wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ujian Sekolah Bahasa Jawa

Total questions: 50

Worksheet time: 3hrs 30mins

Name
Class
Date
1.

Wacanen teks dheskriptif iki kanthi setiti!


Sendang Biru

Sendang Biru yaiku salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang, klebu Kecamatan Sumbermanjing. Manggone ing sakidule kutha Malang kang adohe kurang luwih 30 kilo meter. Pesisir Sendang Biru minangka obyek wisata sing endah lan bisa narik kawigaten marang sapa wae sing teka menyang Sendang Biru. Jalarane pesisire resik, wedhine katon putih, lan yen nyawang mangidul katon njenggerenge Pulo Sempu. Saka Pesisir Sendang Biru bisa nyabrang menyang Pulo Sempu. Anane Pulo Sempu ombak ing Pesisir Sendang Biru ora gedhe. Ing Sendang Biru dijangkepi fasilitas kang bisa nyengkuyung kegiatan pariwisata.

Diarani Sendang Biru kuwi ana sejarahe. Ing pesisir ana sawenehing sumber kang banyune wernane biru. Tembung sumber bisa uga ateges sendhang, mula banjur diarani Pesisir Sendang Biru.


Teks kasebut nerangake papan wisata Sendang Biru. Papan wisata kasebut diarani Sendang Biru jalaran ....

a)

wernane banyu segara katon biru

b)

pemandhangane katon biru

c)

ana sumber sing banyune biru

d)

wedhine katon biru

2.

Wacanen teks dheskriptif iki kanthi setiti!

SENDANG BIRU

Sendang Biru yaiku salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang, klebu Kecamatan Sumbermanjing. Manggone ing sakidule kutha Malang kang adohe kurang luwih 30 kilo meter.

Pesisir Sendang Biru minangka obyek wisata sing endah lan bisa narik kawigaten marang sapa wae sing teka menyang Sendang Biru. Jalarane pesisire resik, wedhine katon putih, lan yen nyawang mangidul katon njenggerenge Pulo Sempu. Saka Pesisir Sendang Biru bisa nyabrang menyang Pulo Sempu. Anane Pulo Sempu ombak ing Pesisir Sendang Biru ora gedhe. Ing Sendang Biru dijangkepi fasilitas kang bisa nyengkuyung kegiatan pariwisata.

Diarani Sendang Biru kuwi ana sejarahe. Ing pesisir ana sawenehing sumber kang banyune wernane biru. Tembung sumber bisa uga ateges sendhang, mula banjur diarani Pesisir Sendang Biru.

Pesisir Sendang Biru ing dinane iki dikelola dening perusahaan negara aran Forestay. Ing kana fasilitas wis sumadiya, ing antarane yaiku panginepan, guess house, omah jaga, lan prau sewan. Para pengunjung yen kepengin menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum, yaiku mikrolet jurusan Gadang-Turen-Sendang Biru.


Saka teks kasebut, ukara sing klebu bageyan idhentifikasi yaiku ....

a)

Ing Sendang biru sumadiya fasilitas, ing antarane yaiku panginepan, guess house, omah jaga, lan prau sewan.

b)

Para pangunjung yen kepengin menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum.

c)

Sendang Biru yaiku salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang, klebu Kecamatan Sumbermanjing.

d)

Ing Sendang Biru dijangkepi fasilitas kang bisa nyengkuyung kegiatan pariwisata.

3.

Gatekna wacan ngisor iki!

Ki Hajar Dewantara nduweni lelabuhan sing gedhe banget ing donyaning pendhidhikan. Taun 1959 Pamarentah paring gelar Bapak Pendidikan marang Ki Hajar Dewantara, lan tanggal 2 Mei cundhuk karo tanggal miyose ditetepake minangka Dina Pendidikan Nasional. Sesanti Tut Wuri Handayani nganti saiki dadi lambange Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan.


Tembung lelabuhan tegese ....

a)

cita-cita

b)

jasa

c)

cara

d)

keinginan

4.

Gatekna crita wayang iki!


