WorksheetsBAHASA JAWA
Total questions: 40
Worksheet time: 3hrs 20mins
“ UPACARA ADAT JAWA MANTU “
Mantu, inggih menika salah setungggaling upacara adat Jawa ingkang nggadhahi damel ngomah-omahake putra-putrine ingkang sampun dewasa. Teng upacara adat mantu menika wonten rantaman adicaranipun inggih menika ; sederengipun upacara ijab lan sesampunipun upacara ijab.
Dene sederengipun upacara ijab, wonten adicara ingkang asmanipun ndhodhog kori, ingkang nggadhahi ancas supados mangertosi kahanan calon penganten putri, bobot,bibit, lan bebete calon penganten. Nalika sampun sae kahanane penganten putri wau banjur dipunlajengaken adicara liru kalpika, sesampunipun adicara menika wonten malih adicara ingkang asmane siraman. Inggih menika nggadhahi teges supados calon penganten wau suci lair lan batine.
1). Apa kang dadi topik wacan ing duwur kuwi ?
adat Jawa mantu
upacara mitoni
sekaten
upacara siraman
3). Dene sederengipun upacara ijab, wonten adicara ingkang asmanipun ndhodhog kori, ingkang nggadhahi ancas supados mangertosi kahanan calon penganten putri.
Tembung kang kacetak miring, nduweni teges ….
duwe gawe
ora ngerteni
duwe rencana
duweni tujuan
6). Inggih menika nggadhahi teges supados calon penganten wau suci lair lan batine.
Ukara iku yen didadekne ngoko yaiku …
Yaiku duwe arti supaya calon penganten mau suci lair lan batine
Yaiku ora ngarti calon penganten suci lair lan batine
Kudune duwe topik supaya calon penganten mau kudu suci lair lan batine
ora duwe arti supaya calon penganten mau suci lair lan batine
Teks kanggo jawab Nomor 7-12
Gathutkaca Gugur
Wengi iku Prabu Salya dukayayahsinipi amarga putrane kang kinasih Arya Burisrawa guguring madyaning paprangan. Kabeh didukani lan diamuk klebu Adipati Ngawangga yaiku Adipati Karna. Adipati Karna ora trima disalahake, sanalika iku uga banjur mbirawakake dheweke madeg dadi senapati. Adipati Karna banjur nggempur wadya Randhu –watangan wengi iku uga. Bab kang ora lumrah perang ing wayah wengi ndadekake wadya Pandhawa panas atine. Raden Arjuna banjur siyaga bakal madeg senapati ngadepi Adipati Karna. Nanging dipenggak dening Prabu Kresna, amarga perang wayah wengi iku perang kang ora manut aturan.
Prabu Kresna banjur dhawuh marang Raden Gathutkaca supaya madeg senapati ing wengi iku. Raden Werkudara minangka bapake Gathutkaca sejatine ora lila anake madeg senapati. Jalaran kang bakal diadepi iku senapati kang digdaya, pinunjul lan nduweni sanjata kang ampuh. Prabu kresna menehi pitutur marang Raden Werkudara, “Majune Gathutkaca iku kanggo labuh marang bangsa lan negara. Saumpama ing paprangan mengko nganti gugur iku mujudake mati kang mulya lan bakal oleh ganjaran swarga”.
7). Kinasih nduweni teges....
diladeni
paling disayang
paling dibenci
ora disenengi
8). …….. Raden Arjuna dipenggak dening Prabu Kresna anggone arep ngadepi Adipati Karna ?
Tembung pitakon kang trepkanggo ngisi ceceg-ceceg yaiku …
kepiye
sapa
apa
genea
Ing dina Minggu aku, adam, Riyan, Robet, lan Veno numpak sepedha menyang pemancar televisi Ndemuk. Dalane munggah lan menggak-menggok, nganti ambeganku krengosan. Bareng tekan pemancar, aku sakanca padha wedi tibake ngarepe pemancar ana kuburane, mula banjur budhal mulih. Mulihe dalane mudhun, sepedha direm supaya ora banter. Sepedhahe Adam lan Robet direm ananging kok panggah banter wae, pranyata rime blong. Krossaaakk...byurrr...bocah loro kecemplung kali.
13). Ana ngendi dununge kuburan ?
dalan mudhun
pinggire kali
pinggir dalan
ngarepe pemancar
Kinanthi
Anjagi lingkunganipun
Dimen resik resep asri
Para mudha trus tumandang
Lingkungane di resiki
Kabeh warga padha sehat
Lelara padha sumingkir
18). Tembung anjagi tegese ….
kanda
resiki
nyingkir
njaga
20). Tulisen aksara Jawa iki maring aksara latin !
para siswa gotong royong
para siswa kerja sama
siswa gotong royong
para siswa uga gotong royong
Prahara
Dening: Bapake Inul
Wis kapacak ing ngendi-endi
Ing radio, TV, lan kalawarti
Banjir kang nggegirisi
Gunung mbledhos ngiris ati
Lemah jugrug ing sadhengah papan
Prau padha kerem
Montor muluk ceblok nggodhol nyawa
25). Pesan kang ana ing geguritan kuwi yaiku ....
prahara ing radio
prahara ing ngendi-endi
urip bebrayan
urip kudu tentrem
Bapak Kepala Sekolah ingkang kula urmati, para bapak lan ibu guru ingkang kula urmati uga. Monggo kula dherekaken ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kuwaos.
28). Ukara kuwi kalebu contone bagean sesorah kang jenenge ….
Salam pambuka
Pakurmatan marang para tamu kang padha rawuh
Panutuping pidhato
Isi/surasabasa
Pakdhe lunga menyang Tawangmangu numpak bis.
29). Ukara ngoko kuwi yen didakdekna Kromo alus yaiku ….
Pakdhe tindak dhateng Tawangmangu nitih bis
Pakdhe mangkat maring Tawangmangu nitih bis
Pakdhe budhal maring Tawangmangu numpak bis
Pakdhe nderek dhateng Tawangmangu nganggo bis
Adik saweg sare.
30). Tembung kang pas kanggo ngganti sare ana ing ukara mau yaiku ….
turu
tilem
nedha
wungu
31). Simbol kaya ing gambar nduwur iku, kasebut …. Gunane kanggo ….
wulu, suara i
suku, suara u
taling,suara e
wignyan, suara h mati
32). Taling tarung iku kanggo gawe suara ….
i
u
o
e
Rika : “Wah, elok tenanya, Candhi Borobudhur iki!”
Indri : “Iya, jelas Rik, lha wong Candhi Borobudhur kalebu 7 keajaibane donya.”
Rudi : “Ayo mlaku-mlaku munggah mrono!”
Arip : “Iya, mlaku munggah mrono.”
Rudi : “Aku tak mlaku mrana dhisik ya!”
Rika : “Rud, ati-atiya. Aja pisah karo rombongan, bisa ilang lho!”
Rudi : “Ora-orane yen ilang, wong aku ngerti tulis kok. Yo takon-takon to mengko.”(mlayu ngadoh)
(bocah-bocah lan bapak ibu guru muter-muter plesir ing Candhi Borobudhur)
33). Tembung plesir tegese ....
manggon
munggah
manut
mlaku-mlaku
37). Contone salam pambuka ing sesorah yaiku ….
Hallo
Bye
Assalamu'alaikum
Kulanuwun
39). Bapak maos koran.
Ingkang dadi wasesa yaiku tembung ….
koran
maos
Bapak
koran Bapak
40). Gambar ana ing duwur iku salah sijine Pandhawa kang arane …
Janaka
Yudhistira
Werkudara
Nakula
