wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

MIOSI - Lat Usek Jawa 2020

Total questions: 50

Worksheet time: 50mins

Name
Class
Date
1.

KALI CILIK NGAREP OMAHKU

(Dening : Eko Nuryono)


Kali cilik ing ngarep omahku kuwi

Saiki banyune buthek, kebak lendhut

Ijone lumut lan iwak-iwak cethul

Kang biyen lelumban ing selane watu

Saiki kaganti lemut lan uget-uget


Kali cilik ing ngarep omahku kuwi

Biyen resik lan bening banyune

Nalika sekolah biyen aku tansah

Lungguh jejangongankaro sikil ongkang-ongkang

Sinambi namatake mripatmu kang bening


Kasongan, Mei 2008

Kapethik saka: Antologi Crita Cekak lan Geguritan "Pasewakan"

Konggres Sastra Jawa III/ 2011


Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku ....

a)

kali cilik

b)

pasewakan

c)

kali cilik ngarep omahku

d)

kasongan

2.

KALI CILIK NGAREP OMAHKU

(Dening : Eko Nuryono)


Kali cilik ing ngarep omahku kuwi

Saiki banyune buthek, kebak lendhut

Ijone lumut lan iwak-iwak cethul

Kang biyen lelumban ing selane watu

Saiki kaganti lemut lan uget-uget


Kali cilik ing ngarep omahku kuwi

Biyen resik lan bening banyune

Nalika sekolah biyen aku tansah

Lungguh jejangongankaro sikil ongkang-ongkang

Sinambi namatake mripatmu kang bening


Kasongan, Mei 2008

Kapethik saka: Antologi Crita Cekak lan Geguritan "Pasewakan"

Konggres Sastra Jawa III/ 2011


Geguritan ing dhuwur anggitane ....

a)

Eko Nuryono

b)

peserta konggres sastra Jawa

c)

pasewakan

d)

Kasongan

3.

KALI CILIK NGAREP OMAHKU

(Dening : Eko Nuryono)


Kali cilik ing ngarep omahku kuwi

Saiki banyune buthek, kebak lendhut

Ijone lumut lan iwak-iwak cethul

Kang biyen lelumban ing selane watu

Saiki kaganti lemut lan uget-uget


Kali cilik ing ngarep omahku kuwi

Biyen resik lan bening banyune

Nalika sekolah biyen aku tansah

Lungguh jejangongankaro sikil ongkang-ongkang

Sinambi namatake mripatmu kang bening


Kasongan, Mei 2008

Kapethik saka: Antologi Crita Cekak lan Geguritan "Pasewakan"

Konggres Sastra Jawa III/ 2011


Geguritan ing dhuwur dumadi saka ... pada lan ... gatra

a)

10, 2

b)

2, 10

c)

2, 5

d)

5, 2

4.

KALI CILIK NGAREP OMAHKU

(Dening : Eko Nuryono)


Kali cilik ing ngarep omahku kuwi

Saiki banyune buthek, kebak lendhut

Ijone lumut lan iwak-iwak cethul

Kang biyen lelumban ing selane watu

Saiki kaganti lemut lan uget-uget


Kali cilik ing ngarep omahku kuwi

Biyen resik lan bening banyune

Nalika sekolah biyen aku tansah

Lungguh jejangongankaro sikil ongkang-ongkang

Sinambi namatake mripatmu kang bening


Kasongan, Mei 2008

Kapethik saka: Antologi Crita Cekak lan Geguritan "Pasewakan"

Konggres Sastra Jawa III/ 2011


Tema geguritan ing dhuwur ngrembug babagan ...

a)

omahe penggurit sing ana kaline

b)

kali sing ndek biyen resik saiki malih dadi reged

c)

kali cilik ing ngarep omah sing wis malih

d)

kali cilik kang akeh iwake cethul

5.

Pesen kang disampekake pengarang marang para maos utawa sapa wae sing ngrungokake guritan anggite diarani ...

a)

diksi

b)

musikalitas

c)

tema

d)

amanat

6.

Tembung : piwulangku - sekolahku, iku ngemu purwakanthi ....

a)

guru swara

b)

guru sastra

c)

guru basa/ wewilelan

d)

guru lagu

7.

