wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BAHASA JAWA kelas 6

Total questions: 42

Worksheet time: 29mins

Name
Class
Date
1.

Gotong Royong

Dinten Ahad wonten ing dusun

Masyarakat kang tansah rukun

Gotong royong tumindak bareng

Nyingkirake lingkungan pepeteng

Resik indah bisa kadeleng

Lingkungan sehat agawe seneng

Surasane geguritan ing dhuwur yaiku …….

a)

Dinten Ahad

b)

Gotong Royong

c)

Ing dusun

d)

Rukun

2.

Perang antarane Pandhawa lan Kurawa diarani ....

a)

Baratayudha

b)

Ramayana

c)

Mahabharata

d)

Badar

3.

Cah enom marang wong tuwa nggunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama inggil

4.

Gambar wayang iki jenenge . . . .

a)

Werkudara

b)

Janaka

c)

Gathutkaca

d)

Baladewa

5.

Bapak tindak dhateng kantor . . . . mobil.


Tembung kang bener kanggo nglengkapi ukara ing ndhuwur yaiku . . . .

a)

numpak

b)

nitih

c)

ngasta

d)

mbeta

6.

Karangan kang nggambarake salah sawijining objek kasil pengamatan yaiku ....

a)

Deskripsi

b)

Eksposisi

c)

Narasi

d)

Persuasi

7.

Akeh segara kang saiki dadi reged. Babagan iki amarga ...............

a)

banyu kali kang kebak limbah mili menyang segara

b)

kali-kali kang ana wis padha asat

c)

ora an wit-witan ing pinggir-pinggir kali

d)

larahan lan limbah ana ing ngendhi-endhi

8.

Teks kang ngandarake fakta, kamomot ing media cetak lan elektronik, isine kedadeyan utawa prastawa kang lagi dadi omongan, diarani teks ...........

a)

persuasi

b)

slogan

c)

pawarta

d)

pariwara

9.

Cacahe wanda saben sa gatra diarani ........

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

guru saka

10.

Cacahe gatra saben sa pada diarani .........

a)

guru wilangan

b)

guru gatra

c)

guru saka

d)

guru lagu

11.

Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra diarani .......

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

macapat

12.

Es batune (thuthuk) mas Ilham. Yen diowahi dadi ukara tanggap kang bener yaiku...........

a)

Es batune (nutuk) mas Ilham

b)

Es batune (dakthuthuk) mas Ilham

c)

Es batune (dithuthuk) mas Ilham

d)

Es batune (kotutuk) mas Ilham

13.

"Taman safari prigen" panggonan plesir awujud?

a)

alas

b)

kebun binatang

c)

gunung

d)

segara

14.

Mas e ibuk arane?

a)

Bapak

b)

Pak Dhe

c)

Pak Lik

d)

Mbah

15.

Paribasan ingkang gegayutan kaliyan gotong royong inggih puniko ...

a)

adigang - adigung adiguna

b)

rawe - rawe rantas malang - malang putung

c)

kutuk marani sunduk

d)

rukun agawe santosa crah agawe bubrah

16.

Negara Indonesia kondhang gemah ripah ...

a)

loh kang tinandur

b)

loh jinawi

c)

ayem tentrem

d)

kreta raharja

17.

wong sing nglakoake wayang diarani ...

a)

dhalang

b)

niyaga

c)

sinden

d)

penabuh

18.

Carita kang nyaritake asal-usul dumadine papan panggonan diarani....

a)

Fabel

b)

Legendha

c)

Mite

d)

Sage

19.

Simbah nembe gerah waja.


Gerah waja tegese ....

a)

Lara mripat

b)

Sirahe lara

c)

Lara untu

d)

Lara weteng

20.

Gagasan utawa pikiran kang dadi dasare carita diarani....

a)

Tema

b)

Alur

c)

Setting/ Latar

d)

Penokohan

21.

Ukara nganggo basa krama inggil kang bener ......

a)

yen jawah mbeta payung

b)

yen jawah ngasta payung

c)

menawi jawah mbeta songsong

d)

menawi jawah ngasta songsong

22.

Wati mangan semangka .....

a)

sapiring

b)

sairis

c)

sawungkus

d)

salembar

23.

katon ala ing rupa pranyata kebak ilmu


paribasane .....

a)

gajah ngidak rapah

b)

bathok bolu isi madu

c)

ora mangan nangka kena pulute

d)

sapa salah seleh

24.

Kang Dadi Salam pembukane layang, contohe :

a)

Surabaya, 15 Agustus 2014

b)

salam taklim

c)

Nuwun kados pundi kabarnipun pakdhe Rudi?

d)

Mugi-mugi pakarya panjenengan lancar

25.

Pegawe sing tugase ngawal pejabat arane ....

a)

algojo

b)

batur

c)

ajudan

d)

prajurit

26.

Eman-eman bocah bagus nanging mripate .....

a)

pesek

b)

nonong

c)

budheg

d)

kera

27.

Prabu Kresna iku ratu ing

a)

Dwarawati

b)

Mandura

c)

Ngastina

d)

Ngalengka

28.

Kang Kelebu pala kependhem yaiku ....

a)

wuni, blimbing

b)

jambu, salak

c)

telo, pohung

d)

degan, jambu

29.

Isine asem jenenge ......

a)

klungsu

b)

beton

c)

pongge

d)

kwaci

30.

Bu Karto mundhut caping ing pasar


wasesane tembang iku

a)

Bu Karto

b)

Mundhut

c)

caping

d)

ing pasar

31.

Ukara ngisor iki minangka kelebu cangkriman yoiku ....

a)

Dilebokne malah metu

b)

Klambine dilebokne lemari

c)

Bukune dilebokne tas

d)

Klambine gak dilebokne

32.

Ukara ngisor iki tulada teks pawarta wujud andaran ngenai kedadean yoiku ...

a)

Gunung kelud njeblug ing tanggal 14 Februari 2014

b)

Banjir bandang wingi sore dinuga amrga alas kulon kae gundul

c)

Jaman saiki udan panas ora pas wancine

d)

Ibu seneng banget dina iki

33.

Ukara kasebut diwaca

a)

Krateg salareja

b)

Kreteg selareja

c)

Kreteg selorejo

d)

Krateg soloreja

34.

Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku

a)
b)
c)
d)
35.

ana pira (berapa) guru gatra tembang macapat iki

a)

6

b)

7

c)

8

d)

9

36.

Jinise tembang macapat ana . . .

a)

sewelas

b)

pitu

c)

wolu

d)

sepuluh

37.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........

a)

banyu resik

b)

ngopeni banyu

c)

ngopeni banyu sumber penguripan

d)

banyu kali sumber panguripan

38.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Teks wacan ing dhuwur grembug bab .........

a)

banyu sumber penguripan

b)

banyu kali kang resik

c)

limbah omahan

d)

banyu resik ing ngendhi-endhi

39.

Banyu resik angel digoleki amarga saiki akeh banyu kali kang kena ........

a)

uwuh utawa larahan

b)

uwuh lan limbah

c)

suket kang tukhul saparan-paran

d)

gegodongan

40.

Teks kang ngandarake fakta, kamomot ing media cetak lan elektronik, isine kedadeyan utawa prastawa kang lagi dadi omongan, diarani teks ...........

a)

persuasi

b)

slogan

c)

pawarta

d)

pariwara

41.

Tembang kang kaiket dening guru wilangan, guru gatra, lan guru lagu diarani tembang ........

a)

macapat

b)

dolanan

c)

tengahan

d)

gedhe

42.

Pasangan aksara na yaiku ....

a)
b)
c)
d)