Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SOAL PAS GENAP BAHASA JAWA KELAS X

Total questions: 40

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Tibaning swara ing pungkasaning gatra/ dhong-dhing diarani …

a)

guru gatra

b)

guru swara

c)

guru sastra

d)

guru lagu

e)

guru wilangan

2.

Maskumambang, Pocung, Asmaradana, Kinanthi, Sinom iku kalebu jinise tembang ….

a)

Macapat

b)

Dolanan

c)

Gedhe

d)

Tengahan

e)

Balabak

3.

Lelakuning urip manungsa iku digambarake mawi tembang, dene salah satunggale yaiku tembang sinom kang nggambarake … .

a)

urip kang lagi seneng-senenge

b)

pisahing raga lan nyawa

c)

wong enom kudu tumemen anggone ngangsu kawruh saakeh-akehe

d)

yen wis dadi layon, banjur dibungkus kain mori sakdurunge dikubur

e)

nalika mangungsa lair

4.

Tembang iku nggambarake kahananing manungsa nalika pegat/ pisah ruh saka ragane, kaya sasmitaning tembang ...

a)

Maskumambang

b)

Mijil

c)

Pangkur

d)

Megatruh

e)

Asmarandana

5.

Gatekna tembang ing ngisor iki!

SINOM

(Kapethik saka Serat Wedhatama anggitan

KGPAA Mangkunagara IV)

Nuladha laku utama

tumrape wong tanah Jawi

wong agung ing Ngeksiganda

Panembahan Senopati

kapati amarsudi

sudaning hawa lan nepsu

pinesu tapa brata

tanapi ing siyang ratri

amemangun karyenak tyasing sasama


Ing tembang sinom kasebut, gatra kang nduweni guru wilangan lan guru lagu 7i lan 7a yaiku gatra kaping …

a)

Pindho lan telu

b)

Lima lan pitu

c)

Telu lan sanga

d)

Papat lan enem

e)

Enem lan wolu

6.

Gatra ing tembang sinom sing guru lagune tiba swara suku yaiku ….

a)

Gatra : 6

b)

Gatra : 4

c)

Gatra : 8

d)

Gatra : 9

e)

Gatra : 2

7.

Saking tembang sinom anggitanipun KGPAA Mangkunegara IV, pratelan kang nuduhake prihatin iku kudu ditindakake sawayah-wayah sanajan awan lan bengi yaiku … .

a)

Nulada laku utama

b)

Kapati amarsudi

c)

Tanapi ing siyang ratri

d)

Sudaning hawa lan nepsu

e)

Pinesu tapa brata

8.

Saking tembang sinom anggitanipun KGPAA Mangkunegara IV, pratelan kang ateges pinesu tapa brata yaiku …

a)

Tansah gawe senenge wong liya

b)

Urip kudu bisa ngendhalekake hawa nepsu

c)

Nyonto tumindak kang becik

d)

Tansah prihatin

e)

Prihatin iku kudu ditindakake sawayah-wayah

9.

Gatekna cerita wayang ing ngisor iki!

Shinta Kadhusta

Nalika Rama, Sinta, lan Lesmana ngumbara, tindakipun dumugi ing tengahing wana. Boten antawis dangu kekiteran satunggaling kidang kencana. Pirsa kidang kencana, Dewi Sinta nyuwun dipuncepengaken dening ingkang garwa. Sang rama tumuli ambujung kidang kencana dumugi telenging wana.

Eloking kahanan, sareng gumalundunging kidang kapiyarsa dumeling swara. Mrica hangemba-emba swaranipun Rama jelih-jelih asesambat mring arinta laksmana. Pramila trataban manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana, supaya enggal lumawat mring Rama, aweh pitulungan. Laksmana ingkang wicaksana tansah ngemutake, bilih swara punika sanes swantenipun Rama.

Rama uninga kalamun kenging apusipun kidang kencana. Daya-daya wangsul ing papanipun Shinta Lan Lesmana . Ing satengahing margi Rama kepanggih kaliyan Lesmana. Kekalihipun lajemg wangsul ing papanipun Dewi Shinta. Kejot penggalihipun Sang Rama lan Lesmana, hamriksani Dewi Sinta boten wonten.

Kekalihipun lajeng madosi Dewi Shinta. Ing tengahing margi Rama lan Lesmana kepanggih kaliyan peksi jathayu. Piyambakipun cariyos menawi Dewi Sinta kadhusta dening Prabu Dasamuka ing Ngalengka, peksi jathayu pejah. Pejahipun peksi jathayu amargi kenging gegamanipun Rahwana nalika peksi jathayu ngalang-ngalangi Rahwana nggondhol Dewi Sinta.


