Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

US BAHASA JAWA 2019/2020

Total questions: 15

Worksheet time: 45mins

Name
Class
Date
1.

Nalika teka mangsa ketiga

Lemah-lemah pada nela

Sumur-sumur suda banyune

Tetanduran garing


Isine geguritan ing ndhuwur yaiku....

a)

Ing mangsa ketiga lemah nela amarga akeh banyu.

b)

Lemah nela lan tanduran garing nalika teka banyune

c)

Ing mangsa ketiga tanduran garing amarga kurang banyu.

d)

Sumur suda banyune nalika rampung mangsa ketiga

2.

Yudhistira ana ing cerita Mahabharata pinter olah keprajuritan

lan gagah nalika dadi senapati perang. Yudhistira iku rajaning prajurit

kondhang titah ludira seta. Amarga watake jujur, ora gelem dora mula disejoni

marang mungsuh. Dhemen tetulung, apa

sing didarbeki yen dijaluk wong liya diwenehake. Mula kondhang sinebut

manungsa lega donya lila ing pati.

Yudhistira nggadahi watak ....

a)

jujur, ora gelem ngapusi, dhemen tetulung

b)

jujur, seneng tetulung, ora gelem weweh

c)

ora gelem dora, dhemen njaluk darbeke liyo

d)

dhemen tetulung, ora ngapusi, ora gelem weweh

3.

Wis tiba mangsa labuh,

wis wayahe padha ulur jagung,

kanggo jagan sadurunge panen pari,

prayogane iya nandur,

bayung, bayem, lombok, terong.


Tembung prayogane tegese ....

a)

mangsane

b)

wayahe

c)

mulane

d)

becike

4.

Keparenga kula badhe matur wonten ngarsa panjenengan sami. Sumangga kula dherekaken tansah munjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung. Inggih awit saking kenikmatan lan nugrahanipun, kula panjenengan ing wekdal punika saged makempal wonten ing aula punika saperlu sami mirsani acara pentas seni.


Perangan sesorah kalebu...

a)

pambuka

b)

surasa basa

c)

wasana basa

d)

salam panutup

5.

Nalika perang Baratayuda, Adipati Karna gugur nalika madeg dadi Senapati Ngastina ngadhepi sedulure nunggal ibu yaiku Raden Arjuna. Adipati Karna pantes dadi tinuladha lelabuhane kang mbela negarane nganti tumekaning seda.


Isine wacan yaiku...

a)

. Adipati Karna dadi senapati nanging gugur ning perang Baratayuda.

b)

Nalika perang Baratayuda, Adipati Karna dadi senapati ngadhepi Arjuna.

c)

Nalika dadi senapati, Adipati Karna mbela negara tekan tumekaning seda.

d)

kudu gelem lelabuhan mbela negarane nganti tumekaning seda.

6.

Ibu kondur saking Solo nggawa oleh-oleh.

Tembung nggawa benere yaiku … .

a)

ngasta

b)

nyangking

c)

mbekta

d)

nggendhong

7.

Prabu Kresna iku nalika isih cilik sesilih Raden Narayana.

Ukara kramane yaiku …

a)

Prabu Kresna punika nalika isih alit sesilih Raden Narayan.

b)

Prabu Kresna punika nalika taksih cilik asmane Raden Narayana.

c)

. Prabu Kresna punika nalika taksih alit sesilih Raden Narayana.

d)

Prabu Kresna punika nalika isih alit jenenge Raden Narayana.

8.

Mingkar-mingkuring ukara

Akarana karenan mardi siwi

Sinawung resmining kidung

Sinuba sinukarta

Mrih kretarta pakartining ilmu luhung

Kang tumrap ing tanah jawa

Agama ageming aji


Isine tembang ing ndhuwur yaiku ...

a)

Ukara ing tembang dadi pitutur kanggo anak.

b)

Ngajari anak kanthi pitutur, kawruh,lan agama

c)

Anak kudu iso nembang bab ilmu lan agama.

d)

Ing tanah jawa tembang ngemot pitutur apik.

9.

