wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Wayang Bima Bungkus

Total questions: 30

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Ing lakon Bima Bungkus , ana jabang bayi kang bakal dadi satriya sekti. Ing pungksane, Bima bungkus sejatine yaiku….

a)

Arjuna

b)

Dursasana

c)

Duryudana

d)

Werkudara

e)

Puntadewa

2.

Prabu Pandudewanata kaliyan Dewi Kunthi tansah nandhang duhkita amarga anake mbarep dilairake kawungkus selaput tipis kang ora bisa dipecah/disuwek nganggo pusaka apa wae.

Tembung duhkita padha tegese karo….

a)

Bungah

b)

Mantep

c)

Nelangsa

d)

Sumringah

e)

Nesu

3.

Ing lakon Bima Bungkus, pungkasane wisiking dewa sang wungkus denbucal ing alas....

a)

Rahtawu

b)

Dandaka

c)

Mandalasara

d)

Krewadhahana

e)

Amarta

4.

Sasuwene .... taun, ora nana kang bisa mecah bungkuse si jabang bayi (Bima)

a)

4

b)

6

c)

8

d)

10

e)

11

5.

Kang bisa mecah bungkuse Bima yaiku ....

a)

Bathara Guru

b)

Dewi Umayi

c)

Begawan Abiyasa

d)

Gajah Sena

6.

Sang Guru uga ngutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman. Tembung kawruh padha tegese....

a)

Kaprigelan

b)

Ngelmu

c)

Kasarasan

d)

Tumindak

e)

Gegladhen

7.

Gambar wayang iki jenenge ....

a)

Werkudara

b)

Arjuna

c)

Puntadewa

d)

Nakula

8.

Ing ngisor iki kang kalebu jejuluke Raden Werkudara yaiku ….

a)

Dwijasena

b)

Yudhistira

c)

Permadi

d)

Antareja

e)

Kresna

9.

Putra Pandhudewanata kang adhi mbarep iku arane Werkudara utawa Bratasena kang duwe watak, kejaba....

a)

Wicaksana

b)

Teguh iman

c)

Pendiriane kuwat

d)

Dur angkara

e)

Kendel lan blaka

10.

Wayang kasebut jenenge yaiku....

a)

Arjuna

b)

Gathutkaca

c)

Puntadewa

d)

Kresna

11.

Wayang kasebut jenenge yaiku....

a)

Bhima

b)

Arjuna

c)

Puntadewa

d)

Kresna

12.

Ing Suralaya, Bathara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah, kinen mecah si bungkus seangga sejatining manungsa. Sang guru ugi angutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang sing bungkus.


Latar kedadeyan ing crita kasebut ana ing....

a)

Suralaya

b)

Astina

c)

Kraton

d)

Kaputren

e)

Amarta

13.

Dewi Arimbi iku garwane ....

a)

Werkudara

b)

Gathutkaca

c)

Arjuna

d)

Pandhu Dewanata

14.

Gambar wayang iki yaiku anake Bratasena kang duwe jeneng ....

a)

Werkudara

b)

Janaka

c)

Gathutkaca

d)

Baladewa

15.

Panengahe Pandhawa yaiku ....

a)

Janaka

b)

Werkudara

c)

Puntadewa

d)

Duryudhana

16.

Pilihen wayang Pandhawa ing ngisor iki!

a)
b)
c)
d)
17.

Apa sebabe Prabu Pandhudewanata bingung?

a)

bungkuse jabang bayi iku ora tedhas sakabehing gegaman lan pusaka kang ana ing Astina

b)

anake kang nomer loro wis lair

c)

kahanane jabang bayi isih ana ing sanjerone bungkus

d)

kaya sawijining barang kang ana ing plendungan

18.

Apa sing aneh saka jabang bayi bungkus iku?

a)

bungkus babar pisan ora bisa disuwek utawa dipecah

b)

ana ing njero bungkus

c)

kaya plebungan kang isi angin

d)

lahir ing sajeroning bungkus

19.

Prabu Pandhudewanata oleh sasmita apa?

a)

ndonga nyuwun marang Gusti

b)

bayi kang wujud bungkus iku supaya diselehake ana ing alas Mandalasara

c)

dibuang ing alas kang adoh banget

d)

dikintirke ing kali kang deres

20.

Jabang bayi bungkus sidane dibuwang menyang endi?

a)

alas Astina

b)

alas Madukara

c)

alas Mandalasara

d)

alas Malasandra

e)

alas roban

21.

Kepriye sejatine atine Parbu Pandhudewanata ninggal jabang bayi bungkus ing tengah alas?

a)

lega

b)

tenang wae

c)

seneng

d)

ora tegel

e)

ora ngurus

22.

