WorksheetsUJIAN SEKOLAH BAHASA JAWA KELAS 6 DARING
Total questions: 40
Worksheet time: 2hrs 0mins
Irah-irahane wacan tembang dolanan ing dhuwur yaiku…
Prau Layare
Prau Layar
Prau Segara
Banyu Segara
Tembang dolanan ing dhuwur mau nyritakake…
Endahe segara sing banyune lerap-lerap
Wisata iku bisa ngilangake rasa lungkrah
Nalika wisata bareng numpak prau layar
Prau layar mlakune alon amarga ombak
Sandhangan wyanjana wujude ana 3 yaiku…
Layar, wulu, suku
cakra,keret,pengkal
suku, taling, taling tarung,pepet
wignyan,layar,pengkal
Bapak mau (pacul) lemah ing sawah.Tembung pacul benere…
dipaculi
. macul
maculi
dipaculake
Bagas kuwi bocah sing mesakake ora duwe sedulur mung uripe karo bapak ibune.Bagas kuwi kalebu bocah…
ontang-anting
pandhawa
kembang sepasang
ragil
Kali Brantas
Kali brantas iku salah sijine kali gedhe lan paling dhawa sa-Jawa Timur sawise Bengawan Sala.
Kali Brantas iku sumbere saka kutha Batu yaiku desa Sumber Brantas kecamatan Bumi Aji.Teks wacan “Kali Brantas” ing dhuwur kalebu...
narasi
dheskripsi
persuasi
eksposisi
Teks dheskripsi yaiku karangan kang nyritakake objek tartamtu kanthi rinci. Kahanan kang satemene. Ciri-cirine teks dheskripsi yaiku…
Ana unsure crita
Isine njlentrehake sawijine objek/punjere crita.
Carane njlentrehake sarana rinci lan gamblang.
Jawaban b lan c bener
. Bu Dewi iku praupane ayu yen ngguyu untune katon…Tembung panyandra sing bener yaiku…
mrongos
miji timun
gowang
mucuk eri
Mas Joko iku gantheng saying sithik bathuke…Tembung panyacad panyendhu sing bener yaiku bathuke…
nyela cendhani
nyrodok
nonong
amba
Bagas lan Bagus iku sedulur kembar, nanging bedane kaya…Tembung pepindhan sing bener bedane kaya…
Bumi karo langit
macan lan singa
asu lan kucing
segara lan bumi
Ing pacelathon mau Kartika becike mangsuli nganggo ukara…
Inggih Bu, kula ngertos
Mundhut napa bu
Dalemipun ageng Bu
Kula mboten wanton Bu
Crita Ramayana iku crita wayang kang nyritakake lelakone…
Rama lan Sinta
Bale Sigala-gala
Karno Tandhing
Baratayudha
Brajadhenta ora lila yen Negara Pringgodani diratoni dening anake mbakyune,kamangka sadurunge kabeh wis sarujuk yen sing dadi ratu iku putrane mbakyune yaiku Gathutkaca. Nanging sawise oleh pangojok-ojok saking patih Sengkuni kanthi alas an sepisan yen anak nomer siji wadon mesthine yo sing dadi ratu anak nomer loro.
Tokoh crita ing wacan dhuwur yaiku…
Gathutkaca, Brajadhenta, Patih Sengkuni
Patih Sengkuni, Dewi Ambalika, Dewi Kunthi
Brajadhenta, Dewi Kunti, Dewi Madrim
Brajadhenta, Gathutkaca, Dewi Arimbi, Dewi Kunthi
Crita pandhawa diundhang pesta ing sajrone gedhung dening kurawa sawise kurawa mlebu gedhung ma uterus diobong. Karepe supaya pandhawa mati, nanging pandhawa bisa lolos saka bilahi.
Crita ing dhuwur irah-irahane yaiku…
Karno Tandhing
Bale Sigala-gala
Gathutkaca Winisuda
Anoman Duta
Pandhawa lan kurawa iku satemene isih sedulur, pandhawa iku putrane pandhu, dene kurawa iku putrane Destarastra.Pandhu iku adhike Destarastra. Dadi pandhawa lan kurawa iku diarani sedulur misanan.
Sawise maca cuplikan teks ing dhuwur, pitutur becik utawa pesan moral sing bisa dijupuk yaiku…
Wong sing temen bakal kasil apa sing dikarepake.
Elmu iku bisa dituku nganggo dhuwit sing akeh
Sapa wae bisa pinter sanajan ora ana guru
Bandha donya luwih penting tinimbang elmu.
Teks Wacan
Tanggal 10 November 1945 dadi tonggak sejarah Surabaya sinebut minangka kutha pahlawan. Sebutan mau pantes kanggo kutha Surabaya, amarga tekad lan semangate arek-arek Surabaya ing wektu iku pancen luwar biasa, ora wedi getih, ora wedi mati, mung siji sing dikarepna yaiku Indonesia tetep mardika.
Yen maca isine wacan ing dhuwur irah-irahane sing mathuk yaiku…
Pertempuran 10 November
Sejarahe Kutha Surabaya
Surabaya Kutha Pahlawan
Arek-arek Surabaya
Ukara utamane paragraf mau yaiku…
Arek-arek Surabaya yaiku Bung Tomo
Merdeka…,Merdeka atau mati
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar
Pertempuran 10 November 1945 dipandegani Bung Tomo
Alun-Alun Gresik
Alun-alun Gresik sing manggone ana satengah-tengahe kutha Gresik pancen dadi pusat kegiyatane masyarakat Gresik saben dinane. Ing taun 2017 pemerintah kabupaten Gresik ngrenovasi alun-alun iki supaya luwih endah lan migunani kanggone masyarakat. Ana sing setuju, uga ana sing ora setuju, nanging pembangunane tetep diterusake.Tanggal 9 Maret 2019 alun-alun Gresik diresmekake dening Bupati Gresik Sambari Halim Radianto mbarengi karo HUT kutha Gresik sing kaping 532 lan mbutuhake biaya 17,2 milyar rupiah.
