wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAT BAHASA DAERAH Kelas VIII

Total questions: 40

Worksheet time: 43mins

Name
Class
Date
1.

Para pamiyarsa, sugeng midhangetaken pawartos basa Jawi saking RRI Jawi Tengah !

KACILAKAN ING MARGI NALIKA MUDHIK LEBARAN SAYA NDADRA

Pawartos jangkepipun : Korban kacilakan ing margi nalika mudhik lebaran warsa 2011 atusan nyawa ical muspra. Kadadosan menika nyebabaken pemerintah lumantar Dirjen Perhubungan. Polantas sarta kabantu ormas lan masyarakat ingkang sami peduli, sami cancut taliwanda ngreka daya ngupayakaken kangge ngirangi kurban kacilakan kasebat. Upaya ingkang sampun katindakaken kadosta: margi dipunwiyari, mbikak margi alternatif, dipunpasangi lampu lan rambu-rambu lalu lintas, tes urin tumrap pengemudi angkutan umum, papan ngaso gratis tumrap pemudik ingkang sayah, pemeriksaan surat-surat, ngurubaken lampu ing wekdal siang, mudhik gratis saka pengusaha tartamtu, awisan mbekta lare alit ngangge pit motor lan dipunfasilitasi mudhik gratis ngangge bis, lan sapanunggalanipun.

Pawartos ing nginggil kagiyaraken lumantar … .

a)

Radhiyo

b)

Televisi

c)

Kalawarti

d)

Ariwarti

2.

Korban kacilakan ing margi nalika mudhik lebaran warsa 2011 atusan nyawa ical muspra. Tembung kang kacithak miring teges karo tembung … .

a)

Lebaran

b)

Bali desa

c)

Ketemu sedulur

d)

Melancong

3.

Para pamiyarsa, sugeng midhangetaken pawartos basa Jawi saking RRI Jawi Tengah !

KACILAKAN ING MARGI NALIKA MUDHIK LEBARAN SAYA NDADRA

Pawartos jangkepipun : Korban kacilakan ing margi nalika mudhik lebaran warsa 2011 atusan nyawa ical muspra. Kadadosan menika nyebabaken pemerintah lumantar Dirjen Perhubungan. Polantas sarta kabantu ormas lan masyarakat ingkang sami peduli, sami cancut taliwanda ngreka daya ngupayakaken kangge ngirangi kurban kacilakan kasebat. Upaya ingkang sampun katindakaken kadosta: margi dipunwiyari, mbikak margi alternatif, dipunpasangi lampu lan rambu-rambu lalu lintas, tes urin tumrap pengemudi angkutan umum, papan ngaso gratis tumrap pemudik ingkang sayah, pemeriksaan surat-surat, ngurubaken lampu ing wekdal siang, mudhik gratis saka pengusaha tartamtu, awisan mbekta lare alit ngangge pit motor lan dipunfasilitasi mudhik gratis ngangge bis, lan sapanunggalanipun.

Pawartos kasebat ngrembag babagan ... .

a)

mudhik lebaran

b)

ketertiban lalu lintas

c)

kacilakan ing dalan

d)

kacilakan nalika mudhik lebaran

4.

KACILAKAN ING MARGI NALIKA MUDHIK LEBARAN SAYA NDADRA

Pawartos jangkepipun : Korban kacilakan ing margi nalika mudhik lebaran warsa 2011 atusan nyawa ical muspra. Kadadosan menika nyebabaken pemerintah lumantar Dirjen Perhubungan. Polantas sarta kabantu ormas lan masyarakat ingkang sami peduli, sami cancut taliwanda ngreka daya ngupayakaken kangge ngirangi kurban kacilakan kasebat. Upaya ingkang sampun katindakaken kadosta: margi dipunwiyari, mbikak margi alternatif, dipunpasangi lampu lan rambu-rambu lalu lintas, tes urin tumrap pengemudi angkutan umum, papan ngaso gratis tumrap pemudik ingkang sayah, pemeriksaan surat-surat, ngurubaken lampu ing wekdal siang, mudhik gratis saka pengusaha tartamtu, awisan mbekta lare alit ngangge pit motor lan dipunfasilitasi mudhik gratis ngangge bis, lan sapanunggalanipun.