Pirang taun jabang bayi bungkus gumletak ing alas Mandalasara?

a)

pat likur taun

b)

pat belas taun

c)

patang taun

d)

pat angewu taun

e)

patangpuluhpat taun

23.

Kewan apa sing marani jabang bayi mau?

a)

banteng gedhe

b)

rusa gedhe

c)

gajah gedhe

d)

badak gedhe

e)

bocah gedhe

24.

Dening gajah, jabang bayi bungkus diapake?

a)

dicekel, digendong, diadusi, dipangan

b)

digandeng, dijak dolanan, dijak mancing

c)

diumbulake, ditenteng menyang edni-endi, dinggo bantal

d)

ditendhang-tendhang, dienggo bal balan, diumbulake, diidak, dibanting

e)

dibuwang

25.

Ing Ngastina, Dewi Kunthi nglairake bayi kang awujud bungkus. Dhawuhe Dewa, bungkus kudu dibuang ing alas Kredawahana. Ing pertapaan Wukir Retawu, Raden Permadi njelasake kahanan Bima Bungkus marang Begawan Abiyasa. Amarga Si Bungkus nggegerake donya, Batara Guru ngutus Gajah Sena kanggo mecah Si Bungkus lan uga ngutus Dewi Umayi kanggo ngajari babagan apik marang si bungkus. Sawise Si Bungkus pecah, Si Bungkus mateni Gajah Sena. Banjur Batara Narada nerangake sapa sejatine si bungkus lan maringi asma Bratasena. Ratu Tasikmadu nyuwun tulung Bratasena kanggo mateni Raja Raseksa lan patihe. Sawise Raja Raseksa lan patihe mati, kasektene mlebu ing awake Bratasena.

Alur saka crita wayang Bungkus ing dhuwur yakuwe….

a)

Pengenalan

b)

Lurus

c)

Campuran

d)

Mundur

e)

Maju

26.

Bima menika putra nomer loro Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi. Wiwit lair, Bima sampun gawe gegere Suralaya. Gegere Suralaya awit laire Bima nganti pirang-pirang taun isih wae kabungkus ari-ari. Ora ana senjata kang bisa mecah bungkus kuwi. Bima sing isih kabungkus ari-ari digawa Prabu Pandhu marang alas Kredawahana lan ditinggal dhewekan.

Ana ing alas Kredawahana, Bima kang sejatine isih semedi jroning bungkus ari-ari gawe kemrungsunge para raksasa kang manggon ana ing kono. Anane Bima gawe hawa panas panggonan mau. Mula, para raksasa lapur marang Bathari Durga.

(Kapethik saking buku Prigel Basa Jawa kelas X)


Paraga utama saka cuplikan crita wayang ing dhuwur yakuwe ...

a)

Prabu Pandhu

b)

Dewi Kunthi

c)

Gajah Sena

d)

Bratasena

e)

Bathari Durga

27.

Ing Ngastina, Dewi Kunthi ngairake bayi kang awujud bungkus. Dhawuhe Dewa, bungkus kudu di buang ing alas Kredawahana. Ing pertapaan, Raden Permadi njelasake kahanan Bima Bungkus marang Retawu Begawan Abiyasa. Amarga si bungkus ngegerake donya, Batara Guru ngutus Gajah sena kanggo mecah si bungkus lan uga ngutus Dewi Umayi kanggo ngajari babagan apik marang si bungkus. Sak sampunipun si bungkus pecah, si bungkus mateni Gajah Sena. Banjur Batara Narada nerangake awake si bungkus lan maringi asma Bratasena. Ratu Tasikmadu nyuwung tulung Bratasena kanggo mateni Raja Raseksa lan patihipun. Sawise Raja Raseksa lan patihipun mati, kekiyatanipun mlebu ing awake Bratasena.

Amanat kang bisa dijupuk saka crita Bima Bungkus kasebut yaiku ....

a)

Kudu ati-ati marang apa kang ditindakake marang liyan.

b)

Aja gampang nesu sakdurunge ngerti perkarane.

c)

Sedhulur iku wong bisa dipercaya.

d)

Kudu manut marang guru.

e)

Guru ora mesthi pinter.

28.

Bima iku titisane bathara...

a)

Indra

b)

Bayu

c)

Siwa

d)

Naradha

e)

Guru

29.

Gajah Sena iku putrane...

a)

Bathara Naradha

b)

Bathara Guru

c)

Bathara Bayu

d)

Bathari Umayi

e)

Bathari Durga

30.

Sawise bungkuse pecah, jabang bayi dikapakake?

a)

digendhong gajah

b)

dibanting sakuwate dening gajah

c)

dielus-elus nganggo tlalene gajah

d)

disundhang gajah

e)

dibuang