Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa

Total questions: 24

Worksheet time: 24mins

Name
Class
Date
1.

Geguritan ing ngisor iki kang nyritaake rasa syukur marang Gusti Allah amarga wes dikaruniai alam kang apik yaiku . . .

a)
b)
c)
d)
2.

Dodi Bocah Kang Lantip

Becike dadi bocah iku kang sregep lan lantip.

Pinter anggawe samubarang kang migunani.

Pring bisa dadi wakul.

Sepet bisa dadi keset.

Wulu bisa dadi sulak.

Kapuk bisa dadi benang.

Lempung bisa dadi pot.

Prayogane wiwit cilik tituladha babagan panggawe krajinan.

Kanggo sangu urip ing tembe mburi.

Dadi bocah kang ora seneng ing alembana.

Nora seneng tumindak kang sembrana.

Ben urip ing tembe.

Bisa migunani marang sepadha-padha.

Manut geguritan ing nduwur, wiwit kapan apike sinau gawe kerajinan iku ?

a)

Yen wis gede

b)

Wiwit cilik

c)

Yen rampung sekolah

d)

Wiwit sekolah

3.

Guruku...

Kula nyuwun dunga lan pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu

Saged dados sangu

Kanggo nggayuh gegayuhanku


Geguritan ing ndhuwur ana ... larik

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

4.
Sadurunge nulis geguritan, mula kudu nemtokake . . .
a)
tema
b)
inspirasi
c)
bahasa
d)
foto
5.
Wong sing nulis geguritan diarani . . .
a)
panggurit
b)
penulis
c)
pamaos
d)
dening
6.

Ing ngisor iki sing kalebu struktur batine geguritan yaiku…

a)

a. Pamilihing tembung

b)

b. Panganggone gaya bahasa

c)

c. Perasaane panggurit

d)

d. Penganggone wirama

e)

e. Tatacarane nulis geguritan

7.

Kaendahan reriptan kang awujud geguritan kuwi dumunung ing…

a)

Pilihane tembung sing angel dingerteni

b)

Nggunakake basa-basa Jawa kuna

c)

Wewujudane kudu manut paugeran

d)

Pilihane tembung kudu mentes lan mantesi

e)

Tata rakite ukara kudu nggunakake basa baku

8.

Sing diarani struktur teks geguritan yaiku…

a)

Pesen moral kang kinandhut ing sajroning geguritan

b)

Unsur-unsur kang kudu ana ing sajroning teks geguritan

c)

Tembung-tembung sing kudu digunakake jroning geguritan

d)

Tatacarane negesi isine geguritan kanthi wutuh lan bener

e)

Unsur-unsur kang bisa nyengkuyung tumrap isine geguritan

9.

Ing ngisor iki sing kalebu struktur fisike geguritan yaiku…

a)

Tema

b)

Sikepe penggurit

c)

pesen lan amanat

d)

Gegambarane pancandriya

e)

Penganggone wirama

10.

Gatekna geguritan ing ngisor iki!


Kitiran janur ing tengahing sawah

Mubeng mungser nambani ati sayah

Bocah-bocah mlayu dolanan glagah

Eseme bocah angon katon sumringah


Ela elo aja ngenyek aku wong desa

Ela elo aja umuk kowe wong kutha

Delengen esuk ing kene isih ana manuk

Delengen esuk ing kene isih ana gumuk


Ijone pari tansah bisa gawe tentreme ati

Beninge kali tansah bisa gawe anyese jiwa


Geguritan ing ndhuwur nyeritakake…

a)

Kaendahan alam pegunungan

b)

Kaendahan alam pedesan

c)

Bocah desa kang lagi layangan

d)

Bocah desa kang lagi dolanan kitiran

e)

Bocah-bocah pada playon ing tematan sawah

11.

kepriwe carane ngandharake piwulang becik ing geguritan?

a)

nggolek isine banjur ditulis

b)

diwaca tok

c)

ditulis tok

d)

diapalna tok

12.

cara maca endah gegurtian ing ngisor iki, kejaba...

a)

diwaca alon kanthi iramane trep

b)

maca karo kesuh-kesuh

c)

macane aja gemrungsung

d)

dhuwur cendheke swara manut ukara

13.

Obahing awak nalika moco geguritan diarani...

a)

wirama

b)

wicara

c)

wiraga

d)

wirasa

14.

Nalika maca sawijining geguritan kudu nggatekake wirasa kang tegese . . .

a)

dawane ukara

b)

pathokan

c)

rasaning swasana ati

d)

pocapan kang cetha

15.

Nalika maca geguritan kudu nggatekake wirama kang tegese . . .

a)

isining geguritan

b)

alon, banter, cetha lan samaring swara

c)

obahing awak

d)

ngucapake swara

16.

Geguritan nduweni sipat sing bebas amarga .....

a)

Anggone milih tema bebas

b)

Anggone milih basa sakepenake dhewe

c)

Sapa wae bisa nggawe geguritan

d)

Ora kaiket paugeran

17.

Taman

Dening: J.F.X.Hoery


Ing taman

Ing taman anakku

Tawon lan kupu rebutan madu

Kinjeng lan kombang rebutan kembang

Angin esuk ngerog ebun ing pucuking kudup

Kekedhering kinjeng lan kupu

Aja nganti mbokincup

Sawangen wae

Endahe

Ing taman


Apa irah-irahane (judul) geguritan ing ndhuwur?

a)

Anakku

b)

Taman

c)

Endahe alam

d)

Kewan ing taman

18.
Supaya luwih gampang nulis geguritan, mula kudu mangerteni dhisik . . .
a)
ciri-cirine
b)
tulisane
c)
ukarane
d)
jinise
19.
Sing ora kalebu tata cara nulis geguritan supaya gampang yaiku . . .
a)
jinise
b)
ciri-ciri
c)
curahan hati
d)
amanat
20.
Geguritan yaiku . . . . ukara sing ditulis dening pengarang, duweni amanat sing apik kanggo pamaos.
a)
rerangkening
b)
urutane
c)
cerita
d)
jinise
21.
wong sing maca geguritan diarani . . .
a)
pamaos
b)
panggurit
c)
pengarang
d)
pembaca
22.
"Ya mung kowe sing gawe ayeme atiku, tansah gawe seneng uripku" kalebu bait . . .
a)
curahan hati
b)
amanat
c)
ciri-ciri
d)
piweling
23.
"Ayo padha dijaga wit iki, supaya ayem uripe awak dhewe" kalebu bait . . .
a)
amanat
b)
ciri-ciri
c)
piweling
d)
curahan hati
24.
Geguritan sing ditulis dening wong tuwa marang anakke, banjur anakke nulis kagem wong tuwa diarani geguritan . . .
a)
walesan
b)
nasehat
c)
curahan hati
d)
piweling