wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS BAHASA JAWA KELAS X

Total questions: 30

Worksheet time: 3600secs

Name
Class
Date
1.

1. Serat Wedhatama iku dumadi saka 5 pupuh. Dene tembang pangkur minangka pupuh kaping pira ing Serat Wedhatama?

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

e)

5

2.

2. Tembang ing ngisor iki kang kalebu pupuh sajrone Serat Wedhatama yaiku…

a)

Dhandanggula

b)

Mijil

c)

Asmaradana

d)

Sinom

e)

Durma

3.

3. Kanggo mangerteni isine tembang kang kudu ditindakake luwih dhisik yaiku…

a)

Kudu bisa nembangake

b)

Kudu bisa mangerteni tegese saben tembung

c)

Kudu bisa ngerti paugerane

d)

Kudu bisa mangerteni panganggite

e)

Kudu bisa mangerteni cak-cakane

4.

4. Cacahing wanda ing saben gatra diarani…

a)

Guru lagu

b)

Guru wilangan

c)

Guru gatra

d)

Cak-cakan

e)

Paugeran

5.

5. Guru lagu saka tembang macapat Pangkur yaiku…

a)

i, o, e, i, i, u

b)

i, a, o/e, a, a, u, a

c)

a, i, a, a, i, a, i

d)

a, i, u, a, u, a, i

e)

u, u, i, a, o

6.

6. Dene guru wilangan saka tembang macapat Pangkur yaiku…

a)

8, 11, 8, 7, 12, 8

b)

7, 10, 10, 8, 8

c)

10, 6, 10, 10, 6, 6

d)

12, 7, 6, 7, 8, 5, 7

e)

8, 11, 7, 8, 12, 8

7.

7. Watak saka tembang macapat Pangkur yaiku…

a)

Prihatin

b)

Canthas, ethes

c)

Seneng, tresna

d)

Trenyuh, memelas

e)

Seneng, nepsu

8.

8. Mingkar mingkuring angkara. Gancaran saka gatra macapat kasebut yaiku…

a)

Ngadohi hawa lan nepsu

b)

Wong kang owah sipate

c)

Wong kang mencla-mencle

d)

Sipate wong iku bisa molah-malih

e)

Wong elek bakalnemu cilaka

9.

9. Variasi pocapan wanda/tembung kang ana luke supaya luwih penak dirungokake diarani…

a)

Luk

b)

Laya

c)

Gregel

d)

Cengkok

e)

Wiled

10.

10. Ing ngisor iki sing kudu digatekake nalika nembang, kajaba…

a)

Kudu ngerti jinising tembang macapat

b)

Mangerteni watak-wataking tembang

c)

Kudu akeh gregel lan wiled

d)

Kudu bisa maca cakepan kanthi bener

e)

Latihan ngolah napas sakdurunge nembang

11.

11. Carita gagasan kang ngemot kadadeyan kang ora dawa sarta ora akeh alur caritane diarani…

a)

Legenda

b)

Crikak

c)

Mite

d)

Dongeng

e)

Crita Rakyat

12.

12. Kang ora kalebu titikan saka crita cekak yaiku…

a)

Entek diwaca saklungguhan

b)

Among ana siji kadadeyan

c)

Among ana sak alur

d)

Watak paraga digambarake kanthi cekak

e)

Konflik nuwuhake owahe nasib para paragane

13.

13. Kang ora kalebu unsur intrinsik crita cekak yaiku…

a)

Tema

b)

Alur

c)

Panulis

d)

Paraga

e)

Amanat

14.

14. Gegandhengan karo kadadeyan kanthi adhedhasar urutan wektu uga diarani…

a)

Tema

b)

Alur

c)

Latar

d)

Sudut pandang

e)

Watak

15.

15. Kaluwarga, kabudayan, katresnan, paseduluran, kekancan, pendhidhikan, sosial, lan liya-liyane mujudake tuladha saka unsur intrinsik apa?

a)

Tema

b)

Latar

c)

Pusat pengisahan

d)

Amanat

e)

Gagasan

16.

16. Crikak kanthi irah-irahan “Bapakku” kang tau dianalisis nggunakake sudut pandang kapira?

a)

Sudut pandang wong kapisan paraga utama

b)

Sudut pandang wong kapisan paraga sampingan

c)

Sudut pandang wong katelu sarwa ngerti

d)

Sudut pandang katelu minangka pengamat

e)

Sudut pandang campuran

17.

