Font size
WorksheetsUH Kinanthi
Total questions: 35
Worksheet time: 18mins
Ngisor iki kelebu ing Serat Wedhatama kejaba.....
Kinanthi
Asmarandana
Pocung
Gambuh
Serat Wedhatama anggitane....
KGPAA Mangkunegoro II
KGPAA Mangkunegoro IV
KGPAA Mangkunegoro III
KGPAA Mangkunegoro V
KGPAA Mangkunegara IV kang Nalika isih timur asmane....
Raden Mas Surasa
Raden Mas Sudirman
Raden Mas Sukardji
Raden Mas Sudira
Tembang Kinanthi duwe ateges ngisor iki kajaba....
Saka tembung Kanthi
Lare alir ingkang butuh gulawentah dumateng para sesepuh.
Gambaraning lare sepuh
Duweni tuladha becik
Ngisor iki kang ora kelebu arti saka tembung Wedhatama dewe ateges....
Ngemot ajaran kang apik, sae lan mugunani
Ngemot budi pakerti
Ngemot hubungan kang bingungke
Ngemot Filsafat kang migunani
Araning cacahing wanda saben gatra yaiku....
Guru Lagu
Guru Wilangan
Guru Gatra
Guru Pungkasan
Arane cacahing larik / baris saben pada (bait) yaiku....
Guru Lagu
Guru Wilangan
Guru Gatra
Guru Pungkasan
Perangan serat kang awujud kumpulan pada tembang macapat sajenis yaiku diarani....
Serat
Gatra
Pada
Pungkasan
Nitik saka guru wilangan, guru lagu, lan guru gatra kang bener kanggo tembang Kinanthi yaiku....
8u,8i,8a,8i,81,8a
8u,8i,8a,8i,8a,8i
8a,8i,8a,8i,81,8a
8u,8i,7a,8i,8a,8i
Ngisor iki kang ora kalebu watak Tembang Kinanthi yaiku....
pitutur, welas asih,
wesasane nelangsa lan kuciwa ing penggalih
rasa bingah, tuladha becik
tresnane ingkang sepuh dumateng putraipun
"Mangka kanthiningt ....
Salami mung awas eling
Eling lukitaning alam
Dadi wiryaning ....
Supadi nir ing sangsaya
Yeku pangreksaning .... "
Ukara kang trep kanggo ngisi tembang ing dhuwur yaiku....
tumuwuh,rumadi,urip
tumuwuh,dumadi,urip
gunawuh,dumadi,urip
tumuwuh,dumadi,antip
"Marma den taberi ....
Angulah lantiping ati
Rina wengi den ....
Pendak panduking pambudi
Bengkas kahardaning ....
Supaya dadya utami."
Ukara kang trep kanggo nglengkapi tembang ing dhuwur yaiku....
pukulun, anedya, dipa
kulup, anedya, dipa
kulup, kanthi, driya
kulup, anedya, driya
Kinanthi pada 1
Padha gulangen ing kalbu,
Ing sasmita amrih lantip,
Aja pijer mangan nendra,
Kaprawiran den kaesthi
Pesunen sariranira,
Sudanen dhahar lan guling
Tembang ing duwur gatra 1 guru wilangane cacahe pira ....
5
7
9
8
Cakepan tembang ing nginggil, saben sapada kaperang dados 6 larik. Tembung pungkasan kang kacithak kandel ing gatra kaping 2 dipunambali malih ing tembung awal ing gatra kaping 3. Menika nedhahaken tuladha….
Guru lagu
Purwakanthi
Waspadha
Nada/laras
Mangka kanthining tumuwuh, menawi dipuntingali saking titikanipun, pethilan sekar menika kawastanan sekar macapat menapa?
Pocung
Pangkur
Sinom
Kinanthi
Eling lukitaning alam, pethilan sekar menika nggadhahi werdi menapa?
Kedah tansah atos-atos kaliyan pratandha saking alam.
Kedah saged njagi badan saking bebayaning alam.
Kedah tansah enget wontenipun pratandha saking alam.
Kedah saged maos pratandha saking alam.
Supadi nir ing sangsaya. Tembung nir tegesipun menapa?