Guru lagu yaiku ...

a)

dhong-dhinge swara saben pungkasan wanda

b)

dhong-dhinge swara saben pungkasan pada

c)

dhong-dhinge swara saben pungkasan gatra

d)

dhong-dhinge swara saben pungkasan

8.

Guru wilangan yaiku ....

a)

cacahing wanda saben sapada

b)

cacahing wanda saben sagatra

c)

cacahing gatra saben sapada

d)

cacahing gatra saben saukara

9.

Tembung : pupus, bungkus-bungkus, iki migunakake purwakanthi ....

a)

guru swara

b)

guru sastra

c)

guru lagu

d)

guru basa

10.

Guritan kapilah dadi loro yaiku ....

a)

gagrak lawas lan gagrak anyar

b)

gagrak kuna lan gagrak modern

c)

gagrak tradisional lan modern

d)

gagrak lawas lan kontemporer

11.

Dawa cendheke swara iku aran ...

a)

intonasi

b)

ritme

c)

jeda

d)

mimik panto mimik

12.

Dhuh-adhuh kanca-kanca es em pe iki,

Kok 'dha lali nyiram,

Kembang pertamanan iki,

Mesakake kurang tirta.


Tentanduran yen kurang tirta puniki,

Uga kena panas,

Wusanane enggal mati,

Njalari genala janma.


Sakliyane den sirami dirabuki,

Rabuk ijo kena,

Kareben subur lan ndadi,

Lemu-lemu lan nyenegna.


Tembang Maskumambang ing dhuwur dumadi ....

a)

sapada

b)

rong pada

c)

telung pada

d)

patang pada

13.

Dhuh-adhuh kanca-kanca es em pe iki,

Kok 'dha lali nyiram,

Kembang pertamanan iki,

Mesakake kurang tirta.


Tentanduran yen kurang tirta puniki,

Uga kena panas,

Wusanane enggal mati,

Njalari genala janma.


Sakliyane den sirami dirabuki,

Rabuk ijo kena,

Kareben subur lan ndadi,

Lemu-lemu lan nyenegna.


Tema tembang Maskumambang ing dhuwur ....

a)

tanduran

b)

petamanan

c)

lingkungan urip

d)

njaga lingkungan

14.

Dhuh-adhuh kanca-kanca es em pe iki,

Kok 'dha lali nyiram,

Kembang pertamanan iki,

Mesakake kurang tirta.


Tentanduran yen kurang tirta puniki,

Uga kena panas,

Wusanane enggal mati,

Njalari genala janma.


Sakliyane den sirami dirabuki,

Rabuk ijo kena,

Kareben subur lan ndadi,

Lemu-lemu lan nyenegna.


Sing lali nyiram yaiku ....

a)

bocah SD

b)

bocah SMP

c)

bocah SMA

d)

bocah SMK

15.

Dhuh-adhuh kanca-kanca es em pe iki,

Kok 'dha lali nyiram,

Kembang pertamanan iki,

Mesakake kurang tirta.


Tentanduran yen kurang tirta puniki,

Uga kena panas,

Wusanane enggal mati,

Njalari genala janma.


Sakliyane den sirami dirabuki,

Rabuk ijo kena,

Kareben subur lan ndadi,

Lemu-lemu lan nyenegna.


Isi tembang Maskumambang pada kapindho yaiku ....

a)

tandurane padha garing krana kena panas

b)

tanduran yen kurang banyu bakal mati

c)

ora ana manungsa sing nyiram tanduran

d)

tandhuran yen kurang banyu bakal subur

16.

Simbah mundhut rasukan namung.....

Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku...

a)

satu

b)

siji

c)

setunggal

d)

setunggil

17.

Putrane Pak Jasmin namer setunggal dados dwija ing SMP Batangan ingkang nomer .... nembe SMA.

Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing nduwur yaiku....

a)

kaping kalih

b)

loro

c)

dua

d)

kalih

18.

Arjuna punika putra Pandawa kaping....

a)

telu

b)

tiga

c)

kaping telu

d)

tigo

19.

Basa kramane ngomong, yaiku....

a)

ngendika

b)

dhahar

c)

tindak

d)

nitih

20.

