Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan Kelas 7

Total questions: 20

Worksheet time: 1hrs 8mins

Name
Class
Date
1.

Wacanen paragraf ing iki!

Warak Ngendhog

Warak ngendhog iku dolanan kang tansah digandheng cenengake karo tradhisi dugderan, sawijine festival rakyat ing Kutha Semarang. Adicara kasebut minangka pratandhane sasi Ramadan kang meh wiwit. Tembung ”warak” duwe teges badak. Nanging, ana uga kang ngandhakake yen ”warak” iku saka tembung bahasa Arab kang ngemu teges suci. Dene ”ngendhog” kuwi disimbolake minangka ganjaran sing ditampa dening manungsa saka Gusti Allah sawise nindakake pasa ing sasi Ramadan.

Warak ngendhog asline mung arupa dolanan kang awujud kewan uga duweni sudut kang lurus. Dolanan iki minangka akulturasi saka maneka etnis ing Semarang, yaiku etnis Cina, Arab, lan Jawa. Sirahe kaya sirah naga khas kabudayan saka etnis Cina. Bentuk awake kaya dene unta khas kabudayan etnis Arab. Sikil kang cacahe papat kaya dene sikil wedhus khas kabudayan etnis Jawa. Akeh kang percaya yen bentuk lurus kasebut minangka gegambaraning warga Semarang kang ngomong apa anane, ora beda antarane ati lan lathi.


Salah siji dolanan kang dadi cirine tradhisi dugderan yaiku ....

a)

endhog asin

b)

warak ngendhog

c)

jaranan

d)

kembang mayang

2.

Wacanen paragraf ing iki!

Warak Ngendhog

Warak ngendhog iku dolanan kang tansah digandheng cenengake karo tradhisi dugderan, sawijine festival rakyat ing Kutha Semarang. Adicara kasebut minangka pratandhane sasi Ramadan kang meh wiwit. Tembung ”warak” duwe teges badak. Nanging, ana uga kang ngandhakake yen ”warak” iku saka tembung bahasa Arab kang ngemu teges suci. Dene ”ngendhog” kuwi disimbolake minangka ganjaran sing ditampa dening manungsa saka Gusti Allah sawise nindakake pasa ing sasi Ramadan.

Warak ngendhog asline mung arupa dolanan kang awujud kewan uga duweni sudut kang lurus. Dolanan iki minangka akulturasi saka maneka etnis ing Semarang, yaiku etnis Cina, Arab, lan Jawa. Sirahe kaya sirah naga khas kabudayan saka etnis Cina. Bentuk awake kaya dene unta khas kabudayan etnis Arab. Sikil kang cacahe papat kaya dene sikil wedhus khas kabudayan etnis Jawa. Akeh kang percaya yen bentuk lurus kasebut minangka gegambaraning warga Semarang kang ngomong apa anane, ora beda antarane ati lan lathi.


Ing Kutha Semarang adicara dugderan wis dadi tradhisi kang ajeg dianakake saben taun. Adicara kasebut dianakake kanthi ancas/tujuwan ....

a)

Idul Fitri sedhela maneh

b)

pratandha wiwite sasi Ramadan

c)

silaturahmi karo warga Semarang

d)

ngenalake budaya Semarang marang wong manca

3.

Wacanen paragraf ing iki!

Warak Ngendhog

Warak ngendhog iku dolanan kang tansah digandheng cenengake karo tradhisi dugderan, sawijine festival rakyat ing Kutha Semarang. Adicara kasebut minangka pratandhane sasi Ramadan kang meh wiwit. Tembung ”warak” duwe teges badak. Nanging, ana uga kang ngandhakake yen ”warak” iku saka tembung bahasa Arab kang ngemu teges suci. Dene ”ngendhog” kuwi disimbolake minangka ganjaran sing ditampa dening manungsa saka Gusti Allah sawise nindakake pasa ing sasi Ramadan.