Wosipun crita ing dhuwur yaiku …

a)

Peksi Jatayu pejah amarga kenging gegamanipun Rahwana.

b)

Rama tindak wana saperlu badhe nyekel kidang kencana.

c)

Rama, Shinta, lan Leksmana padha ngumbara ing tengah wana.

d)

Rama badhe kapanggih dening peksi jatayu.

e)

Dewi Shinta kadhusta dening Rahwana.

10.

Paraga antagonis ing crita shinta kadhusta yaiku …

a)

Rama

b)

Rahwana

c)

Dewi Shinta

d)

Peksi Jatayu

e)

Leksmana

11.

“Rama uninga kalamun kenging apusipun kidang kencana.” Tembung ingkang kacithak miring kasebut tegese ….

a)

Yen

b)

Lan

c)

Bakal bisa

d)

Mbok menawa

e)

Saktemene

12.

“Eloking kahanan, sareng gumalundunging kidang kapiyarsa dumeling swara. Mrica hangemba-emba swaranipun Rama jelih-jelih asesambat mring arinta laksmana.” Pratelan kasebut nuduhake unsur crita wayang sing diarani ....

a)

Alur

b)

Latar Wektu

c)

Punjering Cerita

d)

Latar Swasana

e)

Latar Papan

13.

“Kejot penggalihipun Sang Rama lan Lesmana, hamriksani Dewi Sinta boten wonten.” Ing ngisor iki kang dudu dasanamane tembung ingkang kacithak miring yaiku …

a)

Manah

b)

Ati

c)

Tyas

d)

Kalbu

e)

Rasa

14.

Gatekna wacan ing ngisor iki!

Jala Sutra

“Dhik ngati-ati, kowe ki bagus”, ngono ngendikane Mas Pur nalika aku pamitan wektu kuwi. Jroning ati aku ngguyu. Mongsok ta wong sing klebu ora enom maneh kaya aku iki isih dialem bagus. Tur meneh jan-jane aku iki ya ora bagus-bagus nemen.


Irah-irahan cerita ing dhuwur yaiku …

a)

Mas Pur

b)

Jala Sutra

c)

Angin telaga

d)

Pamit

e)

Wong bagus

15.

Piwulang luhur kang bisa dijupuk saka pethikkan cerita "Jala Sutra" yaiku ….

a)

aja nyawang rupa bagus

b)

enom tuwa iku padha wae

c)

wong kudu sregep makarya

d)

aja seneng ngalem uwong

e)

wong urip iku kudu tansah ngati-ati

16.

Bapak : “Apa ibumu wis mangkat?”

Rina : “Inggih, ibu sampun . . . .”

Bapak : “Lha, kapan anggone lunga? Kok bapak ora . . . .”

Rina : “Wau enjing, nalika bapak taksih . . . .”


Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku … .

a)

Kesah, ngerti, turu

b)

Tindak, ngerti, sare

c)

Bidhal, mangertos, sare

d)

Lunga, mangertos, tilem

e)

Mangkat, ngerti, turu

17.

Guru : Mau esuk kowe mangkat jam pira seko ngomah?

Murid : . . . . . . . .

Wangsulan murid kang trep yaiku … .

a)

Saka ngomah aku mangkat jam 6

b)

Saking dalem kula tindak jam 6

c)

Saking ngriya kula bidhal jam 6

d)

Saking ngriya kula tindak jam 6

e)

Saking ngomah kula mangkat jam 6

18.

“Aku lunga menyang pasar, nalika semana ibu lagi turu”.

Krama inggile saka ukara ing dhuwur yaiku… .

a)

Aku mangkat teng pasar, nalika semana ibu lagi sare.

b)

Kula tindak dhateng peken, nalika semanten ibu saweg tilem.

c)

Kula tindak dhateng peken, nalika semanten ibu saweg sare.

d)

Kula kesah dhateng peken, nalika semanten ibu saweg sare.

e)

Kula kesah dhateng peken, nalika semanten ibu saweg tilem.

19.

Ukara-ukara ing ngisor iki kang kleru anggone nulis ejaane yaiku …

a)

Rekmone simbah wes puteh.

b)

Bapak dhahar iwak pitik.

c)

Slendhange pating nglumpruk.

d)

Kula badhe wangsul samenika.

e)

Sardi nuthuki kenthongan.

20.

Sugeng enjing, Assalamu’alaikum, katentreman saha kawilujengan mugi katumrapan dhumateng panjenengan sedaya. Tuladha iku diarani….

a)

Salam pambuka

b)

Purwaka basa

c)

Surasa basa

d)

Wasana basa

e)

Salam panutup

21.

Nalika pranatacara kudu prigel ngatur swara anggone matur, saged mbedakake tembung-tembung inkang meh padha. Kaprigelan kasebut diarani ….

a)

Wirasa

b)

Wiraga

c)

Wirama

d)

Wibawa

e)

Wicara

22.

