wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Mau bengi Surti lara weteng. Wasesa ukara ing samping yaiku ....

a)

mau bengi

b)

weteng

c)

Surti

d)

lara

2.

Bathok bolu isi madu tegese ….

a)

wong kang ora bisa rukun

b)

bisa njunjung drajate wong tuwo

c)

wong asor nanging sugih kepinteran

d)

wong tuwo njaluk wuruk wong enom

3.

Ibu lunga menyang pasar. Krama aluse lunga ukara ing samping yaiku ….

a)

padaran

b)

muwun

c)

tindak

d)

kondur

4.

Wis diwenehi ati, isih ngrogoh ….

a)

rempelo

b)

remukan

c)

tempe

d)

tahu

5.

Panggonan sing akeh rejekine mesti akeh sik nekani, tegese bebasan ....

a)

ana gula ana semut

b)

bathok bolu isi madu

c)

anak polah bapak kepradah

d)

mikul dhuwur mendhem jero

6.

Siti ngonceki pelem ing pawon. Jejer ukara ing samping yaiku ….

a)

Siti

b)

pelem

c)

ngonceki

d)

ing pawon

7.

Wingi sore Sardi nggarap PR Agama. Sing kadaphuk katrangan waktu ukara ing samping yaiku ….

a)

Sardi

b)

nggarap

c)

wingi sore

d)

PR Agama

8.

Cacahing gatra saben sapadha diarani ….

a)

guru lagu

b)

guru gatra

c)

guru swara

d)

guru wilangan

9.

Tegese guru lagu yaiku ....

a)

cacahe gatra saben sapadha

b)

cacahe wanda saben sagatra

c)

dhong dhinge swara saben gatra

d)

dhong dhinge swara saben pungkasane gatra

10.

Cacahe tembang macapat ana ....

a)

9

b)

10

c)

11

d)

12

11.

Gundhul-Gundhul Pacul iku kalebu tembang dolanan. Dene Pangkur kalebu tembang ....

a)

gedhe

b)

dolanan

c)

macapat

d)

tengahan

12.

Sinom

Ratune ratu utama

Patihe patih linuwih

Pra nayaka tyas raharja

Panekare becik-becik

Parandene tan dadi

Paliyasing kala bendhu

Mandar mangkin andadra

Rubedane angribedi`

Beda-beda ardaning wong sanegara.


Tembang Sinom ing dhuwur ana … gatra

a)

6

b)

7

c)

8

d)

9

13.

Sinom

Ratune ratu utama

Patihe patih linuwih

Pra nayaka tyas raharja

Panekare becik-becik

Parandene tan dadi

Paliyasing kala bendhu

Mandar mangkin andadra

Rubedane angribedi`

Beda-beda ardaning wong sanegara


Guru wilangan lan guru lagu gatra kapapat yaiku ....

a)

8a

b)

8i

c)

9a

d)

9i

14.

Sinom

Ratune ratu utama

Patihe patih linuwih

Pra nayaka tyas raharja

Panekare becik-becik

Parandene tan dadi

Paliyasing kala bendhu

Mandar mangkin andadra

Rubeda angribedi`

Beda-beda ardaning wong sanegara


Gatra kalima ana … wanda

a)

9

b)

8

c)

7

d)

6

15.

Sinom

Ratune ratu utama

Patihe patih linuwih

Pra nayaka tyas raharja

Panekare becik-becik

Parandene tan dadi

Paliyasing kala bendhu

Mandar mangkin andadra

Rubedane angribedi`

Beda-beda ardaning wong sanegara


Sing duweni guru wilangan lan guru lagu 7i, yaiku gatra ....

a)

kaloro

b)

kalimo

c)

kaenem

d)

kawolu

16.

Ukara ing ngisor iki perangane layang sing kalebu adawiyah yaiku ...

a)

Sarana layang iki aku kirim kabar menawa kahananku ing Malang tansah ginanjar sehat.

b)

Oh iyo Dhik, apa acaramu ing liburan riyaya Idul Fitri wingi?

c)

Cukup semene disik yo mbak, liya dina disambung meneh.

d)

Salam kanggo Mas Budi ing Jalan Perkutut Malang

17.

Unen – unen kang nglaksanakake sapa / kaprenah sapa kang gawe layang kasebut diarani ....

a)

adawiyah

b)

peprenahan

c)

surasa basa

d)

wasana basa

18.

Kanthi layang iki, aku kirim kabar menawa kahananku sakeluarga ing Pasuruan sehat.

Ukara iki ing perangan layang diarani ….

a)

wasana basa

b)

surasa basa

c)

peprenahan

d)

bebuka

19.

Malang, 4 September 2020 ing layang perangan iku diarani ….

a)

adawiyah

b)

peprenahan

c)

wasana basa

d)

papan lan titi mangsa

20.

Cukup semene disik yo mbak, liya dina disambung meneh

Ukara ing dhuwur ing perangan layang diarani ....

a)

wasana basa

b)

surasa basa

c)

adawiyah

d)

bebuka

21.

Bapak lunga menyang sawah. Ukara ing samping yen ditulis basa ngoko alus dadi .....

a)

Bapak wangsul menyang sawah

b)

Bapak mirsani menyang sawah

c)

Bapak kondur menyang sawah

d)

Bapak tindak menyang sawah

22.

Manuk tuhu mencok pager. Yen sinau dadi ...

Tembung kang trep kanggo jangkepi parikan ing dhuwur yaiku ....

a)

pinter

b)

banter

c)

sregep

d)

keblinger

23.

Simbah karo ibu mlaku-mlaku menyang pasar. Ukara ing samping yen disalin krama alus dadi ....

a)

Simbah karo ibu mlampah-mlampah datheng peken

b)

Simbah karo ibu mlampah- mlampah menyang pasar

c)

Simbah kaliyan ibu mlampah-mlampah dhateng peken

d)

Simbah kaliyan ibu mlampah-mlampah menyang peken

24.

Wajik klethik gula jawa. Luwih becik sing ...

Tembung kang trep kanggo jangkepi parikan ing dhuwur yaiku ....

a)

betah

b)

rekasa

c)

prasaja

d)

sembrana

25.

Pak Boni yen adus esuk banget. Ukara ing samping yen ditulis basa ngoko alus dadi ....

a)

Pak Boni menawi siram enjing banget

b)

Pak Boni menawi adus enjing banget

c)

Pak Boni yen adus enjing banget

d)

Pak Boni yen siram esuk banget