wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAT Bhs Jawa VIIIB

Total questions: 25

Worksheet time: 2hrs 5mins

Name
Class
Date
1.

Mula Bukane Banyumas


Dipuncariyosaken Adipati Mrapat angsal wangsit ingkang nyebataken menawi wiwit kalenggahanipun dumugi putra wayah wonten pasiten ingkang badhe dados punjering paprentahan. Pasiten punika ing kilen dhusun Kejawar. Adhedhasar pamanggihipun para wasis, Adipati Mrapat mutusaken badhe nindakaken wangsit punika. Adipati Mrapat lan rakyat lajeng ndamel dhusun kangge punjering paprentahan.

Nalika rakyat ndamel punjering paprentahan, wonten kajeng ageng kentir ing lepen, Serayu ingkang namanipun “kayu emas” saking dhaerah Karang Jambu, Kecamatan Kejobong Kawedanan Bukateja, Kadipaten Purbalingga. Kajeng punika kentir ngantos dumugi dhaerah ingkang dipunbangun. Adipati Mrapat lajeng mundhut kayu emas punika lan dipundadosaken saka Balai Si Panji.

Amargi wontenipun kayu emas ingkang kentir ing lepen, mila punjering paprentahan punika dipunsebat “BANYUMAS”. Sesampunipun Adipati Mrapat seda, dipungantos kaliyan putranipun ingkang turun temurun inggih puniku R. Ng. Mertasura I, II, III, R.Ng. Mertayudas lan sapiteratipun.


Apa sing dadi isine wangsit?

a)

Adipati Mrapat bakal duwe anak turun ing dhusun Kejawar.

b)

Adipati Mrapat didhawuhi gawe Balai Si Panji nganggo kayu emas.

c)

Adipati Mrapat diwenehi ngerti yen ana lemah kanggo punjering paprentahan.

d)

Adipati Mrapat kudu ngetirake kayu emas kaggo ngedegake punjering paprentahan.

2.

Mula Bukane Banyumas


Dipuncariyosaken Adipati Mrapat angsal wangsit ingkang nyebataken menawi wiwit kalenggahanipun dumugi putra wayah wonten pasiten ingkang badhe dados punjering paprentahan. Pasiten punika ing kilen dhusun Kejawar. Adhedhasar pamanggihipun para wasis, Adipati Mrapat mutusaken badhe nindakaken wangsit punika. Adipati Mrapat lan rakyat lajeng ndamel dhusun kangge punjering paprentahan.

Nalika rakyat ndamel punjering paprentahan, wonten kajeng ageng kentir ing lepen, Serayu ingkang namanipun “kayu emas” saking dhaerah Karang Jambu, Kecamatan Kejobong Kawedanan Bukateja, Kadipaten Purbalingga. Kajeng punika kentir ngantos dumugi dhaerah ingkang dipunbangun. Adipati Mrapat lajeng mundhut kayu emas punika lan dipundadosaken saka Balai Si Panji.

Amargi wontenipun kayu emas ingkang kentir ing lepen, mila punjering paprentahan punika dipunsebat “BANYUMAS”. Sesampunipun Adipati Mrapat seda, dipungantos kaliyan putranipun ingkang turun temurun inggih puniku R. Ng. Mertasura I, II, III, R.Ng. Mertayudas lan sapiteratipun.


Apa sing ditindakake Adipati Mrapat marang kayu emas sing kentir ing kali?

a)

Kayu iku diedol kanggo ragat gawe punjering paprentahan.

b)

Kayu iku dipundhut kanggo gawe saka Balai Si Panji.

c)

Kayu diwenehake marang warga Kadipaten Mrapat.

d)

Kayu kasebut banjur dijenengi Banyumas.

3.

