NEW
Font size
WorksheetsCariyos Ringgit Mahabarata
Total questions: 45
Worksheet time: 23mins
1. Miturut isine, teks utawa wacan kang isine adhedhasar kasunyatan kuwi diarani ....
teks sastra
teks nonsastra
teks fiksi
teks imajinasi
Ing ngisor iki kang ora kalebu teks sastra, yaiku ....
tembang mocopat
pawarta
geguritan
crita cekak
Unsur intrinsik karya sastra gancaran kang ngandharake lakuning crita, yaiku ….
tema
alur
setting
point of view
Pasulayan antarane Pandhawa lan Kurawa kang mapan ing Tegal Kurusetra diarani ….
Pararaton
Wulangreh
Mahabharata
Ramawijaya
Crita Mahabarata kuwi kaperang dadi … parwa.
15
16
17
18
Unsur intrinsik gancaran kang minangka wosing crita kang andhasari lakuning crita, yaiku ….
tema
alur
setting
wewatekan
Crita Bale Sigala-gala kuwi minangka crita kang nyritakake Kurawa kang tansah ngupaya sirnaning Pandhawa.
Saka kulawargane Kurawa kang cacahe satus, kang dadi pambarepe Kurawa yaiku ….
Duryudana
Dursasana
Sengkuni
Dhestarastra
Dhestrarasta menika minangka … Kurawa.
Adine
Kakange
Bapane
Biyunge
Duryudana sasedulur ora manut pituture ramane, kanthi sesidheman Duryudana utusan salah sawijining abdi kang banget dipercaya, kadhawuhan nggawe bale pasanggrahan ana ing dhusun Waranata, dhusun kang asri kang mapan ana ing sangisoring gunung, cedhak alas. Tegese tembung “sesidheman” ana ing pethilan crita kasebut yaiku ….
terang-terangan
nglokro
seneng
meneng-menengan
Kurawa tansah ngupaya sirnaning Pndhawa, kalebu nalika ana ing lakon Bale Sigala- gala. Underaning perkara yaiku Kurawa kepingin ngregem negara ….
Amarta
Astina
Waranata
Pringgodani
1. Nalika geni murub ngalad-alad, Bima minangka panengahing Pandhawa, mbopong sadulure lan ibune, kapondhong mlayu metu liwat trowongan sinandhi, wusana njedhul ana ing satengahing alas. Pandhawa slamet, luput saka bebaya awit paekane kangmase yaiku Duryudana.
Ana ing pethilan kasebut nelakake menawa Bima minangka panengahing Pandhawa amarga .…
anak mbarep
anak nomer loro
anak nomer telu
anak bontot
Sawise lair, pusere Gathotkaca ora bisa dipedhot nggunakake sakehing gegaman, nanging pungkasane bisa pedhot nalika nggunakake warangka sawijine pusaka, pusaka kasebut yaiku ….
Kunta Wijayandanu
Kotang Antakusuma
Pusaka Manjing Warangka
Panah Pasopati
Gathotkaca pinaringan pusaka kanggo sipat kandel anggone ngadhepi mungsuh nalika perang lawan Prabu Kala Pracona.
Pusaka kang ndadekake Gathotkaca bisa mabur, yaiku ….
Kunta Wijayandanu
Kotang Antakusuma
Panah Pasopati
Caping Basunanda
Ing sawijining dina, nalika Pandhawa lagi ngaso ana ing Bale Pasanggrahan, ana utusan saka Paman Arya Yamawidura. Utusan mau kang arane Kanana matur menawa kadang Pndhawa kudu ngati-ati awit mbesuk ing malem tanggal 14 wulan iki Purocana kang utusane Duryudana arep ngobong Bale Pasanggrahan.
Unsur intrinsik kang nuduhake papan panggonan minangka latar crita yaiku ….
mbesuk malem
tanggal 14
Bale Pesanggrahan
Paman Arya Yamawidura
Nalika maju ana paprangan, tandhange Gathotkaca cukat trengginas, wusana Prabu Kala Pracona sawdyabalane padha mati kabeh. Sasirnane Prabu Kala Pracona, Gathotkaca banjur dijumenengake nata ing kahyangan Tintomaya saumure jagung kanthi jejuluk Prabu Guruputra.
Tembung “nata”ing pethikan crita Gathotkaca kuwi tegese ….
ratu
patih
senapati
prajurit
Kacarita ing nagara Astina krungu pawarta ature kawula padhusunan bab bale pasanggrahan kang kobong ing wayah wengi. Prabu Drestarastra lan Resi Wara Bisma krungu pawarta mau penggalihe sungkawa, ora bisa ngampet nganti netesake eluh. Tumrape Arya Yama Widura mung gumujeng ing batin, awit dheweke mangerteni kabeh sejatine kedadeyan ing Waranawata. Dene Suyudana lan adhi-adhine padha bungah jejogedan awit rumangsa wis ilang klilipe.
Kapethik saking: https://jv.wikipdedia.org/wiki/Bale_Sigala-gala
Paraga kang ana ing pethikan crita kasebut yaiku ….
