wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

TSSP Basa Jawa 23/24

Total questions: 45

Worksheet time: 2hrs 30mins

Name
Class
Date
1.

ILAT

Dening: Subagiyo Ilham Notodijoyo

Amung sawelat ambaning ilat

Pradene wasis murba misesa

Gawe begja cilakaning angga

Ajwa kendhat ngreksa ilat

Njaga wetuning wicara saru

Kang njalari tatuning kalbu

Obahing ilat darbe kasiyat

Lamun nuju prana bisa mikat

Yen tan pener gawe oreging rat

Pitutur kang kandhut ing geguritan kasebut yaiku ...

a)

Awake dhewe kudu kurmat marang wong sing luwih tuwa, ora kena laku daksiya marang sasama.

b)

Awake dhewe kudu tansah tulung tinulung marang sasama manungsa ing alam donya.

c)

Awake dhewe kudu tansah njaga wetuning wicara supaya ora nyilakani dhiri lan nglarani wong liya.

d)

Awake dhewe kudu tumindak kang empan papan, nggatekake menawa desa mawa cara negara mawa tata.

2.

ILAT

Dening: Subagiyo Ilham Notodijoyo

Amung sawelat ambaning ilat

Pradene wasis murba misesa

Gawe begja cilakaning angga

Ajwa kendhat ngreksa ilat

Njaga wetuning wicara saru

Kang njalari tatuning kalbu

Obahing ilat darbe kasiyat

Lamun nuju prana bisa mikat

Yen tan pener gawe oreging rat

Tema sajroning geguritan kasebut yaiku ....

a)

Ekonomi

b)

Moral

c)

Pendhidhikan

d)

Agama

3.

"Ajwa kendhat ngreksa ilat", duweni teges ...

a)

Aja kesel njaga wetuning wicara

b)

Aja kesel njaga wetuning ilat

c)

Ilat bisa gawe cilakaning dhiri

d)

Obahe ilat bisa gawe gegering donya

4.

Geguritan utawa puisi diupayakne amrih bisa ngresepake lan nengsemake. Mula, sajroning geguritan gunakake basa rinengga. Apa kang diarani basa rinengga?

a)

basa krama

b)

basa paesan

c)

basa padinan

d)

basa salugune

5.

Dimas : Assalamuallaikum. Kula nuwun, Pak. Badhe nyuwun pirsa Rizal punapa wonten dalem?

Pak Darno : Waalaikumsalam iya, Le. Rizal ana ing omah nanging iki mau nembe dikongkon biyunge tuku tabung gas. Ana apa?

Dimas : Menika kula badhe wangsulake buku Basa Jawa kagunganipun Rizal ingkang kula ampil kala wingi.

Pak Darno : Ooo ya, Le. Kene daktampanane mengko yen Rizal wis mulih bisa dakcaosake bocahe.

Dimas : Inggih, Pak. Menika bukunipun Rizal. Menawi mekaten kula pamit rumiyin nggih, Pak. Matur nuwun.

Pak Darno : Ya, Le. Ngati-ati ya.

Miturut pacelathon ing nduwur Dimas anggone matur karo Pak Darno gunakake basa apa?

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

6.

Lia : Kula nuwun, leres menika ruwang karyawan?

Devi : Inggih leres, Mbak. Wonten punapa?

Lia : Tepangaken kula Lia, karyawan enggal wonten Rumah Makan Aneka Rasa.

Devi : Ooo ingkang karyawan enggal ta? Nggih mangga, kula Devi. Sampeyan dalemipun pundi, Mbak Lia?

Lia : Inggih, Mbak Devi. Griya kula Koripan. Menawi sampeyan, Mbak?

Devi : ............................................................

Ukara kang trep kanggo ngisi wangsulane paraga Devi yaiku ...

a)

Dalemku Munggu

b)

Dalem kula Munggu

c)

Griyaku Munggu

d)

Griya kula Munggu

7.

“Kala wingi Bu Siti priksa dhateng dokter banjur ….. asam lambung inggil, mila .…. kraos senep lan boten sekeca.”

