wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH Geguritan

Total questions: 35

Worksheet time: 18mins

Name
Class
Date
1.

Geguritan iku diarani uga ...

a)

kakawin jawa kuna

b)

kidung jawa pertengahan

c)

tembang macapat

d)

tembang campursari

e)

puisi gagrag anyar

2.

Kang kalebu struktur batin geguritan yaiku ...

a)

tema lan amanat

b)

enjambemen dan lelewaning basa

c)

panyitra lan diksi

d)

purwakanthi lan wirasa

e)

diksi lan tipografi

3.

Sing kalebu struktur fisik geguritan yaiku ...

a)

panyitra lan tema

b)

enjambenem lan wirasa

c)

wirasa lan amanat

d)

diksi lan tipografi

e)

tema lan amanat

4.

gemricik swaramu ing wayah esuk

agawe tentrem ning ati

kricik-kricik kata tatanan tembang kang enda


Pethilan geguritan dhuwur nggunakake panyitra...

a)

pandeleng

b)

pangganda

c)

pangarasa

d)

panindak

e)

pangrungu

5.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


Ing geguritan dhuwur, panggurit dadi ...

a)

bapak

b)

ibu

c)

sedulur

d)

putu

e)

anak

6.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


Isi saka geguritan dhuwur yaiku ...

a)

wong tuwa kudu mesti nduweni rasa kangen marang anak

b)

susahe bapak marang ibu kang nyambut gawe golek duit nganti tekan hongkong gawe anak

c)

bapak kang goleki ibu tekan hongkong amarga anake lara

d)

susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing hongkong

e)

bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali

7.

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


Purwakanthi sing digunakake yaiku purwakanthi guru ...

a)

swara i

b)

sastra g

c)

swara um

d)

basa/lumaksita kali

e)

sastra t

8.

Jingglengana geguritan ing ngisor!


Medhitasi Mangsa

Sumono Sandy Asmoro

....

Bumi kae ora nate mbedak-mbedakake

Samubarang kang ana ing sadhuwure

Kabeh winih dithukulake

Ora metung papak lancipe


Isine pethilan geguritan ing dhuwur yaiku manungsa ...

a)

Kudu milah lan milih

b)

Tumindak sakarepe

c)

Kang ngina mring sasama

d)

Ora oleh mbeda-mbedake

e)

Kudu bisa mbeda-mbedakake

9.

Uneg-uneg tukang rosok marang calon pemimpin

Dening Siti Purwati, S.Pd.

....

Nanging, jajalen ..... titenana

Yen panjenengan klakon lungguh kursi

Aja maneh kok takon lan nyalami aku

Yen ketemu, noleh wae panjenengan ora duwe wektu!

Opo maneh kok mujudake janji-janji jenengan


Tembung “lungguh kursi” ing pethilan geguritan iku ateges ...

a)

Dadi pemimpin

b)

Dadi Juwara

c)

Lungguh kepenak

d)

Lungguh empuk

e)

Kursi sing empuk

10.

Uneg-uneg tukang rosok marang calon pemimpin

Dening Siti Purwati, S.Pd.

....

Nanging, jajalen ..... titenana

Yen panjenengan klakon lungguh kursi

Aja maneh kok takon lan nyalami aku

Yen ketemu, noleh wae panjenengan ora duwe wektu!

Opo maneh kok mujudake janji-janji jenengan


Tema pethilan geguritan ing dhuwur yaiku ...

a)

Kursi empuk

b)

Kursi panas

c)

Pemulung

d)

Rosokan

e)

Pemimpin

11.

Coba gatekno andharan ngisor iki

1. Tanpa kaiket ing guru lagu, guru wilangan lan guru gatra

2. Kaiket ing guru lagu, guru wilangan lan guru gatra

3. Carike bebas, bisa wujud pada, bisa uga wujud carita

4. Iki miturut jenise tembang


Sing kalebu struktur wacana geguritan ...

a)

1,2,3,4

b)

2,3,4

c)

1,3

d)

1,2,3

e)

1,2

12.

Struktur guritan ana loro, yaiku ... .

a)

struktur batin lan struktur lahir/fisik

b)

struktur jasmani lan struktur rokhani

c)

struktur jasmani lan struktur lahir

d)

struktur batin lan rokhani

e)

struktur intern lan struktur ekstern

13.

Ing struktur nadha (tone), pangripta bisa nyampekake tema klawan nada ... .

a)

ngguroni, ndhikte, utawa nada sombong/ nganggep bodho

b)

magawe beberengan klawan pamaos kanggo mecahake bab

c)

masrahake bab mangkono wae marang pamaos

d)

ora mesthi: kadhang ngguroni, lan kadhang ora

e)

wangsulan kabeh bener

14.

Geguritan iku ing basa Indonesia diarani ...

a)

pantun

b)

sajak

c)

puisi

d)

lagu

e)

drama

15.

Makna geguritan ing dhuwur yaiku ...

a)

Ibu seng sabar

b)

ibu seng gak sabar

c)

ibu seng nesunan

d)

ibu sing galak

e)

salah kabeh

16.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)

...........

Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Sing nulis geguritan ing ndhuwur yaiku ...

a)

R. Tantiningsih

b)

R. Tanti

c)

R.A. ningsih

d)

R.A. Kartini

17.

Sing ora kalebu struktur fisik guritan yaiku ... .

a)

perwajahan guritan (tipografi)

b)

tembung kongkret

c)

tembung diksi lan imaji

d)

tema (sense) lan nadha (tone)

e)

basa figuratif lan versifikasi

18.

