Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bhs jawa kelas V (14052020)

Total questions: 25

Worksheet time: 6hrs 15mins

Name
Class
Date
1.

Cacahing gatra/larik saben sapada/bait . Diarani ...

a)

Guru gatra

b)

Guru wilangan

c)

Guru lagu/swara

2.

Dhong dhing/tibaning swara ing saben pungkasane gatra. Diarani ...

a)

Guru gatra

b)

Guru lagu/swara

c)

Guru wilangan

3.

Cacahing wanda/suku kata saben sagatra. Diarani ...

a)

Guru gatra

b)

Guru wilangan

c)

Guru lagu

4.

Tambang macapat "Maskumambang" nduweni guru gatra ...

a)

4

b)

5

c)

6

5.

Tambang macapat "Asmaradana" nduweni guru gatra ...

a)

5

b)

6

c)

7

6.

Tambang macapat "Dhandhanggula" nduweni guru gatra ...

a)

9

b)

10

c)

11

7.

Tembang macapat iku kaiket ing telung paugeran, kejaba ...

a)

Guru gatra

b)

Guru wilangan lan guru swara

c)

Guru pada

8.

Ing ngisor iki ukara kang guru wilangane ana 12 yaiku ...

a)

Mbangun turut marang wong tuwa

b)

Wis wajibe si murid sregep sinau

c)

Sapa jujur mbesuke bakal luhur

9.

Tetembung kang digunakake kanggo ngalembana diarani ...

a)

Panyandra

b)

Panyendhu

c)

Pepindhan

10.

Ukara kang digunakake kanggo madhakake samubarang diarani ...

a)

Panyandra

b)

Panyendhu

c)

Pepindhan

11.

Tetembung kang digunakake kanggo nyemoni/nacad diarani ...

a)

Pepindhan

b)

Panyendhu

c)

Panyandra

12.

Ukara kang kedadean saka sampiran lan isi diarani ...

a)

Panyandra

b)

Panyendhu

c)

Parikan

13.

Ing ngisor iki tuladhane basa rinengga jenis panyendhu yaiku ...

a)

Alise nanggal sapisan

b)

Nggenthong umos

c)

Polahe kaya gabah den interi

14.

Ing ngisor iki tuladhane basa rinengga jenis panyandra yaiku ...

a)

Alise nanggal sapisan

b)

Polahe kaya gabah den interi

c)

Nggenthong umos

15.

Cilik cilik gelang karet, .......

a)

Cekap semanten atur kula

b)

Isih cilik aja kased

c)

Ora mampir pokok liwat

16.

Godhong klaras godhong kemangi. ...

a)

Bocah ayu moblong moblong

b)

Ora mampir pokok liwat

c)

Bocah memelas luru rejeki

17.

Parmin sikile ... nanging yen balapan mlayu isih bisa ngalahake Badrun.

a)

Kedhe

b)

Dingklang

c)

Mliwis baris

18.

Wayang kang digawe saka kulit diarani ...

a)

Wayang kulit

b)

Wayang golek

c)

Wayang kertas

19.

Mori, kain putih kang didadekake geber . Diarani ...

a)

Blencong

b)

Kelir

c)

Gedebog

20.

Wujud wilahan tipis, cacahe 3-4 lapis. Diarani ...

a)

Cempala

b)

Kepyak

c)

Kelir

21.

Gunane kanggo nancepake wayang. Diarani ...

a)

Kelir

b)

Blencong

c)

Gedebog

22.

Digawe saka kayu, dithuthukake ing kothak dening Ki Dhalang. Diarani ...

a)

Kepyak

b)

Blencong

c)

Cempala

23.

Lampu , pepadhang kang madhangi kelir. Diarani ...

a)

Cempala

b)

Blencong

c)

Cempala

24.

Dhek jaman biyen, nonton wayang kulit iku manggone ana ing ...

a)

Saburine kelir

b)

Sisih kiwahe kelir

c)

Saburine dhalang

25.

Wayang iku kabudayan asli saka ...

a)

Sunda

b)

Jawa

c)

Batak