NEW
Font size
WorksheetsTO Jawa A 2020
Total questions: 30
Worksheet time: 30mins
Gatekna geguritan iki:
KEKANCA
Kekanca gawe tambahe paseduluran
Sajrone kekanca kudu bisa nyawijekake rasa
Ngedohake rasa iri, ngedohake prasangka sing ala
Supaya bisa gawe rukun lan santosa
Ana unen-unen rukun agawe santosa,crah agawe bubrah
Kekanca kudu bisa trapna unen-unen sing wis apik
Sajrone kekanca aja mung akal-akalan utawa menange dhewe
Kekanca kudu bisa guyup rukun rumaket kaya dulure dhewe
Isi geguritan ing dhuwur yaiku ....
.
Kekanca bisa guyup rukun
Kekanca ora bisa rukun.
Kekanca ngadohake rasa rukun.
Kekanca ora bisa guyub
Gatekna geguritan iki:
ENDAHE ALAM
Yen mandheng alam iki ..
Pikiran susah dadi endah
Anggugah semangat urip kangge jiwa iki
Atine dadi sumringah lan bungah
Yen ndeleng uwit ijo royo-royo
Awujud ciptaan Sing Kuasa
Lan kesucian sinar surya
Kanggo padhange ndonya iki
Puji syukur matur nang Gusti Allah
Marang kaendahan isine ing bumi
Sing kudu dijaga lestarine
Tanpa ngilangake kaendahane
Miturut geguritan ing dhuwur, bungah tegese….
kembang
susah
seneng
sedih
Hemat Energi
Pak Jasmin : “ Gus, apa awakmu ora repot?.”
Bagus : “ Mboten Pak, wonten dhawuh ”
Pak Jasmin : ” Mengko sore, nyuwun dhuwit ibumu ya.”
Bagus : “Kangge napa pak !.”
Pak Jasmin : Kanggo tuku lampu, amarga lampu pawon karo pasinaon pedhot.
Bagus : “Bu, dalem dipun utus bapak nyuwun arta .”
Ibu : “Kanggo apa,Gus?”
Bagus : “Ngendikanipun bapak lampunipun pedhot.”
Ibu : “ Ya bener Gus, tumbasa sing LED ya !”
Bagus : “ Kenging napa kedah LED bu ?”
Ibu : “ Amarga sak liyane padhang, uga bisa ngirit setrum, supaya ora bola- bali tuku lampu.”
Bagus : “ O.o mekaten. dados kita saget hemat energi nggih bu ?”
Ibu : “Ya, saiki mangkata tuku supaya ora kewengen. Mengko dipasang pisan ya !”
Bagus : “Inggih Bu...”
Bagus tuku lampu jenis LED amarga ....
lampune mati
padhang lan irit
kewengen tukune
dipasang apik
CITA - CITAKU
Kulawargane pak Jarwa nduwe anak 2 jenenge Adit lan Sinta. Adit nduweni cita-cita dadi guru, amarga guru kuwi penggawean kang mulya. Guru uga kasebut Pahlawan Tanpa Tanda Jasa.
Ukara sing katulis kandel ing wacan kasebut menawa diowahi dadi basa krama alus dadi....
Adit gadhah cita-cita dados guru.
Adit kagungan cita-cita dadi guru.
Adit gadhah gegayuhan dados guru.
Adit kagungan gegayuhan dadi guru.
ASAL USUL BANYUWANGI
Jaman biyen ing Jawa Timur anggadhahi kerajaan ageng ingkang dipun perintah dening Raja ingkang adil saha wicaksana. Raja kasebat anggadhahi putra ingkang gagah asmanipun Raden Banterang. Kesenengan inggih punika beburon.
Nalika Raden Banterang nembe beburon, Raden Banterang mirsani kidang mlampah wonten ngajengipun. Salajengipun enggal-enggal ngoyak kijang kasebat, namung Raden Banterang kecalan lacak buronanipun..
Watake raja utawa paraga crita ing wacan kuwi ….
Serakah lan ora bisa dipercaya.
Adil nanging gampang goyah.
Adil nanging gumedhe.
Adil lan wicaksana.
MANGKAT SEKOLAH
Aldi lan Rani sekolahe rada adoh. Mangkate mung numpak pit onthel, mula jam 05.30 Rani wis rampung adus lan nganggo seragam. Senajan mangkono Aldi lan Rani tetep sregep anggone sekolah. Bocah loro iku uga ora tau keri/telat sekolahe.
Jam enem Aldi sarapan. Sawise sarapan banjur mangkat sekolah. Nalika arep mangkat sekolah Aldi ora lali pamitan karo wong tuwane. Aldi lan Rani atine bungah amarga bisa mangkat sekolah bebarengan.
Crita ing dhuwur kagolong jenise crita ….
narasi
persuasi
dheskripsi
argumentasi
PADHANG BULAN
Yo prakanca dolanan ing njaba,
Padhang mbulan padhange kaya rina,
Rembulane kang angawe-awe,
Ngelikake aja turu sore-sore.