Obahing awak nalika maca geguritan diarani ...

a)

wirama

b)

wicara

c)

wiraga

d)

wirasa

19.

Sadurunge nulis geguritan, mula kudu nemtokake . . .

a)

tema

b)

inspirasi

c)

basa

d)

foto

e)

cengkorongan

20.

Geguritan wujude ana ...

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

e)

5

21.

Wong sing nulis geguritan diarani . . .

a)

panggurit

b)

penulis

c)

pamaos

d)

dening

e)

narator

22.

Sing ora kalebu tipografi saka geguritan kasebut yaiku ....

a)

kabeh nduweni 4 gatra

b)

panggone ing isih kiwa kabeh

c)

ora dipungkasi nggunakake tandha titik kabeh ukarane

d)

ing pada 2 nduweni 4 gatra

e)

ukarane ana sing cekak lan ana sing dhawa

23.

ayo padha bangkit mungsuh penjajah,

supaya bebas lan bisa mardika


Sing ana ing penggalan geguritan kasebut yaiku imaji ....

a)

imaji pangrungu

b)

imaji paningal

c)

imaji pangganda

d)

imaji panindak

e)

imaji pangrasa

24.

Wiwit kok tulisake tresna iku

Manuk-manuk kepodang padha geguyonan


Pethilan gurit ing ndhuwur kalebu majas ....

a)

hiperbola

b)

personifikasi

c)

metafora

d)

ironi

e)

pleonasme

25.

Geguritan gagrak lawas sing kaiket karo aturan-aturan tartamtu.


Ukara kang kacithak miring ing ndhuwur kalebu pangerten saka ....

a)

geguritan

b)

gancaran

c)

parikan

d)

puisi

e)

tembang macapat

26.

Ana prihatin, susah, seneng, nelangsa, lan liya-liyane.


Ukara ing ndhuwur kalebu struktur batin geguritan jenis ....

a)

tema

b)

rasa

c)

nada

d)

amanat

27.

Sawise lawas pisah

Ketemu wes podho dadi simbah

Rambut-rambut putih, pasuryan podo malih


Ing pethilan geguritan kasebut tinemu imaji ....

a)

imaji paningal/ penglihatan

b)

imaji pangrasa/ perasaan

c)

imaji pangrungu/ pendengaran

d)

imaji panindak/ perbuatan

28.

swarane lembut kaya kapas


Majas sing tinemu ing ukara ing dhuwur yaiku ....

a)

majas personifikasi

b)

majas hiperbola

c)

majas antitese

d)

majas litotes

e)

majas ironi

29.

Nalika maca geguritan kudu nggatekake wirama kang tegese . . .

a)

obahing awak

b)

isining geguritan

c)

alon, banter, cetha lan samaring swara

d)

ngucapake swara

30.

Nalika maca sawijining geguritan kudu nggatekake wirasa kang tegese . . .

a)

rasaning swasana ati

b)

pocapan kang cetha

c)

pathokan

d)

dawane ukara

31.

Geguritan ing ngisor iki kang nyritaake rasa syukur marang Gusti Allah amarga wes dikaruniai alam kang apik yaiku . . .

a)
b)
c)
d)
32.

Dodi Bocah Kang Lantip

Becike dadi bocah iku kang sregep lan lantip.

Pinter anggawe samubarang kang migunani.

Pring bisa dadi wakul.

Sepet bisa dadi keset.

Wulu bisa dadi sulak.

Kapuk bisa dadi benang.

Lempung bisa dadi pot.

Prayogane wiwit cilik dituladhani babagan panggawe krajinan.

Kanggo sangu urip ing tembe mburi.

Dadi bocah kang ora seneng ing alembana.

Nora seneng tumindak kang sembrana.

Ben urip ing tembe.

Bisa migunani marang sepadha-padha.


Miturut geguritan ing nduwur, apike sinau gawe kerajinan iku wiwit ...

a)

Yen wis gede

b)

Wiwit cilik

c)

Yen rampung sekolah

d)

Wiwit sekolah

33.

Guruku...

Kula nyuwun dunga lan pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu

Saged dados sangu

Kanggo nggayuh gegayuhanku


Geguritan ing ndhuwur ana ... larik

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

e)

7

34.

Sing diarani struktur teks geguritan yaiku…

a)

Pesen moral kang kinandhut ing sajroning geguritan

b)

Unsur-unsur kang kudu ana ing sajroning teks geguritan

c)

Tembung-tembung sing kudu digunakake jroning geguritan

d)

Tatacarane negesi isine geguritan kanthi wutuh lan bener

e)

Unsur-unsur kang bisa nyengkuyung tumrap isine geguritan

35.

Gatekna geguritan ing ngisor iki!


Kitiran janur ing tengahing sawah

Mubeng mungser nambani ati sayah

Bocah-bocah mlayu dolanan glagah

Eseme bocah angon katon sumringah

Ela elo aja ngenyek aku wong desa

Ela elo aja umuk kowe wong kutha

Delengen esuk ing kene isih ana manuk

Delengen esuk ing kene isih ana gumuk

Ijone pari tansah bisa gawe tentreme ati

Beninge kali tansah bisa gawe anyese jiwa


Geguritan ing ndhuwur nyeritakake …

a)

Kaendahan alam pegunungan

b)

Bocah-bocah pada playon ing tematan sawah

c)

Bocah desa kang lagi dolanan kitiran

d)

Bocah desa kang lagi layangan

e)

Kaendahan alam padesan