Para paraga ingkang ngupayakaken ngirangi kurban kacilakan, kajaba ... .

a)

Pemerintah

b)

Masyarakat

c)

Ormas

d)

Lembaga / yayasanLembaga / yayasan

5.

Nalika nindakake pacelathon, yen sing diajak ngomong lagi guneman prayogane ….

a)

Dirungokake nganti rampung

b)

Diselani sasenenge dhewe

c)

Diganggu karo pitakonan liya

d)

Diendheg sawayah-wayah

6.

1) Atur pakurmatan

2) Muji syukur marang Gusti

3) Nyuwun idi palilah lan atur sugeng rawuh

Tuladha ing dhuwur mujudake peranganing sesorah babagan ....

a)

Salam pambuka

b)

Isi

c)

Pambuka

d)

Panutup

7.

“Wasana cekap semanten, sedaya kekirangan saha kalepatan anggen kula matur ing ngarsa panjenengan sedaya, menggahing basa ingkang kirang tumata, solah bawa ingkang boten trapsila, paningal ingkang nanar, kanthi andhaping manah kawula suwun kersaa para Bapak/Ibu paring agunging pangaksami.”

Tuladha peranganing sesorah babagan ....

a)

Salam pambuka

b)

Pambuka

c)

Isi

d)

Panutup

8.

Ahmad : “Mbak Ratih, kae bapak lagi kondur.”

Ratih : “Coba kowe mengko nyuwun priksa ya, Bapak mentas tindak ngendi!”

Bapak : (mbukak lawang) “Lagi padha ngapa kuwi?”

Ratih : “Menika saweg dolanan Pak.”

Ahmad : “Bapak kalawau nembe tindak pundi ta, kok dangu sanget?”

Bapak : “Ana apa ta, kadingaren takon-takon barang, biyasane ora tau urus.”

Ahmad : “Menapa mboten kepareng?”

Bapak : “Lho, sapa sing ora oleh, oleh bae, malah apik kuwi kok. Mung aku rada gumun, wong

biyasane ora.”

Pacelathon ing dhuwur, rembugane Ratih migunakake basa ....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

9.

Ahmad : “Mbak Ratih, kae bapak lagi kondur.”

Ratih : “Coba kowe mengko nyuwun priksa ya, Bapak mentas tindak ngendi!”

Bapak : (mbukak lawang) “Lagi padha ngapa kuwi?”

Ratih : “Menika saweg dolanan Pak.”

Ahmad : “Bapak kalawau nembe tindak pundi ta, kok dangu sanget?”

Bapak : “Ana apa ta, kadingaren takon-takon barang, biyasane ora tau urus.”

Ahmad : “Menapa mboten kepareng?”

Bapak : “Lho, sapa sing ora oleh, oleh bae, malah apik kuwi kok. Mung aku rada gumun, wong

biyasane ora.”

Ahmad anggone matur menyang Bapak migunakake basa ....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

10.

Ahmad : “Mbak Ratih, kae bapak lagi kondur.”

Ratih : “Coba kowe mengko nyuwun priksa ya, Bapak mentas tindak ngendi!”

Bapak : (mbukak lawang) “Lagi padha ngapa kuwi?”

Ratih : “Menika saweg dolanan Pak.”

Ahmad : “Bapak kalawau nembe tindak pundi ta, kok dangu sanget?”

Bapak : “Ana apa ta, kadingaren takon-takon barang, biyasane ora tau urus.”

Ahmad : “Menapa mboten kepareng?”

Bapak : “Lho, sapa sing ora oleh, oleh bae, malah apik kuwi kok. Mung aku rada gumun, wong

biyasane ora.”

Dene anggone Bapak ngendika menyang Ahmad migunakake basa ....

c.

d.

