wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAT BHS JAWA KL 8 SMT 2

Total questions: 40

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

RESI JATAYU

Ing tengah wana, Rama anggenipun mbujung kidang boten angsal damel. Rama lan Lesmana wangsul tumuju papanipun Sinta, nanging Sinta boten wonten. Rama lan Lesmana lajeng madosi Dewi Sinta. Ing tengahing margi, Rama manggihaken sekar cundhuk sarta saperangan panganggenipun Sinta pating kececer. Rama lajeng nginten menawi Sinta kadhusta dening tiyang. Rama duka sanget mila jagad saisinipun badhe kajungkir walik, nanging Lesmana enggal atur pangarih-arih saengga Rama lilih penggalihipun. Kekalihipun lajeng nglajengaken lampah madosi Dewi Sinta. Ing satunggaling panggenan, Rama lan Lesmana kepanggih kaliyan Jatayu ingkang taksih menggeh-menggeh kados badhe koncatan nyawa. Sanajan makaten kawontenanipun, Jatayu taksih saged cariyos lan atur pitedah bilih Sinta kadhusta dening pandung lan kabekta dhateng negari Alengka. Purna anggenipun matur, Jatayu dumugining pejah. Nalika raganipun dipunbesmi dening Rama, keluking latu kados asung pitedah ing pundi peneripun negari Alengka lan wonten swanten gaib ingkang suka pitedah caranipun saged kepanggih kaliyan Sinta.

Rama anggenipun mbujung kidang boten angsal damel. Rama lan Lesmana wangsul tumuju papanipun Sinta, nanging Sinta boten wonten. Dhateng pundi Dewi Sinta?

a)

Ndherek mbujung kidang

b)

Madosi Rama lan Lesmana

c)

Kadhusta dening pandung

d)

Madosi Jatayu

2.

Prabu Rama duka sanget mila Jagad saisinipun badhe kajungkir walik, menapa sebabipun?

a)

Amargi nginten menawi Sinta kadhusta dening tiyang.

b)

Amargi manggihaken sekar cundhuk sarta saperangan panganggenipun Sinta pating kececer.

c)

Amargi Lesmana atur pangarih-arih dhumateng Prabu Rama.

d)

Amargi kepanggih kaliyan Jatayu ingkang taksih menggeh-menggeh kados badhe koncatan nyawa

3.

Sapa sing ngabari Prabu Rama menawa Dewi Sinta digawa menyang Alengka?

a)

Jatayu

b)

Rahwana

c)

Lesmana

d)

Pandung

4.

Ing tengah wana, Rama anggenipun mbujung kidang boten angsal damel.

Tembung mbujung iku tegese ....

a)

golek

b)

manah

c)

mateni

d)

ngoyak

5.

Sanajan makaten kawontenanipun, Jatayu taksih saged cariyos lan atur pitedah bili Sinta kadhusta dening pandung.Tembung pandung duwe teges ....

a)

tiyang

b)

rahwana

c)

maling

d)

musuh

6.

Paraga Jatayu ing wayang Ramayana iku awatak .…

a)

kejem

b)

seneng tetulung

c)

gampang nesu

d)

golek menange dhewe

7.

Pratelan-pratelan ngisor iki kang pas karo isine crita wayang kang irah-irahane “Resi Jatayu” yaiku ...

a)

Prabu Rama kasil mbujung kidang kang mlayu.

b)

Rahwana nyulik Sinta merga Rama manah kidang kencana.

c)

Jatayu nulungi Sinta amarga lagi kasmaran karo Sinta sing merak ati.

d)

Jatayu nulungi Sinta amarga duwe pamrih menyang Prabu Rama.

8.

Piwulang sing bisa dijupuk saka crita wayang kang lakone “Resi Jatayu” yaiku ...

a)

Kanggo mujudake gegayuhane entuk mbudidaya kanthi nerak kautaman.

b)

Wong becik kuwi duwe watak seneng tetulung tanpa pamrih.

c)

Pandung kang ndhusta Dewi Sinta nduweni watak satriya.

d)

Jatayu ngandhani marang Prabu Rama amarga melik bebana.

9.

Pratelan-pratelan iki kang kalebu ciri-cirine ukara tanduk .…

a)

Jejere nindakake pagawean

b)

Lesane dikenani pagawean

c)

Wasesane nganggo ater-ater anuswara (any,am,an,ang).

d)

Wasesane nganggo ater-ater tripurusa(dak,ko,di).