Mula Bukane Banyumas


Dipuncariyosaken Adipati Mrapat angsal wangsit ingkang nyebataken menawi wiwit kalenggahanipun dumugi putra wayah wonten pasiten ingkang badhe dados punjering paprentahan. Pasiten punika ing kilen dhusun Kejawar. Adhedhasar pamanggihipun para wasis, Adipati Mrapat mutusaken badhe nindakaken wangsit punika. Adipati Mrapat lan rakyat lajeng ndamel dhusun kangge punjering paprentahan.

Nalika rakyat ndamel punjering paprentahan, wonten kajeng ageng kentir ing lepen, Serayu ingkang namanipun “kayu emas” saking dhaerah Karang Jambu, Kecamatan Kejobong Kawedanan Bukateja, Kadipaten Purbalingga. Kajeng punika kentir ngantos dumugi dhaerah ingkang dipunbangun. Adipati Mrapat lajeng mundhut kayu emas punika lan dipundadosaken saka Balai Si Panji.

Amargi wontenipun kayu emas ingkang kentir ing lepen, mila punjering paprentahan punika dipunsebat “BANYUMAS”. Sesampunipun Adipati Mrapat seda, dipungantos kaliyan putranipun ingkang turun temurun inggih puniku R. Ng. Mertasura I, II, III, R.Ng. Mertayudas lan sapiteratipun.


Geneya punjering paprentahan dijenengi Banyumas?

a)

Amarga saka kadadeyan banyu kali sing dadi warna emas.

b)

Amarga jeneng kuwi asale saka wangsit sing ditampa.

c)

Amarga dijupuk saka kayu emas sing kentir ing kali.

d)

Amarga banyu ing dhaerah iku bisa dadi emas.

4.

Mula Bukane Banyumas


Dipuncariyosaken Adipati Mrapat angsal wangsit ingkang nyebataken menawi wiwit kalenggahanipun dumugi putra wayah wonten pasiten ingkang badhe dados punjering paprentahan. Pasiten punika ing kilen dhusun Kejawar. Adhedhasar pamanggihipun para wasis, Adipati Mrapat mutusaken badhe nindakaken wangsit punika. Adipati Mrapat lan rakyat lajeng ndamel dhusun kangge punjering paprentahan.

Nalika rakyat ndamel punjering paprentahan, wonten kajeng ageng kentir ing lepen, Serayu ingkang namanipun “kayu emas” saking dhaerah Karang Jambu, Kecamatan Kejobong Kawedanan Bukateja, Kadipaten Purbalingga. Kajeng punika kentir ngantos dumugi dhaerah ingkang dipunbangun. Adipati Mrapat lajeng mundhut kayu emas punika lan dipundadosaken saka Balai Si Panji.

Amargi wontenipun kayu emas ingkang kentir ing lepen, mila punjering paprentahan punika dipunsebat “BANYUMAS”. Sesampunipun Adipati Mrapat seda, dipungantos kaliyan putranipun ingkang turun temurun inggih puniku R. Ng. Mertasura I, II, III, R.Ng. Mertayudas lan sapiteratipun.


Apa inti isi paragraf ka-1?

a)

Adipati Mrapat pikantuk wangsit kanggo ngedegake paprentahan.

b)

Rakyat padha setuju yen Sang Adipati ngedegake punjering paprentahan.

c)

Kalenggahane Adipati Mrapat arep dipindhah ing pasiten sing ana ing wangsit.

d)

Para wasis mutusaken badhe dipunadegaken punjering parentahan ing pasiten kosong.

5.

Mula Bukane Banyumas


Dipuncariyosaken Adipati Mrapat angsal wangsit ingkang nyebataken menawi wiwit kalenggahanipun dumugi putra wayah wonten pasiten ingkang badhe dados punjering paprentahan. Pasiten punika ing kilen dhusun Kejawar. Adhedhasar pamanggihipun para wasis, Adipati Mrapat mutusaken badhe nindakaken wangsit punika. Adipati Mrapat lan rakyat lajeng ndamel dhusun kangge punjering paprentahan.

