NEW
Font size
WorksheetsX ALL BAHASA JAWA JUM'AT
Total questions: 40
Worksheet time: 1hrs 20mins
Kang kalebu teks sastra yaiku....
Artikel
Karya tulis ilmiah
Laporan
Cerita cekak
Makalah
Basa kang digunakake ing teks sastra biasane...
Nduweni makna denotatif
Nduweni sifat nyata / obyektif
Migunakake bahasa ilmu
Nuwuhake kesan logis ing batin sing maca
Nduweni makna konotatif, ekspresif, lan sugestif
Ing ngisor iki kalebu karakteristik teks non sastra, kajaba...
Nduweni sifat obyektif
Nduweni makna denotatif
Nyentuh pikiran
Nduweni sifat faktatis
Migunakake pilihan tembung, ukara, lan gaya basa sing bebas
Madeg keraton Astinapura, Prabu Dhestarastra kaadep dening putra mbarepe, Duryudana, Patih Sengkuni, lan Pandhita Krepo. Surasane rerembugan ana gandheng cenenge karo peprentahan Astina ing tembe mburine marang para Kurawa, ngengeti para Pandawa wis wiwit diwasa. Pethilan teks ing nduwur tuladhane teks sastra yaiku...
Teks cerkak
Teks pedhalangan
Teks geguritan
Teks tembang macapati
Teks tembang campursari
Parikan, wangsalan, cangkriman, lan paribasan iku kalebu jenise basa rinengga kang awujud...
Kawruh basa
Kasusastran
Paramasastra
Tembang
Geguritan
Negara Hastinapura kagungan putra calon gumanti Nata, yaiku kang pambarep Dhestharastra, panengahe Pandhu, lan wurujune Widura
Mbarep
Ragil
Tengah
Kakang
Adhi
Ukara ing ngisor iki kang migunakake basa rinengga yaiku....
Para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu sampun pana ing pamawas, lebda ing pitutur, keblat ing panembah
Sadurunge ditemokake manten lanang lan manten wadon dirias luwih disik.
Awake lencir pakulitane kuning, nanging olehe nesu tangane nuding-nuding
Akeh dhayoh sing pada oleh panggon amarga papane ciyut
Sawise acara rampung tamune padha mulih dhewe-dhewe
Para alim ulama, ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi. Tembung rinten dalu tegese....
Esuk lan sore
Awan lan wengi
Esuk lan wengi
Sore lan wengi
Saben wengi
Palarapaning panganten putri sinungging pepaes awarna kresna, ireng meles, menges, anjanges pantes. Tembung palarapan tegese...
Sirah
Pipi
Irung
Bathuk
Lambe
Sumangga tansah nyenyuwun dhateng ngarsanipun Gusti Kang Maha Suci, mugi-mugi anggenipun hamengkugati tansah manggih basuki.
Teks kasebut kadunungan basa rinengga kang awujud...
Purwakanthi basa
Purwakanthi sastra
Purwakanthi swara
Parikan
Wangsalan
Kula minangka dados talanging basa rumaos kathah cicir, cewet, lan kuciwanipun, kirang titi tata titising ukara, kula nyuwun agunging pangaksama...
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi sastra
Purwakanthi swara
Parikan
Wangsalan
Tembung kinasih, dumunung, tinabuh, tembunge lingga...
Kasih, dunung, abuh
Kasih, nunung, nabuh
Asih, dumung, nabuh
Asih, dunung, nabuh
Kasih, dunung, tabuh
Direwangi jungkir njempalik meksa ora bisa cukup kanggo mangan saben dinane.
Tembung njungkir njempalik kalebu....
Tembung entar
Tembung camboran
Tembung saroja
Tembung garba
Tembung yogaswara
Tembung loro kang nduweni swara a lan i ing pungkasane wanda, nduweni teges lanang lan wadon diarani...
Tembung entar
Tembung saroja
Tembung yogaswara
Wangsalan
Dasanama
Adicara sampun rinancang, rinumpaka dening para kulawarga. Ukara kasebut kadunungan....
Purwakanthi swara
Purwakanthi sastra
Purwakanthi basa
Paribasan
Parikan
Jarit lawas ing sampiran. Unen-unen kasebut tegese...
Kena apus sarana gampang banget
Wong sing ora nduwe papan panggonan
Nemu kepenake tanpa melu rekasane
Mung kanggo jagan yen ana kurange
Wong duwe kapinteran nanging ora digunakake
Rembulan purnama sidi sesingidan ing walike mendung tipis. Angin sumilir alon, sajak ngemban jangkahe. Sampun lan Tekad kang lagi mecaki galengan. Kadhang kala jangkahe kandeg sedela, ngawat-wati kahanan kiwa tengen, nuli mbacutake laku kanthi rada mbungkrung. Tembung kadhang kala kalebu....
Tembung entar
Tembung saroja
Wangsalan
Parikan
Dasanama
Yen tumindak sarwa kesusu asile ora becik, iku paribasane....
Ketapang ngrangsang gunung
Kebat kliwat gancang pincang
Kalah cacak menang cacak
Entek ngamek kurang golek
Lahang karoban manis
Kabeh mung dakpasrahake neng ngersane Pangeran
Dimen nalar, budi lan ati pinaringan padhang
Tembung pinaringan tembunge lingga...
Pinaring
Paringan
Paring
Maring
Naring
Kanthi linambaran pepeayung budi rahayu, miwah ngaturaken sewu agunging aksama, mugi pinarengakawula hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha.
Tembung sewu agunging aksama tegese...
