Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH 2 Basa Jawa Kelas 8B (Basa Rinengga)

Total questions: 10

Worksheet time: 3mins

Name
Class
Date
1.

Miturut tegese basa rinengga, apa kang dadi tujuwane basa rinengga...

a)

Kanggo nambahi kaendahan ing sajrone ukara

b)

Kanggo nambahi tembung-tembung

c)

Kanggo nambahi variasi teambung

d)

Kanggo nambahi ukara supaya luwih dawa

2.

Ing ngisor iki kang klebu tembung entar yaiku...

a)

Entheng tangane

b)

Alise nanggal sepisan

c)

Dewa-dewi

d)

Kembang salak, kembang mlathi. Aja galak, mengko nglarani ati.

3.

"Cicak nguntal cagak". Unen-unen ing ndhuwur klebu jinis basa rinengga...

a)

Tembung entar

b)

Purwakanthi

c)

Bebasan

d)

Saloka

4.

"Cicak nguntal cagak".

Unen-unen ing ndhuwur ngemu teges...

a)

Wong cilik sing serakah

b)

Wong cilik kang nduwe kekarepan gedhe

c)

Wong cilik kang uripe sarwa susah

d)

Wong cilik kang nduwe kekarepan sing ora mungkin klakon

5.

"Tin, awakmu kuwi mbok ya sing nduwe isin. Saben dina teka ing sekolah kok mesthi telat. Mesthi diukum ing lapangan. Mbok ya nek budhal sekolah iku sing rada isuk".


Saka punggelan crita ing ndhuwur, tembung entar apa kang cocog kanggo nggambarake karaktere Tina?

a)

Dawa tangane

b)

Rai gedheg

c)

Gedhe sirahe

d)

Kembang desa

6.

Kanggo nuduhake tatakrama marang wong sepuh, awake dhewe yen omong-omongan kudu nganggo basa....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu/andhap

d)

krama alus/inggil

7.

"Simbah lagi turu ing kamar ngarep"


Ukara ing ndhuwur owahana dadi ukara basa krama alus...

a)

Simbah nembe tilem wonten kamar ngarep

b)

Simbah nembe sare wonten kamar ngajeng

c)

Simbah nembe tilem wonten kamar ngajeng

d)

Simbah nembe sare wonten kamar ngarep

8.

"Panjenengan napa kersa rawuh wonten dalemipun Pak Lurah?"


Ukara ing ndhuwuryen diowahi dadi ukara ngoko lugu dadine...

a)

Sampean apa weruh teka ing omahe Pak Lurah?

b)

Kowe apa gelem teka ing omahe Pak Lurah?

c)

Sampean apa gelem teka ing omahe Pak Lurah?

d)

Kowe apa ora teka ing omahe Pak Lurah?

9.

Panyandra kang cocog kanggo nggambarake "irung" yaiku...

a)

Nanggal sepisan

b)

Ngembang bakung

c)

Ngudhup mlathi

d)

Blalak-blalak

10.

Wong loro iku kok ora tau akur nganti kaya...

a)

Lenga karo lenga

b)

Lenga karo banyu

c)

Mimi lan mintuna

d)

Buku karo pulpen