wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ater-ater Wulangan 7

Total questions: 20

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Ater-ater iku wuwuhan kang dumunung ing . . . tembung lingga.

a)

sangareping

b)

mburi

c)

tengah-tengah

d)

ngarep lan mburi

2.

Ing basa Jawa, ater-ater kaperang dadi . . . .

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

3.

Ing ngisor iki sing ora kalebu ater-ater yaiku . . . .

a)

ater-ater tripurusa

b)

ater-ater tembung

c)

ater-ater anuswara

d)

ater-ater liyane

4.

Cacahe ater-ater tripurusa ana 3, yaiku . . .

a)

dak, dik, di

b)

dak, ko/kok, di

c)

n, m, ng

d)

a, i , u

5.

Ater-ater tripurusa "dak" dienggo karo . . . .

a)

awak e dhewe

b)

wong luwih tuwo

c)

bocah seumuran

d)

wong tuwo marang bocah

6.

Dak + gawa = . . . .

a)

dakgawa

b)

kogawa

c)

kokgawe

d)

digawa

7.

Dak + tulis = . . . .

a)

daknulis

b)

daktulis

c)

dakmulis

d)

dakulis

8.

Ko + jupuk = . . . .

a)

konjupuk

b)

kotumpuk

c)

kojupuk

d)

konumpuk

9.

Tembung "gambar" yen diwenehi ater-ater "dak, ko, di" dadine . . . .

a)

daknggambar, koknggambar, digambar

b)

daknggambar, kogambar, digambar

c)

dakgambar, kogambar, digambar

d)

dakgambar, konggambar, digambar

10.

Buku Basa Jawaku arep (waca) !

a)

dakwaca

b)

kowaca

c)

diwaca

d)

maca

11.

Bukumu apa wis (sampul) werna biru?

a)

daksampul

b)

koksampul

c)

disampul

d)

nyampuli

12.

Larahan sing numpuk (sapu) supaya resik. Ukara sing trep yaiku . . . .

a)

Larahan sing numpuk sapu supaya resik.

b)

Larahan sing numpuk daksapu supaya resik.

c)

Larahan sing numpuk kosapu supaya resik.

d)

Larahan sing numpuk nyapu supaya resik.

13.

Saben isuk kembange (siram) Mbak Aisyah. Tembung "siram" kudune . . . .

a)

daksiram

b)

koksiram

c)

disiram

d)

nyiram

14.

Ater-ater sing ateges solah tingkah utawa nindakake pakaryan diarani . . . .

a)

ater-ater tripurusa

b)

ater-ater anuswara

c)

ater-ater liyane

d)

ater-ater tembung

15.

Ater-ater anuswara lumrahe mratelakake ukara . . . .

a)

lingga

b)

tanggap

c)

tanduk

d)

pitakon

16.

Sing kagolong ater-ater anuswara yaiku . . . .

a)

k, l, m ,n

b)

n, ny, ng, ngg

c)

m, ny, o, p

d)

n, ny, m, ng

17.

n + tutup = . . . .

a)

ntutup

b)

nutup

c)

ditutup

d)

tutup

18.

ng + garap = . . . .

a)

garap

b)

ngarap

c)

nggarap

d)

nggarapno

19.

Ibrahim ora lali (sapa) yen ketemu kancane ing dalan. Ater-ater anuswara sing trep kanggo tembung "sapa" yaiku . . . .

a)

daksapa

b)

kosapa

c)

disapa

d)

nyapa

20.

Ibu (goreng) iwak ing pawon. Ater-ater anuswara sing trep kanggo tembung "goreng" yaiku . . . .

a)

gorengan

b)

nggoreng

c)

ngoreng

d)

goreng-goreng