Cah enom marang wong tuwa kudhune nggunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama inggil

21.

Basa kramane numpak, yaiku....

a)

ngendika

b)

dhahar

c)

tindak

d)

nitih

22.

Basa kramane lunga, yaiku....

a)

ngendika

b)

dhahar

c)

tindak

d)

nitih

23.

Bapak tindak dhateng kantor . . . . mobil.

Tembung kang bener kanggo nglengkapi ukara ing ndhuwur yaiku . . . .

a)

numpak

b)

nitih

c)

ngasta

d)

mbeta

24.

Kepriye aturmu nalika nyuwun idin arep nginep ing daleme simbah?

a)

Bu, menapa pikantuk menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah.

b)

Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun

simbah?

c)

Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten griyanipun

simbah?

d)

Bu, menapa angsal menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah?

25.

Nalika matur ing rapat Rt, kepriye anggonmu njaluk kawigaten?

a)

Kepareng nyela pangandikan dhateng para bapak-bapak sedaya.

b)

Kula suwun bapak-bapak mendel rumiyin, kula badhe matur!

c)

Kepareng nyela atur dhumateng bapak -bapak ingkang nembe wawan

pangandikan.

d)

Kula suwun panjenengan sedaya mirengaken atur kula menika.

26.

Carita kang nyaritake asal-usul dumadine papan panggonan diarani....

a)

Fabel

b)

Legendha

c)

Mite

d)

Sage

27.

Ing ngisor iki kang kalebu tuladhane cerita legendha yaiku.…

a)

Dumadine desa Cluwak

b)

Joko Tingkir

c)

Nyi Rorokidul

d)

Timun Mas

28.

Gatekna pethikan cerita Legendha ing ngisor iki!


Legendha Desa Lahar

Jeneng desa Lahar kawiwitan saka jebluge Gunung Muria. Awit gedhene daya jebluge lahar, kurang luwih ping 500 saka daya ledhake bom atom Sekutuku ing kutha Hirosima. Mula iku nyebabake yutan meter kubik magma cair kecampur pasir mabur adoh ing angkasa.

..................................................


Irah-irahan saka carita Legendha ing dhuwur yaiku....

a)

Legendha Gunung Muria

b)

Legendha Desa Lahar

c)

Legendha bom Hirosima

d)

Legendha ledakan bom Sekutu

29.

Gatekna pethikan cerita Legendha ing ngisor iki!


Legendha Desa Lahar

Jeneng desa Lahar kawiwitan saka jebluge Gunung Muria. Awit gedhene daya jebluge lahar, kurang luwih ping 500 saka daya ledhake bom atom Sekutuku ing kutha Hirosima. Mula iku nyebabake yutan meter kubik magma cair kecampur pasir mabur adoh ing angkasa. Cipratan magma kang suhune ewon derajat celcius iku tiba ing salah sijine panggonan. Wong-wong sekti ing panggonan mau banjur gawe pager ghaib kanggo ngurung lahar panas mau supaya ora mliber tekan endi-endi. Sawise pirang taun, lahar mau adhem lan dadi watu kepara dadi lemah, banjur dipanggoni anak putu ing daerah mau kanthi menehi jeneng Desa Lahar.


Kanggo ngurung lahar panas supaya ora mliber banjur wong-wong sakti pada nggawe....

a)

Benteng

b)

Paguyuban

c)

Pager ghaib

d)

Pundhen kobar

30.

Gatekna pethikan carita Legendha ing ngisor iki!


Asal-Usul Desa Sirahan-Cluwak-Pati

Desa Sirahan manggon ing tlatah Wates Kabupaten Pati-Jepara. Desa Sirahan kawentar dadi pusat pendhidikan Agama. Kacarita nalika samana Kadipaten Pati ngutus Ki Jiwonolo, punggawa Kadipaten Pati kanggo mbukak alas ing tlatah Tayu sisih kulon.

.......................................................


Tembung "kawentar" tegese....

a)

Punggawa

b)

Dikepung

c)

Terkenal

d)

Dijenengi

31.

Gatekna pethikan carita Legendha ing ngisor iki!