Ing paragraf 2 nyritakake bab….
Peresmian alun-alun Gresik lan akehe biaya kanggo mbangun
Kahanan alun-alun Gresik sadurunge dibangun
Endahe alun-alun Gresik ing wayah bengi.
Fasilitas sing ana ing alun-alun Gresik
Pak Dirman duwe ingon-ingon sapi telu. Sing siji lagi nganak. Anake sapi jenenge…
cempe
pedhet
gudhel
dibal
Asem iku rasane kecut. Isine asem jenenge…
klungsu
pongge
kwaci
beton
Aksara Jawa nglegena iku cacahe ana…
15
20
25
30
Sandhangan panyigeg wanda iku wujude…
wulu, suku, taling tarung
cakra, keret, pengkal
wignyan, layar, taling
wignyan, layar, cecak, pangkon.
Tembang ing dhuwur iku kalebu jinise tembang macapat, sing arane tembang…
Maskumambang
Gambuh
megatruh
megatruh
Tembang pangkur mau nyritakake panganan khas Jawa Timur. Tembang mau sapada dumadi saka…
sangang gatra
wolung gatra
pitung gatra
sepuluh gatra
Teks Tembang Macapat
Sinom
Amenangi jaman edan
Ewuh aya ing pambudi
Melu ngedan ora tahan
Yen tan melu anglakoni
Boya kaduman melik
Kaliren wekasanipun
Dilalah kersane Allah
Beja-bejane kang lali
Luwih beja kang eling lawan waspada
Gatra kang kaping papat guru lagu lan guru wilangane yaiku…
8-a
8-i
8-u
7-a
Teks Tembang Macapat
Pucung
Ngelmu iku
Kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
Tembang pucung mau ngandharake yen…
Elmu iku ora ana gunane yen ora ditindakake
Wong urip iku kudu sugih elmu
Wong sing sugih elmu dadi angkara murka
Karo kanca kudu gelem tulung – tinulung
Teks Wacan
Ing pungkasan taun 2018 Gresik duwe mall anyar sing gedhe lan modern yaiku Iconmall.Panggonane ana ing Jl Dr. Wahidin Sudiro Husada, utawa sangarepe RSUD Ibnu Sina Bunder.Wiwit wektu iku sapa wae sing arep mlebu utawa metu kutha Gresik ngliwati dalan mau mesthi ngrasakake dalane macet. Macete dalan mau amarga akehe kendaraan sing antri arep mlebu ing Iconmall mau.
Ukara pitakon sing ana sesambungane karo wacan mau yaiku…
Sapa sing mbangun mall mau ?
Apa sebabe dalan sangarepe RSUD Ibnu Sina mesthi macet ?
Apa wae barang sing dido ling mall mau ?
Pira mbayare yen arep mlebu Iconmall ?
Sawise bapake dadi pejabat saiki Gugun ketok…, karo kancane wis ora tau gelem dolanan bareng. Tembung entar sing cocog kanggo ukara ing dhuwur mau yaiku…
entheng sikile
dawa tangane
gedhe sirahe
lunyu ilate
Tindak-tanduke tansah titi angati-ati. Ukara iki kalebu jinise purwakanthi…
guru swara
guru sastra
guru basa
lumaksita
Kudu sregep sinau, sapa sing kepingin maju. Ukara iki kalebu jinise purwakanthi…
guru swara
guru sastra
guru basa
lumaksita
Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane purwakanthi guru sastra yaiku…
ana awan ana pangan
ulat madhep ati karep
tata, titi, tatas, titis
becik ketitik ala ketara
Dhasi sing digoleki jebul (gantung) ing pinggir lawang. Tembung gantung yen oleh seselan –um- dadine…
ginantung
gumantung
gemantung
gelantung
Akeh wong kesusahan amarga anane pandemik virus corona covid 19. Wong sakdonya padha nandhang susah amarga akeh sing mati kena virus. Bebasane akeh wong padha…
cincing-cincing meksa klebus
yetna yuwana mati
yetna yuwana lena kena
udan tangis
Unen-unen kang ngemu teges wantah/lugas lumrahe diarani…
paribasan
bebasan
saloka
sanepa
Ukara ing ngisor iki sing nganggo tembung rangkep dwi lingga salin swara yaiku…
Isuk-isuk aku sarapan sega pecel.
Bola-bali dikandhani mesthi ngeyel wae.
Ibu sampun lelungan isuk mau.
Wong loro padha tetangisan suwe ora ketemu.
Ana samubarang yen dikethok malah tambah dhuwur. Batangane cangkriman mau yaiku…
prau
gentheng bocor
clana
sarung
Teks Tembang Macapat
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula,
Pencokanmu wesi miring,
Yen lumaku si pucung ngumbar
Bedhekane cangkriman ing dhuwur yaiku…
Ula
Kalung
sepur
tasbih
Kembang jambu, kemaruk duwe sepedha anyar. Kembang jambu jenenge…
aren
mayang
karuk
glugu
Pidhato mung nyiapake pokok-pokok isi penting. Pidhato iki diarani pidhato…
Impromptu
memoriter
naskah pidhato singkat
ekstemporer
Pidhato kanthi ngapalake naskah luwih dhisik diarani…
Impromptu
ekstemporer
memoriter
naskah pidhato singkat