10.

Ukara-ukara ngisor iki kang kalebu tuladhane ukara tanduk yaiku …

a)

Sinta digondhol Rahwana numpak kreta kencana.

b)

Rahwana nyoba ngarih-arih marang Sinta

c)

Jatayu dipedhang nganti tugel swiwine.

d)

Sinta diboyong menyang praja Alengka.

11.

Pratelan-pratelan iki, ciri-cirine ukara tanggap tinemu ing .…

a)

Jejere dikenani pagawean

b)

Lesane nindakake pagawean

c)

Wasesane nganggo ater-ater anuswara (any,am,an,ang)

d)

Wasesane nganggo ater-ater tripurusa(dak,ko,di).

12.

Ukara –ukara iki kang ngemu saloka tinemu ing ...

a)

Dadi anak iku kudu bisa mikul dhuwur mendhem jero marang wong tuwane.

b)

Aja duwe watak adigang adigung adiguna, supaya kanca-kanca padha seneng.

c)

Diwenehi ati ngrogoh rempela iku tegese diwenehi nanging ora trima, isih njaluk liyane maneh.

d)

Jonathan kae tumindake cocog karo karepe unen-unen Belo melu seton.

13.

Unen-unen “ngubak-ubak banyu bening”, tegese ….

a)

gawe rerusuh ing panggonan kang wus tentrem

b)

melu rekasa ananging ora melu ngrasake kepenake

c)

kena paeka/apus kanthi gampang

d)

kaleksanan gegayuhane nanging ora gawe kapitunan

14.

Wacan kanggo soal nomer 14-18:


Kinanthi

Padha gulangen ing kalbu

ing sasmita amrih lantip

aja pijer mangan nendra

kaprawiran den kaesthi

pesunen sariranira

sudanen dhahar lan guling

.

Manawa manungsa gelem ngasah kalbu, prasasat pikirane ...

a)

pinter, landhep, trengginas

b)

pinter, trampil, landhep

c)

pinter, trengginas, trampil

d)

pinter, trampil, lantip

15.

Kinanthi

Padha gulangen ing kalbu

ing sasmita amrih lantip

aja pijer mangan nendra

kaprawiran den kaesthi

pesunen sariranira

sudanen dhahar lan guling.


Manut isine tembang kasebut, ajak-ajak nom-noman supaya ...

a)

Kurangana anggonmu mangan lan turu, tegese kerep nglakoni ‘pasa’, yaiku meper jiwa lan raga aja nganti diumbar.

b)

Kurangana anggonmu mangan lan ngombe, tegese kerep nglakoni ‘pasa ‘, yaiku meper jiwa lan raga, aja nganti diumbar

c)

Kurangana anggonmu mangan lan nyambut gawe, tegese kerep nglakoni ‘pasa ‘, yaiku meper jiwa lan raga, aja nganti diumbar

d)

Kurangana anggonmu pasa lan turu, tegese kerep nglakoni ‘pasa’, yaiku meper jiwa lan raga, aja nganti diumbar.

16.

Kinanthi

Padha gulangen ing kalbu

ing sasmita amrih lantip

aja pijer mangan nendra

kaprawiran den kaesthi

pesunen sariranira

sudanen dhahar lan guling


Tembung kalbu ing tembang iku padha tegese karo ...

a)

nawala

b)

lathi

c)

penggalih

d)

ati

17.

Kinanthi

Padha gulangen ing kalbu

ing sasmita amrih lantip

aja pijer mangan nendra

kaprawiran den kaesthi

pesunen sariranira

sudanen dhahar lan guling.


Ing tembang iku ana tetembungan : kaprawiran den kaesthi, mengku karep ...

a)

bisa ngrenggani watak raja kang sejati

b)

bisa ngrenggani watak satriya kang sejati

c)

bisa ngrenggani watak kawula kang sejati

d)

bisa ngrenggani watak satriya kang ala.

18.

Kinanthi

Padha gulangen ing kalbu

ing sasmita amrih lantip

aja pijer mangan nendra

kaprawiran den kaesthi

pesunen sariranira

sudanen dhahar lan guling.


