wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa Kela 5

Total questions: 10

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.

Wacanen dhisik iki ! Bacaan Judul " GOBAG SODOR " Paragraf 1 : Dina Setu ing kelas V ana pelajaran Olah Raga. Kabeh murid kelas V wis padha baris ing Lapangan. Kabeh padha bregas lan seger, Barise manut kelompoke dhewe-dhewe. Kabehe ana limang kelompok. Saben klompok bocah papat. Bima dadi ketua klompok telu.

Paragraf 2 : Dina iki dolanan Gobag Sodor. Sapa sing wis tau dolanan Gobag Sodor? Pandangune pak Imam.

Paragraf 3 : Bima, Niken, Wati, Ruslan lan Munip ngacung. Pancen bocah lima iku kerep dolananGobag Sodor ing platarane pak Jono.

Sawise padha hompipah, dolanan gobag sodor kawiwitan.Ketua kelompok dadi sodore, sing liyane dadi sing njaga, Pak Imam wis nggawe garis kothakan amba. Ana nem kothak, telu ing sisih kiwa lan telu ing sisih tengen. Ing tengahe ana garis kanggo sodore. Sing njaga padha jaga ing garis buri kothak. Bima wiwit maju dadi sodor. Mungsuhe klompoke Munip. " Bukak .... ! Bima mlayu nengah. Munip lan Iwan ing sisih tengene. Wati lan Nuri ucul ing kothak sabanjure. Bocah loro iku dijaga karo Sari. Ing burine Sari isih ana Roni lan Firli. Sing njaga nduweni kuwajiban njaga kothak bageane. Mula kudu waspada lan ngati-ati, aja nganti kecekel. Kabeh padha gesit lan trengginas. Gobag Sodor nglatih kelantipan lan ketrampilan. Bakal menang yen salah siji ana sing bisa ngliwati kabeh sing njaaga saka ngarep nganti buri, lan bali ing garis mengarep tanpa kecekel sing njaga. Kabeh kelompok wis main, Sing menang kelompoke Munip. Jam pelajaran olah raga wis rampung, Kabeh siswa isih ngethupyuk ngomongake dolanan gobag sodor. Kabeh padha seneng, bisa luwih guyub rukun amarga dolanan tradhisional.

Wangsulana Pitakon iki !


Dina ... ing kelas V ana pelajaran olah raga.

a)

Senin

b)

Rebo

c)

Jumat

d)

Sabtu

2.

Dina iku bocah-bocah arep dolanan...

a)

Dhelikan

b)

Bekelan

c)

Gobag sodor

d)

Betengan

3.

Saben klompok ana ... murid.

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

4.

Kelase Bima iku muridhe ana... bocah

a)

15

b)

20

c)

25

d)

30

5.

Ing gobag sodor iku ana klompok sing main lan klompok sing ...

a)

Njaga

b)

dawa

c)

cendhak

d)

nunggu

6.

Sodor iku manggone ing sisih ...

a)

Kiwa

b)

Tengen

c)

Tengah

d)

Ngisor

7.

Ing ngisor iki gunane dolanan tradhisional, kajaba (kecuali).....

a)

Bisa gawe rukun sakan cane

b)

Nglatih kelantipan, ketrampilan

c)

Gawe awak sehat, seger waras

d)

Boros, wragade akeh lan larang

8.

Gagasan pokok saka wacan ing dhuwur yaiku ...

a)

dolanan tradhisional

b)

pelajaran olah raga

c)

gobag sodor

d)

pemenange klompoke Munip

9.

Wacan ing dhuwur iku kalebu wacan Jinis ...

a)

Narasi

b)

Dheskripsi

c)

Persuasi

d)

Argumentasi

10.

Salah siji titikane wacan narasi kaya ing ngisor iki, kejaba ( kecuali ) ...

a)

Nyritakake pengalaman

b)

nyritakake dedongengan

c)

nggambarake kahanan, panggonan

d)

Urut wektu/Kronologis