17. Ngringkes wacan dadi sinopsis iku ana prekawis kang kudu digatekake, kajaba…

a)

Aja ngowahi isi lan unsur saka crita

b)

Maca wacan kang arep diringkes kanthi premati

c)

Gawe ringkesan sithik banget

d)

Nyathet ukara bakune

e)

Gawe ringkesan nganggo ukara tunggal lan bisa nggambarake isi saka karangan

18.

18. Sesambetan utawa komunikasi karo wong liya prelu nggatekake bab-bab ing ngisor iki, kajaba…

a)

Sapa sing dijak omongan

b)

Apa kang diomongake

c)

Swasana nalika omongan

d)

Perlune omongan

e)

Panggonan nalika guneman

19.

19. “Nek bisa, aku arep mara menyang omahmu sesuk sore.” Ukara mau basa krama inggile yaiku…

a)

“Nek saged, kula badhe rawuh dhateng griya panjenengan benjing sonten.”

b)

“Menawi saged, kula badhe rawuh dhateng griya panjenengan benjing sonten.”

c)

“Nek bisa, aku arep sowan menyang dalem panjenengan sesuk sore.”

d)

“Menawi saged, kula badhe sowan dhateng dalem panjenengan benjing sonten.”

e)

“Menawi saged, kula ajeng ajeng sowan dalem panjenengan benjing sonten.”

20.

20. Nggunakake tembung krama inggil kacampur tembung krama. Tembung krama inggil kanggo sing diajak guneman, tembung krama kanggo awake dhewe. Ukara kasebut minangka titikan saka…

a)

Krama lugu

b)

Krama madya

c)

Krama alus

d)

Ngoko alus

e)

Ngoko lugu

21.

21. Informasi ngenani babagan kang prelu disumurupi dening wong akeh diarani…

a)

Ariwarti

b)

Pawarta

c)

Wara-wara

d)

Kalawarti

e)

Persuasi

22.

22. Ing ngisor iki tuladha kalawarti kang nggunakake basa Jawa, kajaba…

a)

Panjebar semangat

b)

Jayabaya

c)

Djoko lodhang

d)

Pustaka candra

e)

Kedaulatan rakyat

23.

23. Nalika nyemak pawarta, sing kudu digatekake antarane ing ngisor iki, kajaba…

a)

Apa kang diwartakake

b)

Sapa sing dirembug

c)

Ana ngendi papan kadadeyane

d)

Kepiye kadadeyane

e)

Sapa jenenge sing macakake

24.

24. Unsur kang paling wigati ing sajrone pawarta yaiku…

a)

Kang macakake pawarta

b)

Fakta lan data kadadeyan

c)

Juru warta kang golek kabar

d)

Sumbering pawarta

e)

Penting orane pawarta kasebut

25.

Kang dikotaki abang ing gambar kasebut minangka perangan pawarta kang diarani....

a)

Headline

b)

Deadline

c)

Lead

d)

Body

e)

Teras pawarta

26.

26. Kang dikotaki abang ing gambar kasebut minangka perangan pawarta kang diarani...

a)

Headline

b)

Deadline

c)

Lead

d)

Body

e)

Teras pawarta

27.

27. “Tono pengin tuku sarung anyar.” Tembung ‘tuku, lan sarung’ menawa dianalisis kanthi urut migunakake vokal swara apa wae?

a)

u jejeg, u miring

b)

u miring, u miring

c)

u miring, u jejeg

d)

u jejeg, u jejeg

e)

bisa miring utawa jejeg kabeh

28.

28. Vokal “a” lan “e” ana ing tembung “kare, sate, pare” diwaca kanthi urut swarane…

a)

Jejeg kabeh

b)

Miring kabeh

c)

Jejeg lan miring

d)

miring lan jejeg

e)

Bisa miring utawa jejeg kabeh

29.

29. “Kajaba nyekel tersangka, petugas uga ngamanake kayu jati patang glondong, mesin graji, lan lan truk sing dinggo ngangkuti kayu.” Tembung kang salah panulisane yaiku…

a)

Patang

b)

Nyekel

c)

Ngangkuti

d)

Glondong

e)

Graji

30.

30. Endi ukara kang salah panulisane?

a)

Budi tuku dhawet ayu

b)

Pitikmu duwe anak loro

c)

Bapak tindak dhateng Sragen

d)

Tugas iki dak garap dewe

e)

Mbak Rima lagi nggoreng kenthang