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

11.

Pak guru ... aku supaya ... layang marang pak dhokter ing Puskesmas.

a)

Nimbali, menehake

b)

Nimbali, ngaturake

c)

Ngundang, menehake

d)

Ngundang, ngaturake

12.

Ukara pitakon ing ngisor iki sing trep kanggo rembugan kanca karo kanca raket, yaiku .…

a)

Panjenengan mangke tindak ekstrakurikuler boten, Pur ?

b)

Sampeyan sampun ngempalaken tugas dhateng Pak Guru ?

c)

Piye, sesuk sida melu renang apa melu badminton ?

d)

Enten napa boten kanca ingkang badhe tumut piknik ?

13.

Bocah kang gedhe endhase, mesti diadohi kancane. Gedhe endhase tegese yaiku….

a)

sugih pengalaman

b)

gumedhe, sombong

c)

sugih omong

d)

pinter banget

14.

Bocah iku lunyu ilate, mula ora dipercaya kancane. Lunyu ilate tegese … .

a)

Teges

b)

Jujur

c)

ngomonge mencla – mencle

d)

seneng ngapusi

15.

Parikan iki bacutna :

“Ngasah arit nganti landhep. Dadi murid ..…. “

a)

kudu tertib

b)

kudu mlebu

c)

kudu sinau

d)

kudu sregep

16.

“Aku arep teka ing omahe simbah, arep njaluk pangestu”. Ukara kasebut karma aluse yaiku … .

a)

Kula badhe sowan ing omahe simbah nyuwun pangestu

b)

Kula badhe sowan ing dalemipun simbah, badhe nyuwun pangestu

c)

Kula sowan ing simbah badhe nyuwun donga

d)

Kula teng daleme simbah nyuwun tulung

17.

“Sawengi sadurunge aku tansah ....., kaya ngapa sejatine papan wisata ing Trowulan iku”.

Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku ...

a)

Nyritakake

b)

Ngandharake

c)

Mikirake

d)

Nyenengake

18.

“Sadurunge budhal para siswa ..... wejangan dening Kepala Sekolah”.

Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku ...

a)

Diparingi

b)

Diparingake

c)

Maringake

d)

Maringi

19.

Ora dikandhani Bu Kades mesthi wis ngerti”.

Ukara kasebut krama aluse ….

a)

Boten dipunngendikani Bu Kades temtu sampun mangertos

b)

Boten dipunparingi priksa Bu Kades temtu sampun sumerep

c)

Boten dipuncariyosi Bu Kades temtu sampun priksa

d)

Boten dipunaturi priksa Bu Kades temtu sampun priksa

20.

Dhik Tuti wis bola-bali ..…, nanging simbah ora .….

Tembung kanggo ngganepi ukara iku yaiku....

a)

Ngendika, mireng

b)

Matur, krungu

c)

Matur, midhanget

d)

Omong, miring

21.

Pak Carik : “Geneya kowe mau ora melu kumpulan Karang Taruna ?”

Andri : “….............................................”

Wangsulane Andri minangka bocah sekolah, sing bener yaiku ….

a)

Amargi kula nembe gerah padharan

b)

Amargi kula nembe sakit padharan

c)

Amargi kula nembe lara weteng

d)

Amarga kula lara weteng

22.

Nalika diutus Pak Siswadi supaya nyilih buku geguritan marang Bu Ratna, aturmu marang Bu Ratna ....

a)

Bu kula dipunutus Pak Sis supados mundhut ngampil buku geguritan

b)

Bu kula dipundhawuhi Pak Sis supados nyuwun ngampil buku geguritan

c)

Bu kula dipunaturi Pak Sis supados nyuwun ngampil buku geguritan

d)

Bu kula dipundhawuhi Pak Sis supados mundhut ngampil buku geguritan

23.

Bu Retno : ’’Piye, Mbak Wulan, coba matura, ana apa kok

sajak wigati banget.’’