Bab-bab kang kudu digatekake nalika sesorah yaiku ….

a)

Basa, busana, swara, solah bawa

b)

sastra, busana, swara, krama

c)

Sastra, busana, paraga, krama

d)

Basa, busana, sastra, paraga

e)

Basa, swara, paraga, busana

23.

Perangan kang nelakake njaluk ngapura sajroning dadi panatacara iku mapan ing ….

a)

Surasa basa / isi

b)

Wasana basa / panutup

c)

Salam panutup

d)

Purwaka basa / pambuka

e)

Salam pambuka

24.

Gambar ing kasebut minangka salah satunggale jajanan tradisional saka Gunung Kidul. Digawe saka tela kanthi proses fermentasi nganti malih warnane dadi ireng. Tela mau banjur dikum banyu lan diedang ngaggo gula jawa. Pramila rasane manis. Jajanan kasebut diarani …

a)

Gatot

b)

Thiwul

c)

Gethuk

d)

Combro

e)

Tape

25.

Saben papan utawa dhaerah mesthi nduweni panganan sing kondhan. Minangka ciri khas lan ikon dhaerah kasebut. Kayata: serabi lan sega liwet kanga asale saka …

a)

Yogyakarta

b)

Magelang

c)

Klaten

d)

Semarang

e)

Solo

26.

Misro kagawe saka tela kang diparut. Jajanan tradisional iki nduweni rasa gurih awit dicampuri klapa parutan. Limrahe bunder-bunder lan krasa legi ing njerone awit diwenehi isi gula jawa. Dimasak sarana digoreng. Ing ngisor iki wujude misro yaiku …

a)
b)
c)
d)
e)
27.

Panganan ing sisih kiwa diarani .…

a)

Lemet

b)

Carang gesing

c)

Clorot

d)

Lemper

e)

Nagasari

28.

Tembung-tembung ing ngisor iki kang kalebu tembung Yogaswara, yaiku… .

a)

Wira-wiri, bola-bali, raseksa-raseksi

b)

Siswa-siswi, puja-puji, wira-wiri

c)

Putra-putri, kedhana-kedhini, bola-bali

d)

Widadara-widadari, dewa-dewi, kedhana-kedhini

e)

Widadara-widadari, wira-wiri, bola-bali

29.

“Alise nanggal sapisan, kadya rembulan ing tanggal siji, mlengkung cilik, jhan ayu tenan!” Tembung sing kacithak miring kalebu tembung ...

a)

Panyandra

b)

Rura basa

c)

Yogyaswara

d)

Tembung Entar

e)

Parikan

30.

Ing ngisor iki kang kalebu tuladha rura basa, yaiku … .

a)

Menek wit krambil

b)

Ngethok wit gedhang

c)

Mbunteli dhele

d)

Nggodhog jarang

e)

Ngenam pandhan

31.

Prapta kuwi pancen lunyu ilate , mula ora usah percaya karo omongane dheweke. Tegese tembung lunyu ilate yaiku …

a)

Omongane pinter

b)

Omongane ngalor – ngidul

c)

Omongane ngayawara

d)

Omongane lunyu

e)

Omongane mencla-mencle

32.

Ukara ing ngisor iki kang nggunakake tembung entar, yaiku … .

a)

Enom tuwa padha seneng nonton bal-balan

b)

Bu Parni mbunteli tempe wiwit esuk

c)

Bocah iku pancen cupet atine

d)

Omongane Paijo ngalor – ngidul

e)

Karo tanggone kudu padha guyup rukun.

33.

Yen ditulis aksara Latin yaiku ....

a)

Babagan pangkat

b)

Babakan pangkat

c)

Babagan perangkat

d)

Babak perangkat

e)

Babakan zakat

34.

Ibu tuku kacang lanjaran 3 kilo. Yen ditulis aksara jawa dadi …

a)
b)
c)
d)
e)
35.

Wacane aksara latin yaiku … .

a)

Asalipun saking lemah

b)

Wohing tumindak becik

c)

Wonten tiyang miskin

d)

Kayadene mampir ngombe

e)

Kasampurnaning gesang

36.

Aksara jawa ing ndhuwur diwaca ... .

a)

Taun 2019 aku kelas 10

b)

Taun 2019 aku munggah kelas

c)

Taun 2018 aku munggah kelas

d)

Tanggal 20 aku munggah kelas

e)

Tanggal 20 aku kelas 10

37.

2942019. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ….

a)
b)
c)
d)
e)
38.

Tembung mrenea menawa ditulis nganggo aksara Jawa kang bener ....

a)
b)
c)
d)
e)
39.
a)
b)
c)
d)
e)
40.

Tumprap wong kang ngendikan ing sangarepe wong akeh kanthi ngadeg prayogane kudu sikep …

a)

ngapurancang

b)

irama

c)

tinemu

d)

manis

e)

tengah