Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASAS Basa Jawa Kelas XII

Total questions: 40

Worksheet time: 1hrs 20mins

Name
Class
Date
1.

Watake paraga drama bisa katilik saka …

a)

setting

b)

pacelathon

c)

solah bawa

d)

alur

e)

tata panggung

2.

Tata krama kang becik ana ing ngisor iki ...

a)

nggunakake unggah-ungguh basa mung karo wong tuwane wae

b)

nggunakake unggah-ungguh mung karo tanggane

c)

nggunakake unggah-ungguh mung ana sekolahan wae

d)

nalika bapak ibu guru nerangake piwulangan disambi cecaturan

e)

nggunakake unggah-ungguh basa kang trep marang wong liya

3.

Manungsa diajeni ing urip bebrayan amarga nduweni ... sing becik.

a)

gelar

b)

bandha donya

c)

pangkat

d)

moral

e)

kapinteran

4.

Kang kalebu pangetrapane tata krama ing ngisor iki kejaba nalika …

a)

tetepungan karo mitra anyar

b)

ana ing dalan

c)

kedhayohan

d)

namu

e)

ing kamar

5.

Sing diarani unggah-ungguh basa yaiku …

a)

pintere anggone basa

b)

keprigelan anggone migunakake basa

c)

tata krama anggone nggunakake basa

d)

piranti anggone basa

e)

undha usuke tataran basa

6.

Mas Amir arep budhal nalika ibu rawuh saka arisan.

Ukara kuwi nganggo basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

krama madya

7.

Bab-bab kang ora kudu digatekake nalika nulis teks drama yaiku ...

a)

nemtokake alur utawa plot crita.

b)

gawe salah siji tema sing bakal digawe drama.

c)

nemtokake wektu, latar lan papan panggonan crita.

d)

nemtokake paraga lan wewatekane paraga kasebut.

e)

nemtokake cacahe wong sing nonton.

8.

Pacelathon sing ditindakake ana ing pungkasan pentas drama yaiku …

a)

monolog

b)

epilog

c)

dialog

d)

ekolog

e)

prolog

9.

Paraga drama sing mung dianggep geganep wae diarani …

a)

figuran

b)

paraga pambiyantu

c)

paraga utama

d)

paraga panyengkuyung

e)

sutradara

10.

Kang kudu ditindakake dening para paraga drama nalika arep mentasake drama ing panggung yaiku ...

a)

nemtokake cacahe wong sing nonton

b)

nemtokake cacahe bangku kanggo wong sing nonton

c)

nemtokake properti sing bakal digunakake

d)

nemtokake panggonane pementasan

e)

gawe iklan supaya pementasane sukses

11.

Crita gancaran kang ngandharake kedadeyan saka wiwitan nganti pungkasan kanthi cekak aos yaiku crita …

a)

romansa

b)

sambung

c)

anak

d)

cekak

e)

alaming lelembut

12.

Perangan kang dadi bakune gagasan ing sawijining crita cekak diarani …

a)

tema

b)

alur

c)

plot

d)

paraga

e)

pamawas

13.

Papan lan wektu dumadine cerkak diarani ...

a)

tema

b)

setting

c)

alur

d)

pamawas

e)

paraga

14.

Urutaning crita saka wiwitan nganti pungkasan ing sawijining cerkak diarani …

a)

tema

b)

setting

c)

alur

d)

pamawas

e)

paraga

15.

Carane pangripta anggone nggambarake lan ngembangake karakter paraga-paraga ing sajroning crita diarani …

a)

tema

b)

watak

c)

penokohan

d)

setting

e)

pamawas

16.

Kalungguhane pengarang ing sajroning crita diarani ...

a)

tema

b)

watak

c)

paraga

d)

setting

e)

pamawas

17.

Kang ora kudu digatekake nalika nulis cerkak yaiku …

a)

kudu nggatekake swasanane ati pengarang

b)

kudu nemtokake tema kang dadi undheraning crita

c)

kudu nemtokake paraga lan watake

d)

nggatekake pamawas kang dienggo nyritakake cerkake

e)

kudu nemtokake alur critane

18.

Alur crita kang nggambarake kahanan saiki, banjur nggambarake kahanan kang kepungkur banjur nyritakake kahanan saiki diarani alur...

a)

mundur

b)

maju

c)

modern

d)

campuran

e)

progesif

19.

Paraga kang watak wantune becik lan disenengi wong liyane ing crita cekak diarani paraga ...

a)

antagonis

b)

tritagonis

c)

protagonis

d)

panyengkuyung

e)

pambiyantu

20.