Ratu Ayodya, Prabu Dasarata peputra Rama sing sabanjure nggenteni dadi ratu sing jejuluk Prabu Rama. Kanggo ngganepi lan njangkepi jejering uripe, Prabu Rama nggarwa Dewi Sinta putri saka Prabu Janaka ing Manthili.


Garwane Prabu Rama iku putri saka Kraton ....

a)

Ayodya

b)

Jodhipati

c)

Astina

d)

Manthili

5.

Gatekna tembang kreasi iki!


Yo kanca ing nggisik gembira Alerap-lerap banyune segara Angliyak numpak prau layar Ing dina minggu keh pariwisata Alon praune wis nengah


Byak byuk byak byuk banyu binelah Ora jemu jemu karo mesem ngguyu Ngilangake rasa lungkrah lesu Adik njawil mas, Jebul wis sore Witing kalapa katon ngawe-awe Prayogane becik balik wae

Dene sesuk esuk tumandang nyambut gawe


Pesen utawa informasi sing bisa dijupuk saka tembang kasebut yaiku ...

a)

Yen wektune wis sore luwih becik mulih wae.

b)

Yen dina minggu luwih kepenak menyang papan wisata.

c)

Praune para nelayan yen sore mesthi mlaku kanthi alon.

d)

Yen plesir utawa dolan ing papan wisata kudu eling wektu.

6.

Gatekna geguritan iki!


Mitraku


Dening: Satya Atmaja*


Angeting panyapane kanca

Ndadekake memitran sansaya gayeng

Sakabehe perkara dirampungake bareng

Ooo Gusti Pangeran . . .

Kula nenuwun,

Memitran iki pindha mimi lan mintuna

Saya lawas saya raket anggone memitran

Takaturake nenuwun marang mitraku

Dene aku antuk mitra kaya ndika.


Surabaya, 12 Juni 2015


Manut geguritan ing ndhuwur nuduhake yen jejere kanca iku kudu tansah...

a)

Aweh tetulung marang kanca nalika ana perkara supaya anggone kekancan sansaya raket.

b)

Aweh pakurmatan marang wong tuwane kancane.

c)

Menehi pambiyantu ing bab ala.

d)

Menehi pambiyantu ing bab angkara.

7.

Wacanen geguritan “Piweling” iki kanthi setiti!


PIWELING.


Dening : Sendang Mulyono


Aku ngugemi ngendikamu Ibu

Nalika arep budhal sekolah

Nyangking tas kebak buku

Ngger jagad iki amba tebane

Aja cilik ati

Kabeh bisa karengkuh

Kanthi ngelmu


Jagad iki bisa direngkuh kanthi cara duwe ....

a)

bandha

b)

ilmu

c)

dhuwit

d)

buku

8.

Wacanen geguritan “Taman” iki kanthi setiti!


TAMAN

Dening : J.F.X. Hoery


Ing taman

Ing taman anakku

Tawon lan kupu rebutan madu

Kinjeng lan kombang rebutan kembang

Angin esuk ngerog ebun ing pucuking kudhup

Kekedhering kinjeng lan kupu

Aja nganti mbokincup Sawangen wae

Endahe.

Ing taman

Ing taman anakku

Kupu lan kinjeng isih kapiadreng

Tawon lan kombang ngenam panandhang

Madu lan kembang ninggal kudhup esuk

Mega-mega putih gegojegan mapag angin sore

Aja mbokguyu dheweke

Sawangen

Ing biruning langit

Kae papane kawruh lungit

Lan ing kana uga aku titip

Geguritan kang dakrakit.


Padangan-Bojonegoro, 1986, Jayabaya, No. 28 tgl. 9 Maret 1986 lungit = (Ind. rumit, namun indah)


Pesan moral kang tinemu ing geguritan “Taman” kasebut yaiku …

a)

Obahe kewan ing taman aja diganggu.

b)

Kita kudu njaga kaendahaning alam.

c)

Gawe geguritan kudu ing taman

d)

Aja diguyu nalika mega putih mapag angin sore.