Wulan : ’’Makaten Bulik, kula dikengken ibu supados

ngaturaken arta arisan dhateng panjenengan.

Sonten punika ibu mboten saged rawuh arisan

amargi tindak dhateng Semarang saprelu

ngrawuhi wisudanipun mbakyu kula, Mbak

Wiwid.”

Bu Retno : ’’Lho ... mbakyumu Wiwid kae wis wisuda?”

Wulan : ’’Inggih, Bulik.’’

Ing pacelathon iku ana tembunge Wulan kang kleru, yaiku....

a)

Rawuh

b)

Ngaturaken

c)

Dikengken

d)

Tindak

24.

Bu Retno : ’’Piye, Mbak Wulan, coba matura, ana apa kok

sajak wigati banget.’’

Wulan : ’’Makaten Bulik, kula dikengken ibu supados

ngaturaken arta arisan dhateng panjenengan.

Sonten punika ibu mboten saged rawuh arisan

amargi tindak dhateng Semarang saprelu

ngrawuhi wisudanipun mbakyu kula, Mbak

Wiwid.”

Bu Retno : ’’Lho ... mbakyumu Wiwid kae wis wisuda?”

Wulan : ’’Inggih, Bulik.’’

Bu Retno ing pacelathon iku nggunakake basa ngoko, amarga....

a)

Ora bisa basa

b)

Wis kulina

c)

Marang bocah

d)

Priyayi luhur

25.

Bu Retno : ’’Piye, Mbak Wulan, coba matura, ana apa kok

sajak wigati banget.’’

Wulan : ’’Makaten Bulik, kula dikengken ibu supados

ngaturaken arta arisan dhateng panjenengan.

Sonten punika ibu mboten saged rawuh arisan

amargi tindak dhateng Semarang saprelu

ngrawuhi wisudanipun mbakyu kula, Mbak

Wiwid.”

Bu Retno : ’’Lho ... mbakyumu Wiwid kae wis wisuda?”

Wulan : ’’Inggih, Bulik.’’

Ancas / tujuwane Wulan anggone sowan Bu Retno yaiku ....

a)

Melu arisan

b)

Ngaturake menawa mbakyune arep wisuda

c)

Nyaosake dhuwit arisane ibune

d)

Ngaturi dhaharan marang bu Retno

26.

Ing ngisor iki tata cara mertamu kang bener, kejaba....

a)

Ngajak guneman kang ora wigati

b)

Uluk salam nalika nembe teka

c)

Becik unggah-ungguhe

d)

Pamit nalika arep mulih lan uluk salam

27.

Kowe suk emben arep diajak bapakmu menyang Tulungagung. Anggonmu matur marang gurumu sesuk saperlu nyuwun ijin, yaiku ... .

a)

Kula benjing boten mlebet Pak, amargi kula badhe tindak dhateng Tulungagung

b)

Kadospundi Pak saupami kula benjing dipunajak bapak dhateng Tulungagung ?

c)

Kula benjing nyuwun ijin Pak, amargi badhe dipun ajak bapak dhateng Tulungagung

d)

Kula benjing kedah panjenengan ijini, amargi kula dipunajak dhateng Tulungagung

28.

“Sapa sing gelem nindakake kabecikan, bakal nampa piwales kang becik. Sapa sing tumindak ala, ing tembe mburine uga bakal oleh piwales ala”

Andharan iku jumbuh karo sesanti ....

a)

Sepi ing pamrih rame ing gawe

b)

Rukun agawe santosa crah agawe bubrah

c)

Becik ketitik ala ketara

d)

Wani ngalah luhur wekasane

29.

“Karukunan ing antarane sapepadha bisa ndadekake kekuwatan, nanging yen cecongkarahan lan ora gelem rukun bisa ndadekake karusakan. Mulane sabisa- bisane ayo padha urip kang guyub rukun aja padha seneng tukar padu”

Andharan ing ndhuwur jumbuh karo sesanti ....

a)

Sepi ing pamrih rame ing gawe

b)

Rukun agawe santosa crah agawe bubrah

c)

Becik ketitik ala ketara

d)

Wani ngalah luhur wekasane

30.