Paugerane guru gatra lan guru wilangane tembang Kinanthi yaiku …

a)

8i,8a,8u,7i,8a,8i

b)

8i,8u,8a,8i,8a,8i

c)

8u,8i,8a,7i,8a,8i

d)

8u,8i,8a,8i,8a,8i

19.

Tembung ngisor iki minangka tuladha pandhapuke tembung mawa seselan um kang bener ...

a)

um + dunung

b)

d + um + unung

c)

du + um + dunung

d)

du + um + munung

20.

Ukara kang ngemot seselan um yaiku ...

a)

Adhiku tumbas gendhis wonten ing warung.

b)

Kancaku saben esuk kungkum ana sendhang.

c)

Kabeh padha sayuk rukun tumandang gawe.

d)

Hasile ora sumbut karo kerjane lan usahane.

21.

Wacan kanggo soal nomer 21-24:

Dumadine Rawa Pening

Satunggaling dinten Ni Endhang bingung pados peso/lading ingkang biyasanipun kangge nyigar jambe ingkang badhe dipuncawisaken kangge sesajen wayah dalu. Kanthi manah kapeksa, piyambakipun matur dhateng Ki Ajar supados kersa ngampili peso/lading. Ki Ajar kagyat, nanging amargi sampun mepet wekdalipun, peso wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti supados ngatos-atos lan sampun ngantos peso kaselehaken ing pangkon. Nanging Ni Endhang kesupen. Peso kaselehaken wonten pangkonipun.Sanalika peso ical. Ni Endhang ngadhep Ki Ajar rumaos lepat , nanging ingkang dipunlapori boten duka.

Sawetawis dinten, Ngasem geger amargi Ni Endhang Ariwulan nggarbeni. Ki Ajar Salokantara lajeng dhawuh Ni Endhang ngadhep. Ki Ajar badhe tapa brata ing Redi Telamaya lan maringi piranti wujud gentha utawi klinthingan ingkang badhe migunani kangge jabang bayi.

Boten dangu jabang bayi lair awujud naga. Nanging polahipun kados jabang bayi sanes, saged nangis lan ngucap. Wingka katon kencana, jabang bayi wau tetep dipunopeni kanthi asih tresna ngantos diwasa. Warga ingkang sumerep naga menika boten telas-telas anggenipun ngawon-awon.

….


Apa sebabe ing desa Ngasem kahanan dadi geger?

a)

Amarga Ni Endhang Ariwulan kelangan peso.

b)

Amarga Ni Endhang ngandhut.

c)

Amarga Ki Ajar arep tapa ing Gunung Telamaya.

d)

Amarga Ki Ajar menehi gentha utawi klinthingan marang Ni Endhang..

22.

Dumadine Rawa Pening


Satunggaling dinten Ni Endhang bingung pados peso/lading ingkang biyasanipun kangge nyigar jambe ingkang badhe dipuncawisaken kangge sesajen wayah dalu. Kanthi manah kapeksa, piyambakipun matur dhateng Ki Ajar supados kersa ngampili peso/lading. Ki Ajar kagyat, nanging amargi sampun mepet wekdalipun, peso wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti supados ngatos-atos lan sampun ngantos peso kaselehaken ing pangkon. Nanging Ni Endhang kesupen. Peso kaselehaken wonten pangkonipun.Sanalika peso ical. Ni Endhang ngadhep Ki Ajar rumaos lepat , nanging ingkang dipunlapori boten duka.

Sawetawis dinten, Ngasem geger amargi Ni Endhang Ariwulan nggarbeni. Ki Ajar Salokantara lajeng dhawuh Ni Endhang ngadhep. Ki Ajar badhe tapa brata ing Redi Telamaya lan maringi piranti wujud gentha utawi klinthingan ingkang badhe migunani kangge jabang bayi.

Boten dangu jabang bayi lair awujud naga. Nanging polahipun kados jabang bayi sanes, saged nangis lan ngucap. Wingka katon kencana, jabang bayi wau tetep dipunopeni kanthi asih tresna ngantos diwasa. Warga ingkang sumerep naga menika boten telas-telas anggenipun ngawon-awon.

….


Kepriye tumindake para warga marang jabang bayi kang dilairake dening Ni Endhang?

a)

Para Warga seneng marang bayi kang lagi lair.

b)

Para Warga padha melu ngopeni bayi kang lagi lair.

c)

Para Warga padha ngelek-elek bayi kang lagi lair.

d)

Para Warga padha jagong bayi kang lagi lair.