Isi tembang dolanan ing dhuwur yaiku ngajak dolanan ing ….
lapangan sadurunge sekolah
wayah sore sadurunge mangan
wayah sore aja turu sore
wayah padhang rembulan
Ukara “Padhang mbulan padhange kaya rina” ing tembang dolanan ing dhuwur ngemu karep padhang kaya ….
sunare srengenge
wayah awan
sinare lampu
wayah bengi
Aksara Jawa ing dhuwur iku unine ....
Kardi dicokot ula sawah.
Kadir dicokot nyamuk.
Akeh nyamuk nang sawah.
Kadir tuku obat nyamuk.
URIP AYEM TENTREM
Wiwit wulan Nopember manut adat mesthi wis udan. Udan mau diarani udan sepisan, tegese udan kang kawitan sawise ketiga dawa sing lawase kira-kira nem nganti pitung wulan. Malah tau ketiga dawa sing suwene nganti wolung wulan. Para among tani kalebu Pak Rizki atine seneng amarga udan sing diarep-arep wis teka lan wektune pas. Nalika udan sepisan teka ora ana wong tani sing nganggur, kabeh pada nggarap tegal lan sawahe saperlu enggal ditanduri. Pak Rizki esuk umun-umun wis ana tegalan saperlu nyingkal tegale nganggo pacul. Para among tani liyane ana sing nggarap sawahe sarana ngluku, nggaru, lan ana sing tandur.
Gagasan pokok paragrap ing dhuwur yaiku ….
Para among tani liyane ana sing nggarap sawahe.
Nalika udan sepisan teka ora ana wong tani nganggur.
Udan mau diarani udan sepisan, udan kawitan.
Wiwit wulan Nopember manut adat mesthi wis udan.
5. Wacanen kanthi patitis!
Saben taun nalika bulan purnama tanggal 14 sasi sepuluh kelender Jawa, dening masyarakat Suku Tengger dianakake upacara Kasada sing punjere ing sakupenge kawah Gunung Bromo, Gunung iku Gunung Geni kang dumunung ing komplek pegunungan Tengger, Jawa Timur. Dhuwure 2.392 metere lan mapan ing sisih kidule Pasuruan utawa sisih lor wetane kutha Malang.
Wacan iki kelebu jenis teks ....
dheskripsi
persuasi
narasi
eksposisi
12. Wacanen kanthi patitis!
Jejaring sosial era modern saiki wis sumramah ana ngendi-endi. Sing klebu jejaring sosial, yaiku: facebook, twitter, Whatsapps, Instagram, lan sapanunggalane. Tuwa, enom nganti bocah cilik kabeh wis nggunakake barang iki.
Ukara utamane paragrap ing dhuwur yaiku ...
Jaman saiki kabeh wis padha duwe jejaring sosial.
Sing klebu jejaring sosial, yaiku: facebook, twitter, Whatsapps.
Tuwa, enom nganti bocah cilik kabeh wis nggunakake barang iki.
Jejaring sosial era modern saiki wis sumrambah ana ngendi-endi.
12. Wacanen kanthi patitis!
Jaman mbiyen akeh wong padha ngingu tawon. Biasane kabeh ngingu tawon mung kanggo duwe-duwenan thok. Kandhang tawon jenenge khuthuk, sing digawe saka glugu bunder sing disigar dadi loro. Njerone dikrowaki ben bolong, ya bolongan kuwi sing digawe omahe tawon.
Ukara pitakon sing mathuk karo wacan ing dhuwur yaiku .....
Kapan kandhang tawon diundhuh?
Sapa sing duwe kandhang tawon?
Kepriye rupane kandhang tawon?
Apa jenenge kandhang tawon?
Pardi iku bocah kang kerep mblenjani janji, ora bisa digugu omongane.
Paribasane ....
kriwikan dadi grojogan
ngidu didilat maneh
golek banyu bening
isuk dhele sore tempe
12. Wohe mlinjo sing wis mateng katon abang ....
Tembung saroja kang mathuk kanggo wacan ing dhuwur yaiku ....
mbranang
seger
getih
enom
12. Wacanen tembang pucung iki!
Bapak pucung,
Renteng-renteng kaya kalung,
Dawa kaya ula,
Pencokanmu wesi miring,
Sing disaba Si pucung mung turut kutha.
Isi tembang Pucung ing dhuwur yaiku….
kalung
sepur
tasbih
slendang
12. Gatekno tembang pangkur iki!
Pangkur
Negriku Indonesia,
Nut jaman kapungkur tetap nyawiji,
Nunggaling kang den ginayuh,
Karaharjaning bangsa,
Loh jinawi subur kang sarwa tinandur,
Murah sandhang lawan pangan,
Karukunan kang jinagi.
Gatra kelima tembang Pangkur ing dhuwur guru wilangane cacahe ana …wanda
5
7
10
12
Raden Janaka satriya panengahing Pandhawa putrane Prabu Pandu Dewanata lan Dewi Kunti kesatriyane ing Madukara. Wujude satriya bagus tanpa cacat. Ing jagad ora ana tandhingane kebagusane amarga Janaka minangka simbol amal becik. Amal becik ora bisa pisah klawan swarga, kudu tumindak becik lan nindakake tuntunaning agama kanthi temen.
