wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS Bahasa Jawa Kelas 6 Smt I/2020

Total questions: 30

Worksheet time: 2hrs 30mins

Name
Class
Date
1.

WENEHANA TANDA PING (X) AKSARA A,B ,C UTAWA D SAK NGAREPE WANGSULAN KANG BENER !

01. Teks sing awujud laporan ngenani sawijining kahanan utawa kedadean (peristiwa) kang lagi wae dumadi , di arani teks … .

a)

Deskripsi

b)

Informasi

c)

Persuasi

d)

Narasi

2.

02

Trenggiling Jawa kang habitate ana ing alas-alas Pulo Jawa saya suwe tansaya cures/langka lan wis arang tinemu. Sebabe jalaran asring diburu lan didol ing pasar-pasar gelap. Akeh wong sing ora tanggung jawab nylundupake kewan trenggiling menyang luwar negeri. Kewan trenggiling yen didol larang regane, amarga guna lan khasiate akeh.

Apa sebabe trenggiling jawa saya suwe tansaya cures/langka?

a)

Sebab ora di rawat dening pamarintah

b)

Sebab di buru lan di dol ing pasar-pasar gelap

c)

Sebab yen didol regane larang

d)

Sebab yen didol regane larang

3.

03 Penyu utawa sea turties kalebu kewan segara/ laut kang dilindungi dening pamarintah. Penyu bisa ditemokake ing sakabehing segara ing donya. Penyu duweni sikil ngarep (tungkai) kanggo ndayung kang ndadekake kesit anggone nglangi ing njero banyu.

Manut teks informasi ing dhuwur, kewan penyu urip ing … .

a)

kali

b)

segara/laut

c)

sawah

d)

telaga

4.

04. Negara kita dumadi saka mawarna-warna suku ( etnis ), agama, ras, lan golongan, ananging tetep nyawiji cundhuk karo sesanti bangsa kita “Bhinneka Tunggal Ika”. Sesanti kang tinulis ing lambang Negara kita Garuda Pancasila kesebut asale basa Sansekerta. Kapetik/katulis saka kitab Sotasoma reriptane mpu Tantular rikala jaman Mojopahit. Sesanti “Bhinneka tunggal Ika” katulis ono ing ndi?

a)

Kitab mahabarata

b)

Kitab sutasoma

c)

Mpu tantular

d)

Garuda pancasila

5.

05.Ing ngisor iki kalebu titikane/ciri-cirine teks informasi,

yaiku … .

a)

Ngandarake fakta, kamomot ono ing medhia cetak utawa elektronik, isine pawarta sing lagi dadi bahan omongan

b)

Ngandarake fakta, kamomot ono ing medhia cetak utawa elektronik, isine pawarta bab bencana alam

c)

Ngandarake fakta, kamomot ono ing buku, isine pawarta

sing lagi dad bahan omong

d)

Ngandarake tulisan, kamomot ono ing medhia cetak utawa elektronik, isine pawarta sing lagi dadi bahan omongan

6.

06. Dolanan Bandulan Kayu ing Desa Karangasem

Ana tradisi unik sing wis ditindakake turun-temurun atusan taun suwene ing desa Tenganan, Karangasem, Bali. Yakuwi dolanan bandulan saka kayu sing dimainake bebarengan nalika ngrameake riyaya Galungan nganti riyaya Kuningan.

Bandulan iki dhuwure kira-kira limang (5) meter. Sing numpaki bocah wadon, jumlahe wolu (8), lungguh ing papan bandulan. Dene ing sisih kiwa lan tengene bandulan mau bocah lanang sing tugase njaga lan ngubengake bandulan kuwi.

Kapetik saka : Kalawarti Panyebar Semangat, no. 37 tahun 2019

Teks ing dhuwur kalebu teks ….

a)

persuasi

b)

pawarta

c)

sesanti/slogan

d)

iklan/pariwara

7.

07.Jenis Teks pawarta sing nyritakake

pengalaman pribadi kalebu jenis

teks … .

a)

Deskripsi

b)

Narasi factual

c)

Persuasi

d)

Eksposisi

8.

08 Ing ngisor iki ukara sing klebu jinise pariwara/iklan, yaiku …

a)

Ngundhuh wohing pakarti

b)

Lemah longsor mendhem omah

c)

Gunakno banyu secukupe

d)

Ayo njogo lestarining alam

9.

09.Dinten Minggu warga padukuhan Pogung Kidul, Melati

Sleman ingkang rancak inggih para prio tumut kerja bakti ndamel Paving Konblock.

Konblock meniko dipun ndamel saking campuran pasir lan semen ingkang saklajengipun dipuncetak lan dipepe ngantos garing. Ketua RW mratekake kerja bakti kados mekaten inggih ajek ditindahakake saben Mingggu.

Teks ing dhuwur kalebu contoh teks … .

a)

deskripsi

b)

narasi

c)

pawarta

d)

persuasi

10.

10.Ing ngisor iki titikane pariwara/iklan, yaiku …

a)

Ukarane ngajak-ajak

b)

Ukarane mamerake

c)

Ukarane nyenengake

d)

Ukarane ngujuk-ujuk

11.

11.Ing ngisor iki kalebu titikane teks pariwara, yaiku …

a)

Isine mamerake

b)

Wujute paragraf

c)

Prastawa/peristiwa nyata

d)

Dheleng/ndhelok

12.

12.Titikane utawa ciri-ciri wacana narasi, yaiku kecuali

a)

Titikane utawa ciri-ciri wacana narasi, yaiku kecuali

b)

Crito mau ditindhakake ing sajroning wektu

c)

Sajroning crito ana konflik

d)

Nyritakake bab peristiwa alam

13.