23.

Dumadine Rawa Pening

Satunggaling dinten Ni Endhang bingung pados peso/lading ingkang biyasanipun kangge nyigar jambe ingkang badhe dipuncawisaken kangge sesajen wayah dalu. Kanthi manah kapeksa, piyambakipun matur dhateng Ki Ajar supados kersa ngampili peso/lading. Ki Ajar kagyat, nanging amargi sampun mepet wekdalipun, peso wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti supados ngatos-atos lan sampun ngantos peso kaselehaken ing pangkon. Nanging Ni Endhang kesupen. Peso kaselehaken wonten pangkonipun.Sanalika peso ical. Ni Endhang ngadhep Ki Ajar rumaos lepat , nanging ingkang dipunlapori boten duka.

Sawetawis dinten, Ngasem geger amargi Ni Endhang Ariwulan nggarbeni. Ki Ajar Salokantara lajeng dhawuh Ni Endhang ngadhep. Ki Ajar badhe tapa brata ing Redi Telamaya lan maringi piranti wujud gentha utawi klinthingan ingkang badhe migunani kangge jabang bayi.

Boten dangu jabang bayi lair awujud naga. Nanging polahipun kados jabang bayi sanes, saged nangis lan ngucap. Wingka katon kencana, jabang bayi wau tetep dipunopeni kanthi asih tresna ngantos diwasa. Warga ingkang sumerep naga menika boten telas-telas anggenipun ngawon-awon.

….


Ki Ajar badhe tapa brata ing Redi Telamaya lan maringi piranti wujud gentha utawi klinthingan ingkang badhe migunani kangge jabang bayi. Tembung tapa brata duweni teges ...

a)

semedi

b)

prihatin

c)

tirakat

d)

piranti

24.

Dumadine Rawa Pening

Satunggaling dinten Ni Endhang bingung pados peso/lading ingkang biyasanipun kangge nyigar jambe ingkang badhe dipuncawisaken kangge sesajen wayah dalu. Kanthi manah kapeksa, piyambakipun matur dhateng Ki Ajar supados kersa ngampili peso/lading. Ki Ajar kagyat, nanging amargi sampun mepet wekdalipun, peso wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti supados ngatos-atos lan sampun ngantos peso kaselehaken ing pangkon. Nanging Ni Endhang kesupen. Peso kaselehaken wonten pangkonipun.Sanalika peso ical. Ni Endhang ngadhep Ki Ajar rumaos lepat , nanging ingkang dipunlapori boten duka.

Sawetawis dinten, Ngasem geger amargi Ni Endhang Ariwulan nggarbeni. Ki Ajar Salokantara lajeng dhawuh Ni Endhang ngadhep. Ki Ajar badhe tapa brata ing Redi Telamaya lan maringi piranti wujud gentha utawi klinthingan ingkang badhe migunani kangge jabang bayi.

Boten dangu jabang bayi lair awujud naga. Nanging polahipun kados jabang bayi sanes, saged nangis lan ngucap. Wingka katon kencana, jabang bayi wau tetep dipunopeni kanthi asih tresna ngantos diwasa. Warga ingkang sumerep naga menika boten telas-telas anggenipun ngawon-awon.

….


Ni Endhang ngadhep Ki Ajar rumaos lepat , nanging ingkang dipunlapori boten duka. Tembung duka tegese ….

a)

ora ngerti

b)

sedhih

c)

ora seneng

d)

nesu

25.

Wacan kanggo soal nomer 25-27:

Naga ingkang sampun diwasa kalawau ing satunggaling dinten nyuwun pirsa dhumateng Ni Endhang, sinten sejatosipun bapakipun. Ni Endhang maringi pirsa menawi Ki Ajar menika bapakipun ingkang saweg tapa brata ing redi Telamaya. Naga lajeng mbekta klinthingan, nusul ing Telamaya. Ni Endhang saking katebihan ngetutaken. Naga wau medal lepen ingkang panjang. Ni Endhang kendel ing ngandhap sela, ingkang samenika dipunwastani sela sisik lan nglajengaken lampah ngambah rawa, salajengipun langkung Kaligung, lerem malih ing satunggaling sela ingkang nama Sela Gombak.

