Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UAMBK BAHASA JAWA KELAS 6

Total questions: 25

Worksheet time: 26mins

Name
Class
Date
1.

Anane purwakanthi lan wirama ndadekake geguritan penak diwaca. Sing diarani geguritan yaiku ....

a)

puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok

b)

puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok

c)

puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok

d)

puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok

2.

Sing diarani crita rakyat yaiku ....

a)

crita jaman biyen sing tuwuh lan ngrembaka ing masyarakat kanthi turun- tumurun digethok tularake lumantar lesan

b)

crita jaman biyen sing tuwuh lan ngrembaka ing masyarakat kanthi turun- tumurun digethok tularake lumantar tulisan

c)

crita jaman saiki sing tuwuh lan ngrembaka ing masyarakat kanthi turun- tumurun digethok tularake lumantar lesan

d)

crita jaman saiki sing tuwuh lan ngrembaka ing masyarakat kanthi turun- tumurun digethok tularake lumantar tulisan

3.

Tulisan sing gagasan pokoke diandharake kanthi cara nggambarake objek, panggonan, utawa kedadean nganti sing maca rumangsa kaya nyawang utawa ngalami dhewe objek sing digambarake panulis, diarani ....

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

argumentasi

d)

eksposisi

4.

Ing ngisor iki kagolong tembang dolanan, kajaba ...

a)

Padhan wulan

b)

Lir-ilir

c)

Maskumambang

d)

dongdong opo salak

5.

Lumbung Desa

Lumbung desa pra tani padha makarya

Ayo dhi, njupuk pari nata lesung nyandhak alu

Ayo yu, padha nutu yen wis rampung nuli adang

Ayo kang, dha tumandhang yen wus mateng nuli madang


Inti saka isine tembang ing dhuwur, yen kepingin keturutan karepe yaiku kudu ....

a)

njaluk wong wae

b)

njagane wong tuwa

c)

Tuku ing warung

d)

Kudu nyambut gawe

6.

Basa endah utawa basa sastra kang endahe karana dipaesi / direngga-rengga utawa dirumpaka diarani basa ....

a)

rinengga

b)

panyendhu

c)

panyandra

d)

pepindhan

7.

“Wulu” yaiku sandhangan kanggo swara ....

a)

swara “ i “

b)

swara “ u “

c)

swara “ e “

d)

swara “ o “

8.

Bukuku dakgambari pokemon nganggo spidol. Tembung dakgambari ing ukara dhuwur iku asale saka tembung ....

a)

dakgambar

b)

gambari

c)

dakgambari

d)

gambar

9.

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,

Dawa kaya ula,

Sing disaba sipucung mung turut kutha.


Cangkriman tembang ing dhuwur batangane yaiku ....

a)

gajah

b)

ula

c)

sepur

d)

pesawat

10.

Sing kelebu unen-unen Jawa, yaiku ...

a)

bebasan, paribasan, lan saloka

b)

bebasan, saloka, lan pepindhan

c)

saloka, paribasan, lan pepindhan

d)

saloka, pepindhan, lan wilangan

11.

Ing ngisor iki tegese saloka, Kodhok nguntal gajah, yaiku.....

a)

wong duwe kekarepan sig mokal kalakone

b)

wong nunut nanging dadeake cilaka

c)

wong becik dianggep ala

d)

wong pinter disombongi

12.

Bapak pucung, saben dina tansa bingung

Badanira panjang

Tutukira pan pesagi

Saben dina si pucung nguntal buntutira


Guru wilangan lan guru lagune gatra katelu tembang ing dhuwur yaiku ....

a)

7i

b)

8i

c)

9i

d)

10i

13.

Tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tuwa, Paribasane yaiku….

a)

kebo nyusu gudel

b)

anak polah bapak keprada

c)

kacang ora ninggal lanjaran

d)

ula marani gepuk

14.

Kebo picek matane pira?.

Bathangane cangkriman yaiku….

a)

6

b)

4

c)

2

d)

1

15.

Dicakot bongkote sing kalong pucuk’e batangane ....

a)

permen

b)

roti

c)

rokok

d)

karet

16.

Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung

Tangan papanira

Nuduhake rina wengi

Lamun mati bingung wektu sang bendara


Tembang ing dhuwur bedhekane ....

a)

tasbih

b)

ali-ali / akik

c)

gelang jam

d)

binggel

17.

Kanggo persiapane nulis teks pidhato becike gawe….

a)

cengkorongan

b)

gagasan baku

c)

ukara

d)

dudutan

18.

Muji syukur ing ngarsaning Allah kalebu perangan ... pidhato.

Isine cecek-cecek yaiku ....

a)

Isi

b)

Pambuka

c)

Penutup

d)

Dudutan

19.

Negriku Indonesia,

Nut jaman kapungkur tetep nyawiji,

Nunggal ingkang den ginayuh,

Karahaijaning bangsa,

Loh jinawi subur kang sarwa tinandur,

Murah sandang lawan pangan,

Karukunan kang jinagi.


Tembang ing dhuwur kalebu tembang ....

a)

durma

b)

gambuh

c)

pangkur

d)

pucung

20.

Negriku Indonesia,

Nut jaman kapungkur tetep nyawiji,

Nunggal ingkang den ginayuh,

Karahaijaning bangsa,

Loh jinawi subur kang sarwa tinandur,

Murah sandang lawan pangan,

Karukunan kang jinagi.


Cacahing guru gatra tembang ing dhuwur ....

a)

7

b)

8

c)

9

d)

10

21.

Negriku Indonesia,

Nut jaman kapungkur tetep nyawiji,

Nunggal ingkang den ginayuh,

Karahaijaning bangsa,

Loh jinawi subur kang sarwa tinandur,

Murah sandang lawan pangan,

Karukunan kang jinagi.


Guru wilangan Ian guru lagune gatra kaloro tembang ing dhuwur yaiku .....

a)

9i

b)

10i

c)

11i

d)

12i

22.

Tembang macapat kang duweni watak asih asuh yaiku ....

a)

Mijil

b)

sinom

c)

Maskumambang

d)

Kinanti

23.

Ing ngisor iki tegese bebasan, kebo kabotan sungu, yaiku ....

a)

wong kang kesarat uripe merga dhemen ngapusi

b)

wong kang kesarat uripe merga dhemen mangan turu

c)

wong kang kesarat uripe merga kakehen anak

d)

wong kang kesarat uripe merga kakehen pakaryan

24.

tutWuurianFyni

Yen ditulis latin unine . . . .

a)

tutwuri handayani

b)

ing ngarsa sung tuladha

c)

ing madya mangun karsa

d)

rawe – rawe rantas

25.

gancaran (prosa/crita).

Pakaryan ngowahi wujud iki diarani ....

a)

ngowahi gancaran

b)

prosa / crita

c)

ngarang gancaran

d)

parafrase