Warak ngendhog asline mung arupa dolanan kang awujud kewan uga duweni sudut kang lurus. Dolanan iki minangka akulturasi saka maneka etnis ing Semarang, yaiku etnis Cina, Arab, lan Jawa. Sirahe kaya sirah naga khas kabudayan saka etnis Cina. Bentuk awake kaya dene unta khas kabudayan etnis Arab. Sikil kang cacahe papat kaya dene sikil wedhus khas kabudayan etnis Jawa. Akeh kang percaya yen bentuk lurus kasebut minangka gegambaraning warga Semarang kang ngomong apa anane, ora beda antarane ati lan lathi.


Adhedhasar wacan kasebut, warak ngendhog minangka akulturasi saka maneka etnis ing Semarang. Etnis-etnis kasebut yaiku ....

a)

Cina, Arab, lan Jawa

b)

Jawa, Arab, lan Sunda

c)

India, Cina, lan Jawa

d)

Arab, India, lan Cina

4.

Gatekake pupuh Sinom iki!


nanging padha ngestokena

pitutur kang muni tulis

yen sira nedya raharja

anggonen pitutur iki

nggoningsun ngeling-eling

pitutur wong sepuh-sepuh

muga padha bisaa

anganggo pitutur becik

ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa


Adhedhasar isine pada kasebut gatra 3-4, yen kowe pengin rahayu mula kudu nganggo ….

a)

ilmu

b)

sangu

c)

pitutur iki

d)

ketrampilan

5.

Gatekake pupuh Sinom iki!


nanging padha ngestokena

pitutur kang muni tulis

yen sira nedya raharja

anggonen pitutur iki

nggoningsun ngeling-eling

pitutur wong sepuh-sepuh

muga padha bisaa

anganggo pitutur becik

ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa


Tembung wuruk ing gatra "ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa" tegese ....

a)

berkah

b)

kawruh

c)

ilmu

d)

ajaran

6.

Gatekake pupuh Sinom iki!


nanging ta sabarang karya

kang kinira dadi becik

pantes den tatelatenana

lawas-lawas mbok pinanggih

den mantep jroning ati

ngimanken tuduhing guru

aja uga bosenan

kalamun arsa utami

mapan ana dalile kang wus kalakyan


Dimantepke jero ati pituture guru. Gatra kasebut jumbuh karo gatra ….

a)

1-2

b)

3-4

c)

5-6

d)

7-8

7.

Gatekake pupuh Sinom iki!


nanging ta sabarang karya

kang kinira dadi becik

pantes den tatelatenana

lawas-lawas mbok pinanggih

den mantep jroning ati

ngimanken tuduhing guru

aja uga bosenan

kalamun arsa utami

mapan ana dalile kang wus kalakyan


Lawas-lawas mbok pinanggih. Gatra kasebut maksude ….

a)

Suwe-suwe bakal ketemu

b)

Aja cepet bosen

c)

Dimantepake jero ati

d)

Pantes ditlateni

8.

Wacanen crita Ramayana iki!


Kidang Kencana

Tindakipun Raden Rama kadherekaken ingkang garwa, Dewi Sinta, dalah Leksmana. Lampahipun dumugi ing Wana Dhandhaka. Ing satengahing wana, Sinta sumerep kabregasaning kidang. Ora ngerti, menawa kidang kencana mau wewah wujude Kala Marica, ingkang asipat raseksa kang dadi utusane Prabu Dasamuka. Dewi Sinta gawok, tuwuh kepenginan ngingah kidang kencana mau, kidang elok ing warni asisik emas endah ngelam-elam, ngengreng merak ati. Rama kasuwun nyepengaken kewan ingkang memencut manah menika.

Rama lajeng nilaraken Sinta kaliyan Leksmana. Kidang dipuntutaken saking wingking. Kidang saya nebih. Rama ngetut malih. Kidang mlajeng sangsaya tebih. Danguning-dangu, plajenging kidang tebih saking papan dunungipun Sinta lan Laksamana. Raden Rama suda kasabaripun, banjur menthang gandhewa nglepasaken jemparing. Kidang kapanah. Sakala kidang njola, mbekik sarosanipun ngantos kapireng dening Sinta. Pambekiking kidang lamat-lamat kados pisambatipun Raden Rama. Dewi Sinta ndugi bilih Rama manggih katiwasan. Dewi Sinta sigra dhawuh mring Leksmana, supaya enggal madosi Rama, aweh pitulungan. Kanthi gegancangan, Leksmana ngestokaken dhawuh. Samangke Sinta tanpa rowang.