Boten kesupen naga wau ngginakaken klinthinganipun. Ingkang sami sumerep lan mireng klinthingipun naga ingkang ngangge sumping menika lajeng marabi Baru Klinthingan, utawi Baru Klinthing.

...


Sing dadi paraga ing wacan legendha Rawa Pening kaya ing ngisor .…

a)

Ki Ajar Salokantara, Rahwana

b)

Ni Endhang, Baru Klinthing.

c)

Baru Klinthing, Jatayu

d)

Rahwana, Jatayu

26.

Naga ingkang sampun diwasa kalawau ing satunggaling dinten nyuwun pirsa dhumateng Ni Endhang, sinten sejatosipun bapakipun. Ni Endhang maringi pirsa menawi Ki Ajar menika bapakipun ingkang saweg tapa brata ing redi Telamaya. Naga lajeng mbekta klinthingan, nusul ing Telamaya. Ni Endhang saking katebihan ngetutaken. Naga wau medal lepen ingkang panjang. Ni Endhang kendel ing ngandhap sela, ingkang samenika dipunwastani sela sisik lan nglajengaken lampah ngambah rawa, salajengipun langkung Kaligung, lerem malih ing satunggaling sela ingkang nama Sela Gombak.

Boten kesupen naga wau ngginakaken klinthinganipun. Ingkang sami sumerep lan mireng klinthingipun naga ingkang ngangge sumping menika lajeng marabi Baru Klinthingan, utawi Baru Klinthing.

....


Paraga Ki Ajar Salokantara ing crita legendha Rawa Pening watake ….

a)

seneng menyang panggonan kang sepi

b)

seneng kaendahan alam

c)

seneng munggah gunung

d)

seneng prihatin

27.

Naga ingkang sampun diwasa kalawau ing satunggaling dinten nyuwun pirsa dhumateng Ni Endhang, sinten sejatosipun bapakipun. Ni Endhang maringi pirsa menawi Ki Ajar menika bapakipun ingkang saweg tapa brata ing redi Telamaya. Naga lajeng mbekta klinthingan, nusul ing Telamaya. Ni Endhang saking katebihan ngetutaken. Naga wau medal lepen ingkang panjang. Ni Endhang kendel ing ngandhap sela, ingkang samenika dipunwastani sela sisik lan nglajengaken lampah ngambah rawa, salajengipun langkung Kaligung, lerem malih ing satunggaling sela ingkang nama Sela Gombak.

Boten kesupen naga wau ngginakaken klinthinganipun. Ingkang sami sumerep lan mireng klinthingipun naga ingkang ngangge sumping menika lajeng marabi Baru Klinthingan, utawi Baru Klinthing.

....


Kepriye watake paraga Baru Klinthing ing crita legendha kasebut?

a)

duweni semangat kang gedhe

b)

gampang kangen marang wong tuwane

c)

seneng lelungan

d)

jirih, amarga yen lelungan ibune ngetutake

28.

Wacan kanggo soal nomer 28-32:

Danang : “Kula nuwun, Assalamualaikum pak.”


Pak Wawan : “Wa’alaikum salam, … mangga … oh kowe ta Nang, kene mlebu kene.”


Danang : “Inggih Pak matur nuwun.”


Pak Wawan : “Ana wigati apa ta Nang, kok kadingaren sore-sore men lehmu dolan mrene?”


Danang : “Ngaten pak, kepareng matur ingkang sepisan sowan kula mriki silaturahmi, dene ingkang kaping kalih kula dipunutus bapak supados ngaturi pirsa panjenengan, bilih mbenjang enjang mboten saestu gladhen karawitan kados adat sabenipun amargi nyarengi wonten kerja bakti ing musholla.”


Pak Wawan : “Oh ngono ta Le, iya … iya matur nuwun aku dikabari dadi sesuk aku ora kecelik.”


Danang : “Sampun cekap namung mekaten kemawon pak, kepareng kula nyuwun pamit.”


Pak Wawan : “Ya wis Le ngati-ati.”


Danang anggenipun sowan dhateng dalemipun Pak Wawan wanci punapa?

a)

enjing

b)

siang

c)

sonten

d)

dalu

29.

Danang : “Kula nuwun, Assalamualaikum pak.”


Pak Wawan : “Wa’alaikum salam, … mangga … oh kowe ta Nang, kene mlebu kene.”


Danang : “Inggih Pak matur nuwun.”