9.
a)

dhadhi siji

b)

dadi siji

c)

cacah siji

d)

sasi siji

10.

Sandhangan swara sing ana ing ukara kasebut yaiku ....

a)

wignyan, pepet, suku

b)

wulu, wignyan, suku

c)

wulu, suku, taling

d)

wignyan, suku, pepet

11.

Kembang kanthil. Ukara kasebut yen ditulis mawi aksara Jawa yaiku….

a)
b)
c)
d)
12.

Wacanen kanthi setiti!


”He Raja kang wengis, aku Dewi Limaran sing wis koksotake dadi kidang. Sawise dadi kidang saiki isih kopanah nganti teka ing pati. Saiki wis titiwancine ngundhuh wohing pakartimu, udan angin lan langit peteng dhedhet iki minangka piwalesku sing bakal ngentirake anggamu”. Lerene swara mau ana bledheg nyamber Sang Prabu, sanalika Sang Prabu malih dadi naga.


Paragraf ing ndhuwur yen katitik saka struktur teks kalebu peranganane ....

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

klimaks

d)

resolusi

13.

Wacanen kanthi setiti!


“Kaya dina iki, biyasane ya ngene iki, aku budhal nyambut gawe kanthi numpak bis Surabaya- Malang. Aku milih bis sing ora AC-an, mergane balungku krasa pating cekot-cekot nek kena AC. Numpak bis kalem-kalem lungguh rada mburi karo nglamun lan ngeling-eling cilikanku lan wong tuwaku sing isa ngopeni anak telu kanthi isa sekolah kabeh. Pepinginane wong tuwaku marang anake supaya bisa urip kepenak pungkasane keturutan. Saiki Cakku dadi pejabat ing perusahaan sepur negara, ngelingi biyen nalika isih cilik aku, cacakku, lan adhikku dolanan pencolotan turut ril sepur. Dene adhikku saiki dadi pengusaha sukses ing biro perjalanan Jakarta-Surabaya. Ya mek aku thok sing dadi guru. Alhamdulillah pepinginane wong tuwa diidini Gusti Pangeran.”


Latar panggonan paraga “Aku” sing ana ing wacan kasebut yaiku ....

a)

ing jrone sepur

b)

ing jrone bis

c)

ing jrone terminal

d)

ing jrone stasiun

14.

Wacanen kanthi setiti!


“Pepinginane wong tuwaku marang anake bisa kawujud. Anak-anake saiki urip kepenak lan sarwa kecukupan. Aku, Cakku, lan Adhikku pungkasane dadi kabeh kaya sing diangen-angenake Bapak lan Ibuku biyen. Biyen wong tuwaku nate ngendika, “Le, Ndhuk yen kepengin dadi wong sing kasil lan adoh saka rekasane urip sangune mung siji, yaiku sekolah sing sregep.” Kaya mengkono ngendikane Bapakku biyen. Syukur konjuk Gusti Pangeran, aku lan sedulurku saiki bisa urip ayem jalaran nggugu ngendikane Bapak lan Ibu.”


Pesen utawa amanat sing bisa dijupuk saka wacan kasebut yaiku ...

a)

Urip aja nggugu ngendikane wong tuwa lan sedulur.

b)

Aja lali marang wong tuwa lan sedulur yen mbesuke wis kasil.

c)

Tansah sregep lan tumemen anggone sekolah supaya pepinginan bisa digayuh.

d)

Dadia wong sing kasil amrih uripmu ayem lan tentrem

15.

Wacanen ukara iki kanthi setiti!

X : “Dadi wong aja ngapusi, mbujukan ta!”

Y : “Sepurane aku wingi ora bisa teka, merga ana acara.”

X: “Saben ora teka kok alasane ana acara wae, kowe iki!”

Y: “Ya sepurane banget wingi ora bisa teka, sepurane banget ya?”

X : “Eee saben ora teka njaluk sepura! Aku ya isa yen ngono! Njagakne tekamu iku kaya ngenteni udan ing mangsa ketiga! Kamangka garapane awakedhewe iku wis dienteni Pak Ardi!”


