Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ayo sinau basa Jawa gaes!

Total questions: 30

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Puisi kang nganggo basa Jawa jenenge ... .

a)

sesorah

b)

parikan

c)

geguritan

d)

sandiwara

2.

Pesen kang ana ing sakjerone geguritan jenenge ... .

a)

plot

b)

paraga

c)

amanat

d)

latar

3.

Nalika maca geguritan macane swarane kudu ... .

a)

cetha

b)

bengok-bengok

c)

alon banget

d)

banter

4.

Bapak pocung renteng-renteng kaya kalung

Dawa kaya ula

Pencoanmu wesi miring

Sing disaba si pucung mung turut kutha

Tembang macapat pocung ing dhuwur batangane (bethekane) yaiku ... .

a)

gajah

b)

klenthing (wadah banyu)

c)

sepur

d)

naga

5.

Bapak pocung dudu watu dudu gunung

Sangakamu ing sabrang

Ngon ingone Sang Bupati

Yen lumampah si pucung lambehan grana

Tembang macapat pocung ing dhuwur batangane (bethekane) yaiku ... .

a)

sepur

b)

klenthing (wadah banyu)

c)

korek kayu

d)

gajah

6.

Gambar wayang ing dhuwur jenenge ... .

a)

Puntadewa

b)

Werkudara

c)

Arjuna

d)

Nakula

7.

Gambar wayang ing dhuwur jenenge ... .

a)

Puntadewa

b)

Werkudara

c)

Arjuna

d)

Nakula

8.

Gambar wayang ing dhuwur jenenge ... .

a)

Puntadewa

b)

Werkudara

c)

Arjuna

d)

Nakula

9.

Nalika perang Pandawa lawane yaiku ... .

a)

Baladewa

b)

Punakawan

c)

Kurawa

d)

Murwakala

10.

Perange Pandawa karo mungsuhe kang sakbenere sedulure dewe jenenge ... .

a)

Ramayana

b)

Balarawa

c)

Padrana

d)

Baratayuda

11.

Jeneng gurune Pandawa yaiku ... .

a)

Duryudana

b)

Durna

c)

Dewabrata

d)

Kresna

12.

Jeneng liyane Arjuna yaiku ... .

a)

Bima

b)

Yudhistira

c)

Tangsen

d)

Janaka

13.

Jeneng liyane Puntadewa yaiku ... .

a)

Bima

b)

Yudhistira

c)

Tangsen

d)

Janaka

14.

Crita dumadine kutha Salatiga, Dumadine Grobogan, Dumadine Rawa Pening kalebu jinise crita ... .

a)

legendha

b)

fabel

c)

mite

d)

sage

15.

Wong kang ana ing sakjerone crita jenenge ... .

a)

amanat

b)

plot

c)

paraga

d)

latar

16.

Yen uripe wis pada sukses ora kena ... .

a)

tetulung

b)

ilang

c)

seneng

d)

gumedhe

17.

Bocah sholih lan sholihan yen karo wong tuwa, guru kudu ... .

a)

ngeyel

b)

bekti

c)

bantah

d)

ngapusi

18.

Tandane bocah kang sopan yen guneman karo wong kang luwih tuwa kudu nganggo basa ... .

a)

ngoko

b)

jawa

c)

krama

d)

gaul

19.

Simbah putri nembe gerah untune. Tembung untune kudu diganti ... .

a)

wajane

b)

wajanipun

c)

waja

d)

waja-waja

20.

Budhe Aisyah sampun mantuk saking Yogyakarta. Tembung mantuk kudune diganti ... .

a)

kondur

b)

rawuh

c)

tindak

d)

sare

21.

Dadi bocah solih lan sholihah kuwi ora kena dawa tangane. Tegese tembung kacethak miring yaiku ... .

a)

ngapusi

b)

gumedhe

c)

colong jupuk

d)

tulung tinulung

22.

Umar nalika ketemu gurune wayah esuk ngucapake Assalamualaikum lan ... .

a)

sugeng enjing

b)

sugeng siyang

c)

sugeng sonten

d)

sugeng dalu

23.

Nalika Ustadz Usman nembe mlebet ing kelas, murid-murid ngucapake sugeng ... .

a)

enjing

b)

rawuh

c)

sugeng sonten

d)

sugeng dalu

24.

Valen bocah kang sholih yen nembe liwat sakngarepe wong kang luwih tuwa kudu ngucapake ... .

a)

sugeng pamit

b)

sugeng dalu

c)

sugeng sonten

d)

nderek langkung

25.

Rafa ditumbasake sepatu anyar ibune amarga wingi wis biyantu ibune njaga toko. Kudune Rafa ngucapake ... .

a)

nyuwun pangestu

b)

maturnuwun

c)

amit

d)

nderek langkung

26.

Sandangan aksara Jawa ing dhuwur jenenge ... .

a)

taling

b)

pepet

c)

suku

d)

wulu

27.

Sandhangan Aksara Jawa ing dhuwur jenenge ... .

a)

suku

b)

wulu

c)

pepet

d)

taling

28.

Sandhangan Aksara Jawa ing dhuwur jenenge ... .

a)

suku

b)

wulu

c)

layar

d)

taling

29.

Sandhangan Aksara Jawa ing dhuwur jenenge ... .

a)

wulu

b)

suku

c)

layar

d)

cecak

30.

Wong kang ngripta (menciptakan) aksara Jawa yaiku ... .

a)

Dewata Cengkar

b)

Sembada

c)

Ajisaka

d)

Dora