Nalika rakyat ndamel punjering paprentahan, wonten kajeng ageng kentir ing lepen, Serayu ingkang namanipun “kayu emas” saking dhaerah Karang Jambu, Kecamatan Kejobong Kawedanan Bukateja, Kadipaten Purbalingga. Kajeng punika kentir ngantos dumugi dhaerah ingkang dipunbangun. Adipati Mrapat lajeng mundhut kayu emas punika lan dipundadosaken saka Balai Si Panji.

Amargi wontenipun kayu emas ingkang kentir ing lepen, mila punjering paprentahan punika dipunsebat “BANYUMAS”. Sesampunipun Adipati Mrapat seda, dipungantos kaliyan putranipun ingkang turun temurun inggih puniku R. Ng. Mertasura I, II, III, R.Ng. Mertayudas lan sapiteratipun.


Apa tegese tembung sapiteratipun ing paragraf 3 saka wacan kasebut?

a)

Sabanjure

b)

Sasedulur

c)

Sasenenge

d)

Sakeluargane

6.

Cuplikan Legendha Salatiga


Zaman rumiyin Semarang anggadahi Adipati ingkang asma Pandanarang II. Piyambakipun Adipati ingkang jujur nanging remen dening bandha donya.


Ing satunggaling sinten sipat Adipati Semarang ingkang remen dhateng bandha donya punika dipun mirengi dening Sunan Kalijaga. Sunan Kalijaga punika satunggaling Sunan ingkang arif lan wicaksana. Sunan Kalijaga kangungan pangangkah ngelingaken Pandanarang II kanthi cara nylamur dados tukang ngarit suket. Nalika medal ing plataran Kadipaten, Adipati Pandanarang II ngenyang suketipun kanthi regi andhap sanget.


Tukang suket punika sarujuk lan ngaturaken rumputipun ing kandang kagunganipun Adipati Semarang. Saderengipun kesah, piyambakipun nyimpen arta gangsal sen ing antawis tumpukan suket wau.


Apa tujuane Sunan Kalijaga nylamur dadi tukang ngarit suket?

a)

Amarga kepengin ngelingake Adipati Pandarang sing kleru.

b)

Amarga kepengin dadi rakyat biasa lan urip ing dhusun.

c)

Amarga kepengi narik kawigatene rakyat ing dhusun.

d)

Amarga kepengin ngelingake kabeh rakyate

7.

Cuplikan Legendha Salatiga


Mboten dangu saking kadadosan punika, arta kasebat dipunpanggihaken dening abdi dalem Pandanarang II ingkang banjur lapor kedadean menika dhateng Adipati Pandanarang II.

Pandanarang II gumun kenging punapa bakul suket kesebat mboten nate nakokake wonten pundi artanipun. Nalika bakul suket punika wangsul malih, Pandanarang nangletaken asalipun bakul suket punika. Piyambakipun ugi nangletaken kenging punapa piyambakipun kados mboten mbetahaken arta. Bakul suket ingkang mboten sanes Sunan Kalijaga nuli mangsuli pitakenipun Pandanarang menawi piyambakipun mboten betah banda donya ingkang luwih, amargi miturut piyambakipun sedayanipun mboten wonten ingkang lestantun. Piyambakipun ugi ngendikakaken menawi wonten emas ingkang sampun diputanem ing salebetipun plataran kadipaten.

Apa kang ditindakake dening bakul suket nalik nampa dhuwit saka Sang Adipati?

a)

Dhuwit ditampani lan digawa mulih.

b)

Dhuwit ora dibalekake maneh marang Adipati.

c)

Dhuwit dibalekake maneh marang Adipati.

d)

Dhuwit diwenehake marang wong miskin ing sakitare.

8.

Cuplikan Legendha Salatiga


Garwanipun Adipati Pandanarang kersa tumut nanging mboten tindak sareng kaliyan garwanipun. Nyai Adipati dereng kersa uwal saking urusan bandha donya. Piyambakipun kanthi sesidheman nglebetaken emas-emasan wonten ing lebetipun teken ingkang dipun asta.