Ukara sing kacithak miring iku nduweni teges ....

a)

Ngenteni samubarang sing mesthi dumadi

b)

Ngenteni sing bakal kedadeyan

c)

Ngenteni pawongan sing mesthi tekane

d)

Ngenteni bab sing ora bakal dumadi

16.

Wacanen kanthi setiti!

“Aku lan dheweke iku ora padha. Saliyane iku, Aku lan dheweke iku beda. Beda adoh, kayadene bumi lan langit. Yen dheweke iku wong nduwe, dene Aku wong ora nduwe. Mula saka iku Aku kudu tansah usaha supaya pepinginanku bisa kawujud. Sapa ngerti mbesuk ana owah-owahan. Nanging yen saiki? Nduweni pepinginan iku wae ora bakal kawujud, anggep wae kahananku saiki padha dene cebol nggayuh lintang.”


Ukara sing kacithak miring kasebut klebu saloka, sing nduweni teges ....

a)

Wong asor sing sugih bandha donya

b)

Mburu barang sepele sing asile ora sumbut karo rekasane

c)

Wong sing uripe sarwa kurang nanging nduweni gegayuhan sing angel diwujudake

d)

Ora ana sing bisa ngalahake

17.

Gatekna wawancara iki kanthi tliti!

Aji : Kula nuwun.

Pak Adi: Mangga Le, kene mlebu kene.

Aji : Inggih pak, matur nuwun.

Pak Adi: Ana perlu apa kok sajake penting banget.

Desi : Menika hlo Pak, kula kepengin ngertos bathik kagungane Panjenengan.

Pak Adi: Apa wae sing pengin dingerteni Le, Ndhuk?

Desi : ................................................

Pak Adi : Usaha bathik iki takjenengne “Sekar Arum”.


Kanggo njangkepi guneman wawancara kasebut, ukara sing cocog yaiku ....

a)

Apa jenenge usaha bathik sampeyan Pak?

b)

Sinten naminipun usaha bathik Panjenengan Pak?

c)

Sapa jenenge sing nduwe usaha bathik Pak?

d)

Menapa naminipun usaha bathik Panjenengan Pak?

18.

Gatekna pethilan wawancara iki!

Desi : Menika hlo Pak, kula kepengin ngertos bathik gadhahe Panjenengan.

Pak Adi: Apa wae sing pengin dingerteni Le, Ndhuk?


Tembung kang kacithak kandel kasebut yen diowahi menyang tembung krama inggil yaiku ....

a)

kagungane

b)

duweke

c)

gadhahipun

d)

nduweni

19.

Gatekna layang iki!


Bageyan layang papan lan titi mangsa kang cocog karo layang kasebut yaiku ....

a)

Surabaya, 15 Januari 2015

b)

Surabaya, 5 Januari 2015

c)

Surabaya, Januari 2015

d)

Surabaya, 5 Januari 2016

20.

Gatekna layang iki!


Bageyan layang panutup ing layang kasebut yaiku ...

a)

Sembang sungkem.

b)

Kanthi layang punika kula ngaturaken kabar bilih kawontenan kula wonten ing Surabaya ginanjar wilujeng boten rubeda satunggal menapa.

c)

Kula kinten cukup semanen cekap semanten atur kula, bokmenawi wonten galap gangsuling atur, keng putra nyuwun agunging samudra pangaksami.

d)

Amargi saking punika, manawi dipunkeparengaken Bapak saha Ibu pinuju kagungan saha renaning penggalih kula nyuwun kentu dhuwit kagem sangu mulih menyang Nganjuk.

21.

Gatekna teks layang iki!


Layang kasebut kalebu jinise layang ....

a)

ulem

b)

pribadi

c)

lelayu

d)

kitir

22.

Gatekna teks layang iki!


Sedane Bapak Adi Pradopo ing layang kasebut yaiku ing ... lan kasarekake ing ....

a)

Paring Usaba lan Tanjung Enom

b)

Griya sakit lan Tanjung Enom

c)

Paring Usada lan Tanjung Anom

d)

Griya sakit lan Tanjung Anom

23.