Pak Wawan : “Ana wigati apa ta Nang, kok kadingaren sore-sore men lehmu dolan mrene?”


Danang : “Ngaten pak, kepareng matur ingkang sepisan sowan kula mriki silaturahmi, dene ingkang kaping kalih kula dipunutus bapak supados ngaturi pirsa panjenengan, bilih mbenjang enjang mboten saestu gladhen karawitan kados adat sabenipun amargi nyarengi wonten kerja bakti ing musholla.”


Pak Wawan : “Oh ngono ta Le, iya … iya matur nuwun aku dikabari dadi sesuk aku ora kecelik.”


Danang : “Sampun cekap namung mekaten kemawon pak, kepareng kula nyuwun pamit.”


Pak Wawan : “Ya wis Le ngati-ati.”


Basa ingkang dipunginakaken Pak Wawan dhateng Danang inggih punika ….

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

krama lugu

d)

krama alus

30.

Pak Wawan : “Ana wigati apa ta Nang, kok kadingaren sore-sore men lehmu dolan mrene?”, tembung wigati tegese padha karo ….

a)

kabar, pawarta

b)

penting, perlu

c)

sayuk, rukun

d)

seneng, bungah

31.

Danang : Kula ngaturi pirsa panjenengan bilih mbenjang enjang mboten saestu gladhen karawitan kados adat sabenipun amargi nyarengi wonten kerja bakti ing mushola.


Tembung gladhen tegese yaiku ….

a)

pentas

b)

nanggap

c)

nabuh

d)

latihan

32.

Apa isine atur-ature Danang marang Pak Wawan?

a)

ngaturi nglatih karawitan

b)

arep silaturohmi tilik Pak Danang sakulawargane

c)

ngaturi pirsa yen ora sida gladhen karawitan

d)

ngaturi kerja bakti

33.

...

Pak Yoko : Ngene lho Ndhuk, nek kowe gelem sinau ngene iki kaya-kaya anggone bapak nyambut gawe ki ana gunane.


Ratri : “Kok saged, Pak?.”


Pak Yoko : Lha, bapak tindak esuk kondur sore, terus sekolahmu ya genah ngene iki rasa kesel kuwi isa ilang Ndhuk. Krungu kowe sregep ngono wae atiku wis seneng. Apa maneh nek sesuk kowe dadi juwara kelas, mendah kaya ngapa senenging atiku.

Ratri : “ Pak, Bu, Kula janji badhe sregep sinau. Kula ugi pengin saged dados juwara.”

Bu Yoko : Ya, Ndhuk takdongakke.”


Apa underane rembug pacelathon anatarane Pak Yoko karo Ratri?

a)

Sregep sinau bisa gawe wong tuwa bungah

b)

Sregep sinau bisa gawe wong tuwa nyambut gawe rekasa

c)

Sinau sing sregep bakal gawe wong tuwa nelangsa

d)

Kesed anggone sinau bakal gawe wong tuwa seneng

34.

Pak Yoko : Lha, bapak tindak esuk kondur sore, terus sekolahmu ya genah ngene iki rasa kesel kuwi isa ilang Ndhuk.


Tembung kondur duweni teges ....

a)

mangkat

b)

kerja

c)

budhal

d)

mulih

35.

Pak Yoko : “Lha, bapak tindak esuk kondur sore, terus sekolahmu ya genah ngene iki rasa kesel kuwi isa ilang Ndhuk. Krungu kowe sregep ngono wae atiku wis seneng. Apa maneh nek sesuk kowe dadi juwara klas, mendah kaya ngapa senenging atiku”.


Pak Yoko anggone ngendikan nggunakake basa .…

a)

ngoko alus

b)

krama lugu

c)

krama alus

d)

ngoko lugu

36.

Wujude sandhangan wyanjana yaiku ….

a)
b)
c)
d)
37.

Manawa ditulis latin kang bener .…

a)

Sinta dipameri kaendahan.

b)

Sinta dipunpameri kaendhahan.

c)

Sinta dipunpameri kaendahan.

d)

Sinta dipameri kaendhahan.

38.

Naga iku jenenge baru klinthing, manawa katulis Jawa ….

a)
b)
c)
d)
39.

Dewi Sinta badhe dipuntelasi, manawa katulis Jawa kang bener…

a)
b)
c)
d)
40.
a)
b)
c)
d)