Prabu Dhestarastra
Prabu Pandhudewanata
Sengkuni
Prabu Yudhistira
Kacarita ing nagara Astina krungu pawarta ature kawula padhusunan bab bale pasanggrahan kang kobong ing wayah wengi. Prabu Drestarastra lan Resi Wara Bisma krungu pawarta mau penggalihe sungkawa, ora bisa ngampet nganti netesake eluh. Tumrape Arya Yama Widura mung gumujeng ing batin, awit dheweke mangerteni kabeh sejatine kedadeyan ing Waranawata. Dene Suyudana lan adhi-adhine padha bungah jejogedan awit rumangsa wis ilang klilipe.
Kapethik saking: https://jv.wikipdedia.org/wiki/Bale_Sigala-gala
Tegese tembung “penggalihe” miturut wacan ing dhuwur yaiku ….
atine
sirahe
astane
samparane
Wayang ditetepake minangka Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity, ditetepake nalika tanggal 7 November 2003, lembaga kang netepake yaiku ….
UNICEF
UNESCO
ASEAN
PBB
Crita wayang iku racake kajupuk saka kitab ….
Ramayana lan Mahabharata
Serat centini
Wulangreh
Bharatayudha
Wayang iku sejatine mujudake gegambaran ….
Watak wantune kewan ing alam donya
Watak wantu lan solah bawa manungsa ing donya
Kedadeyan-kedadeyan kang wus kapungkur
Dumadine papan panggonan
Ing ngisor iki kang udu sesebutane Gathotkaca yaiku ….
Tetuka
Tutuka
Satriya Pringgondani
Raden Werkudara
Ibune Gathotkaca yaiku ….
Dewi Kunti
Dewi Arimbi
Dewi Gandari
Dewi Srikandi
Ing carita Bima Bungkus, kang kasil mecah bungkuse Bima yaiku ….
Gajah Sena
Dewi Umayi
Begawan Abyasa
Rahwana
Nalika Dewi Kunti nglairake putrane sing nomer loro, bayi mau awujdu bungkus. Bayi bungkus mau banjur dibuang ana ing alas ….
Mandalasara
Mandalabakti
Kurusetra
Dandaka
Paraga Wayang ing ngisor iki kang kalebu Pandhawa yaiku ….
Punthadewa
Burisrawa
Rahwana
Yamawidura
Prabu Duryudana, menawa ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ….
Dewi Madrim, menawa ditulis nganggo aksara Jawa, yaiku ….
Panulisan aksara Jawa menawa ana tembung sing mateni konsonan “h’ iku nganggo sandhangan ….
wulu
suku
pengkal
wignyan
Sandhangan ing ngisor iki kanggone mateni konsoran “r” yaiku ,,,,
pengkal
wignyan
layar
suku
sandhangan kang ana ing aksara Jawa kasebut, yaiku….
cakra
keret
layar
pengkal
Aksara Jawa ing dhuwur menawa diwaca nganggo aksara latin yaiku ….
Tanggal 2 Mei
Tanggal 2 Juni
Tanggal 2 April
Tenggal 2 Maret
Aksara Jawa ing dhuwur menawa diwaca nganggo aksara latin yaiku …
Raden Abimanyu
Raden Arjuna
Raden Baladewa
Raden Nakula
Aksara Jawa ing dhuwur menawa diwaca nganggo aksara latin yaiku ….
mangan roti
mangan sate
mangan rujak
mangan pecel
pa, dha, ja, ya, nya, nduweni teges ….
Kabeh manungsa padha nemoni mati
Padha-padha digdaya utawa kuat
Ana utusane Gusti Alloh
Aja seneng tukaran/sulaya
Aksara Jawa cacahe ana ….
15
20
25
30
“Kula ajeng teng Semarang, sampeyan ajeng teng pundi?” Ing ukara iku tembung “ajeng” lan “teng” kalebu tembung ….
ngoko alus
krama alus
krama madya
krama inggil
“Mangga katuran pinarak ing griya kula”. Tembung griya kagolong ragam ….
ngoko alus
krama
krama alus
ngoko
“Pak Bima mau (ngomong) menawa garapane bisa dikumpulake ana ing ruang guru.”
Tembung kang dikurung supaya trep unggah-ungguhe miturut ragam ngoko alus diowahi dadi ….
matur
sanjang
ngendika
ngandani
Pak Agus sampun sampun nedha menapa dereng? Tuturan kuwi mau nganggo ragam basa ….
ngoko alus
krama alus
krama madya
krama inggil
Basa krama alus nggambarake sesambungan kang ….
raket
raket banget
urmat
urmat banget
“Sampeyan wis nggarap tugase sing wingi?” Ukara kasebut kagolong ragam ….
ngoko alus
krama madya
krama inggil
ngoko
Aku (dicaosi) wajik karo gedhang. Tembung kang dikurung supaya trep unggah-ungguhe miturut ragam ngoko alus diowahi dadi ….
diparingi
diaturi
diwenehi
dicepaki
Ibu ora sida jumeneng, malah mirsani aku terus ngendika.
Tembung “jumeneng” tegese ….
ngadeg
lenggah
ndodok
njagong
Apa kang didhawuhake Bapakmu kuwi jumbuh karo kasunyatan. Tembung jumbuh pada tegese karo ….
cocok
cokot
angel
luwih
Ibu ndelengna aku trus ngendika.
Tembung “ndelengna” kudune nganggo basa krama alus yaiku….
mirsani
gemujeng
nglampaih
nakekaken