Gatekna tembang iki!


Nanging yen sira ngguguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate,

sarta kang wruh ing kukum,

kang ngibadah lan kang ngirangi, sukur oleh wong tapa,

ingkang wus amungkul,

tan mikir pawewehing liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana.


Guru lagu ing tembang kasebut wiwit gatra 1 nganti gatra 10 yaiku ....

a)

i, a, e, u, i, a, u, o, i, a

b)

i, a, e, i, u, a, u, a, i, a

c)

i, a, e, u, i, a, a, a, i, a

d)

i, a, e, u, i, a, u, a, i, a

24.

Gatekna tembang iki!


Nanging yen sira ngguguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate,

sarta kang wruh ing kukum,

kang ngibadah lan kang ngirangi, sukur oleh wong tapa,

ingkang wus amungkul,

tan mikir pawewehing liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana.

Guru wilangan ing tembang kasebut wiwit gatra 1 nganti gatra 10 yaiku ....

a)

10, 10, 8, 7, 8, 7, 6, 9, 12, 7

b)

10, 10, 8, 7, 9, 7, 5, 9, 11, 7

c)

10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 9, 12, 7

d)

10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 9, 12, 7, 7

25.

Gatekna tembang iki!


Nanging yen sira ngguguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate,

sarta kang wruh ing kukum,

kang ngibadah lan kang ngirangi, sukur oleh wong tapa,

ingkang wus amungkul,

tan mikir pawewehing liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana.


Guru gatra ing tembang kasebut yaiku ....

a)

9

b)

10

c)

11

d)

12

26.
a)

Sulastri menyang Bangkalan

b)

Sulastri menyang Banyuwangi

c)

Sulastri menyang Banyumas

d)

Sulastri menyang Bondowoso

27.
a)

Andini tuku sepatu

b)

Andri tuku sepatu

c)

Andika tutu sepatu

d)

Andi tuku sepatu

28.
a)

Tuku permen 5

b)

Tuku permen 6

c)

Tuku permen 4

d)

Tuku permen 3

29.

Wacanen kanthi setiti!


Jinise uwuh kuwi bisa digolongake saka sipat lan wujude. Adhedhasar sipate, ana uwuh organik lan anorganik. Uwuh organik mujudake uwuh sing gampang bosok, upamane: sisa-sisaning panganan, gegodhongan, lan sapanunggalane. Dene uwuh anorganik mujudake uwuh sing ora gampang bosok, upamane: plastik, kayu, kaca, kaleng, lan sapanunggalane. Uwuh organik bisa didadekake kompos kanggo rabuk, dene uwuh anorganik bisa dijenang maneh (daur ulang) kang bisa didadekake barang- barang kang luwih migunani.


Ing ngisor iki sing mujudake tuladhane uwuh anorganik yaiku ….

a)

sisane panganan, kresek

b)

plastik, sisane panganan

c)

kaca, plastik, kaleng

d)

kayu, banyu, gegodhongan

30.

Wacanen kanthi setiti!


Dhop lampu kang dijenengi Flyte iki nglayang ing sadhuwure kayu pesagi. Geneya Flyte bisa nglayang? Pranyata Simon nyeleh magnet ing ngisore dhop kuwi. Dheweke uga nyeleh magnet ing njerone kayu kuwi. Kekarone magnet mau nduweni kutub kang padha. Mula kuwi, kekarone padha ’tolak-menolak’ saengga nyebabake Flyte nglayang.


Dudutane wacan kasebut yaiku ….

a)

Flyte bisa nglayang amarga ana magnete

b)

Ana magnet ing njerone kayu pesagi Flyte

c)

Dhop lampu kang bisa nglayang ing sadhuwure kayu pesagi iki diarani Flyte.

d)

Lampu Flyte iki nduweni kutub kang padha

31.

Wacanen kanthi setiti!


