Font size
WorksheetsASTS Bahasa Jawa Kelas 11 2025/2026
Total questions: 20
Worksheet time: 3600secs
Cacahe wanda saben sagatra diarani...
Guru Gatra
Guru Lagu
Guru Wilangan
Guru Basa
Guru Sastra
Tibaning swara ing pungkasane gatra diarani...
Guru Gatra
Guru Lagu
Guru Wilangan
Guru Basa
Guru Sastra
Cacahe gatra ana ing tembang Pocung, yaiku...
3
4
5
6
7
Ing ngisor iki guru wilangan kang ana ing tembang Pocung, yaiku...
12, 6, 8, 12
12, 6, 6, 12
12, 8, 8, 12
12, 8, 6, 12
12, 12, 8, 6
Dene guru lagu kang ana ing tembang Pocung, yaiku...
a, a, i, a
u, i, a, i
u, a, i, a
u, u, a, i
a, i, a, i
Ing ngisor iki watake tembang Pocung, kejaba...
Sembrana
Luwes
Lucu
Sumadulur
Gawe seneng
Tembang Pocung kang ngajarake supaya manungsa iku bisa ngendhaleni angkara murka amarga sikep kaya mangkono yen ora dikendhaleni bakal nuwuhake prakara, yaiku...
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Angkara gung neng angga anggung gumulung
Beda lamun wus sengsem reh ing asamun
Basa ngelmu mupakate lan panemu
Lila lamun kelangan nora gegetun
Dene tembang Pocung kang ngajarake yen manungsa iku kudu antuk ngelmu amarga srana kanggo nglakoni lelakoning urip, yaiku...
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Angkara gung neng angga anggung gumulung
Beda lamun wus sengsem reh ing asamun
Basa ngelmu mupakate lan panemu
Lila lamun kelangan nora gegetun
Tembang Pocung kang ngajarake manungsa supaya duweni telung prakara kayata para satriya ing jaman biyen, yaiku...
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Angkara gung neng angga anggung gumulung
Beda lamun wus sengsem reh ing asamun
Basa ngelmu mupakate lan panemu
Lila lamun kelangan nora gegetun
Tembang Pocung yaiku tembang kang nggambarake mangsa nalika manungsa...
Lair
Bocah
Rabi
Due anak
Mati
Pak Pralambang dinten Senin kalawingi kadhapuk dados pembina upacara wonten SMK N 1 Salam. Kaleresan upacara kalawingi kangge mengeti Dinten Sumpah Pemuda. Wonten wekdal samenika ugi Pak Pralambang ngaturi pirsa utawi pengumuman kangge siswa ingkang gadah prestasi kangge majeng saperlu kangge nampi hadiah saking sekolah. Ancas saking sesorah kalawau inggih menika ….
Ngandharaken panemu
Paring kabar utawi informasi
Panglipur
Pangajak-ajak
Atur Pakurmatan
Pak Pralambang dinten Senin kalawingi kadhapuk dados pembina upacara wonten SMK N 1 Salam. Kaleresan upacara kalawingi kangge mengeti Dinten Sumpah Pemuda. Wonten upacara menika Pak Pralambang namung maosaken naskah ingkang sampun sumadya saking Menpora. Manut pratelan cariyos kalawau saged dipunmangertosi bilih teknik sesorah ingkang dipunginakaken inggih menika ....
apalan
impromtu
ekstemporan
naskah
dadakan
Jinisipun sesorah ingkang ancasipun kangge nampa rawuhipun para tamu inggih menika ….
Sabdatama
Pambagyaharja
Tanggap Wacana
Tanggap Sasmita
Medhar Surasa
“Dhumateng Bapak Lurah Seloboro ingkang kinurmatan, para sesepuh lan pinisepuh ingakng kinabekten, saha para warga ingkang minulya.”
Pratelan ing nginggil kalebu perangan sesorah ingkang …
Salam Pambuka
Atur Panuwun
Atur Pakurmatan
Atur Pangapura
Atur Syukur
“……………ingkang pinundhi”, tegesipun inggih menika ….
Yang dihormati
Yang dimulyakan
Yang dikasihi
Yang berbahagia
Yang berbudi luhur
“Saderengipun kula matur, sumangga kula aturi ngonjukaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung awit wonten wekdal menika kita taksih dipunparingi kathah sanget nikmat satemah saged makempal wonten adicara menika.”
Pratelan sesorah ing nginggil kalebu perangan….
Salam Pambuka
Atur Panuwun
Atur Pakurmatan
Atur Pangapura
Atur Syukur
“Sumangga kita sesarengan ngupadaya kangge nebihi barang laknat ingkang diarani Narkoba! Mugi-mugi siswa-siswi SMKN 1 Salam menika saged dados generus sehat tanpa Narkoba ugi kebak prestasi sanes sensasi.”
Pratelan sesorah ing nginggil kalebu perangan....
Pangajab
Atur Panuwun
Atur Pakurmatan
Atur Pangapura
Atur Syukur
Metode Sesorah ingkang katindakaken tanpa nyiapake naskah langkung rumiyin inggih menika ………..
Apalan
Naskah
Ekstemporan
Impromtu
Purwaka
Nalika sesora kedah cetha pangucapanipun, boten kemrungsung, anggenipun medot ukara kedah jumbuh kaliyan tegesipun ukara menika kalebu tatacara sesorah ingkang dipunarani ....
Wicara
Wirama
Wirasa
Wiraga
Wiyaga
Tatacara sesorah ingkang gegayutanipun kaliyan solah bawa lan owahipun awak/salira dipunsebat …
Wicara
Wirama
Wirasa
Wiraga
Wiyaga