Sugeng siang
Sugeng dalu
Maturnuwun ingkang kathah
Pangapunten ingkang kathah
Kalepatan ingkang kathah
Kleyang kabur kanginan. Unen-unen kasebut tegese...
Wong urip kalunta-lunta
Wong sing mlarat banget
Wong sing bedhigasan
Wong pinter nanging ora ana sing mbutuhake
Wong sing wis kapok banget
Durna karo Sangkuni duwe gagasan anyar sing bisa gawe kapitunaning liyan
Tembung kapitunaning tembunge lingga.....
Kapi
Tuna
Tunaning
Kapituna
Pitu
Panjenenganipun para priyagung dharahing nata, para sarjana sujaneng budi, para pangemban pangembating praja, para satriyaning negari. Tembung sujaneng kalebu...
Tembung entar
Tembung saroja
Tembung garba
Tembung yogasara
Tembung lingga
Wondene menggah reroncening tata adicara sampun tata adicara sampun rinancang, rinacik, rinumpaka dening para kulawangsa. Tembung rinancang kalebu...
Rimbang tanggap –na wantah
Rimbang tanggap –na i - kriya
Rimbang tanggap –na ke - kriya
Rimbang tanggap tarung wantah
Rimbang tanggap tarung i – kriya
Tembung kang kacithak miring ing ukara ngisor iki kadunungan ater-ater ka-, kajaba....
Temanten kakung kajengkaraken tumuju dhumateng sasana pamiwahan
Kalajengaken dhaup panggihing putra temanten
Ginarubyug sagunging kadang santana
Tumunten kasowanaken malih wangsul ngabyantara para tamu
Adicara sampun kalampahan kanthi la
Aweh pitulungan nanging malah gawe rekasane wong kang ditulung. Iku paribasane....
Sadumuk bathuk sanyari bumi
Tulung menthung
Kalah cacak menang cacak
Kadang konang
Keplok ora tombok
Wong kang wis ora oleh pangapura saka Pangeran, iku paribasane...
Kineban lawang tobat
Kaduk wani kurang deduga
Kalah cacak menang cacak
Kadang konang
Katula-tula katali
Padudon utawa regejegan marga barang kang remeh. Iku bebasane....
Dikena iwake aja nganti buthek banyune
Madu balung tanpa isi
Ora uwur ora sembur
Diwenwhi ati ngrogoh rempela
Dudu berase ditempurake
Gumebyar busananing putra penganten kakung, hangagem busana ingkang tinaretes benang sotya, ngagem kuluk kanigara, hagemba busananing nata, lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa. Agung ateges kebak ing kaendahan kang sanyata adi luhung. Mrabu ateges pindha jejering narendra kebeken ing kawibawan luhur, dene mrabawa ateges sinung prabawa adi endah milangoni.
Kang dicandra dening pranatacara ing teks panyandra ing dhuwur, yaiku.....
Penganten putri
Satriya kembar
Putri dhomas
Busanane penganten kakung
Penganten kakung
Tembang macapat kang nggambarake nalika manungsa isih ana ing alam ruh lan durung lair, yaiku....
Maskumambang
Mijil
Sinom
Kinanthi
Pocung
Tembang macapat kang nggambarake kahanane manungsa nalika isih enom, yaiku...
Maskumambang
Mijil
Sinom
Kinanthi
Pocung
Atmaja, tanaya, suta, sunu, siwi, iku dasanamane....
Angin
Anak
Bumi
Ati
Banyu
Juwita, dyah, wanodya, rini, putri, iku dasanamane...
Pinter
Ati
Banyu
Wanita
Kembang
Ing ngisor iki kalebu parikan, yaiku...
Nyebar godhong kawis keparenga sabar sawetawis
Cunduk mentul pinasang titi tata pinatut, katiyub ing maruta sumilir dadi kembang dewadaru
Lamun ginupit ing wardaya kadya astane kenya sulistya angawe-awe mring kekasihe
Kasulistyane risang paganten putri kadya Bathari Ratih angejawantah
Mungguh amantesi lir Sang Hyng Kamajaya angejawantah
Kupat kecemplung santen, menawi lepat....
Nyuwun ngapunten
Nyuwun pangapura
Nyuwun pangaksami
Nyuwun sewu
Matur sembah nuwun
Wondene minangka pratandha paripurnaning pahargyan, menawi temanten sarimbit sampun jengkar saking sasana rinengga, tumuju wiwaraning pawiwahan, tandha yekti pawiwahan sampun paripurna. Tembung paripurna tegese...
Rapat
Wiwit
Leren
Rampung
Mlaku
Unen-unen ing ngisor iki kang kalebu parikan, yaiku.....
Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir
Lawa lima kalong telu dadine piro ?
Wajik klethik gula jawa, luwih becik sing prasaja
Dahwen ati open
Para warga padha gotong royong mbangun jembatan
Nggodhong garing, esuk-esuk kok wis...
Ganepe wangsalan kasebut, yaiku...
Sarapan
Mangan gethuk
Ngantuk
Sumuk
Nglaras
Siji lan sijine ora padha pangrengkuhe (ora adil), iku paribasane..
Kebat kliwat gancang pincang
Kaduk wani kurang deduga
Kalah cacak menang cacak
Emban cindhe emban siladan
Sadumuk bathuk sanyari bumi
Wong asor nanging sugih kapinteran, iku paribasane....
Angon ulat ngumbar tangan
Dudu berase ditempurake
Bathok bolu isi madu
Ulat madhep ati karep
Kadang konang
