wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bhs.Jawa SMPD

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Kabare Pak Seger arep mantu ( gedhe ).Tembung sing dikurung ing dhuwur iku yen dirimbag nganggo panambang "an", dadi...

a)

gedhen

b)

gedhenan

c)

gedhean

d)

gehe

2.

Aku krungu swara banyu ( grojok ).Tembung sajroning kurung benere...

a)

grojog

b)

grojogan

c)

kagrojog

d)

gumrojog

3.

Ditimbali (bali) kok ora gelem sumaur. Sing kelebu tembung dwi lingga salin swara yaiku...

a)

bali-bali

b)

bolak-balik

c)

bola-bali

d)

balik-balik

4.

Tembung lingga sing oleh ater-ater "dak , ko " diarani tembung...

a)

tanduk

b)

tanggap

c)

saroja

d)

dwi lingga

5.

Parlan ngguyang jaran ana ing kali. Sing klebu " jejer " yaiku...

a)

jaran

b)

Parman

c)

ngguyang

d)

ing kali

6.

Eyang boten purun nedha amargi Sakit. Ukara iku klebu krama...

a)

lugu

b)

alus

c)

inggil

d)

ngoko

7.

Ing struktur Laporan Asil Observasi, perangan sing mujudake dudutan utawa simpulan asil observasi diarani : ...

a)

Dhefinisi Umum

b)

Identifikasi

c)

Dheskripsi Bagean

d)

Dheskripsi Manfaat

8.

Kaya dene teks-teks liyane, teks laporan asil observasi uga katulis kanthi nggunake olah basa. Basa kang digunakake ing teks laporan asil observasi, yaiku ......

a)

Basa kang kulina digunakake ing karya sastra

b)

Basa Rinengga

c)

Basa baku utawa basa kang gampang dimangerteni

d)

Basa Kawi utawa Basa Jawa Kuna

9.

Wulan April

Yen ditulis nganggo aksara jawa : ...

a)
b)
c)
d)
10.

Ing ngisor iki kalebu ciri-cirine Ludruk

a)

Migunakake basa Jawa ragam Solo-Jogja.

b)

Migunakake basa Surabayan, kairing gamelan kanthi teknik tabuh Jawa Timuran

c)

Sumber critane njupuk saka Kisah Mahabarata

d)

Sumber critane njupuk saka Kisah Ramayana

11.

Ing unsur intrinsik crita, sing diarani setting yaiku : .....

a)

Gagasan pokok kang dikembangake dadi crita.

b)

Pesan moral kang kinandhut ing crita.

c)

Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar.

d)

Tata urutan lumakune crita

12.

Eksposisi, konflik, klimaks, anti klimak, resolusi. Iku kalebu urutaning : ....

a)

Tema

b)

Alur

c)

Latar

d)

Amanat

13.

Kang nglantarake crita, njlentrehne kanthi ringkes gegambaran isine crita. adate ana ngarep/pambuka,diarani ......

a)

epilog

b)

monolog

c)

dhialog

d)

prolog

14.

Crita sing nyritakake asal-usule papan utawa panggonan diarani ...

a)

fabel

b)

legendha

c)

sage

d)

mite

15.

"Pakdhe bali saka Semarang numpak bis"


Ukara ing dhuwur yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku....

a)

Pakdhe tindak dhateng Semarang nitih bis

b)

Pakdhe wangsul menyang Semarang numpak bis

c)

Pakdhe kondur dhateng Semarang nitih bis

d)

Pakdhe kondur saking Semarang nitih bis