NEW
Font size
WorksheetsPenilaian Harian 1 Tembang Sinom
Total questions: 25
Worksheet time: 25mins
Gambar iki jelaske tembang macapat?
Mijil
Kinanthi
Sinom
Asmaradana
pocung
Gatra ke telu tembang sinom ing ngisor iki sing bener ?
Tumrape wong tanah jawi
Wong agung ing ngeksiganda
Panembahan senapati
Tanapi ing siyang ratri
kepati amarsudi
Werdine/tegese nuladha laku utama yaiku...
tansah prihatin
nyonto tumindhak kang becik
tansah gawe senenge wong liya
urip kudu bisa meper hawa lan nepsu
kalakone panggayuh iku seneng tapa brata
Dene kang ngemot pathokan tibaning swara (dhong dhing) ing pungkasan gatra yaiku....
guru gatra
guru swara
guru basa
guru wilangan
guru lagu
Pratelan kang ateges ngendhaleni hawa lan nepsu, yaiku….
nuladha laku utama
kapati amrsudi
sudaning hawa lan nepsu
tanapi ing siyang ratri
amemangun karyenak tyasing sasama
ukara ing ngisor iki kang kalebu purwakanthi guru swara yaiku......
Sluman slumun slamet
Janji jujur, jajahane mesthi makmur
Asung bekti, bektine kawula mring gusti
Sapa sing kepingin maju, kudu sregep sinau
Lungguh dhingklik, dhingklik wong cilik - cilik
Kang dadi titikane tembang macapat yaiku...
nggunakake basa kang lugu
kalebu karangan gancaran
nggunakake basa Jawa kuna
panulisane nggunakake paugeran kang gumathok
basane cekak aos ora ngayawara
Purwakanthi kang wanda pungkasan padha diarani purwakanthi...
lumaksita
guru swara
guru sastra
guru basa
guru lagu
Tembang iku sejatine sawijining tulisan kang anggone maca kanthi cara ...
sakarepe dhewe
dilagokake manut laras kang gumathok
waton muni tanpa laras
waton nyuwara nganggo alat seanane
sageleme anggone nyuwara
Sampean saiki ning fase tembang macapat.....
Durma
Mijil
Sinom
Pocung
Asmaradana
Sing kalebu tembang Macapat yaiku, kajaba . . .
Jaran Goyang
Maskumambang
Mijil
Sinom
Kinanthi
Tembang Sinom duweni teges ? ...
kahanane (situasi) manungsa nalika isih enom
laire si jabang bayi
nalika manungsa isih ana ing alam ruh lan during lair
rasa seneng, katresnan, lan kewicaksanaan
matine manungsa ing dunya
Watak tembang sinom yang bener, yaiku ...
tresna asih, canthas, sedhih
canthas, trengginas, seneng
trengginas, seneng, luwes
trengginas, tresna asih, canthas
seneng, luwes, semangat
Nuladha laku utama
tumprape ning tanah Jawi
wong agung ing Ngeksigondo
Panembahan Senapati
kapati amarsudi
sudaning hawa lan nepsu
pinesu tapa brata
tanapi ing siyang ratri
amemangun kayenak tyasing sasama
Tembang ing dhuwur duweni patokan/paugeran...
Guru gatra : 9, Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7,8,12. Guru lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a
Guru gatra : 9, Guru wilangan : 8, 7, 8, 8, 7, 8, 7,8,12. Guru lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, i.
Guru gatra : 9, Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7,8,12. Guru lagu : a, i, a, i, i, u, u, i, a
Guru gatra : 9, Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7,7,12. Guru lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a
Guru gatra : 9, Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 6, 7,8,12. Guru lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a
Sasmitane tembang Sinom yaiku ....
gambuh, lanteh, anut
kasmaran, brangti, kingkin, dana
ketimpul, kambang, kencana timbul
sarkara, manis, madu, guladrawa
taruna, srinata, rol kamal, pangrawit, logondhang
Kang dadi titikane tembang macapat yaiku...
nggunakake basa kang lugu
kalebu karangan gancaran
nggunakake basa Jawa kuna
panulisane nggunakake paugeran kang gumathok
basane cekak aos ora ngayawara
Ibu : Bapak wis ... ?
Bapak : Wis, ngenteni ibu kesuwen, dak kira durung kondur.
Ibu : Lagi wae pak, kanca-kanca ngajak, mampir daleme Bu Wira
Bapak : Lo, Bu Wira wis kondur ta?
Tembung kang mathuk kanggo njanggkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ...
maem
mangan
madang
nedha
dhahar
Sing dadi etungan ana ing guru wilangan yaiku cacahing ...
aksara
wanda
tembung
ukara
wacana
Gatrane tembang sinom sing guru wilangane cacahe 8 wanda, yaiku ...
gatra 1, 3, 4, 6, 9
gatra 2, 4, 6, 8
gatra 1, 3, 5, 7, 9
gatra 1, 2, 3, 4, 6, 8
gatra 1, 2, 3, 5, 8
Guru wilangan sing paling akeh dhewe cacahing wanda, yaiku ...
gatra 5
gatra 6
gatra 7
gatra 3
gatra 9
Rasaning thinthingane gamelan cendhek nganthi swara dhuwur yaiku...
titi laras
laras
pathet
pupuh
pada
Wujude tembang sajrone serat Jawa kang nduweni paugeran tartamtu yaiku ...
laras
titi laras
pathet
pupuh
pada
Swara kang nyimpang saka titilaras utawa (falsetto) diarani ...
lagu
luk
sliring
wilet
cengkok
Etika / unggah ungguh yen sampeyan arep WhatsApp /SMS marang bapak/ ibu guru sing bener yaiku ..
Salam lan sapa, nepangaken identitas, nyuwun ngapura, ngandharake tujuwane, basa kang sae, salam lan ngucapake maturnuwun
nepangaken identitas, nyuwun ngapura, ngandharake tujuwane, basa kang sae, salam lan ngucapake maturnuwun
Salam lan sapa, nepangaken identitas, nyuwun ngapura, ngandharake tujuwane, basa kang sae,
Salam lan sapa, nepangaken identitas, nyuwun ngapura, ngandharake tujuwane, basa sakarepe, salam lan ngucapake maturnuwun
Salam lan sapa, nyuwun ngapura, ngandharake tujuwane, basa kang sae, salam lan ngucapake maturnuwun
Tembang macapat kang ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé sinebut …
dhandanggula
pangkur
gambuh
sinom
kinanthi