Tembung kang bener tur pener kanggo jengkepi ukara kasebut yaiku …

a)

Ngendikanipun, padharanipun

b)

Sanjangipun, padharanipun

c)

Ngendikane, padharanipun

d)

Sanjange, padharanipun

8.

Danang : Nyuwun pangapunten, Pak Pri. Kula badhe medal kelas amargi samenika ...... mumet. Kula badhe dhateng UKS.

Pak Pri : Ooo ya, Mas. Mangga.

Danang : Matur nembah nuwun, Pak.

Tembung kang trep kanggo jangkepi titik-titik ing ukarane Danang yaiku ....

a)

Sakit

b)

Gerah

c)

Sirah

d)

Mustaka

9.

Ngèlmu iku kalakone kanthi laku

Lêkase lawan kas

Têgêse kas nyantosani

Sêtya budya pangêkêse dur angkara

Wos surasane tembang ing ndhuwur, yaiku ....

a)

Golek ngelmu diwiwiti kanthi tenanan.

b)

Golek ngelmu iku kalakone kudu rekasa.

c)

Yen golek ngelmu iku kanthi tenan bakal bisa kagayuh.

d)

Golek ngelmu iku kudu temen lan ngedohi sipat ala supaya bisa kasil.

10.

Ngèlmu iku kalakone kanthi laku

Lêkase lawan kas

Têgêse kas nyantosani

Sêtya budya pangêkêse dur angkara

Tembang ing ndhuwur kalebu jinise tembang macapat, yaiku ...

a)

Mijil

b)

Maskumambang

c)

Pucung

d)

Durma

11.

Durung pêcus kasusu kasêlak bêsus

Amaknani rapal

Kaya sayid wêton Mêsir

Pêndhak-pêndhak angêndhak gunaning janma

Teges kang jumbuh karo gatra siji, yaiku ....

a)

wong kang durung jejeg kapinteran wis wani guroni uwong

b)

wong kang ora nduwe ngelmu kang becik

c)

wong kang kesusu selak bisa ajar ngelmu kang jumbuh

d)

pengen bisa ajar ngelmu kang migunani

12.

Aturan utawa paugeran sajrone tembang macapat ora kena diowahi utawa diganti. Jinise tembang macapat 11 nduweni struktur kang beda. Struktur tembang macapat kawangun saka patang perangan, yaiku ...

a)

pada, guru gatra, guru wilangan, lan guru sastra

b)

pada, guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu

c)

pada, guru gatra, guru lagu, lan guru sastra

d)

pada, guru lagu, guru wilangan, lan guru sastra

13.

Crita utawa karangan kang nyritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungsa kanthi ringkes diarani ....

a)

Novel

b)

Crita cekak

c)

Dongeng

d)

Crita pengalaman

14.

Ing ngisor iki kang kalebu struktur teks saka crita cekak yaiku ...

a)

Identifikasi, klarifikasi/definisi, deskripsi bagean

b)

Pambuka, (Orientasi), Pasulayan (Komplikasi), Pangudhare Prakara(Resolusi)

c)

Pambuka, Surasa/isi, Panutup

d)

Pambuka (Orientasi), panutup (reorientasi)

15.

Saben dina Jumat Pak Karman mbagi sega bungkusan gratis kanggo jamaah sholat Jumat kang mulih saka jumatan. Pak Karman, sejatine dodolan sega bungkusan ing sebrange mesjid. Bathine ora akeh. Nanging piyambakipun seneng bagi-bagi sega bungkusan senajan iku dagangan kang bakal didol gawe panguripan saben dinane.

Wewatekan saka Pak Karman, yaiku ...

a)

Seneng tinular

b)

Wicaksana

c)

Andhap Asor

d)

Luman

16.

Pak Hamid tatapane kosong. Nyawang dalan kang sepi mamring. Ora kaya biyasane. "Area Lockdown", katulis ing banner gedhe pinggir dalan. Banjur dheweke kelingan anake kang isih sekolah butuh kuota internet akeh lan omongane garwane, "Mas, susune adhik arep enthek." Ana luh kang tumetes alon ing pipine.