Ing radin, rombonganipun Adipati Pandanarang dicegat dening kecu utawi rampok nanging Sunan Kalijaga lajeng ngendika:

“Yen kowe pengen bandha, tunggunen. Sedelo maneh, bakal liwat wong wadon tuwa. Cegaten. Kowe kabeh bakal oleh emas saka teken pring sing digawa dening dheweke”.

Mboten dangu, Nyai Pandanarang dumugi ing papan punika kanthi ngasta teken pring kados ingkang dipun ngendikakaken Sunan Kalijaga. Rampok lajeng nyegat lan ngrebat teken ingkang dipun cepeng Nyai Pandanarang. Nyai Pandanarang mboten saget tumindak menapa-menapa kajawi masrahaken teken pring kala wau. Nalika kepanggih kaliyan garwanipun lan Sunan Kalijaga, piyambakipun nyariosaken kedadosan wau kaliyan nangis.

Ana kadadean apa nalika Nyi Pandanarang nututi rombongane garwane?

a)

Sunan Kalijaga menehi mas-masan marang para kecu.

b)

Nyi Pandanarang nangis amarga kudu nggawa teken

c)

Rombongan kecu melu dadi muride Sunan Kalijaga.

d)

Nyi Pandanarang dirampok dening kecu

9.

Cuplikan Legendha Salatiga


Garwanipun Adipati Pandanarang kersa tumut nanging mboten tindak sareng kaliyan garwanipun. Nyai Adipati dereng kersa uwal saking urusan bandha donya. Piyambakipun kanthi sesidheman nglebetaken emas-emasan wonten ing lebetipun teken ingkang dipun asta.

Ing radin, rombonganipun Adipati Pandanarang dicegat dening kecu utawi rampok nanging Sunan Kalijaga lajeng ngendika: “Yen kowe pengen bandha, tunggunen. Sedelo maneh, bakal liwat wong wadon tuwa. Cegaten. Kowe kabeh bakal oleh emas saka teken pring sing digawa dening dheweke”.

Mboten dangu, Nyai Pandanarang dumugi ing papan punika kanthi ngasta teken pring kados ingkang dipun ngendikakaken Sunan Kalijaga. Rampok lajeng nyegat lan ngrebat teken ingkang dipun cepeng Nyai Pandanarang. Nyai Pandanarang mboten saget tumindak menapa-menapa kajawi masrahaken teken pring kala wau. Nalika kepanggih kaliyan garwanipun lan Sunan Kalijaga, piyambakipun nyariosaken kedadosan wau kaliyan nangis.


Apa tegese tembung sesidheman ing “Piyambakipun kanthi sesidheman nglebetaken emas-emasan wonten ing lebetipun teken....”?

a)

meneng-meneng.

b)

ngati-ati.

c)

alon-alon

d)

kesusu.

10.

Cuplikan Legendha Salatiga


Garwanipun Adipati Pandanarang kersa tumut nanging mboten tindak sareng kaliyan garwanipun. Nyai Adipati dereng kersa uwal saking urusan bandha donya. Piyambakipun kanthi sesidheman nglebetaken emas-emasan wonten ing lebetipun teken ingkang dipun asta.

Ing radin, rombonganipun Adipati Pandanarang dicegat dening kecu utawi rampok nanging Sunan Kalijaga lajeng ngendika: “Yen kowe pengen bandha, tunggunen. Sedelo maneh, bakal liwat wong wadon tuwa. Cegaten. Kowe kabeh bakal oleh emas saka teken pring sing digawa dening dheweke”.