Kocap kacarita, ana ing Negara kang aran Blambangan dicritakake menawa ana Satria mudha turunan ningrat jejuluk Raden Panji Inu Kertapati. Raden Panji Inu Kertapati nduweni gandhulaning ati yaiku Putri Galuh Candra Kirana kang ayu paras lan atine. Panji Inu Kertapati karo Galuh Candra Kirana kekarone padha kasmaran. Ananging merga saka salah sawijining bab, Raden Panji Inu Kertapati kesandhung masalah ing kraton kang njalari dheweke dipidana lunga saka kedhaton dadi kawula cilik banjur diopeni dening Mbok Randha Dhadhapan kang sugih bandha lan urip ana ing padhusunan cilik kang aran Kdipaten Arum Wana.


Plot/alur cuplikan wacan drama tradisional kasebut yaiku …

a)

maju

b)

mundur

c)

campuran

d)

maju mundur

32.

Wacanen kanthi setiti!


Swasana ing omah padesan (Mbok Minah mlaku nggawa wakul, banjur ngomong ijen)


Mbok Minah : “Elae, kaya ngene nasibe dadi randha, wis tuwa, urip ning ndesa sepi , sanadyan mangkono tetep bungah rasaning atiku, amarga aku duwe anak wedok sing ayu-ayu yaiku para klenthing. Wis dhasare ayu-ayu, pinter, sregep mbantu Mbokne, ananging anak-anakku durung padha rabi. Hmmm…kamangka akeh sing nglamar, hla piye maneh, kabeh kuwi durung ana sing cocok karo atine ”


Latar panggonan paraga ing wacan kasebut yaiku ....

a)

Ing desa

b)

Ing kutha

c)

Ing wana

d)

Ing kali

33.

Wacanen kanthi setiti!

Sindhenrela kuwi gadhis desa sing pinter nembang, swarane apik, parase ayu, seneng nulung, nanging uripe melas banget. Ibu kandhunge wis seda. Sindhenrela duwe ibu kuwalon (ibu tiri) anyar lan duwe dulur kuwalon anyar jenenge Lubena. Ibune tiri lan Lubena kerep nyiksa Sindenrela nalika Bapake ora ana ing omah. Saben dina Sindhenrela dipeksa nyambut gawe abot lan kerja terus-terusan, nanging Sindhenrela tetep sabar.


Manut wacan ing kasebut watake Sindhenrela….

a)

swarane apik

b)

sabar

c)

seneng nyiksa

d)

ayu

34.

Wacanen kanthi setiti!


Ibu Tiri :”Sindheeeeeeeen!!!! Sindhenrela!!!”

Sindhenrela :”Dalem Bu?”

Ibu Tiri :”Dolam-dalem! Kowe ora ndeleng korah-korahan numpuk akeh. Kabeh korahana saiki!”

Sindhenrela :”Ngapunten, Bu. Kala wau Ibu rak ndhawuhi Sindhen ngumbah agemanipun Ibu. Hla menika taksih dereng ….”

Ibu Tiri :”Halah, aja gawe alesan teroos! Ibu ora arep ngerti, pokoke saiki kabeh kudu rampung!”


Basa kang digunakake Ibu Tiri ing pacaturan kasebut yaiku ….

a)

Krama lugu

b)

Krama Alus

c)

Ngoko Lugu

d)

Ngoko Alus

35.

Kawaosa pethilan sesorah menika!


”Yen jaman semana para leluhur wis mbudidaya mbebasake Negara iki saka cengkramane penjajah, terus apa kang kudu ditindakake awake dhewe? Ora liya kudu ngopeni lan mbudidaya supaya kamardikan iki ora mrucut maneh.”


Pesen ingkang saged kapendhet inggih menika ….

a)

nerasaken kamardikan

b)

mangeti dina kamardikan

c)

ngopeni lan mbudidaya kamardikan

d)

merjuangake kamardikan

36.

Gatekna perangan pidhato iki!


Wasana namung semanten atur kula minangka sesulih kanca-kanca kelas IX sedaya, mbok bilih wonten lepat anggenipun kula matur, kula nyuwun samodra pangaksami. Nuwun.