Boten
Badhe
Sampun
Inggih
Yeku pangreksaning urip. Pethilan sekar menika gadhah werdi menapa?
Mekaten caranipun ngrusak pagesangan.
Mekaten caranipun nata pagesangan.
Mekaten caranipun ngertos pagesangan.
Mekaten caranipun nyobi pagesangan.
Wedhatama saking tembung wedha lan tama. Menapa tegesipun wedha?
Tuladha
Piwulang
Aturan
Paugeran
Marma den taberi kulup, tembung taberi ing pethilan sekar menika gadhah teges menapa?
mila
sregep
ingkang
anakku
Marma den taberi kulup, tembung kulup ing pethilan sekar menika gadhah teges menapa?
mila
ingkang
nuladha
anakku
Rina wengi den anedya, tembung rina ing pethilan sekar menika gadhah teges menapa?
enjang
siyang
sonten
surup
Supaya dadya utami, pethilan sekar menika gadhah werdi menapa?
Supados saged dados tiyang ingkang utami.
Supados saged dados tiyang ingkang saged syukur dhateng Gusti.
Supados saged dados tiyang ingkang gadhah tata krama.
Supados saged dados tiyang ingkang welas asih.
Tembang kinanthi ana pirang gatra...
5
6
5
10
Cakepan tembang larik (6) ungelipun “Yeku pangreksaning urip”
Tembung pangreksaning yen dipedhot dadi….
Pa- + Ng + reksa + -ing
Pang- + reksa + -ing
Pang- + reksa + -ning
Pangreksa- + -ning
Pitutur becik ingkang saged dipunlaksanakaken masarakat boten namung tiyang sepuh ananging para mudha ingkang sami sinau. Pitutur kasebat dipunjlentrehaken wonten ing ngandhap menika, kajaba….
patrap kudu bisa gresula lan ora trima marang sapadha-padha
yen wis usaha utawa ngupaya kudu bisaa pasrah
patrap cacah telu yaiku legawa, nelangsa, lan pasrah
yen digawe seneng utawa serik kudu bisa legawa
Piwulang saka cakepan ing dhuwur bisa dicocogake karo kahanan ing jaman saiki. Kang ora kalebu piwulang tembang yaiku....
Yen duweni kawruh utawa ilmu aja mung kanggo nggolek pujian
Yen dadi menungsa kudu mung ngumbar kapinteran
Yen dadi menungsa ora entuk riya’ marang kapinterane
Yen durung bisa aja kepengin dianggep bisa supaya antuk pujian
Tembang kasebut duweni maksud kang trep karo tembang ing dhuwur yaiku….
Yen wicara kudu dipenggalih/dipikir dhisik
Yen wicara kudu bisa ditrepake karo ati, ora mencla-mencle, lan bisa dibuktekake
Yen wicara kudu bisa nedhahake pakurmatan dhateng tiyang sepah
Yen wicara kudu bisa migunakake unggah-ungguh basa
Mangka kanthining tumuwuh
salami mung awas eling
eling lkitaning alam
dadi wiryaning dumadi
supadi nir ing sangsaya
yeku pangreksaning urip
Meloke yen wis arsa muluk
muluk ujare lir wali
wola wali nora nyata
anggepe pandhita luwih
kaluwihane tan ana
kabeh tandha-tandha sepi
Wos sajrone tembang yaiku...
dhuwur omongane ananging ra duwe kaluwihan
aja gumedhe nalika ngelmune akeh
dadi pandhita mung ing lambe
sembrana marakake cilaka
Paugeran wiwitan nalika arep nulis tembang macapat, yaiku...
nemtokake tembung pokok
nyunting kaendahan basa
ngrakit gagasan utama
nemtokake irah-irahan
Tegese tembung TUMUWUH
pratandha
ngupadi
ati
thukul
giri
Tegese tembung WUKIR
ngupadi
ati
giri
pratandha
thukul
Tegese tembung LUKITANING
ngupadi
ati
giri
pratandha
thukul
Tegese tembung ANEDYA
ngupadi
ati
giri
pratandha
thukul
Tegese tembung DRIYA
ngupadi
ati
giri
thukul
pratandha