Mboten dangu, Nyai Pandanarang dumugi ing papan punika kanthi ngasta teken pring kados ingkang dipun ngendikakaken Sunan Kalijaga. Rampok lajeng nyegat lan ngrebat teken ingkang dipun cepeng Nyai Pandanarang. Nyai Pandanarang mboten saget tumindak menapa-menapa kajawi masrahaken teken pring kala wau. Nalika kepanggih kaliyan garwanipun lan Sunan Kalijaga, piyambakipun nyariosaken kedadosan wau kaliyan nangis.


Apa kang bisa disinau saka cerita kasebut?

a)

Menawa urip aja mung ngendelake bandha donya wae.

b)

Menawa wong iku kudu tulung tinulung marang pepadhane manungsa.

c)

Menawa awake dhewe kudu bisa ngirit ing bab dhuwit sing diblanjakake.

d)

Menawa awake dhewe kudu eling marang bandha sing awake dhewe duweni.

11.

Cuplikan Legendha Salatiga


Sunan Kalijaga lajeng ngendika dhumateng Nyai Pandanarang “Panjenengan mboten mirengaken pangandikan garwa panjenengan. Menawi kepengin tumut kula, kedah purun nilaraken bandha donya. Kedadosan punika lepat panjenengan piyambak”.


Apa pesene Sunan Kalijaga marang Nyi Pandanarang?

a)

Yen arep dadi muride kudu ninggalake bandha donya.

b)

Yen gelem dadi muride kudu nggawa teken saka pring.

c)

Yen arep dadi muride kudu gelem mlaku bareng piyambake.

d)

Yen kepengin dadi Sunan kudu dadi tukang ngarit suket dhisik.

12.

Ki Ajar ngendika menawi klinthingan punika dereng cekap, amargi ing donya punika mboten wonten ingkang gampil, nanging kedah wonten lelabetan lan kedah wonten panebusanipun. Supados saged dipunanggep putranipun Ki Ajar, Baru Klinthing kedah nglampahi laku tarak brata. Laku tarak brata punika mlungkeri Redi Kendhil ngantos tepung gelang.


Apa inti isi cuplikan paragraf ing ndhuwur?

a)

Baru Klinthing kudu tarak brata supaya bisa diaku anak dening Ki Ajar.

b)

Ki Ajar nglakoni laku tarakbrata ing Redi Kendhil.

c)

Baru Klinthing wis dianggep dadi anake Ki Ajar.

d)

Ki Ajar nemu klinthingane Baru Klinthing.

13.

Pacelathon


Ibu : Lisa, mrenea sedhela.

Lisa : Wonten punapa bu?

Ibu : Ibu njaluk tulung ndhuk. Tulung aturna layang iki marang Bu Nur, amarga ibu arep tindak jagong manten menyang budhemu ing Solo.

Lisa : Nggih bu. Kula mlampah sakpunika nggih bu.

Ibu : Ya, ati-ati ya ndhuk, aja lali kunci omahe iki ibu titipake marang Bulik Sarni.

Lisa : Nggih bu, kula pamit.


Apa sing didhawuhake dening ibune Lisa?

a)

Ngaturake layang.

b)

Menyang daleme budhe.

c)

Ngunci daleme Bulik Sarni.

d)

Menyang daleme Bulik Sarni.

14.

Pacelathon


Ibu : Lisa, mrenea sedhela.

Lisa : Wonten punapa bu?

Ibu : Ibu njaluk tulung ndhuk. Tulung aturna layang iki marang Bu Nur, amarga ibu arep tindak jagong manten menyang budhemu ing Solo.

Lisa : Nggih bu. Kula mlampah sakpunika nggih bu.

Ibu : Ya, ati-ati ya ndhuk, aja lali kunci omahe iki ibu titipake marang Bulik Sarni.

Lisa : Nggih bu, kula pamit.


Geneya Lisa didhawuhi ibune?

a)

Amarga Lisa kudu menyang Solo.

b)

Amarga ibu kudu nitipake kunci daleme.

c)

Amarga ibune arep tindak jagong manten.

d)

Amarga Lisa kudu menyang daleme Bu Nur.