Asal-Usul Desa Sirahan-Cluwak-Pati

Desa Sirahan manggon ing tlatah Wates Kabupaten Pati-Jepara. Desa Sirahan kawentar dadi pusat pendhidikan Agama. Kacarita nalika samana Kadipaten Pati ngutus Ki Jiwonolo, punggawa Kadipaten Pati kanggo mbukak alas ing tlatah Tayu sisih kulon.

.......................................................


Sapa kang diarani punggawa Kadipaten?

a)

Ki Joyodrono

b)

Raden Alim

c)

Ki Gabul

d)

Ki Jiwonolo

32.

Gagasan utawa pikiran kang dadi dasare carita diarani....

a)

Tema

b)

Alur

c)

Setting/ Latar

d)

Penokohan

33.

Cacahing gatra saben sapada diarani....

a)

Guru gatra

b)

Guru lagu

c)

Guru wilangan

d)

Pupuh

34.

Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani....

a)

Guru gatra

b)

Guru lagu

c)

Guru wilangan

d)

Pupuh

35.

Gatekna tembang Gambuh ing ngisor iki !


Sekar Gambuh ping catur,

Kang cinatur polah kang kalantur,

Tanpa tutur katula-tula katali,

Kadaluarsa katutuh,

Kapatuh pan dadi awon.


Guru wilangan lan guru lagune tembang Gambuh gatra kaping telu yaiku....

a)

10i

b)

12a

c)

10a

d)

12i

36.

Tembung kasebut nggunakake sandhangan

a)

Wulu

b)

Taling

c)

Suku

d)

Pepet

37.

Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara latin yaiku....

a)

Krateg salareja

b)

Kreteg selareja

c)

Kreteg selorejo

d)

Krateg soloreja

38.

Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku

a)
b)
c)
d)
39.

Cacahe sandhangan saka ukara kasebut yaiku....

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

40.

"Kadaluwarsa katutuh"


Ukara kasebut yen ditulis nganggo Aksara Jawa yaiku....

a)
b)
c)
d)
41.

aksara murda tegese ...

a)

aksara sirah, manawa ing basa Indonesia diarani huruf kapital

b)

aksara jawa, manawa ing basa Indonesia diarani huruf kapital

c)

aksara swara, manawa ing basa Indonesia diarani huruf kapital

d)

aksara rekan, manawa ing basa Indonesia diarani huruf kapital

e)

aksara angka, manawa ing basa Indonesia diarani huruf kapital

42.

aksara jawa ing dhuwur kalebu aksara ...

a)

rekan

b)

murda

c)

swara

d)

sirah

e)

angka

43.

gambar ing dhuwur kalebu aksara ...

a)

murda

b)

rekan

c)

jawa

d)

swara

e)

sirah

44.

Tembung-tembung iki sing nggunakake sandhangan pepet yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku

a)

Sambel

b)

Tempe

c)

Enak

d)

Jare

45.

Tembung kasebut nduweni pasangan

a)

da

b)

wa

c)

ma

d)

ca

46.

Carita Anoman Dhuta ditulis ana ing epos....

a)

Ramayana

b)

Babat Tanah Jawa

c)

Mahabarata

d)

Babat Gianti

47.

Sapa utusane Prabu Rama kanggo nggoleki Dewi Sinta?

a)

Wil Kataksani

b)

Anoman

c)

Dasamuka

d)

Indrajid

48.

"Pakdhe bali saka Semarang numpak bis"


Ukara ing dhuwur yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku....

a)

Pakdhe tindak dhateng Semarang nitih bis

b)

Pakdhe wangsul menyang Semarang numpak bis

c)

Pakdhe kondur dhateng Semarang nitih bis

d)

Pakdhe kondur saking Semarang nitih bis

49.

Ukara ing ngisor iki kang kalebu basa ngoko alus yaiku...

a)

Kula kesah sekolah nitih sepedha

b)

Mas Anton mengko Panjenengan arep tindak jam pira?

c)

Bapak sampun tindak kala wau jam sedasa

d)

Andi tuku buku ana ing Pati

50.

Simbah nembe gerah waja.


Gerah waja tegese ....

a)

Lara mripat

b)

Sirahe lara

c)

Lara untu

d)

Lara weteng