wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BAHASA JAWA KELAS 9

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Ing struktur Laporan Asil Observasi, perangan sing mujudake dudutan utawa simpulan asil observasi diarani : ...

a)

Dhefinisi Umum

b)

Identifikasi

c)

Dheskripsi Bagean

d)

Dheskripsi Manfaat

2.

Kaya dene teks-teks liyane, teks laporan asil observasi uga katulis kanthi nggunake olah basa. Basa kang digunakake ing teks laporan asil observasi, yaiku ......

a)

Basa kang kulina digunakake ing karya sastra

b)

Basa Rinengga

c)

Basa baku utawa basa kang gampang dimangerteni

d)

Basa Kawi utawa Basa Jawa Kuna

3.

Ukara miturut kalungguhane tembung-tembunge, perangan kang mratelakake tindakan utawa kaanane jejer diarani : ...

a)

Jejer

b)

Wasesa

c)

Lesan

d)

Katrangan

4.

Ing ngisor iki tuladhane ukara tanggap

a)

Kancaku maca buku nganggo kacamata.

b)

Bukuku disilih Darwanto wis telung dina.

c)

Bocah kae nyekel kucing dhewe ora ana kancane.

d)

Ibu masak sayur lodheh senenganku.

5.

Sing diarani ukara andharan yaiku : ...

a)

Ukara kang mratelakake rasa pangrasa

b)

Ukara kang isine aweh pawarta

c)

Ukara kang isine ngongkon

d)

Ukara kang medharake rasa pangarep-arep, saupama lan senajan

6.

Ukara kang medharake rasa pangarep-arep, saupama lan senajan, diarani : ...

a)

Ukara Sambawa

b)

Ukara Panguwuh

c)

Ukara Pitakon

d)

Ukara Andharan

7.

Ing ngisor iki tuladhane Ukara Panguwuh : ...

a)

Panasa ta klambiku ben ndang garing.

b)

Muraha kae aku ora duwe dhuwit ya ora tuku.

c)

Diparingana slamet anggone lunga, supaya enggal ketemu adhine.

d)

Hore ,aku entuk biji satus !

8.

Aksara kang digawe kanggo

njangkepi cacahe aksara kang gunane kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, diarani : ...

a)

Aksara Rekan

b)

Aksara Swara

c)

Aksara Murda

d)

Aksara Legena

9.

Wulan April

Yen ditulis nganggo aksara jawa : ...

a)
b)
c)
d)
10.

Aksara " E ", yen ditulis nganggo aksara swara : ...

a)
b)
c)
d)
11.

Yen ditulis nganggo aksara latin : ...

a)

Abbas lagi panas.

b)

Arman lagi mangan.

c)

Akbar lagi mangan.

d)

Sabar lagi panas

12.

Yen ditulis nganggo aksara latin : ...

a)

Pitri budhal nyanyi

b)

Fitri budhal ngaji

c)

Putri budhal ngaji

d)

Fitri budal ngaji

13.

Bukune ana 25.

Yen ditulis nganggo aksara jawa : ...

a)
b)
c)
d)
14.

Ing ngisor iki kalebu ciri-cirine Ludruk

a)

Migunakake basa Jawa ragam Solo-Jogja.

b)

Migunakake basa Surabayan, kairing gamelan kanthi teknik tabuh Jawa Timuran

c)

Sumber critane njupuk saka Kisah Mahabarata

d)

Sumber critane njupuk saka Kisah Ramayana

15.

Ing unsur intrinsik crita, sing diarani setting yaiku : .....

a)

Gagasan pokok kang dikembangake dadi crita.

b)

Pesan moral kang kinandhut ing crita.

c)

Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar.

d)

Tata urutan lumakune crita

16.

Eksposisi, konflik, klimaks, anti klimak, resolusi. Iku kalebu urutaning : ....

a)

Tema

b)

Alur

c)

Latar

d)

Amanat

17.

Kang nglantarake crita, njlentrehne kanthi ringkes gegambaran isine crita. adate ana ngarep/pambuka,diarani ......

a)

epilog

b)

monolog

c)

dhialog

d)

prolog

18.

Crita sing nyritakake asal-usule papan utawa panggonan diarani ...

a)

fabel

b)

legendha

c)

sage

d)

mite

19.

Sumber crita wayang asale saka ....

a)

Tanah Jawa

b)

Indonesia

c)

India

d)

Arab

20.

"Pakdhe bali saka Semarang numpak bis"


Ukara ing dhuwur yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku....

a)

Pakdhe tindak dhateng Semarang nitih bis

b)

Pakdhe wangsul menyang Semarang numpak bis

c)

Pakdhe kondur dhateng Semarang nitih bis

d)

Pakdhe kondur saking Semarang nitih bis