15.

Pacelathon


Ibu : Lisa, mrenea sedhela.

Lisa : Wonten punapa bu?

Ibu : Ibu njaluk tulung ndhuk. Tulung aturna layang iki marang Bu Nur, amarga ibu arep tindak jagong manten menyang budhemu ing Solo.

Lisa : Nggih bu. Kula mlampah sakpunika nggih bu.

Ibu : Ya, ati-ati ya ndhuk, aja lali kunci omahe iki ibu titipake marang Bulik Sarni.

Lisa : Nggih bu, kula pamit.


Marang sapa kunci kudu dititipake?

a)

Marang ibu.

b)

Marang Budhe.

c)

Marang Bu Nur.

d)

Marang Bulik Sarni.

16.

Pacelathon


Martini : Dhik Anton, kowe lagi ngapa?

Anton : Aku lagi maem mbak. Ana apa?

Martini : Bubar kowe maem aku arep njaluk tulung ya.

Anton : Iki aku wis rampung kok mbak. Arep njaluk tulung apa?

Martini : Tulung aturna roti gaweanku iki kanggo Pakdhe Bakri. Aku wingi wis janji yen aku nggawe, Pakdhe arep dak aturi. Aku ora isa ngaturake dhewe amarga aku arep mangkat kumpulan Karangtaruna.

Anton : Ya mbak. Aku mangkat menyang nggone Pakdhe Bakri.

Martini : Maturnuwun ya , Ton.

Anton : Ya mbak, padha-padha.


Sapa priyayi sing dituju ing pacelathon kasebut?

a)

Anton.

b)

Pakdhe Bakri.

c)

Tangga teparo.

d)

Ketua Karangtaruna.

17.

Pacelathon


Martini : Dhik Anton, kowe lagi ngapa?

Anton : Aku lagi maem mbak. Ana apa?

Martini : Bubar kowe maem aku arep njaluk tulung ya.

Anton : Iki aku wis rampung kok mbak. Arep njaluk tulung apa?

Martini : Tulung aturna roti gaweanku iki kanggo Pakdhe Bakri. Aku wingi wis janji yen aku nggawe, Pakdhe arep dak aturi. Aku ora isa ngaturake dhewe amarga aku arep mangkat kumpulan Karangtaruna.

Anton : Ya mbak. Aku mangkat menyang nggone Pakdhe Bakri.

Martini : Maturnuwun ya , Ton.

Anton : Ya mbak, padha-padha.


Apa inti pacelathon kasebut?

a)

Martini gawe roti.

b)

Martini njaluk tulung Anton.

c)

Anton ngaturake roti kanggo Pakdhe.

d)

Anton gawe roti kanggo Pakdhe Bakri.

18.

Pacelathon


Martini : Dhik Anton, kowe lagi ngapa?

Anton : Aku lagi maem mbak. Ana apa?

Martini : Bubar kowe maem aku arep njaluk tulung ya.

Anton : Iki aku wis rampung kok mbak. Arep njaluk tulung apa?

Martini : Tulung aturna roti gaweanku iki kanggo Pakdhe Bakri. Aku wingi wis janji yen aku nggawe, Pakdhe arep dak aturi. Aku ora isa ngaturake dhewe amarga aku arep mangkat kumpulan Karangtaruna.

Anton : Ya mbak. Aku mangkat menyang nggone Pakdhe Bakri.

Martini : Maturnuwun ya , Ton.

Anton : Ya mbak, padha-padha.


Geneya Martini ora bisa ngaturake roti gaweane?

a)

Amarga lagi bubar mangan.

b)

Amarga arep mangkat kumpulan.

c)

Amarga arep menyang daleme Pakdhe.

d)

Amarga kudu mimpin rapat Karangtaruna.

19.

Pacelathon


Candra : Sugeng dalu, pak.

