)

kenong

d)

slenthem

e)

siter