Lakune Raden Rama kadherekake Dewi Sinta lan Leksmana kasebut tekan ing tengah alas. Alas kasebut sinebut alas ….

a)

Jati

b)

Roban

c)

Kalasan

d)

Dhandhaka

9.

Wacanen crita Ramayana iki!


Kidang Kencana

Tindakipun Raden Rama kadherekaken ingkang garwa, Dewi Sinta, dalah Leksmana. Lampahipun dumugi ing Wana Dhandhaka. Ing satengahing wana, Sinta sumerep kabregasaning kidang. Ora ngerti, menawa kidang kencana mau wewah wujude Kala Marica, ingkang asipat raseksa kang dadi utusane Prabu Dasamuka. Dewi Sinta gawok, tuwuh kepenginan ngingah kidang kencana mau, kidang elok ing warni asisik emas endah ngelam-elam, ngengreng merak ati. Rama kasuwun nyepengaken kewan ingkang memencut manah menika.

Rama lajeng nilaraken Sinta kaliyan Leksmana. Kidang dipuntutaken saking wingking. Kidang saya nebih. Rama ngetut malih. Kidang mlajeng sangsaya tebih. Danguning-dangu, plajenging kidang tebih saking papan dunungipun Sinta lan Laksamana. Raden Rama suda kasabaripun, banjur menthang gandhewa nglepasaken jemparing. Kidang kapanah. Sakala kidang njola, mbekik sarosanipun ngantos kapireng dening Sinta. Pambekiking kidang lamat-lamat kados pisambatipun Raden Rama. Dewi Sinta ndugi bilih Rama manggih katiwasan. Dewi Sinta sigra dhawuh mring Leksmana, supaya enggal madosi Rama, aweh pitulungan. Kanthi gegancangan, Leksmana ngestokaken dhawuh. Samangke Sinta tanpa rowang.


Ing ngisor iki kang dikepengeni Dewi Sinta satekane ing tengah alas yaiku ....

a)

sinau kanuragan

b)

dicekelake kidang

c)

dhahar lan ngunjuk

d)

ketemu karo kidang

10.

Wacanen crita Ramayana iki!


Kidang Kencana

Tindakipun Raden Rama kadherekaken ingkang garwa, Dewi Sinta, dalah Leksmana. Lampahipun dumugi ing Wana Dhandhaka. Ing satengahing wana, Sinta sumerep kabregasaning kidang. Ora ngerti, menawa kidang kencana mau wewah wujude Kala Marica, ingkang asipat raseksa kang dadi utusane Prabu Dasamuka. Dewi Sinta gawok, tuwuh kepenginan ngingah kidang kencana mau, kidang elok ing warni asisik emas endah ngelam-elam, ngengreng merak ati. Rama kasuwun nyepengaken kewan ingkang memencut manah menika.

Rama lajeng nilaraken Sinta kaliyan Leksmana. Kidang dipuntutaken saking wingking. Kidang saya nebih. Rama ngetut malih. Kidang mlajeng sangsaya tebih. Danguning-dangu, plajenging kidang tebih saking papan dunungipun Sinta lan Laksamana. Raden Rama suda kasabaripun, banjur menthang gandhewa nglepasaken jemparing. Kidang kapanah. Sakala kidang njola, mbekik sarosanipun ngantos kapireng dening Sinta. Pambekiking kidang lamat-lamat kados pisambatipun Raden Rama. Dewi Sinta ndugi bilih Rama manggih katiwasan. Dewi Sinta sigra dhawuh mring Leksmana, supaya enggal madosi Rama, aweh pitulungan. Kanthi gegancangan, Leksmana ngestokaken dhawuh. Samangke Sinta tanpa rowang.