Punggelan pidhato kasebut mapan ing perangan ....

a)

Purwaka

b)

Salam pambuka

c)

Panutup

d)

Pangarep-arep

37.

Kawaosa pethilan sesorah menika!


Puja miwah puji syukur tansah katur dhumateng gusti ingkang maha Agung, ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat sarta hidayahipun dhumateng panjenengan dalasan kula.


Perangan ing nginggil menika kalebet…

a)

Pamuji

b)

Pangarep-arep

c)

Salam Pambuka

d)

Pambuka

38.

Kawaosa pethilan sesorah menika!


Kula minangka wakil siswa kelas III, ngaturaken agunging panuwun katur Bapak lan Ibu Guru ingkang sampun nggulawentah para siswa, saengga saged lulus kanthi sae. Boten kesupen kula tansah nyuwun donga pangestu saking Bapak lan Ibu Guru. Sageda pikantuk pawiyatan luhur kangge ngangsu kawruh ngilmu ingkang langkung inggil. Sedaya siswa kelas III ugi nyuwun agenging samudra pangaksama mbokmenawi nggadahi kalepatan sadangunipun ngangsu kawruh wonten sekolah menika.


Sesorah ing nginggil ngaturaken bab…

a)

Atur panuwun amarga bisa lulus

b)

Atur panuwun marang Bapak lan Ibu Guru kang uwis nggulawentah para siswa

c)

Atur pamuji syukur lan panuwun marang Ibu lan Bapak Guru

d)

Atur panuwun lan nyuwun donga pangestu marang Bapak lan Ibu Guru supaya bisa oleh sekolah.

39.

Wacanen teks laporan kegiyatan ngisor iki kanthi setiti!


Pangajabe panulis kanggo kegiyatan persami iku yaiku ….

a)

Supaya para siswa bisa disiplin

b)

Supaya ing samangke bisa urip mandhiri

c)

Supaya bisa rakhatan karo kanca

d)

Supaya para siswa aktif pramukane

40.

Wacanen teks laporan kegiyatan ngisor iki kanthi setiti!


Dudutan teks laporan kagiyatan kasebut yaiku ….

a)

Kagiyatan persami dilaksanakake kanthi ancas supaya ing samangke para siswa bisa urip mandhiri

b)

Kagiyatan persami dilaksanakake dina Sebtu lan Minggu

c)

Kagiyatan persami ditutup ing dina Minggu esuk

d)

Acara inti persami dilaksanakake ing dina Sebtu malam Minggu

41.

Sebutna urut-urutane paraga wayang kasebut kanthi jangkep!

a)

Yudhistira, Arjuna, Bima, Nakula, lan Sadewa.

b)

Semar, Petruk, Gareng, Bagong

c)

Lesmana, Rama, Satrugna, Sinta, Kekayi

d)

Duryodana, Dursasana, Dursaha, Dursala, Jalaganda

42.
a)

Dadi siswa iku kudu sregep sinau.

b)

Dadi bocah iku kudu sregep sinau.

c)

Dadi siswa iku kudu seneng sinau.

d)

Dadi siswa kuwi kudu sregep sinau.

43.

Ing ngarsa sung tuladha, Ing madya mangun karsa, Tut wuri handayani.


nduweni teges...

a)

Neng ngarep menehi conto utawa tuladha, ing tengah menehi panyurung sarta semangat, lan ing mburi menehi daya kekuwatan.

b)

Neng ngarep menehi prentah, ing tengah menehi panyurung sarta semangat, lan ing mburi menehi daya kekuwatan.

c)

Neng ngarep menehi conto utawa tuladha, ing tengah menehi nasehat, lan ing mburi menehi daya kekuwatan.

d)

Neng ngarep menehi conto utawa tuladha, ing tengah menehi panyurung sarta semangat, lan ing mburi nuladhani.

44.

Gatekna wawancara ngisor iki!


Adi : Kepiye kabare sampeyan Pak?

Pak Aji : Apik Le. Kabarmu dhewe kepiye Le?