Bab kang kudu diduweni nalika njarwakake karya sastra yaiku ...

a)

kudu mangerteni basa kang dienggo ing cerita asline

b)

kudu nduweni toleransi kang jembar nalika maca teks cerita

c)

mangerteni bab kabudayan ing cerita kang disadur

d)

nggatekake cacahe para pamaos

e)

nggatekake gegambaran saka panulise

21.

Crita sing ringkes, lucu, narik kawigaten, nyenengake nanging uga nduweni maksud, uga sindiran diarani …

a)

cerkak

b)

anekdot

c)

banyolan

d)

drama

e)

sari basa

22.

kang dudu kalebu truktur teks anekdot yaiku …

a)

abstrak

b)

reaksi

c)

amanat

d)

koda

e)

krisis

23.

Perangan kang nuduhake wiwitane paragrap kang tujuwane menehi gambaran isi teks diarani …

a)

koda

b)

abstraksi

c)

reaksi

d)

orientasi

e)

krisis

24.

Perangan kang nuduhake wiwitane crita utawa mula bukane kepriye prastawa kasebut dumadi, biasane kanthi pengenalan paraga, wayah lan panggonan yaiku ...

a)

koda

b)

reaksi

c)

krisis

d)

orientasi

e)

abstraksi

25.

Kang dudu titikane teks anekdot yaiku ...

a)

ana unsur lucu

b)

ana unsur sindiran

c)

ngandhut pesen moral

d)

basane kudu alus

e)

ana unsur panglipur

26.

Isenana unsur intrinsik crita cekak ing ngisor iki kanthi andharan kang trep!

a)

tema

1.

punjere lelakon sajroning crita

b)

alur

2.

reroncening kedadeyan kang ana ing crita

c)

tokoh

3.

kalungguhane paraga sajroning crita

d)

pamawas

4.

kalungguhane pengarang sajroning crita

e)

amanat

5.

pesen kang pengin disampekake

27.

Urutna teknik nulis cerkak ing ngisor iki kanthi trep!

a)

milih tema

b)

nemtokake paraga

c)

nemtokake alur lan latar

d)

nemtokake pamawas

e)

tembung diselarasake karo tema

1)
2)
3)
4)
5)
28.

Andharana panganggone unggah-ungguh basa ing ngisor iki kanti trep!

a)

Basa ngoko lugu

1.

Sapadha-padha sing wis kulina.

b)

Basa ngoko lugu

2.

Wong tuwa marang anake.

c)

Basa ngoko alus

3.

Sedulur enom marang sedulur tuwa

d)

Basa krama lugu

4.

Marang wong sing sadrajat amarga durung

e)

Basa krama alusSapadha-padha sing wis kulina.

5.

Wong enom marang wong tuwa

29.

Pasangno pamilah pacelathon ing pentas drama ing ngisor iki kanthi katrangan sing bener!

a)

Dialog

1.

pacelathon antarane rong paraga/luwih

b)

Monolog

2.

guneman dhewe

c)

Prolog

3.

pacelathon ing wiwitane pentas drama

d)

Epilog

4.

pacelathon ing pungkasane pentas drama

30.

Urutna babagan kang kudu digatekake sakdurunge maragake sawijining paraga ing drama ing ngisor iki kanthi trep!

a)

Nggatekake blocking

b)

Nggatekake swara

c)

Nggatekake artikulasi

d)

Nggatekake intonasi

e)

Nggatekake mimik utawa ekspresi

1)
2)
3)
4)
5)
31.

Papan lan wektu dumadine cerkak diarani ...

(a)  

32.

Pacelathon antarane rong paraga utawa luwih diarani …

(a)  

33.

Pawongan kang kagambarake watak lan lakune diarani …

(a)  

34.

Cerita cekak lumrahe disingkat dadi …

(a)  

35.

Crita cekak, ringkes, lan nduweni kesan lucu diarani teks …

(a)  

36.

Ukara ing ngisor iki owahana dadi ukara ngoko alus, krama lugu, krama alus!

"Mangana dhisik yen arep lunga."

4 lines
37.

Sebutno panganggone basa ngoko lugu kuwi marang sopo wae!

4 lines
38.

Sebutno panganggone basa ngoko alus kuwi marang sopo wae!

4 lines
39.

Sebutno struktur teks anekdot!

4 lines
40.

Sebutno ciri-ciri basa teks anekdot!

4 lines