Yen ditulis nganggo aksara latin yaiku ... .

a)

pamit mulih

b)

pamit lunga

c)

prajurit kraton

d)

prajurit kulon

31.

Yen ditulis nganggo aksara latin yaiku ... .

a)

Yen gelem maca, akeh ilmune

b)

Yen akeh maca, mesthi gelem ilmune

c)

Yen gelem ilmu, kudu akeh maca

d)

Yen akeh maca, mesthi akeh ilmune

32.

Yen ditulis nganggo aksara latin yaiku ... .

a)

Yen sabar methi munggah swarga

b)

Sabar iku subur

c)

Sabar iku kuncining swarga

d)

Sabar kancane Pak Subur

33.

“Sapa tumindak ala bakal nemu bebaya”.

Yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku ...

a)
b)
c)
d)
34.

“prahu layar nyebrang ing tlaga”.

Yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku ...

a)
b)
c)
d)
35.

Wiwit sasi Januari 2015 iki Pemerintah kota Surabaya bakal nindak tegas sapa bae seng mbuwang sampah sembarangan. Pemkot urabaya bakal ndendha nganti 5 yuta utawa kurung paling suwe telung sasi marang sapa bae sing kebukten mbuwang sapah sembarangan. Peraturan iku mau wis dadi peraturan daerah (Perda) lan wis diwartakake kanthi cara masang pengumuman ing pusat-pusat keramaian sesasi lawase.

Gagasan pokok saka kutipan ing dhuwur yaiku….

a)

Pemda Surabaya nindhak tegas sing mbuwang sampah sembarangan

b)

Pemkot Surabaya ndhendha 5 yuta utawa kurungan 3 sasi

c)

Peraturan iku mau wis saka Perda

d)

Pemda wis masang pengumuman sesasi lawase

36.

“Mula wiwit saiki, ati-ati yen mbuwang sampah, aja sembaragan. Sebab bisa dadi pekulinan sing ora becik. Lali– laline, bisa-bisa kena ukum di ukum kurungan telung sasi.”

Gagasan pokok saka ukara yaiku….

a)

pakulinan kang ora becik

b)

kurungan penjarane 3 sasi

c)

lali-laline bisa kena dhendha

d)

mbuwang sampah aja sembarangan

37.

Pitutur-pitutur saka wong kang tuwa kudu tansah diestokake.Tegese diestokake yaiku ……..

a)

Digatekake

b)

Dimirengake

c)

Diwangsuli

d)

Digatekake lan ditindakake

38.

“Simbah putri njupuk kembang ing ngarep omah.”

Ukara iku yen didadekake krama alus dadine .....

a)

Eyang putri mundhut kembang ing ngajeng dalemipun

b)

Simbah putri mundhut kembang ing ngajeng dalemipun

c)

Eyang putri mundhut sekar ing ngajeng dalemipun

d)

Simbah putri mundhut sekar ing ngajeng dalemipun

39.

“Pakdhe Rudi sampun rawuh, badhe dalem caosi unjukan.”

Ukara iku yen didadekake ngoko lugu dadine .....

a)

Pakdhe Rudi wis teka, arep takwenehi wedang

b)

Pakdhe Rudi sampun teka, badhe dalem caosi wedang

c)

Pakdhe Rudi wis rawuh, badhe takwenehi wedang

d)

Pakdhe Rudi wis rawuh, badhe takwenehi unjukan

40.

“Panjenengan ngriki wau nitih sepeda menapa namung tindak ?”

Ukara iku yen didadekna ngoko lugu dadine .....

a)

Kowe ngriki wau nitih sepeda menapa namung mlaku ?

b)

Kowe mrene mau nitih sepeda menapa namung mlaku ?

c)

Kowe mrene wau numpak sepeda menapa namung mlaku ?

d)

Kowe mrene mau numpak sepeda apa mung mlaku ?