NEW
Font size
WorksheetsKuis Artikel Bahasa Jawa
Total questions: 25
Worksheet time: 13mins
Seratan ingkang wosipun ngandharaken gagasan ingkang dipunkantheni katrangan-katrangan, adhedhasar pawadan kangge nyaruwe, nampik, menapa dene ngiyataken penggalihan dipunsebat seratan ...
argumentasi
deskripsi
narasi
persuasi
Ciri wancinipun naskah utawi karya jurnalistik inggih punika ...
fiksi, faktual, sanes khayalan
non fiksi, sanes khayalan, faktual
fiksi, khayalan, faktual
sanes khayalan, fiksi,
Pelaporan ngengingi kadadosan arupi paparan fakta saha data ngengingi kedadosan kanthi nengenaken unsur 5W 1H dipunwastani ...
jurnal
opini
artikel
pawartos
Tuladhanipun irah-irahan seratan eksposisi inggih punika ...
Pangaribawaning sekolah daring
Caranipun damel gendhis jawi
Kaendahaning Pinus Pengger
Legenda Salatiga
Paragraf ingkang ukara bakunipun wonten wiwitaning ukara kasebat ...
deskripsi
campuran
deduksi
induksi
Seratan ingkang nggambaraken objek kanthi cetha, satemah ingkang maos kadosdene pirsa lan ngalami piyambak kawastanan ...
deskripsi
narasi
persuasi
eksposisi
Jurnalistik menika asalipun saking tembung ...
bijour
dujour
dejour
bonjour
Ing ngandhap punika ingkang kedah wonten ing pawartos, kajawi ...
aktual
faktual
dipunpadosi
wigati
Karya jurnalistik ingkang ngrembag wosing buku inggih menika ...
resensi
pawartos
kolom
esai
Tiyang ingkang nyerat resensi kawastanan ...
kurator
aseptor
resensator
reseptor
Tiyang ingkang nyerat kolom dipunwastani ...
peresensi
komikus
kolumnus
kolumnis
Irah-irahan ingkang trep kangge seratan eksposisi ing ngandhap punika ...
Pesisir Kidul
Dongeng Timun Mas
Caranipun Damel Gendhis Jawi
Pangaribawaning boraks ing panganan
Satunggaling paragraf ingkang ukara bakenipun wonten wiwitaning ukara kawastanan paragraf ...
deskripsi
deduksi
campuran
induksi
Wonten urut-urutanipun nalika damel seratan jurnalistik, ingkang kaping pisan inggih menika
nemtokaken irah-irahan
nemtokaken tema
damel cengkorongan
ngempalaken bahan
Seratan ingkang wosipun ngandharaken gagasan-gagasan ingkang dipunkantheni katrangan-katrangan, adhedhasar pawadan-pawadan kangge nyaruwe kawastanan ...
narasi
deskripsi
persuasi
argumentasi
Salah satunggaling jinis seratan ingkang dipunwahyakaken dhumateng tiyang kathah inggih menika ...
jurnalistik
pawartos
opini
argumentasi
Klepon uga kalebu balane cethil/cenil, yaiku bangsa jajan pasar. Ciri khas jajan iki wernane sing ijo tur bunder-bunder kaya bal bekel, isine gula jawa, biasane dicampuri parutan klapa. Jaman cilikanku biyen ya kerep banget tuku panganan iki. Sebut wae jajan favorit lah. Klepon kuwi nggawene saka glepung beras ketan sing dikepel-kepel bunder, isine gula jawa. Carane gawe ya rada angel. Mula saiki jajanan pasar iki tetep disenengi marang warga masyarakat.
(Kawuryan XII)
Pethilan wacan ing nginggil menika kalebet jinising karangan ...
karangan narasi
karangan deskripsi
karangan eksposisi
karangan argumentasi
Paragraf ingkang ukara bakunipun wonten ing pungkasaning paragraf yaiku ...
deduksi
induksi
deskripsi
campuran
Iklan lisah goreng ingkang saged dipunpanggihaken ing ariwarti lan kalawarti punika kalebet jinising ...
deskripsi (gegambaran)
narasi (cariyos)
pangajak (persuasi)
penggalihan (argumentasi)
Paring panyaruwe pawartos kedah evaluatif saha objektif. Objektif tegesipun ...
sapunika
saestu
sami
menapa wontenipun
Seratan ilmiah langkung misuwur minangka seratan ...
akademis
siswa
serius
populer
Seratan ilmiah ingkang wujudipun artikel popular utawi jurnalistik nengenaken unsur informasi ingkang gampil dipunmangertosi kawastanan ...
seratan ilmiah
seratan ilmiah populer
tesis
hipotesis
Miturut akademisi komposisi prosa cekak minangka opini panyerat ngengingi subjek tartamtu kawastanan ...
argumentasi
opini
esai
premiso
Jati dhiri media massa kawastanan ...
resensi
kolom
tajuk rencana
esai
Faktaning kadadosan ingkang saged dipunsade wosipun, inggih aktual, faktual, wigati saha narik kawigatosan kalebet wosing ...
pawartos
kolom
opini
seratan ilmiah