Adi : Apik, Pak. Sampeyan saiki dodolan neng endi Pak?

Pak Aji : Saiki dodolan neng pasar Wonokromo, Le.

Adi : Oh iya, Pak. Muga-muga dagangane sampeyan laris ya Pak.

Pak Aji : Iya, Le.


Owahana gunemane Adi marang Pak Aji menyang basa krama inggil/alus!

a)

Adi : Kadospundi kabaripun Panjenengan, Pak?

Adi : Sae, Pak. Panjenengan samenika sadean wonten pundi Pak?

Adi : Oh inggih Pak. Mugi-mugi sadeanipun Panjenengan laris nggih Pak.

b)

Adi : kepripun kabaripun Panjenengan, Pak?

Adi : Sae, Pak. Panjenengan samenika sadean wonten pundi Pak?

Adi : Oh inggih Pak. Mugi-mugi sadeanipun Panjenengan laris nggih Pak.

c)

Adi : Kadospundi kabaripun Sampeyan, Pak?

Adi : Sae, Pak. Sampeyan samenika sadean wonten pundi Pak?

Adi : Oh inggih Pak. Mugi-mugi sadeanipun Sampeyan laris nggih Pak.

d)

Adi : Kadospundi kabare Panjenengan, Pak?

Adi : Sae, Pak. Panjenengan samenika sadean wonten pundi Pak?

Adi : Oh inggih Pak. Mugi-mugi sadeane Panjenengan laris nggih Pak.

45.

Gatekna tembang iki!


Yogyanira kang para prajurit, Lamun bisa samya anulada, Kadya nguni caritane, Andelira sang Prabu, Sasrabau ing Maespati,

Aran Patih Suwanda, Lalabuhanipun,

Kang ginelung tri prakara,

Guna kaya purunne kang denantepi, Nuhoni trah utama.


Golekana guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang kasebut

a)

guru gatra: 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 9, 12, 7,

guru wilangan: 10 gatra,

guru lagu: i, a, e, u, i, a, u, a, i, a.

b)

guru gatra: 10 gatra,

guru wilangan: 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 9, 12, 7,

guru lagu: i, a, e, u, i, a, u, a, i, a.

c)

guru gatra: 10 gatra,

guru wilangan: i, a, e, u, i, a, u, a, i, a.

guru lagu: 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 9, 12, 7,

d)

guru gatra: i, a, e, u, i, a, u, a, i, a.

guru wilangan: 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 9, 12, 7,

guru lagu: 10 gatra,

46.

Tembang ing ndhuwur cakepane isih durung jangkep, dene ukara sing bener kanggo njangkepi cakepan sing ilang yaiku...

a)

Witing kelapa katon ngawe-awe

b)

Prayogane becik bali wae

c)

Byak byuk byak banyu pinelah

d)

Dene sesuk esuk tumandang nyambut gawe

47.

Saben tembang mesthi duweni pesen kang kinandhut, dene saka tembang ing dhuwur duweni pesen/amanat yaiku...

a)

kudu wani nantang musuhe

b)

pitik werna blirik mesthi menang

c)

urip ing masarakat iku kudu kendel

d)

urip kudu ngingu kewan

48.

Miturut wacan ing ndhuwur, kang dikorbanake dening para pahlawan yaiku . . . .

a)

bandha

b)

jiwa raga

c)

donya

d)

kadudukan

49.

Amanat / pesan kang kinandhut ana ing geguritan dhuwur yaiku….

a)

Sanajan akeh panggonan kang endah ing Surabaya, aja nganti lali marang kuwajiban.

b)

Surabaya pancen penak kanggo jejegongan.

c)

Mugia mall ing Surabaya tambah akeh.

d)

Mugia Surabaya bisa dadi kutha wisata ilmu lan jejagongan.

50.

Ukara kanthi aksara jawa iki nganggo sandhangan swara apa wae ...

a)

Taling tarung, taling, suku, cecak, pepet, wulu

b)

Suku, pepet, taling-tarong

c)

Suku, wulu, suku

d)

Taling-tarong, pepet, wulu