Bapak : Piye, le. Arep menyang ngendi bengi-bengi wis jam wolu ngene?

Candra : Badhe dhateng kanca kula, pak.

Bapak : Ana prelu apa, kok bengi-bengi ngene?

Candra : Badhe sinau kelompok, pak. Punika wonten tugas saking guru kula.

Bapak : Lha, kancane sapa wae, le?

Candra : Namung kula kaliyan Bagas, kanca kula satunggal kelas.

Bapak : Ya le. Sing ngati-ati, amarga iki wayah bengi. Mengko yen anggone nggarap tugas wis rampung, enggal bali, aja mampir ngendi-endi, amarga sesuk sekolah, mengko mundhak ngantuk.

Candra : Inggih, pak. Kula pamit rumiyin.


Apa kang diomongake ing pacelathon ing ndhuwur?

a)

Bapak arep nemoni Bagas ing omahe.

b)

Candra arep nginep ing omahe Bagas.

c)

Candra pamit bapake arep sinau kelompok.

d)

Candra arep menyang sekolahan in wayah bengi.

20.

Pacelathon


Candra : Sugeng dalu, pak.

Bapak : Piye, le. Arep menyang ngendi bengi-bengi wis jam wolu ngene?

Candra : Badhe dhateng kanca kula, pak.

Bapak : Ana prelu apa, kok bengi-bengi ngene?

Candra : Badhe sinau kelompok, pak. Punika wonten tugas saking guru kula.

Bapak : Lha, kancane sapa wae, le?

Candra : Namung kula kaliyan Bagas, kanca kula satunggal kelas.

Bapak : Ya le. Sing ngati-ati, amarga iki wayah bengi. Mengko yen anggone nggarap tugas wis rampung, enggal bali, aja mampir ngendi-endi, amarga sesuk sekolah, mengko mundhak ngantuk.

Candra : Inggih, pak. Kula pamit rumiyin.


Apa sing bakal ditindakake Candra lan Bagas?

a)

Candra lan Bagas arep nganakake kegiatan ing sekolah.

b)

Candra lan Bagas arep nggarap tugas bebarengan.

c)

Candra lan Bagas arep menyang daleme guru.

d)

Candra lan Bagas arep mangkat sekolah.

21.

Pacelathon


Pak RT : Le, bapakmu ana ndalem ora?

Udin : Bapak nembe tindak pak. Wonten punapa?

Pak RT : Ngene, le. Iki ana layang uleman rapat RT mengko sore. Tulung mengko aturna bapakmu ya. Aturna uga yen aku pamit ora bisa mangkat rapat amarga aku ditimbali Pak Lurah kanggo rapat ing kelurahan, dadi mengko sing

mandhegani rapat RT bapakmu.

Udin : Nggih pak. Mangkih menawi bapak kondur, kula aturaken.

Pak RT : Maturnuwun ya le, lan aja lali anggonmu matur karo bapakmu.


Apa sing didhawuhake Pak RT marang bapake Udin?

a)

Kanggo mandhegani rapat RT.

b)

Kanggo mamitake marang Pak Lurah.

c)

Kanggo ngaturake layang ulem marang Pak lurah.

d)

Kanggo matur marang Pak Lurah bab isine rapat RT.

22.

Pacelathon


Pak RT : Le, bapakmu ana ndalem ora?

Udin : Bapak nembe tindak pak. Wonten punapa?

Pak RT : Ngene, le. Iki ana layang uleman rapat RT mengko sore. Tulung mengko aturna bapakmu ya. Aturna uga yen aku pamit ora bisa mangkat rapat amarga aku ditimbali Pak Lurah kanggo rapat ing kelurahan, dadi mengko sing

mandhegani rapat RT bapakmu.

Udin : Nggih pak. Mangkih menawi bapak kondur, kula aturaken.

Pak RT : Maturnuwun ya le, lan aja lali anggonmu matur karo bapakmu.