Swasana kang dialami dening paraga saka punggelan cerkak ing dhuwur, yaiku ....

a)

cuwa

b)

susah

c)

gela

d)

kuciwa

17.

Ukara ing ngisor iki kang kalebu basa rinengga yaiku...

a)

Kowe iki nek mangan kok kemlothek sajake kesusu tenan.

b)

Padha karo kowe nek babagan tresna, aku ya mung melu-melu wae.

c)

Pancen tenan nek bisa dadi patuladhan wong saben dinane tansah sinau.

d)

Sadar nek wis telat, ing dalan Toni mlayu-mlayu kaya kidang diuber singa.

18.

Ukara ing ngisor iki kang kalebu jinise purwakanthi guru swara yaiku...

a)

ngrukti bumi nastiti murih lestari

b)

ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa

c)

runtang-runtung rerentengan

d)

kinasihan kadya mimi lan mintuna

19.

Ancasing gawe basa rinengga salah sawijine yaiku...

a)

supaya teges tembunge ora bakal ana sing ngerti

b)

kanggo narik kawigaten amarga basane endah

c)

gawe jlimet tiyang sing maca

d)

ngurangi basa kang ora prelu digawe

20.

Nandhang tresna, tresnane mung samudana.

Nandhang lara, larane lara lapa.

Unen-unen ing ndhuwur kalebu jinise purwakanthi guru ....

a)

Basa

b)

Sastra

c)

Swara

d)

Gatra

21.

Apa kuwi sesorah?

a)

Kegiyatan micara ing ngarepe wong akeh kanggo ngandharake gagasan tartamtu.

b)

Asiling karya sastra sing wujude kaya puisi modern ing basa Jawa.

c)

Tembang Jawa anggitane Paku Buwana IV kang diwulangake ing pawiyatan.

d)

Asil karya sastra Jawa ing jaman Jawa Kuna sing isih ana nganti wektu saiki.

22.

Perangane pambuka pidato/sesorah sawise salam lan atur pakurmatan, yaiku ...

a)

pitepangan

b)

surasa

c)

atur puji syukur

d)

panutup

23.

(1) Surasa

(2) Purwaka

(3) Wasana

(4) Salam Panutup

(5) Salam Pambuka

Urutane perangan sesorah kang bener yaiku ....

a)

2-5-1-3-4

b)

5-2-1-3-4

c)

5-2-4-3-1

d)

2-5-1-3-4

24.

Gatekna bab-bab ing ngisor iki!

(1) ndhingkluk

(2) tangan ngapurancang

(3) nyawang tamu

(4) nguwasani pemirsa

Bab kang ora kena dilakokake nalika sesorah yaiku nomer…

a)

(4)

b)

(3)

c)

(2)

d)

(1)

25.

Tuladha surasa pidato, yaiku ....

a)

Cekap semanten atur kula, menawi lepat kula nyuwun pangapunten.

b)

Mangga sami muji marang Gusti Ingkang Kuwaos, awit dinten niki kita taksih saged makempal wonten papan ngriki.

c)

Dhumateng Bapak lan Ibu Guru sing kula bekteni, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.

d)

Kanca-kanca ingkang kula tresnani, dados siswa kedah sregep sinau, manut marang guru, lan netepi aturan sekolah.

26.

Sawijining olah seni kang dipentasake dening para paraga ing punggung lan duweni pesen utawa amanat sinandhi kang bisa kanggo tepa tuladha ing urip bebrayan diarani ....

a)

Sendratari

b)

Karawitan

c)

Sandiwara

d)

Bedhayan

27.

Paraga ing sandiwara kaperang dadi telu, yaiku ....

a)

Protagonis, prosigonis, lan tritagonis

b)

Protagonis, antagonis lan tritagonis

c)

Vertagonis, tritagonis lan antagonis

d)

Antagonis, fiksigonis, lan tritagonis

28.

Kang nglantarake crita, njlentrehne kanthi ringkes gegambaran isine crita.

Adate ana ing pambuka,diarani .....

a)

epilog

b)

monolog

c)

dhialog

d)

prolog

29.

Sajrone crita sandiwara kudu ana kang diarani ..... supaya crita sandiwara mau bisa urip.

a)

Tragedi

b)

Urutan

c)

Alur

d)

Konflik

30.