Amanah crita ing dhuwur yaiku ....
tuntunaning agama
satriya bagus tanpa cacat
mujudake tumindak becik
ing jagad ora ana tandhingane.
Raden Janaka satriya panengahing Pandhawa putrane Prabu Pandu Dewanata lan Dewi Kunti kesatriyane ing Madukara. Wujude satriya bagus tanpa cacat. Ing jagad ora ana tandhingane kebagusane amarga Janaka minangka simbol amal becik. Amal becik ora bisa pisah klawan swarga, kudu tumindak becik lan nindakake tuntunaning agama kanthi temen.
Watake Raden Janaka miturut wacan ing dhuwur yaiku ....
ala
panasbaran
angkara murka
becik
Pasangan sing digawe panulisan aksara Jawa ing dhuwur yaiku ….
na
ma
nya
pa
Aksara Jawa iku yen ditulis aksara Latin yaiku….
mangsa gendheng
mangsa rendheng
mangsa bandheng
mangsa kendheng
Ukara ing ngisor iki nganggo ater-ater anuswara yaiku…..
Sapine dipakani Suradi.
Adhike aja koganggu wae!
Simbah njabut uwan.
Wedhuse dak pakani suket.
Wacanen kang patitis
Ing mangsa rendheng akeh pawarta sing dimuat surat kabar, radio, lan televise ngenani bab banjir. Ing Jawa Timur, daerah sing dadi langganan banjir yaiku Bojonegoro, Tuban, Lamongan. Anane banjir amarga dhaerah mau kaliwatan kali Bengawan Solo, sawijining kali kang gedhe lan dawa ing tanah Jawa. Saliyane iku sing nyebabake banjir kejaba udan deres, ing kutha akeh kali sing mambeg amarga gorong-gorong mampet kesumpet larahan.
Isi wacan ing dhuwur sing trep yaiku….
Akeh kali sing mambeg amarga gorong-gorong kesumpet larahan.
Udan deres Gresik, Tuban, Bojonegoro mesthi banjir bandhang.
Gorong-gorong mampet kang didandani ing wayah rendheng.
Ana patang kutha kang dilewati kali Bengawan Solo.
Wacanen tembang ing ngisor iki!
Negara Indonesia,
Negara kang elok lan edi peni,
Akeh budaya lan suku,
Uga akeh agama,
Agawe bungah lan bombing ing atiku,
Muga lir ing sambekala,
Dimen rakyat bisa mukti.
Guru lagu lan guru wilangan tembang macapat kasebut yaiku….
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
8i, 11u, 8i, 7u, 12a, 8i, 8a
8u, 11a, 8a, 7u, 12a, 8i, 8a
8a, 11u, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
Negara kang elok lan edipeni
Ukara kuwi ngemu teges….
negara kang makmur
negara kang endah
negara kang sugih
negara kang mardika
Bapak ndhawuhi Anton,”Le, wis penak kudu disyukuri! Kadhangkala wong penak kaya sirah…dikepeti.”
Jangkepane paribasan kuwi yaiku….
ngwelu
mumet
gundhul
puyeng
Mubra-mubru blabur madu.
Tegese bebasan kasebut yaiku…..
Wong kang sarwa kacukupan uripe.
Wong sing uripe sarwa kekurangan.
Wong ala dipasrahi barang kang aji.
Wong kang ora bisa digugu omongane.
Pak Demang klambi abang yen disuduk manthuk-manthuk.
Batangane cangkriman kuwi yaiku…
ontong gedhang
kembang klapa
wit gedhang
godhong gedhang
Gatekna sesorah ing ngisor iki!
Pramila, kita sedaya dados tiyang sepuh kedah tansah waspada lan madosaken lare-lare enom kangge mboten kapikat dhateng pergaulan bebas. Caranipun kaliyan nyukani katresnan, welas asih lan kawigatosan ingkang cekap. Ngajak lare enom komunikasi ing sedaya bab lan ngarahakan lare-lare dhateng bab positif. Tuladhanipun, kanthi ngajak upaminipun kanca-kanca ingkang mbekta pengaruh sae utawi napa kajengipun piyambakipun supados nggayuh prestasi salebeting karya.
Isi sesorah ing dhuwur yaiku….
pitutur kangge lare enom
prestasine lare enom-enom
tiyang sepuh kudu waspada
pitutur bab pergaulan bebas
Gatekna sesorah ing ngisor iki!
Ingkang kinurmatan Bapak / Ibu Guru lan kanca-kanca seperjuangan ingkang tansah kula bingahaken, sumangga kita sedaya ngunjukaken puji lan syukur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun maringi kula lan panjenengan sedaya kesarasan saha karunia mila kula lan panjenengan sedaya saged kempal sareng wonten ngriki. Shalawat lan salam ugi kula lan panjenengan sedaya ngaturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW, mugi-mugi kula lan panjenengan sedaya tansah dipunparingi syafaatipun mangke wonten dinten akhir.
Bageyan sesorah ing dhuwur yaiku…..
Purwaka basa
Surasa basa
Wasana basa
Dudutan