Panguwasa Demak asmane Pangeran Made Pandan kagungan putra arane Pangeran Pandan Arang. Nalika mbukak alas kanggo nenandur lan pomahan Sang Prabu seda. Sadurunge ninggal weling supaya putrane ora ninggalake papan kasebut amarga mbesuk dadi papan kang reja. Papan mau dadi papan kang subur lemahe, ijo royo-royo, nanging anehe tanduran arupa wit asem kang ditandur thukule arang-arang, kamangka lemahe subur.


Paraga crita ing ndhuwur yaiku ...

a)

Raden Patah

b)

Pangeran Pandan Arang

c)

Pangeran Made Pandan

d)

Raden Pandan

10.

Kosok baline tembung reja yaiku ....

a)

rame

b)

kondhang

c)

sepi

d)

makmur

11.

Rikala dinten Ahad enjang, Dinda remen sanget amargi badhe dipunajak Ibu kesah wonten Peken Johar saperlu mundhut ageman seragam kagem Bapak. Dinda kaliyan Ibu nitih gocar. Wonten ing sak nglebetipun gocar kraos sekeca sanget lan asrep ngantos Dinda keturon.

Nanging sak sampunipun dumugi wonten ing peken, Dinda badhe mandhap nanging sukunipun kesrimpet teras dawah wonten ngandap. Dhengkulipun ngedalaken rah. Lajeng Dinda dipun tulungi kaliyan tiyang dipun obati tatunipun.


Pengalaman ora nyenengake sing ana ing wacan ndhuwur yaiku ...

a)

sikile Dinda metu rahe

b)

dawah saking peken

c)

diajak Ibu menyang peken

d)

tatunipun diobati tiyang

12.

Dina iki timku lan tim saka Kudus padha gagah nganggo kaos tim. Kiper padha nganggo kaos lengen dawa lan kaos tangan. Bareng pemanasan dianggap cukup, pertandingan diwiwiti. Bareng pertandingan nyedhaki setengah main, Gandhung iso nglebokake bal ing gawang Kudus. Kanca-kanca padha ngrubuti lan suporter jingkrak-jingkrak.Nganti babak kapindho entek wektune, skor 1-0.


Topik wacan ing ndhuwur yaiku ...

a)

kekancanan tim bal

b)

latihan bal bareng

c)

dolanan bal-balan

d)

tandhing bal-balan

13.

Yen wis tinitah wong agung

aja sira ngugung dhiri,

aja leket lan wong ala,

kang ala lalunireki,

nora wurung ngajak-ngajak,

satemah anunulari.


Isine tembang ing ndhuwur yaiku ...

a)

Cedhak wong kang ala watake bakal ketularan yen ora kuat atine

b)

Yen raket marang liyan sing ala bisa katularan dadi wong apik lan kuat

c)

Dadi wong gedhe kudu tumindhak gumedhe kanthi ngajak-ngajak

d)

Wong bakal tumindhak ala yen rumangsa wis dadi wong agung

14.

1. Wasana mekaten ingkang saged kula aturaken. Nyuwun pangapunten mbok bilih atur kula wonten kalepatan.

2. Bapak ibu guru ingkang kinurmatan keparenga ing ngriki kula sakanca badhe medhar ingkang dados raos pangraosing manah. Boten keraos sampun 6 warsa, necep kawruh saha ngelmu saking panjenengan.

3. Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Allah awit sampun pinaringan hidayah bagas waras, stemah saged kempal ing pahargyan perpisahan kelas VI. 4. Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatu


Urutan sesorah ing ndhuwur benere ....

a)

4 - 3 - 2 - 1

b)

3 - 4 - 1 - 2

c)

2 - 3 - 4 - 1

d)

1 - 2 - 3 - 4

15.

Narta : “Mbah, badhe nyuwun priksa !”

Simba : “Arep takon apa ta, Le ?”

Narta : … .

Simbah : “Apa ning sekolahan kowe diwulang wayang ?”

Narta : “Inggih, Mbah. Kula remen sanget cariyos ringgit, kok!”

Simbah : “Apa arep kepengen dadi dhalang ta , Le ?”

Narta : “Pangestunipun, Mbah . Kula gadhah gegayuhan kados Gathot.”


Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing ndhuwur yaiku ....

a)

. Ndhamel wayang , Mbah

b)

Larase gamelan, Mbah

c)

Wayang, Mbah

d)

Ringgit, Mbah