Ing sandiwara kang kudu digatekake saliyane dhialog yaiku pilihan tembung.

Pilihan tembung uga diarani .....

a)

Mentes

b)

Diksi

c)

Fiksi

d)

Non Fiksi

31.

Tulisan kang isine ngandharake lumakune sawijine kegiyatan kang mentas diayahi diarani ….

a)

Karangan dheskripsi

b)

Laporan observasi

c)

Laporan kegiyatan

d)

Karangan narasi

32.

Paugeran panulise teks laporan kegiyatan ing antarane yaiku….

a)

Tulisane kudu bener

b)

Dilampiri data lan foto

c)

Runtut manut strukture

d)

Nganggo basa sing endah

33.

Kegiyatan Sosialisasi Uwuh Organik

Uwuh organik utawa diarani uwuh teles yaiku uwuh kang bisa didaur ulang dadi rabuk. Uwuh organik tuladhane yaiku telek kewan, godhong garing, lsp. Jaman saiki akeh masyarakat kang ora bisa mbedakake uwuh organik lan anorganik. Bab iki nyebabake uwuh kasebut ora bisa utawa angel diurai. Uwuh organik iki asline nduwe guna kanggo masarakat akeh yen bisa ngolah.

1. Siswa dikenalake uwuh organik

2. Siswa diajari carane milah uwuh organik lan anorganik

Jinis kegiyatan : Sosialisasi uwuh organik

Pasarta : 345 siswa, 10 guru, 5 TU

Wektu : Jemuwah, 29 Maret 2024 (07.00 – 10.00)

Panggonan : Lapangan SMP Negeri 2 Bungkal

Ukara kang kecetak kandel kelebu….

a)

Lelandhesane laporan kegiyatan

b)

Wektu lan panggonan kegiyatan

c)

Andharan bab asil kegiyatan

d)

Tujuwan kegiyatan

34.

Bageyan teks kang nerangake pungkasane laporan kang bisa ditambahi saran tumrap lumakune kegiyatan, kanthi pangajab supaya kegiyatan kang dianakake ing liya wektu bisa lumaku luwih apik, diarani....

a)

panutup

b)

dudutan

c)

panyaruwe

d)

kesimpulan

35.

Bageyan teks kang nerangake lelandhesan lan tujuwan dianakake kegiyatan, diarani....

a)

Isi

b)

Saran

c)

Panutup

d)

Pambuka

36.

Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....

a)

b)

c)

d)

37.

Yen ditulis latin, yaiku . . .

a)

Tanggal 11 Oktober

b)

Tanggal 11 Nopember

c)

Tanggal 22 Oktober

d)

Tanggal 22 Nopember

38.

Coba wacanen!

a)

Wis zakat mal

b)

Wis zakat fitrah

c)

Bayar zakat mal

d)

Bayar zakat fitrah

39.

Manuk darane Darman cacahe ana pira?

a)

33

b)

34

c)

35

d)

36

40.

Nalika tanggal 23 Maret aku lunga menyang kraton Solo.

Ukara ing dhuwur yen ditulis aksara Jawa yaiku …

a)

b)

c)

d)

41.

Tata rakit teks drama kasusun saka 3 perangan, yaiku ....

4 lines
42.

Unsur pamangun teks drama kaperang dadi loro, yaiku unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik.

Unsur intrinsik mujudake unsur kang mangun saka njerone crita, dene unsur ekstrinsik mujudake unsur kang mangun saka njabane crita.

Apa wae kang kalebu unsur intrinsik teks drama?

4 lines
43.

Tata rakit teks palapuran kagiyatan kaperang dadi 3. Apa wae?

4 lines
44.

Isi nuduhake perangan teks palapuran kegiyatan kang ngandharake apa-apa kang ditemoni sajrone kegiyatan kang dilaksanakake. Ing perangan isi ana patang perangan bab kang ditembug, yaiku....

4 lines
45.

Ayo nulis aksara Jawa saka ukara ing ngisor iki!

Ngelmu pari saya isi saya tumungkul.

4 lines