Kewan kang pengin diopeni dening Dewi Sinta sejati owah wujud saka utusane Dasamuka, arane ....

a)

Wibisana

b)

Sarpakenaka

c)

Leksmana

d)

Kala Marica

11.

Wacanen pacelathon iki!


Pak Harja : “Fin, piye critane anggonmu wisata menyang Bledug Kuwu?”

Bu Harja : “Iya, Fin, Ibu ya kepengin pirsa.”

Arifin : “Wah, ngremenaken sanget, Pak. Nggumunaken, Bu. Ing inggilipun wonten dharatan kok wonten siti ingkang njeblug-njeblug. Lendhut mlendhung kados balon ageng sanget lajeng mbledhos. Mbledhosipun ambal-ambalan boten nate kendel. Boten namung wisatawan nglebet nagari ingkang remen, nanging ugi ingkang saking mancanagari.”

Pak Harja : “Lha iya, kahanan kuwi wis wiwit biyen, Fin. Coba Bapak kepengin pirsa, apa kang kongerteni bab Bledug Kuwu kuwi?”

Arifin : “O, punika, Pak. Bledug Kuwu mapan wonten ing Desa Kuwu, Kecamatan Kradenan, Kabupaten Grobogan, Jawa Tengah. Keanehanipun arupi jeblugan-jeblugan lendhut ingkang ngandhut sarem, kamangka papan wau tebih saking laut utawi saganten. Wontenipun kandhutan toya jeblugan ingkang asin dening masyarakat ing ngriku dipundamel sarem kanthi tradhisional.”

Pak Harja : “Biyen dha ra wani nyedhaki Bledug Kuwu, lemah sacedhake yen diidak mendul-mendul tur ing wanci awan panase sumelet, saiki piye, Fin?”

Arifin : “Inggih, taksih sami, Pak.”


Papan wisata kang ditekani kasebut ngatonake siti kang njeblug-njeblug. Ana kang katon gedhe kaya dene balon banjur mbledhos. Kang mbledhos kasebut sejatine yaiku ....

a)

balon

b)

karet

c)

gunung

d)

lendhut

12.

Wacanen pacelathon iki!


Pak Harja : “Fin, piye critane anggonmu wisata menyang Bledug Kuwu?”

Bu Harja : “Iya, Fin, Ibu ya kepengin pirsa.”

Arifin : “Wah, ngremenaken sanget, Pak. Nggumunaken, Bu. Ing inggilipun wonten dharatan kok wonten siti ingkang njeblug-njeblug. Lendhut mlendhung kados balon ageng sanget lajeng mbledhos. Mbledhosipun ambal-ambalan boten nate kendel. Boten namung wisatawan nglebet nagari ingkang remen, nanging ugi ingkang saking mancanagari.”

Pak Harja : “Lha iya, kahanan kuwi wis wiwit biyen, Fin. Coba Bapak kepengin pirsa, apa kang kongerteni bab Bledug Kuwu kuwi?”

Arifin : “O, punika, Pak. Bledug Kuwu mapan wonten ing Desa Kuwu, Kecamatan Kradenan, Kabupaten Grobogan, Jawa Tengah. Keanehanipun arupi jeblugan-jeblugan lendhut ingkang ngandhut sarem, kamangka papan wau tebih saking laut utawi saganten. Wontenipun kandhutan toya jeblugan ingkang asin dening masyarakat ing ngriku dipundamel sarem kanthi tradhisional.”

Pak Harja : “Biyen dha ra wani nyedhaki Bledug Kuwu, lemah sacedhake yen diidak mendul-mendul tur ing wanci awan panase sumelet, saiki piye, Fin?”

Arifin : “Inggih, taksih sami, Pak.”


Sawijining produksi kang diasilake saka kandhutan banyu jeblugan Bledug Kuwu yaiku ....

a)

pasir

b)

uyah

c)

ager-ager

d)

banyu ngombe

13.

