wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ulangan Harian Pranatacara

Total questions: 20

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Pak Wibawa dipunsuwuni pitulungan kaliyan Pak RT supados mandhegani (memimpin) acara nalika putranipun benjang mantenan. Nalika mandhegani acara kasebat, Pak Wibawa dipunwastani pranatacara. Pranatacara menika nama sanesipun inggih menika….

a)

pawarta, pambiwara, mc

b)

pambiwara, pamedhar sabda, pranata adicara

c)

pranata titilaksana, pambiwara, pamedhar sabda

d)

pamedhar sabda, pranata titilaksana, pambiwara

e)

pranata laksitaning adicara, pambiwara, pranata titilaksana

2.

Ginanipun pranatacara ing satunggaling acara inggih menika...

a)

acara enggal rampung

b)

dipungatosaken para tamu

c)

acaranipun tumata

d)

acaranipun boten ,mboseni

e)

acaranipun gayeng

3.

Ing salebeting acara temtu kemawon wonten paraga ingkang ngayahi jejibahan ngandharaken/maosaken titi rantamaning (lakuning) acara/nglantaraken lampah cak-cakaning acara. Paraga menika dipunsebat….

a)

Pambagyaharja

b)

Juru pambagya

c)

Pengisi acara

d)

Pranatacara

e)

Sesorah

4.

Kagatosna cengkorongan (kerangka) teks pranatacara ing ngandhap menika!

1) panutup

2) pambuka

3) puji syukur

4) salam pambuka

5) isi

Urutan ingkang leres cengkorongan teks pranatacara ing nginggil inggih menika.…

a)

2-3-4-5-1

b)

2-3-5-4-1

c)

2-4-3-1-2

d)

4-2-3-5-1

e)

4-2-5-3-1

5.

”Para pepundhen para pinisepuh ingkang dahat kinabekten”. Ukara menika kalebet perangan (bagian)....

a)

salam pambuka

b)

atur pakurmatan

c)

atur pangayubagya

d)

tetepungan

e)

atur puji syukur

6.

”Puput pepuntoning adicara, wus dumugi paripurnaning gati.” Ukara menika mathukipun dipunginakaken ing perangan (bagian) ….

a)

pambuka

b)

atur pakurmatan

c)

atur panutup

d)

rantaman adicara

e)

isi

7.

Sugeng siyang, Assalamu’alaikum, katentreman saha kawilujengan mugi katumrapan dhumateng panjenengan sedaya. Tuladha menika dipunwastani….

a)

Salam pambuka

b)

Pambuka

c)

Surasa

d)

Panutup

e)

Salam panutup

8.

Kula minangka pambiwara wonten ing adicara kalenggahan punika, mbok bilih wonten tutur atur ingkang kelantur kula nyuwun agunging pangaksami dhumateng panjenengan sedaya. Andharan kasebat tuladha atur….

a)

atur pambagya

b)

atur panuwun

c)

atur panutup

d)

atur pasrah

e)

atur panampi

9.

Atur pakurmatan ing teks pranatacara dipunserat sasampunipun perangan….

a)

salam panutup

b)

atur syukur

c)

panuwun

d)

inti acara

e)

salam pambuka

10.

Ing ngandhap menika ingkang boten kalebet perangan purwaka ing teks pranatacara inggih menika….

a)

nyuwun pangapunten

b)

uluk salam

c)

pakurmatan dhateng tamu

d)

puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung

e)

ngaturake jejibahan

11.

Kagatosna urutan acara ing ngandhap menika!

Reroncening adicara pelantikan pengurus OSIS SMA Harapan:

1) Purwaka

2) Atur sapala saking wakil pengurus/pangarsa OSIS enggal

3) Pandonga

4) Kepyakan/pelantikan pengurus OSIS kalajengaken tanggap sabda saking Kepala Sekolah

5) Atur palapuran

6) Panutup

Urut-uratanipun adicara ingkang leres inggih menika….

a)

1-2-3-4-5-6

b)

1-3-5-4-2-6

c)

1-3-4-5-2-6

d)

1-4-6-5-2-3

e)

1-5-4-2-3-6

12.

Nalika dados pranatacara wonten bab ingkang kedah dipungatosaken ingkang dipunwastani saptama. Tegesipun tembung sapta inggih menika….

a)

enem

b)

pitu

c)

wolu

d)

sanga

e)

sepuluh

13.

Nalika dados Pranatacara pocapan kedah cetha. Punik ateges nggatosaken...

a)

olah basa

b)

olah raga

c)

olah swara

d)

olah busana

e)

olah jiwa

14.

Sangunipun pranatacara wonten olah jiwa, olah raga, olah busana, olah basa, olah swara. Ingkang kalebet olah basa inggih menika...

a)

andhap inggilipun swara boten namung ajeg

b)

pocapan cetha, las-lasan, boten blero

c)

busananipun sae, resik

d)

solah bawa trapsila lan empan papan

e)

pilihaning tembung sae

15.

Pranatacara kedah saged ngadi sarira lan ngadi busana, ukara menika jumbuh kaliyan unen-unen...

a)

ajining raga gumantung ing busana

b)

ajining diri gumantung ing lathi

c)

ajining awak gumantung ing tumindak

d)

ajining badan gumantung saka dandan

e)

ajining mustaka gumantung saka wibawa

16.

Tiyang dados pranatacara anggenipun nglantaraken jejibahan kedah matanggap. Matanggap tegesipun ..

a)

anteb saha manteb

b)

tanggap swasana

c)

pocapan cetha

d)

jumeneng jejeg

e)

membat mentulipun swanten

17.

Pranatacara nggatosaken andhap inggilipun suwanten, cepet alonipun suwanten, sora lan lirihipun suwanten. Prekawis punika ateges nggatosaken....

a)

wicara

b)

wirama

c)

wirasa

d)

wiraga

e)

wiasta

18.

Kagatosna tembung-tembung ing ngandhap menika!

1) maraga

2) mawwat

3) magatra

4) manawa

5) malagawa

Tembung-tembung ing nginggil ingkang boten kalebet saptama inggih menika…

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

e)

5

19.

Nalika dados pranatacara, patrapipun kedah jumeneng (berdiri) jejeg, boten kendho, boten dhoyong, suku

(kaki) kiwa tengen boten keciyuten menapa kekamban. Kahanan kasebat ing saptama dipunwastani…

a)

mawastha

b)

malagawa

c)

malaksana

d)

matanggap

e)

mangaribawani

20.

Kagatosna teks pranatacara ing ngandhap menika!

Para pepundhén ingkang dahat kinabektén. Para tamu ingkang … kepareng kula matur ing ngarsa panjenengan sedaya saperlu ngaturaken pambagyaharja ing ri kalenggahan punika.

Tembung ingkang trep kangge ngisi ceceg-ceceg (titik-titik) ing teks pranatacara ing nginggil inggih menika.…

a)

kula ajrih

b)

kinurmatan

c)

kula tresnani

d)

nembé ngasta

e)

paring ngèlmu