NEW
Font size
WorksheetsKuis Harian Pra PTS Gasal Bhs Jawa 11
Total questions: 15
Worksheet time: 15mins
Pathokane tembang kang ngemot cacahing wanda saben sagatra, yaiku
Guru lagu
Guru gatra
Pada
Pupuh
Guru wilangan
Ing Tembang POCUNG , tembung Ngelmu iku kalakonekanthi laku nduwe teges ( arti )….
Golek ngelmu iku bisa kagayuh sakepenake dewe
Golek ngelmu iku bakal kagayuh kanthi cara dolanan
Golek ngelmu iku bakal kagayuh yen kanthi cara tenanan
Golek ngelmu iu bakal kaleksanan yen nganggo ragat
Golek ngelmu iku bisa mung kala mangsa
Pratelan kang ateges bisa entuk ngelmu yen ngedohi sipat kang ala, yaiku....
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
Karyenak tyasing sasama
Wondene pratelan kang ateges golek ngelmu diwiwiti kanthi tenanan, yaiku....
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
Karyenak tyasing sasama
Tembang Pocung miturut paugeran ( aturan ) nduweni watak….
Asih, prihatin, wetuning rasa, gandrung
Sembrana, parikena, lucu, kendho tanpa greget, sakepenake
Seneng, tresna, asih, kasmaran
ethes, prasaja, canthas, grapyak, renyah lan luwes
nelangsa, ngeres-ngeresi, sedhih
Ing struktur Novel Jawa , sing nduwe teges “ gagasan penting sajroning crita” yaiku…
Tema (underan )
Alur / Plot
Paraga
Latar / Setting
Amanat
“Piwelinge panganggit marang kang maca crita iku “ ing struktur Novel Jawa diarani….
Tema ( underan )
Alur / Plot
Paraga
Latar / Setting
Amanat
Nggambarake karakter kanggo paraga / pelaku , bisa dingerteni karakter karaktere saka tumindake , ciri fisike , lingkungane , lan sapiturute . Ing unsur Intrinsik yaiku....
Punjering Crita
Alur / Plot
Penokohan
Konflik
Ekstrinsik
Unsur kang ngemot latar belakang penciptaan , sejarah , biografi pengarang , lan sapiturute sanjabaning unsur intrinsik , yaiku....
Punjering Crita
Alur / Plot
Penokohan
Konflik
Ekstrinsik
Nilai – nilai kang kamot ing NOVEL, kang kasebut nilai Sosial yaiku....
Novel uga menehi lan nglestarekake budaya lan adat masyarakat , tundhone pamaca bisa mangerteni kabudayan ing papan / daerah liya .
Nilai kang ndadekake wong luwih ngerti lan mahami panguripane wong liya .
Novel kang bisa diwaca makaping – kaping kang tundhone pamaca kepengin nduweni novel iki
Nilai iki kang menehi rasa seneng marang pamacane mula bisa katut ing sajroning crita .
Nilai iki surasane bisa ngadhepi sikep urip lan kapitayane pamaca . Mula pamaca duwe kapribaden kang pracaya marang dhiri pribadhine dhewe
Sesorah iku ora kena nyenggol utawa gawe serik marang kang midhangetake, mula kudu gegulang ing babagan ragam basa, luwih-luwih ragam krama alus. Kanthi nggunakake basa krama alus wis bisa kaanggep ngurmati marang kang midhangetake. Bab kasebut dadi salah sijining tatacara nalika sesorah, kang diarani....
Nggunakake basa kang angel
Gawe cengkorongan (kerangka) sesorah
Mekarake cengkorongan sesorah kanthi milih tembung-tembung kang pener
Nggatekake unggah-ungguh (sesorah marang sapa)
Maragakake utawa mraktekake kanthi kedal (lafal), wirama (tempo), wirasa ( intonasi), lan patrap
Andharan kang minangka surasa sesorah iku perangan ing....
Pambuka
Salam kawilujengan lan munjukake rasa syukur marang Gusti
Isi sesorah / wosing gati
Hatur panuwun lan nyuwun pangapura
Panutup
Makaten sadaya atur kula pinangka wakil saking ingkang hamengku gati, matur nuwun. Iku pethilan perangane sesorah kang diarani....
Pambuka
Salam kawilujengan lan munjukake rasa syukur marang Gusti
Isi sesorah / wosing gati
Hatur panuwun lan nyuwun pangapura
Panutup
Sadurunge sesorah kudu ngerteni tatacara apa kang bakal digelar, amarga sesorah iku mesthi ana ing tatacara kang beda. Umpamane ing tatacara pengajian mesthi beda nalika ing tatacara Kamardikan RI. Perangan iki wigati supaya prayogane wedharan kang diarani....
Ngreteni wawasan pamirang kang bakal ngrungokake tanggapwara
Ngreteni wektu utawa durasi tanggapwara kang diwenehake
Ngreti jinise tanggapwara kang diwenenehake
Nyiapake bab-bab lan piranti kang dibutuhake nalika tanggapwara
Busana kang jumbuh karo swasana
Sesorah kang ancase nawakake barang iku kudu cetha lan premati supaya kang midhangetake iku ora kleru tampa lan bingung, mula bab kang kudu disiyapake yaiku....
Ngreteni wawasan pamirang kang bakal ngrungokake tanggapwara
Ngreteni wektu utawa durasi tanggapwara kang diwenehake
Ngreti jinise tanggapwara kang diwenenehake
Nyiapake bab-bab lan piranti kang dibutuhake nalika tanggapwara
Busana kang jumbuh karo swasana