Wacanen pacelathon iki!


Ibu : “Gi, lungaa menyang daleme Bu Dhe Nur, wis kondur apa durung?”

Anggi : “Dereng, Bu.”

Ibu : “Lha kok awakmu ngerti?”

Anggi : “Wau enjing kula kepanggih Mbak Hani, putranipun Bu Dhe. Ngendikane

taksih piyambakan wonten griya. Kesepen. Mila kula kancani. Bu Dhe tindak pundi toh, Bu?”

Ibu : “Ana acara ing Yogyakarta. Terus jarene arep mampir ing Rumah Bakpia.”

Anggi : “Kok kula nembe mireng, Bu. Menika panggenan menapa?”

Ibu : “Iku kalebu pusat panggonan gawe bakpia. Ing kana bisa ndeleng cara gawe bakpia

saka wiwitane kepriye. Kajaba iku, uga bisa sinau cara gawe bakpia.”

Anggi : “Wah, kapan-kapan mrika nggih, Bu.”

Ibu : “Gampang. Sing penting sinaumu temenan. Yen bijimu apik mengko plesiran

sakulawarga.”


Kok kula nembe mireng, Bu. Tembung kang kagaris ngisor ing ukarane Anggi kasebut yen diowahi dadi basa ngoko yaiku ….

a)

ndeleng

b)

nyawang

c)

nyekel

d)

krungu

14.

Wacanen pacelathon iki!


Ibu : “Gi, lungaa menyang daleme Bu Dhe Nur, wis kondur apa durung?”

Anggi : “Dereng, Bu.”

Ibu : “Lha kok awakmu ngerti?”

Anggi : “Wau enjing kula kepanggih Mbak Hani, putranipun Bu Dhe. Ngendikane

taksih piyambakan wonten griya. Kesepen. Mila kula kancani. Bu Dhe tindak pundi toh, Bu?”

Ibu : “Ana acara ing Yogyakarta. Terus jarene arep mampir ing Rumah Bakpia.”

Anggi : “Kok kula nembe mireng, Bu. Menika panggenan menapa?”

Ibu : “Iku kalebu pusat panggonan gawe bakpia. Ing kana bisa ndeleng cara gawe bakpia

saka wiwitane kepriye. Kajaba iku, uga bisa sinau cara gawe bakpia.”

Anggi : “Wah, kapan-kapan mrika nggih, Bu.”

Ibu : “Gampang. Sing penting sinaumu temenan. Yen bijimu apik mengko plesiran

sakulawarga.”


Miturut pacelathon kasebut, Anggi kepengin banget bisa lunga menyang Rumah Bakpia. Ibune nyarujuki kepenginane Anggi kasebut kanthi syarat ….

a)

duwe sangu kang akeh

b)

sawise preinan sekolah

c)

lunga sakulawarga

d)

sinau kang temenan

15.

Ing antarane jeneng-jeneng kasebut kang panulisan aksara Jawane migunakake aksara swara (U) yaiku ....

a)

(1) lan (2)

b)

(2) lan (3)

c)

(3) lan (4)

d)

(4) lan (5)

16.

Tanggal ... April dipengeti minangka Dina Kartini.


Panulisan tanggal ing angka Jawa kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ....

a)
b)
c)
d)
17.

Aldi sinau ngurutake angka saka kang paling cilik nganti paling gedhe.


Tuladha urutan angka saka paling cilik nganti paling gedhe yaiku ....

a)
b)
c)
d)
18.

Unine ukara kasebut yaiku Tanggal ... Desember 2019.

a)

20

b)

21

c)

22

d)

23

19.

Saben bali sekolah, Indri banjur ngaso sedhela lan siyap-siyap budhal ngaji.


Panulisan jeneng Indri yen migunakake aksara swara yaiku ....

a)
b)
c)
d)
20.

Tembung ing ngisor iki kang panulisan aksara Jawane migunakake aksara swara kasebut yaiku ....

a)

Australia

b)

Ekuador

c)

Uganda

d)

Oman