Ana ngendi bapake Udin nalika Pak RT rawuh?

a)

Lagi ketemu karo Pak Lurah.

b)

Lagi rapat ing Kalurahan.

c)

Lagi ora ana ing dalem.

d)

Lagi nggoleki Pak RT.

23.

Pacelathon


Deka : Kulanuwun

Pak Jono : Oh Mas Deka, ana kersa apa, Mas?

Deka : Mekaten Pak Jono sowan kula dhateng mriki, ingkang sepisan badhe silaturahim, ingkang angka kalih, kula dipunutus Bapak, menawi Pak Jono wonten wekdal saha lodhang ing penggalih, kaaturan rawuh dhateng dalemipun Bapak saprelu hangestreni adicara tasyakuran benjang dinten Setu, 26 Mei 2018 wanci tabuh pitu dalu.

Pak Jono: oh, mangkono Mas. Syukurane sapa, Mas?

Deka : Syukuranipun Ibu. Sakpunika ibu anggenipun ngasta sampun celak, sampun mutasi utawi pindhah SMP ingkang celak griya.

Pak Jono : ya, Mas. Maturnuwun diaturke marang Bapak lan Ibu ya.

Deka : Nggih, Pak. Sasampunipun kula nyuwun pamit Pak.


Apa inti pacelathon kasebut?

a)

Syukuran amarga bapake Deka wis pindhah SMP sing cedhak omah.

b)

Sembayangan amarga bapake Deka kagungan wektu lodhang.

c)

Syukuran amarga ibuke Deka wis pindhah nyambut gawe.

d)

Sembayangan amarga Deka wis pindhah SMP.

24.

Pacelathon


Deka : Kulanuwun

Pak Jono : Oh Mas Deka, ana kersa apa, Mas?

Deka : Mekaten Pak Jono sowan kula dhateng mriki, ingkang sepisan badhe silaturahim, ingkang angka kalih, kula dipunutus Bapak, menawi Pak Jono wonten wekdal saha lodhang ing penggalih, kaaturan rawuh dhateng dalemipun Bapak saprelu hangestreni adicara tasyakuran benjang dinten Setu, 26 Mei 2018 wanci tabuh pitu dalu.

Pak Jono: oh, mangkono Mas. Syukurane sapa, Mas?

Deka : Syukuranipun Ibu. Sakpunika ibu anggenipun ngasta sampun celak, sampun mutasi utawi pindhah SMP ingkang celak griya.

Pak Jono : ya, Mas. Maturnuwun diaturke marang Bapak lan Ibu ya.

Deka : Nggih, Pak. Sasampunipun kula nyuwun pamit Pak.


Apa tegese mutasi miturut wacan?

a)

cedhak.

b)

pindhah.

c)

maturnuwun.

d)

nyambut gawe.

25.

Pacelathon


Deka : Kulanuwun

Pak Jono : Oh Mas Deka, ana kersa apa, Mas?

Deka : Mekaten Pak Jono sowan kula dhateng mriki, ingkang sepisan badhe silaturahim, ingkang angka kalih, kula dipunutus Bapak, menawi Pak Jono wonten wekdal saha lodhang ing penggalih, kaaturan rawuh dhateng dalemipun Bapak saprelu hangestreni adicara tasyakuran benjang dinten Setu, 26 Mei 2018 wanci tabuh pitu dalu.

Pak Jono: oh, mangkono Mas. Syukurane sapa, Mas?

Deka : Syukuranipun Ibu. Sakpunika ibu anggenipun ngasta sampun celak, sampun mutasi utawi pindhah SMP ingkang celak griya.

Pak Jono : ya, Mas. Maturnuwun diaturke marang Bapak lan Ibu ya.

Deka : Nggih, Pak. Sasampunipun kula nyuwun pamit Pak.


Sapa sing nganakake acara?

a)

Pak Jono

b)

Bu Lurah

c)

Pak Lurah

d)

Bapakne Deka