13.Adzan subuh wis muni, lan aku langsung tangi. Sakwise sholat subuh, aku banjur ganti klambi lan lanjut olahraga esuk. Mau bengi ning desaku udan deres banget, mula esuk iki udarane katon adem nanging nentremake ati, ditambah ora ono polusi udara, nambah atiku saya bungah. Lantar wektu miturut cerita ing dhuwur yaiku …

a)

isuk

b)

adzan subuh

c)

mau bengi

d)

udan deres

14.

14.Telung/telu unsur yaiku kedadeyan, paraga, lan konflik sajroning karangan diarani …

a)

paraga

b)

latar panggonan

c)

weling/pesan

d)

alur

15.

15.Bareng wis tekan sekolahan, Rudi mlebu kelas banjur mrikso buku bek menawa ana sing keri, sakbanjure mrikso buku Rudi nyiapake buku sing arep dipelajari dino iki. Apa maneh dino iki arep ono ulangan Bahasa Jawa. Rudi pancen bocah sing pinter lan disiplin. Latar panggonan kedadean crito ing dhuwur yaiku … .

a)

perpustakaan

b)

sekolahan

c)

kamar

d)

ruang kelas

16.

16.Karangan sing nggambarake kahanan, saenggo wong sing maca kaya-kaya melu ndeleng, melu krungu, lan melu ngrasakake kahanan mau diarani karangan … .

a)

Diskripsi

b)

narasi

c)

persuasi

d)

informasi

17.

17.Taman Nasional kuwi salah sijine cagar alam atawa hutan lindung sing wis ditetepake dening pemerintah. Ekosistem sing asli ing Taman Nasional Baluran awujud padhang savana, alas mangrove, alas tropis, pesisir, rawa, lan pegunungan . Ana 444 jinis tanduran, 155 manuk, lan 26 mamalia. Mamalia sing paling misuwur yaiku banteng. Teks kasebut kagolong teks…..

a)

informasi

b)

narasi

c)

deskripsi

d)

persuasi

18.

18.Ing ngisor iki sing kalebu ciri-ciri karangan deskripsi yaiku …

a)

Sawijining obyek utawa kahanan nyata kang iso diterima panca indra

b)

Menehi pengaruh sensitif ,arang sing maca

c)

Karangan sing dicritakae kasuyatan apa anane

d)

Luwih akeh maparake bab sing bisa dirungokake, dideleng, lan dirasakake

19.

19.Ing ngisor iki sing kalebu tembang macapat, yaiku …

a)

Pucung, Sinom, Asmaradana

b)

Dhandhanggula, Kinanti, Balabak

c)

Megatruh, Dhadhanggula, Wirangrong

d)

Mijil, Maskumambang, Balabak

20.

20.Cacahe wanda/suku kata saben sak gotro di arani guru …

a)

lagu

b)

wilangan

c)

lampah

d)

gatra

21.

21.Ing ngisor iki sing kalebu kaedahe/aturane tembang macapat, kecuali

a)

guru lagu

b)

guru lampah

c)

guru wilangan

d)

guru gatra

22.

22.Jinejer ing wedhatama

Mrih tan kemba kembenganing prambudi

Mangka nadyan tuwa pikun

Yen tan mikani rasa

Yekti sepi sepa lir sepah asamun

Samangsane pakumpulan

Gonyak-ganyuk nglelingsemi

Tembang pangkur ing dhuwur ukura kang kacetak tebel lan miring tegese… .

a)

Supaya wong iku ora kurang ilmu

b)

Nalika wes tua lan pikun

c)

Prasasat kaya ampas sing dibuang

d)

Ora ana gunane

23.

23.12a, 6.a, 8.i, 12.a arane guru wilangan lan guru lau tembang …

a)

kinanti

b)

maskumambang

c)

gambuh

d)

pucung

24.

24.Cacahe gatra utawa larik saben sak pada di arani …

a)

guru wilangan

b)

guru gatra

c)

guru lagu

d)

guru lampah

25.

25.Jenise tembang macapat iku ana …

a)

10

b)

11

c)

12

d)

13

26.

26.Tembang kang isine ngajak manungsa supaya nyingkirake hawa nafsu angkara murka, yaiku tembang …

a)

pangkur

b)

pucung

c)

maskumambang

d)

kinanti

27.

27.“ Nut jaman ka pungkur tetep nyawiji “

guru wilangan lan guru lagune cuplikan tembang ing dhuwur yaiku …

a)

12/a

b)

11/i

c)

12/i

d)

11/a

28.

28.Makna cuplikan tembang pangkur “ Mingkar-mingkureng angkra “ yaiku …

a)

Ngatur mobah mosike hawa nafsu

b)

Karakit lumantar endhahing tembang

c)

Jalaran kepingin nggulawenthah putra putri

d)

Hawa nafsu kudu di ilangake

29.

29.Sasmitane tembang awujud tetembungan kang lumrah tinulis kanthi sinandhi ing gatra-gatra. Tembang pangkur duweni sasmita lan wewatekan yaiku …

a)

Sereng, antepan ati, lan gagah

b)

Susah atawa sedih lan welas asih

c)

Sabar, grapyak, lan sumanak

d)

Wuntat, kapungkur, kur, lan mangkur

30.

30.Gatekno tembang macapat ing ngisor iki !

Lelandesane Pancasila

Ya Bhineka Tunggal Ika puniki

Nyata kaesti satuhu

Pranataning agama

Seni, sastra, lan budaya adi luhung

Dadi jati dhiri bangsa

Indonesia niku yekti

Tembung kang kacetak miring ana tembang macapat ing dhuwur tegese …

a)

Dhuwur mutune

b)

Angel dilakoni

c)

Ora ana gunane

d)

Ana gunane